Anda di halaman 1dari 2

KANCIL KARO MONYET

Ing sawijine dina ning rimba, ana akeh jenise kewan sing urip
tentrem lan akur siji lan sejene. Kabeh kewan nduweni keuripan lan
lakune dewek-dewek. Nanging ana siji kewan sing anane gawe
drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere
ngomong nipu kanca batur. Kancil wis dikenal kaya dene kewan
sing duweni sejuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit
pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh
Monyet sing lagi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti
kang ana ning tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undang Kancil ning Monyet.
Monyet nyauri, "Ana apa Cil? Sira ngundang isun?," takon
Monyet.
Kancil : "Nyet.. isun njaluk setitik rotine, setitik bae aja akeh-
akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. isun kan apikan, kih separoan karo isun,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... sira mancen apikan, nanging isun
baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa
curiga karo Kancil. "Kih... sira paro sing adil," penjalukane Monyet
karo aweh rotine ning kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging
Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil olih bagian sing cilik maring
Monyet, bagian sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa kang gede bagiane sira?," takon Monyet.
Kancil : "Mene gawa mene, tak gawe pada.," jare Kacil mangan
setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil ngupai rotie
ning Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kien masih gede bagiane isun,"
Kancil njukut roti sing nang tangane Monyet, terus dipangan
setitik,
Monyet: “Lah…malah luwih gede bagiane sira Cil?”
Kancil: “Iya, ya? Ya wis…. Tak cokot setitik maning ambiran
pada”
Mengkonon seteruse sampe rotine entok dipangan Kancil.
Hihihihi…
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ngedumel karo
Kancil wong Monyet sing duweni roti malah beli mangan. Mancen
Kancil licik ora patut ditiru, urip ning masyarakat iku kudu akur urip
lan saling rewang siji lan sejene. Urip bakal rukun, beli kaya jaman
sekien urip pada karepe dewek-dewek.

Anda mungkin juga menyukai