Anda di halaman 1dari 11

DOKUMEN SEKOLAH

RAHASIA

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!


Teks laporan kegiyatan kanggo soal nomer 1 - 4
I. PURWAKA
1.Dhasar Pamikiran
Penyuluhan sampah organik minagka salah sawijining
marang kanca-kanca bab sampah organic. Penyuluhan kasebut dilaksanakake kanggo
sarana nyampekake informasi, babagan wawasan sampah organic. Penyuluhan kasebut
antarane, yaiku definisi sampah organik lan cara manfaatkake sampah organik.
2. Ancas Kegiyatan
Ancase kegiyatan iki yaiku :
1. Nuwuhake kasadaran kanggo njaga lingkungan.
2. Menehi pasinaon marang siswa bab-bab sampah organik.
3. Ngerteni babagan paedahe sampah organik.
II. ISI
Jenen Kegiyatan : Penyuluhan Sampah Organik
Peserta : 288 siswa kelas VII lan 288 siswa kelas VIII Saka pokja sampah
10 siswa10 bapak ibu guru
Wektu : Sabtu, 23 Februari 2019
07.00-14.00 WIB
Papan/panggonan : Aula SMP N 8 Malang
Rantaman acara : Sambutan Kepala Sekolah
Sambutan Waka Kesiswaan
Sambutan ketua Adiwiyata
Pasinaon sampah organik
Ngaso
Pasinaon paedahe sampah organik
Daur ulang sampah
Praktek proses daur ulang sampah
Deskripsi:
a. Penyuluhan diwiwiti kanthi dedonga bareng-bareng ing dina sabtu jam 07.00 pambiwara
b. Sambutan dening kepala sekolah bnjur dening Waka Kesiswaan lan Ketua Adiwiyata.
c. Penyuluhan saka tim pasinaon sampah
d. Ngaso wetara 1 jam
e. Penyuluhan ngenani paedahe sampah
f. Penyuluhan daur ulang sampah
g. Praktek daur ulang sampah

III PANUTUP
Penyuluhan Sampah Organik ing SMP Negeri 8 Malang tahun pelajaran 2018-2019 sampun
kaleksanan kanthi tertib lan lancar. Muga-muga kegiyatan penyuluhan sampah organik iki
nggawe kanca-kanca bisa ngolah lan manfaatake sampah organik nganti apik

1. Saka teks laporan kegiyatan, kang kalebu dhasar panemu nganakake kegiyatan yaiku ....

/ /IX/2019
A. nuwuhake rasa seneng para siswa
B. sinau ngerti babagan sampah organik
C. njaga alam lingkungan
D. ngrembakake sampah organik

2. Ing ngisor iki kang ora kalebu saka ancas kegiyatan teks palapuran kasebut yaiku ....
A. nglatih siswa ngolah sampah organik
B. menehi pasinaon supaya bisa ngramut sampah
C. ngraketake silaturahmi para siswa
D. nuwuhake kesadaran lingkungan

3. Pangajab dianakake kegiyatan kasebut yaiku ....


A. ndadekake siswa nduwe peduli marang kahanan kiwa tengen
B. ndadekake siswa mandiri sadar lingkungan
C. siswa bias mangerteni ngolah sampah organik
D. ndadekake siswa trampil marang kahanan

4. Urutan struktur teks palapuran kegiyatan ing ndhuwur yaiku ....


A. purwaka, dhasar panemu, ancas kegiyatan
B. jeneng kegiyatan, wektu, papan
C. purwaka, isi, simpulan
D. purwaka, isi, panutup

5. Jeneng kegiyatan ing laporan kasebut yaiku ….


A. Laporan Kegiyatan
B. Penyuluhan Sampah Organik
C. Penyuluhan Daur Ulang Sampah
D. Laporan Kegiyatan Penyuluhan

6. Kegiyatan Gelar Prestasi SMP N 8 kaping 42 wis kaleksanan kanthi tertib lan lancar.
Muga- muga kanthi dianakake acara kasebut prestasi sekolah tansaya manjila.
Pratelan kasebut kalebu struktur teks laporan kegiyatan bagian ....
A. Panutup
B. Isi
C. Pambuka
D. Ancas

7. Jeneng kegiyatan : Penyuluhan Sampah Organik


Peserta : 288 siswa kelas VII,
288 siswa kelas VIII ,
10 siswa Pokja sampah
10 bapak ibu guru

Wektu : Sabtu, 23 Februari 2019

Pratelan kasebut kalebu struktur teks laporan kegiyatan ....


