Anda di halaman 1dari 19

PAKAIAN ADAT

SURAKARTA

Kelompok 2 :

 An’amta Shobrin (03)  Nilanian (18)


 Berliana Hartami (07)  Oktafia Candra R (20)
 Demas Atha R (08)  Pratama Arif N (21)
 Fadelia Ayu P. R (09)  Pungki Woro D (22)
 Hilmy Mukhtar S (12)  Salma Anadya S (25)
 Isrong Nur A (14)  Salsabila Shofi A (26)
 Muhamad Aulia D (16)  Shafa Violeta C. P (29)
 Niko Diaz A (17)  Tyas Dwi S (32)
PANGERTOSAN KEJAWEN

Kejawen minangka kapercayan ingkang utaminipun


dipatuhi ing Pulau Jawi dening tiyang Jawi lan kelompok
etnik sanesipun ingkang netep ing tanah Jawi.
PANGERTOSAN GAGRAK SURAKARTA
• Ngrembang bab busana ini surakarta punika
mboten saged uwal saking budaya jawi ini
ngriki , tegesipun budaya jawi ingkang
sumberipun saking keraton surakarta.
PERANGAN
Princinenipun ageman Jawi :
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Kraton Surakarta
ing wekdal sakmenika saking nginggil dumugi ngandap nganti urut
kados ing ngandap menika :
1) Udheng/Blangkon
2) Kebaya
3) Beskap
4) Sinjang/Dodot/Jarik
5) Stagen
6) Sabuk
7) Epek Timang lan Lerep (Sabuk saking kain bludru)
8) Dhuwung/Keris
9) Cenela/Selop
1)
Udheng/Blangkon
Blangkon Solo menika sanes
kaliyan blangkon Jogja. Ing
blangkon Solo mboten wonten
jendholan, namung wonten
setunggal gaya jendholan Solo
yaiku trepes utawi warata.
Blangkon Solo ingkang mboten wonten jendholan menika
kagungan artos :
1) Kalih ukara syahadat menika tumrape masyarakat
Jawa mligine ing Surakarta diginakaken kangge
nyawijikaken kekarepan lan pikiran, kanthi simbol
ngikat rong kain ing sisih tengen lan kiwa.
2) Blangkon ingkang dingge penutup sira menika
pralambang ketemune jagad ageng lan jagad alit.
Blangkon minangka jagad ageng, dene sira minangka
jagad alit.
3) Nyimbolaken kakuwataning Gusti.
4) Wujud kendali diri.
2) Kebaya
• Kebaya Surakarta ingkang dipunagem limrahipun inggih
menika kebaya ingkang kadamel saking sinjang beludru
cemeng, brokat, utawi nilon. Ageman kebaya ingkang
panjang inggih menika ageman kangge upacara
perkawinan. Kebaya panjang kathah-kathahipun
kadamel saking sinjang beludru cemeng utawi abrit
sepuh, ingkang dihiasi pita jene wonten tepi pinggiran
ageman. Kebaya model R.A Kartini ugi kalebet kebaya
khas Solo/Surakarta.
Filosofi kebaya Surakarta
• Bentukipun ingkang prasaja
saged dipunaturaken dados
wujud kesederhaan saking
masyarakat Indonesia. Nilai
filosofi saking kebaya inggih
menika kepatuhan, kealusan,
lan tindak singat estri ingkang
kedah sarwi alus. Ngagem
kebaya ndamel estri ingkang
ebah dados setunggaling tiyang
estri ingkang anggun lan
gadhah kepribadian.
3) Beskap
• Beskap inggih menika busana adat Surakarta, bentukipun
kados jas dipundesain piyambak dening tiyang Belanda
ingkang asalipun saking tembung beschaafd ingang
artosipun civilized utawi berkebudayan.
• Warni beskap biasanipun cemeng utawi petak lan coklat
ananging awis dipunginakaken. Beskap sewarni kemeja
tiyang kakung resmi wonten tradisi Jawi Mataraman
dipunginaken acara-acara resmi utawi penting.
• Beskap menika
dipuntepangaken wonten
abad 18 kalihan kerajaan-
kerajaan wonten wilayah
Vorstenlanden lajeng
pengaruhipun nyebar ing
papan saksanesipun.
4) Sinjang/Dodot/Jarik
• Sinjang uga kasebut jarik
utawi jarit utawi nyamping.
Inggih punika arupi kain
batik ingkang dipun agem
kanthi kaubedaken ing
badan nutupi jaja sak
pangandap dene watesipun
suku ing nginggil pala.
• Warni sinjang ing Surakarta
:cemeng dipun wastani latar
cemeng.
Wiru Jarik
• Wiru sinjang inggih
menika saking
pinggiraning sinjang
(tumpal) dipun lempit
wolak-walik ngantos kaleh
utawi telu sinjang.
• Wiron sinjang Surakarta
tumpal dipun wiru ing
lebet mboten ketingal.
5) Stagen
Stagen punika arupi
pirantos kangge nyingseti
utawi ngencengakke
sinjang supados mboten
mlorod temahan udar.
Kadamel saking kain tenun
kandel, benangipun tenun
agal mila radi kaken utawa
kaku.
6) Sabuk
Sabuk punika ageman
ingkang dipun angge nutupi
stagen. Dados menawi
sinjang sampun dipun
singseti lajeng dipun singseti
malih mawi sabuk supados
stagen mboten ketingal.
7) Epek Timang lan Lerep

• Epek timang ingkang dipun


wastani epek menika awujud
setut ingkang kadamel saking
bakalan kain bludru, wiaripun
watawis 5cm, dene
panjangipun watawis 120-
150cm.
• Timang (gesper) kadamel
saking kuningan kanthi
rinengga ukiran.
8) Dhuwung/Keris
Dhuwung, basanipun
ngoko keris, krama
inggilipun wangkingan
arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang saget
adiluhung. Kawastan
adiluhung amarji sak donya
mboten wonten
tandhingipun. Wiwit saking
padamelanipun ingkang
rungsit, rawit, kanthi
telaten, sabar sarta eneping
manah.
9) Canela/Selop

• Canela yaiku selop utawi


sandal ingkang gadahi arti
jroning nala. Dipunagem
kados sandal
• Filosofi : yen nyembah
Gusti Allah kedah saking
lair ngantos batin, pasrah
ing jero ati marang
kuasaning Gusti Allah.
IMPLEMENTASI BUDAYA
JAWA
• Tiyang ing jaman
rumiyen ngagem ageman
gagrag Surakarta kanthi
pakemipun Surakarta
tuladhanipun ngagem
jarik kedah dipunsabuki
lan diwiru piyambak.
• Sakniki ngagem jarik
mboten susah susah
damel wiru amargi
sampun wonten jarik
dados.
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai