0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
3K tayangan16 halaman

Contoh Tembang Pocung

1. Paribasan merupakan bentuk gaya bahasa Jawa yang menggunakan kata-kata yang tidak boleh dialih bahasakan dan berisi nasihat atau sindiran. Contohnya adalah "Adigang adigung adiguna" yang berarti mengandalkan kekuatan dan kekuasaan sendiri.

Diunggah oleh

Dewi Masitoh
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai DOC, PDF, TXT atau baca online di Scribd

Topik yang dibahas

  • Contoh Saloka,
  • Pendidikan Karakter,
  • Kata-kata Sehari-hari,
  • Kata-kata Santai,
  • Kata-kata Inspiratif,
  • Pewarisan Budaya,
  • Kata-kata Mutiara,
  • Kata-kata Unik,
  • Kata-kata Sindiran,
  • Tembang Dhandanggula
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
3K tayangan16 halaman

Contoh Tembang Pocung

1. Paribasan merupakan bentuk gaya bahasa Jawa yang menggunakan kata-kata yang tidak boleh dialih bahasakan dan berisi nasihat atau sindiran. Contohnya adalah "Adigang adigung adiguna" yang berarti mengandalkan kekuatan dan kekuasaan sendiri.

Diunggah oleh

Dewi Masitoh
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai DOC, PDF, TXT atau baca online di Scribd

Topik yang dibahas

  • Contoh Saloka,
  • Pendidikan Karakter,
  • Kata-kata Sehari-hari,
  • Kata-kata Santai,
  • Kata-kata Inspiratif,
  • Pewarisan Budaya,
  • Kata-kata Mutiara,
  • Kata-kata Unik,
  • Kata-kata Sindiran,
  • Tembang Dhandanggula

Contoh Tembang Pocung (12u – 6a – 8i – 12a)

Ngelmu iku kelakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekesing dur angkara

Contoh Tembang Maskumambang ( 12i – 6a – 8i – 8o )

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi


Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang

Contoh Tembang Megatruh (12u – 8i – 8u – 8i – 8o)

Kabeh iku mung manungsa kang pinujul


Marga duwe lahir batin
Jroning urip iku mau
Isi ati klawan budi
Iku pirantine ewong

Contoh Tembang Gambuh (7u – 10u – 12i – 8u – 8o)

Lan sembah sungkem ipun


Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon

Contoh Tembang Mijil (10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o)

Dedalanne guna lawan sekti


Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun

Contoh Tembang Kinanthi (8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i)

Kukusing dupa kumelun


Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati

Contoh Tembang Asmarandana (8i – 8a – 8e – 7a – 8a – 8u – 8a)

Lumrah tumrap wong ngaurip


Dumunung sadhengah papan
Tan ngrasa cukup butuhe
Ngenteni rejeki tiba
Lamun tanpa makarya
Sengara bisa kepthuk
Kang mangkono bundhelana

Contoh Tembang Durma (12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i)

Ayo kanca gugur gunung bebarengan


Aja ana kang mangkir
Amrih kasembadan
Tujuan pembangunan
Pager apik dalan resik
Latar gumelar
Wisma asri kaeksi

Contoh Tembang Pangkur (8a – 11i – 8u – 7a – 8i – 5a – 7i)

Muwah ing sabarang karya


Ingprakara gedhe kalawan cilik
Papat iku datan kantun
Kanggo sadina-dina
Lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
Kabeh kang padha ambegan
Papat iku nora lali

Contoh Tembang Sinom (8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a)

Punika serat kawula


Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindo takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit mungging driji
Lamun sida aja lali kalih kula
Contoh tembang dhandanggula (10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a)

Sinengkuyung sagunging prawali


Janma tuhu sekti mandra guna
Wali sanga nggih arane
Dhihin Syeh Magrib tuhu
Sunan ngampel kang kaping kalih
Tri sunan bonang ika
Sunan giri catur
Syarifudin sunan drajat
Anglenggahi urutan gangsal sayekti
Iku ta warnanira

http://kampoengilmu.com/tembang-macapat/#1_Tembang_Pocung_Pucung

1. Pepatah Jawa Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu
surasa pepindhan (terjemahan; Paribasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang
tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) dan tidak mengandung makna
pengandaian (bermakna konotatif)).

Secara umum paribasan merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam
penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Paribasan menggunakan bahasa jawa secara lugas,
jelas dan tidak menggunakan pengandaian, perbandingan, atau perumpamaan. Kata-kata atau
gaya bahasan dalam paribasan berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Paribasan atau peribahasa Jawa dan artinya;