A. panutup
B. isi

/ /IX/2019
C. pambuka
D. rantaman acara

8. Rantaman Acara:
Mlaku-mlaku 06.00 – 07.00
Pra acara 07.05 – 07.25
Pentas seni 07.25 – 13.30
Pratelan kasebut kalebu struktur teks laporan kegiyatan ....
A. panutup
B. isi
C. pambuka
D. Ancas

9. Gelar prestasi yaiku wahana kanggo menehi panggonan panggonan siswa sekolah supaya
ndudohake prestasi kang apik. Bakat, minat lan nalar sing diduweni kabeh didudohake .
babagan kasebut supaya kabeh kalangan nduweni kreasi, kreatifitas supaya nduweni
prestasi kang manjila.
Pratelan kasebut kalebu struktur teks laporan kegiyatan ....
A. Pambuka
B. Ancas kegiyatan
C. Isi
D. Panutup

Gelar prestasi dianakake supaya :


1. Ngembangake motivasi, kreasi lan inovasi siswa
2. Ngevaluasi kabeh asil kegiyatan
3. Promosi Sekolah

10. Pratelan kasebut kalebu struktur teks laporan bagian....


A. pambuka
B. ancas kegiyatan
C. Isi
D. Panutup

11. 1) Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2017


2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake sawise ujian

3) Karya wisata kanggo kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancer

4) Tujuwan karya wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah

Urutan ukara kang trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan ukara nomer ….
Ing
A. 1,2
B. 2,4

/ /IX/2019
C. 1,3
D. 3,4

12. Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing laporan teks kegiyatan yaiku ….
A. Blimbing manggon ing wewengkon kutha Malang
B. Bocah-bocah sing melu wisata cacahe 306
C. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancer
D. Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 April 2017

Wacan kanggo soal nomer 13-15

Badri mlaku alon kanthi nglamun ing trotoar cedhek prapatan dalan Raja Bali. Koran
satumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Praupane rada gosong, gulune asat,
ngelak lan luwe. Kringete drodosan.
Badri : “Saumpama wong tuwaku sugih, aku numpak Honda kang kinyis-kinyis utawa motor
kang kinclong, ora bakal aku dodolan koran kaya ngene. Wiwit shubuh aku mecaki
dalan ing kutha Malang. ”
Sudra : (Sudra mlaku thimik-thimik saka mburi arep ngagetake Badri karo nggepuk pundhake)
“Weh, mikir apa ta Dri kowe kuwi? Ora apik lho mlaku karo nglamun, ndadekake
cilaka.”
Badri : “Jambret !!!! Kaaaget aku Le !.”
Sudra : “Ha ha aha ha .”
13. Kang dadi prolog saka wacan ing ndhuwur yaiku ....
A. (Sudra mlaku inik-inik saka mburi arep ngagetake Badri karo nggepuk pundhake) “Weh, mikir
apa ta Dri kowe kuwi? Ora apik lho mlaku karo nglamun, ndadekake cilaka.”
B. Badri mlaku alon kanthi nglamun ing trotoar. Koran satumpuk digendhong ing pundhake
durung ana sing payu.Praupane rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Kringete drodosan
C. Apa maneh aku, koran wae durung ana sing payu. Kepiye ya carane supaya awake dhewe ki
isa urip kepenak lan mangan enak ngono? Apa selaase awake dhewe arep dadi bakul koran.
D. “Saumpama wong tuwaku sugih, aku numpak Honda kang kinyis-kinyis utawa motor kang
kinclong, ora bakal aku dodolan koran kaya ngene. Wiwit shubuh aku mecaki dalan ing kutha
Surabaya. ”

14. Setting panggonan saka naskah kasebut yaiku ....


A. Ing Kutha
B. Ing perempatan
C. Ing Bali
D. Ing dalan

15. Lelamunane Badri buyar amarga ....


A. Ana Sudra
B. Korane ana sing tuku
C. Ana Badri
D. Korane ora payu

/ /IX/2019
Naskah drama kanggo soal nomer 16-18
Pak Arif rawuh ing kantor kelurahan damel nyekapaken persyaratan dados lurah. Lajeng Pak
Arif ketemu kaliyan Bunga, pegawe kelurahan.
Bunga : “Pak Arif menika siyos badhe nyalon Lurah?”
Pak Arif : “Saestu siyos mbak. Kinten-kinten persetujuan persyaratan ingkang sampun kula
aturaken sampun jangkep dereng mbak?”
Bunga : “Nyuwun ngapunten pak menika taksih wonten berkas-berkas ingkang dereng
jangkep.”
Pak Arif : “Mbak menika wonten arta.” (menehi amplopan) “damel njangkepi sedaya
persyaratan.”
Bunga : “Nyuwun ngapunten pak. Menika mboten kados prosedur. Kedahipun bapak
njangkepi piyambak ing kantor kecamatan.”
Pak Arif : “Kula menika taksih ngurus kaperluan sanesipun. Kula nyuwun tulung saestu
mbak.”
Bunga : “Saestu ugi pak mboten saged. Kula mboten wantun nanggung resiko.”
Pak Arif : “Nggih pun menawi mekaten kula pareng.” ( Pak Arif gela marang Bunga

