Anda di halaman 1dari 1

Kelompok : 07

Anggota : Deny Aprianto ( 07 / XII MIPA 4 )


Fitrianur Fatekhah ( 14 / XII MIPA 4 )
Mohamat Raqliamsah ( 21 / XII MIPA 4 )
Rafica Ghaffi A ( 28 / XII MIPA 4 )
Tiara Rosaliya ( 35 / XII MIPA 4 )

Lurik
Lurik yaiku perangan klambi utawa kain kang nduweni motif lorek-lorek utawa garis-
garis, kang awujud klambi kanggo wangune piyayi kakung ing padesan ing tanah jawa.
Sejarah lurik, lurik miturut Ensiklopedi Nasional Indonesia kasebut minangka lurik
asale padesan ing jawa, banjur lurik ngrembuyung menyang kuta lan keraton. Sik dewene lurik
namung digawe bentuk saklerete slendang kang amung dadi kemben ( penutup dada ) lan dadi
jarik.
Lurik miturut Ensiklopedi Nasional Indonesia ing tahun 1997 yaiku kain kasil tenun
benang kang asale saka Jawa Tengah kang nduweni corak dasar garis-garis utawa kotak-kotak
kang wangune kaisi warna-warna kang peteng.
Tembung lurik nduweni teges lorek utawa gambar kang garis-garis kang mujudake
teges kang prasaja. Jenise lurik bisa katitik saka corake. Ananging zaman saiki kang nganggo
lurik saya sitik katimbang puluhan tahun kapungkur. Saiki kang gawe lurik saya suwe saya
kurang.
Tembung lurik asale saka tembung “ rik “ kang tegese garis utawa parit. Lurik nduweni
pirang-pirang jenis kang dibedakake miturut kang nganggo. Surjan lurik wangune dinggo
abdi dalem keraton, prajurit, lan rakyat biasa. Surjan lurik nduweni tetenger yaiku warnane
kang dominan cokelat lan corak garis-garis kang warnane peteng. Lurik ontrosuman yaiku
lurik kang digawe kanggo para pejabat lan kaluwarga ing keraton. Lurik iki nduweni tetenger
warnane kang cerah uga warnane biru tua kang cemleret garis ing lurike.
Carane nganggo lurik, ewodene lurik wangune uga nggo blangkon cap utawa tulis. Jarik
batik kang diwiru lan warnane kang ireng utawa putih, setagen, kamus timang, nganggo keris
utawa duwung lan nganggo selop utawa cenela. Ewodene piyayi putri amung katambahan
gelung tekuk nanging ora nganggo keris utawa duwung.

Anda mungkin juga menyukai