1. "Adigang adigung adiguna", tegese ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan
kapintarane. (artinya;  mengandalkan (menyombongkan) kekuatannya, kekuasaannya,
dan kepandaian yang dimilikinya).
2. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.
(artinya; tidak mau mendengarkan keluh kesah/ gunjingan orang lain yang tidak baik).
3. "Angon mangsa", tegese golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik.
(artinya; menunggu waktu yang tepat atau mencari waktu yang baik).
4. "Anak polah bapa kapradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake
anak kang kurang prayoga.(artinya; orang tua juga ikut menanggung akibat dari
perbuatan anaknya yang tidak baik).
5. "Angon ulat ngumbar tangan", tegese ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk
barang sing dilimpe mau.(artinya; memperhatikan kelengahan orang, dengan tujuan
mengambil/ mencuri barang yang diinginkan).
6. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe
mburine utawa dititeni tembe mburine.(artinya; perbuatan baik dan buruk pasti akan
terlihat nantinya).
7. "Busuk ketekuk pinter keblinger", tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu
rekasa utawa nemu cilaka.(artinya; orang bodoh maupun orang pintar suatu saat akan
menemui kesulitan).
8. "Cincing-cincing meksa klebus", tegese karepe arep ngirit jebul malah entek akeh.
(artinya; maksud hati ingin berhemat/ irit tetapi malah boros).
9. "Ciri wanci lelai ginawa mati", tegese pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning
pati.(artinya; kebiasaan/ watak buruk seseorang tidak akan hilang sampai mati).
10. "Criwis cawis", tegese akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe.(artinya; banyak
omongnya tetapi juga mampu menyelesaikan pekerjaan dengan benar).
11. "Dahwen ati open", tegese wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih
marang barang sing dicacat mau.(artinya; orang yang mencela/ merendahkan karena
memiliki niat/ keinginan untuk memiliki sesuatu yang dicela tersebut).
12. "Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat
utawa tatacara dhewe-dhewe.(artinya; setiap tempat atau daerah mempunyai adat dan
aturan sendiri-sendiri).
13. "Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa
nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.(artinya; meskipun bukan
saudara atau orang lain jikalau terkena musibah juga ikut merasakan kesedihan dan
penyesalan).
14. "Durung pecus keselak besus", tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis
kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi.(artinya; belum pandai dalam bekerja,
tetapi sudah berkeinginan macam-macam).
15. "Entek amek kurang golek", tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa
saenteke.(artinya; memarahi atau mencerca seseorang habis-habisan).
16. "Garang-garing", tegese ketoke katon sugih, ananging sajatine rekasa uripe utawa
kacingkrangan panguripane.(artinya; kelihatannya kaya raya, tetapi sebenarnya
hidupnya menderita atau kekurangan).
17. "Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh", tegese sanajan anggone nindakake sakepenake
wusane kaleksanan kanthi becik wusanane.(artinya; meskipun bertindak semaunya
sendiri tetapi dapat terlaksana dengan baik dan lancar).
18. "Njajah desa milang kori", tegese lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara
kabeh wis diparani.(artinya; bepergian jauh menjelajahi pelosok negeri semua sudah
didatangi).
19. "Jalukan ora wewehan", tegese wong senengane njaluk, nanging ora gelem weweh utawa
menehi.(artinya; orang yang suka meminta, tetapi tidak mau berbagi atau memberi).
20. "Jer basuki mawa beya", tegese samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan
mbutuhake ragat utawa biaya.(artinya; setiap keinginan atau cita-cita pasti
membutuhkan biaya).
21. "Njunjung ngentebake", tegese wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake.
(artinya; orang yang suka memuji, tetapi sebenarnya dia merendahkan).
22. "Kalah cacak menang cacak", tegese samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa
lan orane.(artinya; pekerjaan apapun perlu dicoba dulu bisa dan tidaknya).
23. "Kebat kliwat gancang pincang", tegese tumindak kanthi grusah-grusuh, wusanane ora
kebeneran.(artinya; pekerjaan yang dilakukan tergesa-gesa hasilnya tidak akan tepat/
tidak baik).
24. "Keplok ora tombok", tegese melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad.(artinya;
ikut merasakan kebahagiaan/ kesenangan tetapi tidak mengeluarkan uang).
25. "Ketula-tula ketali", tegese wong kang uripe rekasa banget utawa wong kang kesandung
sandhung uripe.(artinya; orang yang hidupnya menderita atau terlunta-lunta hidupnya).
26. "Kumenthus ora pecus", tegese wong kang umuk utawa sombong ananging ora sembada.
(artinya; orang yang berlagak pintar tetapi sebenarnya tidak paham/ tidak bisa apa-
apa).
27. "Ladak kecangklak", tegese wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate
dhewe.(artinya; orang yang suka menyakiti/ mengganggu orang lain pada akhirnya akan
terkena akibatnya sendiri).
28. "Maju tatu mundur ajur", tegese maju utawa mundur kabeh bakal mbebayani utawa
nyilakani.(artinya; maju atau mundur semua serba berbahaya).
29. "Mbuwang tilas", tegese ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.(artinya;
pura-pura tidak tahu perbuatan buruk yang dilakukannya).
30. "Mikul dhuwur mendhem jero", tegese anak kang bisa njunjung drajate wong tuwane.
(artinya; anak yang bisa menjunjung tinggi derajat orang tuanya).
31. "Nabok nyilih tangan", tegese tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong
sarana kongkonan.(artinya; berbuat buruk/ mencelakai orang dengan menyuruh orang
lain).
32. "Ngluruk tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake", tegese wong kang
tansah sugih ngelmu.(artinya; orang yang selalu kaya akan ilmu).
33. "Nyolong pethek", tegese mleset saka pangirane utawa mleset saka pametheke.(artinya;
meleset dari perkiraan).
34. "Pupuran sadurunge benjut", tegese wong kang ngati-ati sadurunge nandhang cilaka.
(artinya; orang yang selalu berhati-hati sebelum terkena musibah).
35. "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung", tegese samubarang kang ngalang-alangi
kekarepane bakal disingkirake utawa dibrastha.(artinya; semua hal yang menghalangi
keinginannya akan disingkirkan). 
36. "Rukun agawe santosa crah agawe bubrah", tegese wong utawa negara kang rukun bisa
dadi kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah.(artinya; kerukunan
antar masyarakat akan menjadikan negara itu kuat dan sentausa, namun jika
masyarakat bercerai berai akan menjadikan negara itu lemah dan mudah dijajah).
37. "Sabaya pati sabaya mukti", tegese wong bebojohan urip rekasa dilakoni wong loro urip
mulya uga dilakoni wong loro.(artinya; dalam berumahtangga susah ataupun senang
dijalani bersama)
38. "Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati", tegese wong kang gawe pasulayan marga
ngganggu bojone liyan utawa gawe pasulayan marga lemah sapetak bakal dilabuhi nganti
mati.(artinya; orang yang membuat masalah karena mengganggu istri orang atau
karena perebutan tanah akan dilawan sampai mati).
39. "Sepi ing pamrih rame ing gawe", tegese mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep
tanpa duwe pamrih apa-apa.(artinya; dengan ikhlas membantu orang lain tanpa
mengharap imbalan apa-apa).
40. "Sembur-sembur adas, siram-siram bayem", tegese oleh pamujine wong akeh muga-
muga kaleksanan gegayuhane.(artinya; mendapat doa restu banyak orang semoga
tercapai harapan dan cita-citanya).
41. "Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni.
(artinya; siapapun yang berbuat kesalahan suatu saat pasti akan kalah dan mengakuinya
juga).
42. "Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti", tegese wong ampuh tumindak ala, bakal
sirna dening wong kang tumindak becik.(artinya; orang yang melakukan perbuatan
buruk meskipun kuat, digdaya, dan berkuasa, pasti akan kalah dengan orang yang
berbuat baik).
43. "Tega larane ora tega patine", tegese wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang
patine sarana menehi pitulungan.(artinya; orang yang tega melihat kesusahan orang
lain, tetapi tidak tega melihat orang lain mati).
44. "Tinggal glanggang colong playu", tegese prajurit kang ninggalake kasatriyane sarana
ninggalake ing peperangan.(artinya; prajuri yang meninggalkan kehormatannya dengan
lari dari medan perang).
45. "Tut wuri handayani", tegese wong tuwa utawa guru kang nyekarep marang pepinginane
wong enom kang luhur, sarana ngulat-ulatake lan aweh prayoga saperlune.(artinya; dari
belakang seorang guru harus dapat memberikan dorongan dan arahan).
46. "Nulung menthung", tegese wong katone mitulungi, nanging sajatine gawe rekasane
wong sing ditulungi.(artinya; orang yang memberikan pertolongan, tetapi sebenarnya
malah memberikan beban kepada orang yang ditolong).
47. "Tuna satak bathi sanak", tegese wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran.
(artinya; orang yang rugi harta/ uang, tetapi untung semakin dekat dengan saudara/ erat
persaudaraannya/ mendapat saudara).
48. "Tunggal welat", tegese sedulur tunggal bapa biyunge.(artinya; saudara kandung atau
saudara dekat).
49. "Ulat madhep ati karep", tegese kekarepane lahir batine wis mantep banget.(artinya;
keinginan lahir batinnya sudah mantab dan yakin).
50. "Undhaking pawarta sudaning kiriman", tegese pawarta utawa kabar iku beda karo
kasunyatane.(artinya; kabar atau berita yang diterima berbeda dengan kenyataan
sebenarnya).
51. "Welas tanpa lalis", tegese karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan.(artinya;
niat menolong berderma tetapi malah jadi sengsara/ rugi sendiri).
52. "Wiwit kuncung nganti gelung", tegese wiwit bucah nganti tuwo.(artinya; mulai muda
sampai tua).
53. "Yitna yuwana lena kena", tegese wong sing ngatia-ati bakal slamet, nanging wong sing
sembrana bakal nemu cilaka.(artinya; orang yang berhati-hati pasti selamat, dan orang
yang ceroboh akan celaka).

2. Pepatah Jawa Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa
pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge (terjemahan; Bebasan (Jawa) yaitu kata-kata
(dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna kiasan dan
mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan tersebut yaitu sifat, watak, maupun
keadaan seseorang).

Secara umum bebasan merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam
penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Bebasan menggunakan bahasa jawa yang
disampaikan menggunakan pengandaian berupa sifat, watak, maupun keadaan seseorang. Kata-
kata atau gaya bahasan dalam bebasan berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Bebasan Jawa dan artinya;


1. "Abang-abang lambe", tegese guneme mung kanggo lamis-lamis.(artinya; berbicaranya
hanya berbasa-basi).
2. "Adol lenga keri busike", tegese wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora
keduman.(artinya; orang yang membagi-bagikan barang tetapi dia sendiri malah tidak
kebagian).
3. "Ana bapang sumimpang", tegese nyingkiri sekabehing bebaya.(artinya; menghindari
semua hal yang berbahaya).
4. "Ana begjane ora ana daulate", tegese arep nemu begjane nanging wurung.(artinya; mau
mandapatkan keuntungan tetapi belum atau hampir mendapatkan keuntungan/ hal yang
diinginkan).
5. "Anirna patra", tegese nyingkiri tulisane dhewe sing ora becik.(artinya; menghindari
tulisannya sendiri yang tidak baik).
6. "Angin silem ing warih", tegese tumindak ala kanthi sesindheman.(artinya; bertindak
buruk/ berbuat buruk secara diam-diam).
7. "Aji godhong jati garing", tegese wong kang asor banget, ora ana ajine.(artinya; orang
yang rendah/ buruk sekali tidak berhargadiri sama sekali).
8. "Ancik-ancik pucuking eri", tegese wong kang uripe kang tansah ngandhut kuwatir.
(artinya; orang yang hidupnya penuh dengan marabahaya/ kekhawatiran).
9. "Anggenthong umos", tegese wong kang ora bisa nyimpen wadi.(artinya; orang yang
tidak bisa menyimpan rahasia).
10. "Asor kilang nunggwing gelas", tegese wong guneme manis tur marak ati, lan bisa
mranani sing krungu.(artinya; orang yang tutur katanya manis sehingga membuat
siapapun yang mendengarkan tertarik/ terpikat dengan tutur katanya).
11. "Arep jamure emoh watangane", tegese gelem kepenake ora gelem rekasane.(artinya;
mau enaknya tidak mau susahnya).
12. "Bapak kesulah anak molah", tegese yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu
ngrasakake lan tanggung jawab.(artinya; jika orang tua mendapat masalah, anak juga
akan ikut merasakan dan ikut bertanggungjawab).
13. "Barung (Mbarung) sinang", tegese nyela-nyela wong guneman.(artinya; memotong
pembicaraan orang/ menyela-nyela  obrolan orang).
14. "Dalithuk kukum", tegese mbudidaya ucul saka ing hukum utawa angger-angger.(artinya;
berusaha lari dari hukuman).
15. "Beguguk (Mbeguguk) ngutha waton", tegese mbangkang marang perentah.(artinya;
membangkang perintah).
16. "Beras wutah arang mulih marang takere", tegese samubarang kang wis owah saka asale
langka bisane pulih kaya maune.(artinya; susuatu yang sudah berubah dari asal mulanya
mustahil bisa pulih seperti sedia kala).
17. "Buru uceng kelangan deleg", tegese ngupaya barang sepele, lan ngorbanake barang
gedhe kang wus kecekel ing tangan.(artinya; berusaha mengejar sesuatu yang kecil
tetapi malah mengorbankan sesuatu yang besar yang sudah dimiliki).
18. "Diwenehi ati ngrogoh rempela", tegese diwenehi enak, ananging isih kurang trima,
njaluk sing luwih enak maneh.(artinya; sudah diberi yang enak tetapi masih kurang puas
dan meminta yang lebih enak lagi).
19. "Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk", tegese barang kang banget ditrisnani.(artinya;
sesuatu yang sangat dicintai).
20. "Dikena iwake aja nganti buthek banyune", tegese wong kang panjangkane kaleksanan,
nanging ora gawe gendra utawa ribut.(artinya; menginginkan sesuatu agar tercapai
jangan sampai membuat masalah atau keributan).
21. "Dudu berase ditempurake", tegese nyambungi gunem, nanging ora cundhuk karo sing
dirembug.(artinya; ikut nyambung pembicaraan orang tetapi tidak sesuai dengan yang
dibahas).
22. "Durung ilang pupuk lempuyane", tegese isih enom banget.(artinya; masih terlalu
muda).
23. "Emban cindhe emban siladan", tegese pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine.
(artinya; pilih kasih atau tidak adil antara satu dengan yang lainnya).
24. "Esuk dhele sore tempe", tegese gampang molah-malih atine, ora teteg.(artinya;
gampang berubah pikiran, tidak konsisten).
25. "Genteni watang putung", tegese nglungsur kalungguhane wong kang wis mati.(artinya;
mewarisi jabatan orang yang sudah meninggal).
26. "Gawe luwangan ngurugi luwangan", tegese wong kang golek utang kanggo nyarutang.
(artinya; orang yang meminjam uang untuk menutup utang).
27. "Geguyon dadi tangisan", tegese gegojegan, wusanane gawe susah.(artinya; hanya
bercanda tetapi malah membuat susah).
28. "Gemblung jinurung, edan kuwarisan", tegese tumindak nekat, nanging malah nemu
kabegjan.(artinya; berbuat nekat tetapi malah beruntung).
29. "Gendhon rukon", tegese tumindak bebarengan amrih padha kepenake.(artinya;
melakukan tindakan bersama-sama demi kebaikan bersama).
30. "Golek-golek ketanggor wong luru-luru", tegese arep tumindak ala, wusanane kepergok
wong kang uga tumindak ala.(artinya; mau berbuat jahat, kemudian bertemu dengan
orang yang berbuat jahat pula).
31. "Gondhelan poncoting tapih", tegese nggantungake uripe marang bojo.(artinya;
menggantungkan hidup pada istri).
32. "Gotong mayit", tegese lelungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani.
(artinya; bepergian hanya bertiga melewati tempat yang angker/ berbahaya).
33. "Gupak pulut ora mangan nangkane", tegese melu rekasa ora melu ngrasakake kepenake.
(artinya; ikut berjuang/ ikut merasakan susahnya namun tidak menikmati hasilnya).
34. "Njagakake endhoge si blorok", tegese njagakake barang kang durung mesthi anane.
(artinya; berharap sesuatu yang belum pasti).
35. "Nyundhang bathang bantheng", tegese njunjung keturunane wong luhur kang wis apes.
(artinya; menjunjung keturunan orang yang luhur yang sedang apes).
36. "Kadang konang", tegese wong sing ngaku sedulur mung karo sing sugih.(artinya;
mengaku-ngaku saudara jika kaya dan banyak harta).
37. "Ketepang ngrangsang gunung", tegese wong cilik nduwe gegayuhan kang tangeh lamun
kelakon.(artinya; orang miskin yang memiliki cita-cita yang mustahil tercapai).
38. "Kaya banyu karo lenga", tegese wong paseduluran kang ora bisa rukun.(artinya;
hubungan persaudaraan yang tidak bisa hidup rukun).
39. "Kakehan gludhug kurang udan", tegese wong kang kakehan omong nanging ora ana
nyatane.(artinya; orang yang banyak bicara tetapi kenyataannya kosong/ hanya omong
kosong).
40. "Kebak luber kocak kacik", tegese wong kang owah pikirane amarga kakehan ngelmu.
(artinya; orang yang mengalami gangguan jiwa karena kebanyakan ilmu).
41. "Kebanjiran segara madu", tegese wong kang oleh kabegjan kang gedhe matumpa-
tumpa.(artinya; orang yang mendapatkan keberuntungan besar bertubi-tubi).
42. "Kegedhen empyak kurang cagak", tegese wong kang kegedhen panjangka kurang
sarana.(artinya; orang yang berkeinginan tinggi tetapi tidak memiliki sarana
pendukung).
43. "Kejugrugan gunung menyan", tegese wong kang oleh kabegjan kang gedhe banget.
(artinya; orang yang memperoleh keberuntungan besar sekali).
44. "Kekudhung walulang macan", tegese wong kang tumindak kanthi aling-aling wong kang
duwe panguwasa.(artinya; orang yang berlindung dibalik orang yang disegani/
penguasa  ).
45. "Kerot tanpa untu", tegese wong kang duwe kekarepan ananging ora duwe sarana.
(artinya; orang yang memiliki keinginan tetapi tidak memiliki sarana).
46. "Karubuhan gunung", tegese wong kang nandhang kasusahan gedhe.(artinya; orang
yang sedang mengalami masalah besar).
47. "Kocak tandha lokak", tegese wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe.(artinya;
orang yang banyak bicara biasanya sedikit ilmu).
48. "Kongsi jambul wanen", tegese wong kang sesambungan utawa paseduluran nganti tuwa.
(artinya; ikatan persaudaraan yang berlangsung sampai tua).
49. "Madu balung tanpa isi", tegese rebutan barang sepele ora ana gunane.(artinya; berebut
hal sepele yang tidak ada manfaatnya).
50. "Mbalung usus", tegese wong kang nduweni kekarepan kang kendho kenceng.(artinya;