16. Nggih pun menawi mekaten kula pareng.” ( Pak Arif gela marang Bunga).
Tembung gela nduweni teges ....
A. Ora seneng marang kedadeyan
B. Cuwa merga ora cocog
C. Ora cocog karo wong liya
D. Setuju sing bakal kedadeyan

17. “Pak Arif menika siyos badhe nyalon Lurah?”


Tembung nyalon nduweni teges….
A. Nduwe salon
B. Arep menyang salon
C. Dadi calon/bakal
D. Dadi salon

18. Koda/ pesen moral drama ing ndhuwur yaiku ...


A. ora oleh ngrampungake perkara kanthi menehi dhuwik
B. kudu usaha yen duwe kekarepan
C. kudu ngajeni Pak Lurah
D. kudu rukun karo warga

Wacan kanggo soal nomer 19-20

Nyoh kang, iki bayarane. Senen sesuk kowe sakanca leren dhisik anggone gawe tahu
lan tempe.” pratelane Marjuki juragan tahu tempe, karo ngelungke dhuwit pengaji Rp 150.000,-
. Kang Darmawan langsung nampa dhuwit saka juragan Marjuki.
“Hla, wonten napa ta juragan, kok mbenjang Senen prei?” pitakone Kang Darmawan.
“Ngene lho Kang, wiwit Senen pabrik ora bisa nggiling maneh, amarga reregan dhele dhuwur
banget. Mula takjaluk kowe sakanca leren dhisik,” Marjuki njlentrehne marang Darmawan
sing isih katon bingung

/ /IX/2019
19. Saka wacan ing ndhuwur, swasana kang kagambarake jroning crita yaiku ….
A. Nggambarake wong sing lagi nandhang kasusahan kena musibah
B. Nggambarake kahanan sing sarwa seneng merga nampa kabagyan
C. Kahananan sarwa mbingungake kang disebabake mundhake reregan
D. Kahanan wong sing ora bisa mutusake samubarang

20. Rudi turu ing amben, nglindur jerit-jerit njaluk tulung ibune. Ibune kang lagi ing pawon,
gupuh cepet-cepet nggugah Rudi.
Ibu : “Le, tangi le! (karo nggoyag-nggoyag Rudi)
Rudi: “Ibu..! ( njerit kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang.”
Ibu :”Dibakar apa ta le, wong awakmu turu wae ngono lho.’
Pethikan drama ing ndhuwur dipirsani saka struktur teks drama kalebu perangan …
A. eksposisi
B. resolusi
C. komplikasi
D. koda/pesan moral

21. Ing omahe mbah Kunta kang wis bolong kabeh gedhege lan bocor gendhenge akeh bocah
kang padha cemuwit. Esuk iku bocah-bocah siap arep budhal ngamen.
Eko lan Rudi :”Hahahaha...”
Mbah Kunta :”Heh iki apa ta? Kok padha rame wae wiwit mau takrungokake?”
Eko :”Iki lho mbah! Ngguyu Rido sing jare pengin sekolah supaya bisa dadi
dokter. Hahahaha…..”
Pethikan drama ing ndhuwur dipirsani saka struktur teks drama kalebu perangane …
A. eksposisi
B. koda
C. komplikasi
D. resolusi
22. Ing wektu awan sing panas Daffa, Rizky lan kancane isih ngamen ing prapatan lampu
merah. padha drodosan kringete, gulune krasa garing. Bocah loro padha tuku es kanggo
nelesi gulune. Nanging ora adoh saka kunu ana bocah ing pinggir dalan katon bingung.
Pada ing ndhuwur miturut struktur teks drama kalebu perangane….
A. Eksposisi
B. Resolusi
C. Orientasi
D. Komplikasi

23. Urutan struktur teks drama kang bener yaiku ....


A. koda, resolusi, komplikasi, orientasi
B. resolusi, komplikasi, orientasi, koda
C. orientasi, komplikasi, resolusi, koda
D. komplikasi, orientasi, resolusi, koda

24. Iki wis wengi, enggal turua !


Ukara kasebut kalebu ukara....
A. pitakon
B. sambawa/ pangarep-arep

/ /IX/2019
C. Carita
D. Agnya/ pakon

25. Kapan acara ambalwarsa sekolah dianakake ?


Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. carita
B. agnya
C. Pitakon
D. Sambawa

26. Kang kalebu ukara agnya/ pakon yaiku ....


A. Ibu wis sare mau sore, amarga gerah waja.
B. Panjenengan putrane pira? Aku wis loro.
C. Mangana mau esuk aku ora keluwen kaya ngene!
D. Iki wis padhang, lampune patenana!

