Anda di halaman 1dari 3

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Hijrah Ing Tahun Baru Hijriah

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Langkung rumiyin kula ngajak dateng panjenengan sedaya lan ugi dateng awak kula
piyambakmangga kita samiya nambahi taqwa lan tha’at kita dateng Allah, kanti tansah
nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya
awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana
kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi
rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados
kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Langkung langkung
wonten ing swasana warsa enggal punika samiya ngenggalaken semangat anggenipun
kumawula dateng Allah. Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening
Allah lan kacontokaken dening utusanipun Junjungan kita Nabi Muhammad Sallallahu
‘alaihi wa sallam. Dawuh dalem Allah Ta’ala :

“Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong
kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate
Allah, lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane” (QS. Al Baqarah
218)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Hijrah kangge kita ing mangsa punika mboten kedah kanti hijrah badaniyah utawi
hijrah secara fisik, ananging hijrah kedah kita tindak aken paling mboten hijrah wonten
ing perkawis sekawan .

1.Hijrah mental..

Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju datengnafsul
lauwwamah lan nafsul muthmainnah . Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak
tumuju dateng pendamel awon, kados dawuhipun Allah :

“Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe ala” (QS.Yusuf : 53)

Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah punika tentu tumuju dateng pendamel
awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken
kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing
nafsu..

Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu
ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun
dipun tegur dining Allah. Dawuhipun Allah :

“Lan Ingsun sumpah demi jiwa kang akeh olehe nggetuni” (QS. Al Qiyamah : 2)
Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :
“Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani
Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku” (QS. Al Fajr :
27-30).

Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing
kangmuthmainnah supados kita kalebet golonganipun kawula ingkang pikantuk
karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala..

2. Hijrah kultural.

Inggih menika hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajengan. Kawontenan


kita ingkang tasih katah katilar dening kemajengan, kedah dipun ikhtiyari supados
langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados dene kawontenan
lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan, mekaten
ugi jumlah tenaga kerja ingkang langkung ageng katimbang wontenipun lapangan
pakaryan,

Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq lan moralipun masyarakat
kanti dalih kebebasan ber kreasi, lan sak pinunggalanipun. Punika kedah kita
atasi supados mbotenngobro ombro, syukur saget gumantos pengadatan utawi adat
kito dados kabudayan ingkang selaras kaliyan tuntunan agami Islam ingkang leres.
Amargi ing jaman puniko musuh-musuh islam nyebaraken kebudayaan ingkang mboten
wonten tuntunan agami islam lan katah-katahipun umat islam mboten ngraosaken.

3.Hijrah Sosial.

Inggih menika hijrah saking saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman bencana,
jalaran mboten namung fisik ingkang dados korban nemahi kerisakan, nanging
kawontenan sosial ugi nemahi katah kerisakan kados penipuan dateng sedrek
piyambak, permusuhan, korupsi lan sak panunggalanipun. Hubungan pasederekan,
tetanggan lan sesrawungan katah, Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju
dateng konndisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang,
nanging tiyang bener arang arang. Mila semanget hijrah kedah tumanem wonten ing
manahipun saben saben tiyang Islam sepanjang zaman.

4.Hijrah Material.

Hijrah Material. Punika upaya perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang


langkung sae ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah cancut tali wanda,
mboten kenging kedlarung, berlarut larut ing swasana sungkawa nggetuni dateng
kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat,
dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet
saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.
Daftar Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lainnya bisa Anda Download di link berikut:
https://www.tongkronganislami.net/khutbah-jumat-singkat-bahasa-jawa/

Anda mungkin juga menyukai