Sawijining esuk Warto ngopi menyang warunge Bu Katmi. Ben ketoro koyok wong yes
Warto banjur maca koran kaya wong penting. Ya lak Warto iso maca, la a,b,c wae Warto ora
apal.
Setengah jam Warto mung mbolak mbalik ndeloki gambar ana ing koran. Nah ing halaman
terakhir koran iku ana gambar cewek kang katon ayu. Warto banjur takok marang Bu Katmi.
Klambi Larang
Melody, bocah kelas loro SMA iki seneng banget tuku klambi. Melody bedo banget karo
kancane sak bangku yaiku Ricis.
Isuk-isuk ing sekolahan, Melody ndeloki katalog klambi lewat hp ne banjur diparani karo
Ricis.
Ricis : Lod, awakmu iki panggah ngono ae. Panggah ndeloki katalog klambi.
Melody : La apik-apik lho. Iki lho sawangen uapik klambine.
Ricis : Hooh apik, tapi sawangen kuwi regane.
Melody : Alah iki durong sepiro, nek omahku ana seng luwih larang.
Ricis : Piro regane ?
Melody : 900 ewu.
Ricis : Halah, rego sakmono kok dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang ora
?
Melody : Piro regane sing luwih larang ?
Ricis : 1 milyar.
Melody : Biyuh larange. Klambi opo kuwi ?
Ricis : Klambi tahanan KPK.
Melody : Kok iso ?
Ricis : Iyolah, politisi kae kudu njupuk duwite rakyat minimal 1 milyar lagek oleh
gawe klambi kuwi
Melody : Owalah ngono to, larang yo.
Sakwise omong-omongan hp ne Melody dilebokne tas amarga bel wis muni. Banjur kanca-
kanca sak kelas donga bebarengan kanggo ngewiwiti pelajaran.