orang yang mempunyai kemauan tidak pasti/ kadang kuat, kadang lemah).
51. "Mbrojol selaning garu", tegese wong kang uwal saka bebaya kang nemahi.(artinya;
orang yang berhasil lepas dari bahaya/ musibah yang menimpa).
52. "Ngasalake negara", tegese wong kang ora manut tatanan.(artinya; orang yang tidak
menuruti peraturan).
53. "Ngangsu banyu nganggo kranjang", tegese wong kang golek ngelmu nanging ilmune
ora dimanfaatake, wong golek ngelmu tapi saranane ora pas.(artinya; orang yang
mencari ilmu tetapi ilmunya tidak dimanfaatkan atau orang yang mencari ilmu dengan
sarana yang tidak tepat).
54. "Nglungguhi klasa gumelar", tegese wong kang nampa warisan mung kari nemu
kepenake.(artinya; orang yang menerima warisan dan tinggal menerima enaknya saja).
55. "Ngubak-ubak banyu bening", tegese gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem.
(artinya; membuat kerusuhan di tempat yang aman dan damai).
56. "Nguthik-uthik macan dhedhe", tegese wong kang njarak gawe nesune wong gedhe kang
wis lilih nesune.(artinya; orang yang membuat marah orang terpandang yang sudah
mulai reda dari kamarahan).
57. "Ngguthuk/nuthuk elor kena kidul", tegese wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa
wong liya.(artinya; orang yang melakukan sesuatu kepada seseorang tetapi yang terkena
adalah orang lain).
58. "Nguyahi segara", tegese wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana
gunane.(artinya; orang yang memberi sesuatu kepada orang yang sudah kaya, sehingga
pemberiannya tidak berguna).
59. "Nututi layangan pedhot", tegese wong kang ngupaya baline barang sepele, yen ketemu
ora sumbut karo rekasane.(artinya; orang yang berusaha mencari barang yang sepele,
jika tercapai tidak sepadan dengan usahanya).
60. "Nyangoni kawula minggat", tegese wong kang ndandani barang kang gampang rusak.
(artinya; orang yang memperbaiki barang yang mudah rusak).
61. "Nyugokake bugel kayu sempu", tegese wong kang njagokake wong bodho dadi
pemimpin amarga isih sedulure dhewe.(artinya; orang yang menjagokan orang bodoh
menjadi pemimpin karena masih saudara sendiri).
62. "Othak-athik didudut angel", tegese wong kang omongane sajak kepenak jebul angel
leladenane.(artinya; orang yang cara berbicaranya terlihat enak didengar, tapi ternyata
susah diatasi/ dilayani).
63. "Ora uwur ora sembur", tegese ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.(artinya;
tidak mau ikut memberi partisipasi apa-apa).
64. "Pandengan karo srengenge", tegese wong kang memungsuhan karo wong kang duwe
panguwasa.(artinya; orang yang bermusuhan dengan orang yang mempunyai
kekuasaan).
65. "Ramban-ramban tanggung", tegese wong kang ndakwa marang wong, nanging ora
diceplosake.(artinya; orang yang mendakwa kepada seseorang tetapi tidak disampaikan/
diutarakan).
66. "Rindhik asu ginitik", tegese wong nindakake pagawean kang cocok karo kekarepane.
(artinya; orang yang melakukan pekerjaan yang sesuai dengan keinginannya).
67. "Rubuh-rubuh gedhang", tegese wong kang mung melu-melu, ora ngerti tujuane.
(artinya; orang yang hanya ikut-ikutan, sebenarnya tidak tau tujuannya).
68. "Sandhing kebo gupak", tegese wong kang cedhak karo wong ala, wusanane melu
ketularan ala.(artinya; orang yang dekat dengan orang-orang jahat yang pada akhirnya
tertular jahat).
69. "Sandhing kirik gudhigen", tegese wong kang cedhak karo wong ala kelakuwane
wusanane bakal ketularan tumindake sing ala mau.(artinya; orang yang dekat dengan
orang yang buruk kelakuannya pada akhirnya tertular kelakuan buruk tadi).
70. "Sedhakep angawe-awe", tegese wong kang ninggalake tumindak ala, ananging ing batin
isih kepingin nglakoni.(artinya; orang yang meninggalkan perbuatan buruk tetapi dalam
hati masing ingin melakukan perbuatan buruk tersebut).
71. "Suduk gunting tatu loro", tegese wong nindakake pagawean mung sarwa kleru, mula
kapitunane luwih saka siji.(artinya; orang yang melakukan pekerjaan yang selalu tidak
tepat/serba salah, sehingga memiliki banyak kesalahan).
72. "Wis kebak sundukane", tegese wong kang wis akeh banget dosane utawa kaluputane.
(artinya; orang yang sudah memiliki banyak dosa dan kesalahan).