27. Kowe mau arep menyang ngendi?.


Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. carita
B. agnya
C. Pitakon
D. Sambawa

28. Kegiatan ambal warsa sekolah dianakake tanggal 17 lan 24 Februari 2017.
Ukara kasebut kalebu ....
A. ukara andharan
B. ukara sambawa
C. ukara pakon
D. ukara agnya

29. Gelar prestasi yaiku wahana kanggo menehi panggonan siswa sekolah supaya bisa
ndudohake prestasi kang apik.
Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. ukara andharan
B. ukara pakon
C. ukara sambawa
D. ukara agnya

30. Kang kalebu ukara ngoko lugu yaiku ....


A. Linda sore mau teka, nalika mbakyune isih kerja.
B. Pak Syahputra badhe tindakpundi?
C. Aku umbah-umbah klambi, sampeyan enteni rumiyin !
D. Ibu nembe gerah waja.

31. Sesuk Hani melu lomba Green School, wondene Cindy lomba maca geguritan.
Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. Ngoko alus
B. Ngoko lugu

/ /IX/2019
C. Krama madya
D. Krama alus

32. Bu dhe arep tindak ngendi?


Ukara kasebut kalebu ....
A. ukara ngoko lugu
B. ukara ngoko alus
C. Ukara karma lugu
D. Ukara karma alus

33. Ananda mundhut roti wonten Lai-lai .


Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. Ngoko Alus
B. Krama alus
C. Krama madya
D. Ngoko madya

34. Panjenengan yen bubar dhahar aja lali ngunjuk obat.


Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. Ngoko lugu
B. Krama alus
C. Krama lugu
D. Ngoko alus

35. Tuladha ukara krama alus yaiku ....


A. Kala wau enjing Bapak tindak Surabaya
B. Dhani arep nggarap tugas karo Dimas
C. Khansa pengen tuku buku, ananging ora duwe dhuwit
D. Tugase sinten nggawa?

36. Kula mboten tamtu dhateng daleme Bu Pinarti amargi jawah.


Ukara kasebut kalebu ukara ....
A. Ngoko alus
B. Ngoko lugu
C. Krama madya
D. Krama alus

37. Menawi dipunpendhet mbenjing kado pundi?


Ukara kasebut kalebu ukara….
A. Karma alus
B. Karma madya
C. Ngoko alus
D. Ngoko lugu

38. Ing ngisor iki kang mujudake aksara murda yaiku ….

/ /IX/2019
A.

B.

C.

D.

39.

Yen diowahi dadi tulisan latin....


a. Bayu moco komik.
b. Sayu maca komik.
c. Bayu maca komik.
d. Gayu moco komik

40.

Yen diowahi dadi tulisan latin yaiku....


A. Fitry Yuligani.
B. Fitri Yuliani.
C. Fitri yuligaNi.
D. Fitri yuliaNi.

41. Ing ngisor iki urutan angka aksara Jawa kang bener yaiku ….
A.

B.

C.

D.

42. Tanggal 24 ana gelar prestasi. Menawa ditulis menyang aksara Jawa yaiku ....
A.

B.

/ /IX/2019
C.

D.

43. Tanggal 5 Maret. Menawa ditulis menyang aksara Jawa yaiku ...

A.

B.

C.

D.

44. Ing ngisor iki kang mujudake aksara swara yaiku ….


A.

B.

C.

D.

45. Malang, 1 April 2018. Yen diowahi dadi aksara Jawa yaiku ...
A.

B.

C.

D.

46.

Yen ditulis nganggo aksara latin macane yaiku....


A. adiwiyata
B. Adhiwiyata
C. Adiwiyoto
D. adiwiyata

/ /IX/2019
47. Arum nyapu kelas. Yen diowahi dadi tulisan Jawa dadi ....

A.

B.

C.

D.

48.

Yen ditulis nganggo aksara latin dadi ….


A. aku tumbas gedhang, salak lan jajan.
B. aku mundhut gedhang, salak lan jajan.
C. aku mundhut gedhang, salak lan jajan.
D. aku tumbas gedang, salak lan jajan

49. Ing ngisor iki mujudake aksara rekan yaiku ….


A.

B.

C.

D.

50. Ibu saweg tindak wonten …. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku
….
A.

B.

C.

D.

/ /IX/2019

Anda mungkin juga menyukai