Anda di halaman 1dari 2

Sinau Basa Jawa

Nalika aku maca tema iki yaiku “ Sinau Bahasa Jawa” sing enek ning fikiranku yaiku ‘’angel
banget’’, padahal mulai SD sampek SMA wis diwarahi sing jenenge bahasa jawa, ananging nganti saiki
panggah durung landhep pikirane ae nyinauni bahasa jawa. Opo maneh yen bahasa jawane nganggo
karma-kramaan.

Sejatine bahasa jawa iku penak, yen sing nyinauni iku kudu olah piker lan olah salira pas
ngrungokne yen gurune nerangne. Ananging bocah-bocah saiki wis podo salah kaprah nuruti jaman, ana
sing ngomong yen bahasa inggris, bahasa korea, bahasa alay, lan lia-liane. Padahal yen di kongkon
ngomong nganggo bahasa inggris utawa korea yo panggah wae ora iso, pokoke mesti asal tatag, teteg
bakale tutug, lan ujunge-ujunge panggah gedhe endhase nganggo bahasa jawa. Tapi kenek opo bocah
saiki kok males banget sing jenenge sinau basa jawa?, iso wae mergo bahasa jawa duweni aturan-aturan
sing akeh. Durung mesti wong sing iso ngomong bahasa jawa iku pinter pelajaran bahasa jawa.

Opo maneh yen nyangkut masalah aksara bahasa jawa, waduh nyawang wae wis nggarai ngelu.
Opo maneh yen ketambahan pasangan-pasangane. Padahal aksara jawa iku wes diplajari mulai SD
sampek SMA, ananging yo panggah wae aku durung appal sing jenenge pasangan aksara bahasa jawa.

Pokok yen wayahe plajaran bahasa jawa aku mesti males banget, padahal aku wong jowo tapi
ora jawani. Mbien aku pernah krungu-krungu yen nggone SMA iku ora ana plajaran bahasa jawa. Waduh
aku seneng banget. Ananging nalikane aku melbu SMA tibake plajaran bahasa jawa panggah wae enek.
Yoweslah dijalani ae opo eneke.

Ananging bahasa jawa akeh sisi positive, mergo bocah sing pancen nemen-nemeni sinau basa
jawa, mesti bocah kuwi duweni unggah-ungguh sing laras, lurus, leres lan laris. Uga nduweni sikap kang
adi luhung, teguh rahayau lan iso bedakne antarane ngomong karo wong sing luih tua karo bocah
sapadane. Yen didelok saka bocah saiki koyoo-koyo wis ora ana sing Asung bekti, bektine kawula marang
Gusti . Sing iso basa karma alus nggone wong tuane. Paling-paling mung siji loro.

Sejatine plajaran bahasa jawa iku ora podo koyok ngomong jawa biasa, jadine ora bisa dicampur
aduk ngono ae. Yen plajaran bahasa jawa iku akeh bab-bab sing perlu dimangerteni contone ana aksara
jawa, tembung-tembung, tembang macapat, critane wayang, lan lia-liane. Lha ngono iku mau sing nggrai
aku masa bodhoa sinau basa jawa. Yen aku ora maca critane wayang, aku mesti ora ngedong karo
bahasane sing banget kramane, masio aku maca nganti bola bali yo panggah wae aku ora ngerti maksute
crita mau.

Saiki opo maneh aku diwenehi tugas nggawe crita bahasa jawa sing temane “ Sinau Bahasa
Jawa” nganggo pengalamane dewe-dewe, iku tak nggae dalan kanggo aku critakne kabeh pengalamanku
sinau bahasa jawa.

Jaman saiki bahasa jawa awes ora murni bahasa jawa, ana bahasa jawa sing disenengi bocah-
bocah saiki karma inggil misoh, ora afdol yen bocah saiki ngomong ora nganggo misoh. Saben dinane
sing jenenge misoh iku mesti panggah krungu ning kupingku, padahal ning plajaran bahasa jawa ora
diwarahi misoh. Terus sapa besar, padahal bocah iku iya uwes ngerti yen misoh iku doso, tapi yo
panggah ae dilakoni. Jarene yen bar misoh atine dadi lega lila. Padahal iyo ora.

Saiki jajal bocah jaman saiki dikongkon basa kramane “ Bapak Turu Aku Adus” mesti jawapane
engko” Bapak Tilem Kulo Sirem”. Kui jenenge diterangne gurune paling-paling ngomong dewe. Mosok
“enek wong turu malah disiram”. Yen diwarahi wangsalan, bebasan, paribasan, saloka, wes ora ngedong
belas.

Kudune bocah-bocah jaman saiki kudu tandhang tanduk sinau bahasa jawa, amergo akeh-akehe
wong wes males sinau bahasa jawa. Tambah sui golek kerja kui angel,ananging yen iso dadi sarjane basa
jawa, iku mesti penak golek kerja. Amerga yen gelem obah, mesthi mamah.

Sinau bahasa jawa iku pancen ora semudah ngomong bahasa jawa, bahasa jawa saiki wes mulai
dilalekne. Mergo bocah saiki wes emoh mikir abot. Usahaku kanggo sinau bahasa jawa wis sabar narima,
tapi nyatane yo panggah wae durung iso. Contone kejadian-kejadian sing pernah tak alami nalikane
sinau bahasa jawa yaiku aku pernah nulis aksara jawa nganti kaping bola, bali, bolu tapi ngapalne iku yo
nggadho ati, tapi sujune saiki wes lumayan appal, sing durung tak apali yaiku pasangane aksara jawa.
Bahkan angel banget diapalne.

Saiki aku bingung kudu piye amrih seneng sinau bahasa jawa. Biasane yen wes kadong ora
seneng yo ora seneng tenan. Ananging piye maneh, jarene mbahku wong jowo yo tetep wong jowo.
Akhire aku nenani sinau jawa, yo ora langsung iso koyok kilat, amerga Witing tresna, jalaran saka kulino.
Nanging aku iguh pertikel lan tekun gawe awakku supaya bisa bahasa lan ngerti plajaran jawa.

Anda mungkin juga menyukai