3. Pepatah Jawa Saloka


Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan, dene sing ngemu
surasa pepindhan iku wonge, lan iso anggo pepindhan kewan utawa barang. (terjemahan;
Saloka (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya dan
memiliki makna pengandaian, dimana yang diandaikan tersebut adalah orang, dan dapat
menggunakan pengandaian binatang maupun barang). Lumrahe tembung kang isi pepindhaning
wong mau, dumunung ana ngarep ukara utawa kawiwitane ukara.

Secara umum saloka merupakan bentuk gaya bahasa (Jawa) yang berisi kata-kata yang dalam
penggunaannya tidak boleh dialih bahasakan. Saloka menggunakan bahasa jawa yang
disampaikan menggunakan pengandaian orang, binatang, maupun barang. Kata-kata atau gaya
bahasan dalam saloka juga berisi nasihat, teguran, atau sindiran kepada orang lain.

Contoh Saloka atau Pepatah Jawa dan artinya;

1. "Asu belang kalung wang", tegese wong ala utawa wong asor nanging sugih.(artinya;
orang jelek, rendah, atau jahat tetapi kaya).
2. "Asu gedhe menang kerahe", tegese wong luwih dhuwur pangkate lan luwih gedhe
panguasane biasane menang perkarane.(artinya; orang yang lebih tinggi derajat
pangkatnya biasanya menang permasalahannya).
3. "Ati bengkong oleh oncong", tegese wong kang duwe niat ala, ana sing nyarujuki oleh
dalane.(artinya; orang yang punya niat buruk/ jahat ada yang mendukung dan mendapat
jalan).
4. "Baladewa ilang gapite", tegese wong kang ilang kekuwatane.(artinya; orang yang
kehilangan kekuatannya).
5. "Bathok bolu isi madu", tegese wong asor nanging sugih kapinteran.(artinya; orang
rendahan tetapi kaya pengetahuan).
6. "Bebek mungsuh mliwis", tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging
sijine kalah ulet lan trampil.(artinya; orang pandai bermusuhan dengan orang pandai
tetapi yang satu kalah tekun dan terampil).
7. "Belo melu seton", tegese wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane.
(artinya;orang yang ikut-ikutan tetapi tidak tau maksud dan tujuannya).
8. "Beras wutah arang bali marang takere", tegese barang yen wis rusak angel pulih kaya
maune.(artinya; susuatu yang sudah berubah dari asal mulanya mustahil bisa pulih
seperti sedia kala).
9. "Cebol nggayuh lintang", tegese wong cilik kang nduweni gegayuhan kang tangeh lamun
kelakon.(artinya; orang miskin yang mempunyai keinginan yang mustahil tercapai).
10. "Cecak nguntal empya/cagak", tegese gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
(artinya; keinginan/ cita-cita yang tidak sesuai dengan kemampuannya).
11. "Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang", tegese ala diunekake apik,
apik diunekake ala.(artinya; buruk dikatakan baik dan baik dikatakan buruk).
12. "Dhemit ora ndulit, setan ora doyan", tegese wong kang tansah diparingi keslametan ora
ana sing nggodha.(artinya; orang yang selalu diberi keselamatan serta tidak ada yang
mengganggu).
13. "Dom sumurup ing banyu", tegese wong kang lakune sesindheman kanggo nyumurupi
wewadi.(artinya; melakukan sesuatu secara diam-diam untuk menutupi keburukan).
14. "Emprit abuntut bedhug", tegese prekara sepele dadi gedhe ngambra-ambra.(artinya;
permasalahan kecil menjadi besar menjadi-jadi).
15. "Endhas gundhul dikepeti", tegese wong wis kepenak dienak-enakake maneh.(artinya;
orang yang sudah enak ditambah enak lagi).
16. "Gagak nganggo elaring merak", tegese wong cilik tumindak kaya wong gedhe/luhur.
(artinya; orang miskin yang bertindak seperti orang besar/ luhur).
17. "Gajah alingan suket teki", tegese lahir lan batine ora padha bakal ketara.(artinya; sifat/
kelakuan lahir  maupun batin biarpun tidak kelihatan pasti akan terlihat).
18. "Gajah ngidak rapah", tegese wong gedhe kang njarak utawa nerak aturane dhewe.
(artinya; orang besar yang melanggar aturannya sendiri).
19. "Gajah tumbuk karo gajah, kancil mati ing tengah", tegese wong gedhe pasulayan karo
wong gedhe wong cilik sing dadi korbane.(artinya; orang  yang berkedudukan saling
bertengkar rakyat kecil yang menjadi korban).
20. "Gong lumaku tinabuh", tegese wong kang tansah kumudu-kudu ditakoni, utawa dijaluki
piwulang.(artinya; orang yang selalu dimintai petuah atau dimintai ilmu pengetahuan).
21. "Idu didilat maneh", tegese wong kang menehi dijaluk bali maneh utawa murungake janji
kang wis diucapake.(artinya; orang yang sudah memberi kemudian meminta kembali
pemberiannya atau membatalkan janji yang diucapkan).
22. "Iwak klebu ing wuwu", tegese wong kang kena apus kanthi gampang, wong nemu
bebaya.(artinya; orang yang mudah dibohongi).
23. "Jati ketlusuban ruyung", tegese kumpulane wong becik, klebon wong kang ala watake.
(artinya; kumpulan orang-orang baik yang kemasukan orang yang buruk sifatnya).
24. "Jaran kerubuhan empyak", tegese wong kang wis kapok banget ora bakal mbaleni
maneh.(artinya; orang yang sudah kapok dan tidak akan mengulangi lagi).
25. "Kacang mangsa ninggala lanjaran", tegese pakulinane anak biasane niru tumindake
wong tuwane.(artinya; kebiasaan anak biasanya meniru perbuatan orang tua).
26. "Kebo bule mati setra", tegese wong pinter, nanging kapinterane ora ana kang merlokake
kapinterane amarga ing tengahing pategalan.(artinya; orang pandai tapi kepandaiannya
tidak ada yang membutuhkan karena berada di tempat yang tidak semestinya).
27. "Kebo ilang tombok kandhang", tegese wong wis kelangan isih mbutuhake wragat
kanggo nggoleki barang sing ilang mau.(artinya; orang yang sudah kehilangan tapi
masih membutuhkan biaya untuk mencari barang yang hilang tadi).
28. "Kebo mulih ing kandhange", tegese wong lungan adoh wis suwe, bali maneh ing omahe
asale maneh.(artinya; orang yang sudah pergi lama dan kembali lagi ke asalnya).
29. "Kebo kabotan sungu", tegese wong panguripane rekasa marga kakehan anak.(artinya;
orang yang kehidupannya susah/ menderita karena kebanyakan anak).
30. "Kebo nusu gudel", tegese wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.(artinya; orang
tua yang meminta bantuan kepada pemuda).
31. "Kemladheyan ngajak sempal", tegese wong mondhok ngajak rusak.(artinya; pendatang
yang mengajak berbuat onar/ keburukan).
32. "Kere munggah bale", tegese wong asor diangkat dadi wong gedhe/dipek bojo karo wong
gedhe.(artinya; orang miskin yang diangkat jadi orang berkedudukan/ dijadikan
istri/suami orang yang berkedudukan/ orang besar).
33. "Kethek serangon", tegese wong sagrombolan sing tumindak ala.(artinya; segerombolan 
orang yang berbuat kejahatan).
34. "Klenthing wadhah masin", tegese wong kang angel ninggalake pakulinan sing ora becik.
(artinya; orang yang berat meninggalkan kebiasaan buruk).
35. "Kriwikan-dadi grojogan", tegese prekara cilik dadi prakara gedhe tur ngambra-ambra.
(artinya; permasalahan kecil menjadi besar dan menjadi-jadi).
36. "Kutuk marani sunduk", tegese wong kang njarak marang bebaya.(artinya; orang yang
bermain-main dengan bahaya).
37. "Lahang karoban manis", tegese wong rupane bagus utawa wong rupane ayu tur ya apik
bebudene.(artinya; orang yang wajahnya cantik atau ganteng serta berbudi pekerti
luhur).
38. "Lambe satumang keri samerang", tegese wong dituturi bola-bali tetep dheweke ora
nggugu.(artinya; orang yang diberitahu berkali-kali tetap saja tidak percaya).
39. "Legan golek momongan", tegese wong kepenak malah golek rekasa.(artinya; orang
yang sudah enak hidupnya tetapi malah mecari kesulitan).
40. "Opor bebek mentas awake dhewek", tegese wong kang ngrampungi saka rekadayane
dhewe.(artinya; orang yang menyelesaikan permasalahan karena usahanya sendiri).
41. "Palang mangan tanduran", tegese wong kang dipercaya njaga malah gawe rusak barang
sing dijaga.(artinya; orang dipercayai menjaga sesuatu tetapi malah merusaknya).
42. "Pecruk tunggu bara", tegese wong dipasrahi tunggu njaga kang dadi kesenengane.
(artinya; orang yang diberi kepercayaan menjaga barang/ sesuatu yang disukainya).
43. "Pitik trondhol diumbaring padaringan", tegese wong ala kang dipasrahi njaga barang
kekaremane, wekasane malah ngentek-entekake.(artinya; orang jahat yang diberi
kepercayaan menjaga barang yang disukainya akhirnya malah merusak dan merugikan).
44. "Satru munggwing cangklakan", tegese mungsuh wong sing sejatine isih sanak sedulure
dhewe.(artinya; memusuhi orang yang sebenarnya masih sanak saudaranya sendiri).
45. "Sumur lumaku tinimba", tegese wong sing kumudu-kudu ditakoni.(artinya; orang yang
harus dimintai pertanyaan).
46. "Tekek mati ulune", tegese wong nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.(artinya;
orang yang celaka karena omongannya sendiri).
47. "Tumbu oleh tutup", tegese wong wis cocok karo karepe.(artinya; orang yang sudah
cocok dengan keinginannya).
48. "Timun mungsuh duren", tegese wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
(artinya; orang miskin yang bermusuhan dengan orang yang berkuasa).
49. "Timun wungkuk jaga imbuh", tegese wong bodho ala pisan kanggone mung yen
kekurangan wae.(artinya; orang bodoh lagi jelek dipakai hanya untuk menutup
kekurangan saja).
50. "Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati", tegese turunane wong cilik dadi akeh, dene
turunane wong apik malah dadi entek utawa mati cures.(artinya; keturunannya orang
kecil/ buruk menjadi banyak, sedangkan keturunan orang baik malah habis).
51. "Yuyu rumpung mbarong ronge", tegese omahe magrong-magrong, nanging sajatine
kekurangan.(artinya; rumahnya besar tetapi sebenarnya orang yang miskin)

https://www.senibudayaku.com/2019/11/paribasan-bebasan-dan-saloka.html

Anda mungkin juga menyukai