Anda di halaman 1dari 2

ASAL USULING SUKOHARJO

Kala rumiyin asal-usuling kutha Sukoharjo wonten gegayutanipun kaliyan pindhahipun


kraton Kartosura dhateng desa Sala, amargi geger pacinan. Wekdal menika paprentahan Sri
Susuhunan Pakubuwono II. Pindhahipun menika saking pramayogi saking para sesepuh,
Amargi kraton dipun anggep sampun kecampuran pemberontak.

     Sesampunipun Nampi pamrayogi utawi pitutur saking sesepuh kraton, Sri Susuhunan
ngawontenaken perembugan Kyai Yosodipura, Kyai Tohjoyo, saha pangeran Wijil. Kyai
Tohjoyo paring pitedah menawi tlatah utawi  wewengkon benjang ingkang kangge kraton
benjang saget ndugekaken karaharjan (Sukoraharjo). Kyai Yosodipura sarujuk saha paring
iguh pratikel bilih tlatahipun mbenjangipun tlatah  ingkang mambet wangi (Talawangi).

     Sri Susuhunan sarujuk lajeng paring prentah dhumateng Pangeran Wijil pados panggenan
kraton ingkang enggal. Pangeran Wijil nglampahi jejibahan damel kelompok. Kelompok
sepisan dipunpandhegani Suranata, Kyai Khalifah Buyut saha Mas Penghulu Pekik Ibrahim.
Kelompok dipunpandhegani dening RadenTumenggung Honggowongso saha Tumenggung
Tirwiguna.

     Nuju satunggaling dinten, sesampunipun mlampah pinten-pinten dinten, kelompok kalih
nemokaken panggenan ingkang dipunanggep cocok dipunedegaken kraton enggal. Sanesipun
nemtokaken panggenan kraton, kalih Senapati kasebut ugi nyiapaken sedaya ubarampe
kangge ngedekaken kraton, kadosta papan kangge bacira ngayun (alun-alun ngajeng), bacira
pungkuran (alun-alun wingking), papan damel senjata (pande), papan kangge damel wrangka
keris (Mranggen), papan para istri raja, saha papan kangge kandhang gajah kangge titihan
raja.

     Sesampunipun sedaya rampung, piyambakipun nglapuraken asilipun. Sri Susuhunan


nyuwun iguh pratikel para sesepuh ingkang kanyata ugi njurung asil kasebut. Namung
miturut Kyai Yosodipura tlatah kasebut babagan keamanan boten cocok kabangun kraton,
amargi tlatah menika caket kaliyan markasipun Pangeran Sambernyawa wonten Nglaroh. Ing
wekdal  menika nembe boten sreg utawi boten cocog utawi pasedherekanipun nembe
congkrah kaliyan Sri Susuhunan.

     Lajeng, Sri Susuhunan Pakubuwono II mrentahaken pados Tlatah sanesipun, mrentahaken
pados tlatah sanesipun, sinaosa tlatah ingkang dipunpitados Tumenggung Honggowongso
dados tlatah sukoraharjo mboten siyos dipunbangun kraton, lajeng hasil panaliten kaserat
dados asal-usuling name kitha Sukoharjo, lajeng tlatah kala rumiyin ingkang badhe kangge
panggenan wantilan (kandhang) gajah samenika dados desa Begajah.Panggenan  ingkang
kangge damel sanjata (pande) dados desa pandean. Panggenan kangge damel wrangka keris
(mranggen) dados desa Mranggen. Tlatah kangge para istri (selir) raja dados desa Seliran.
Panggenan wiyar bacira pungkuran samenika dados alun-alun Satyanegara, lajeng tlatah
ingkang kangge bacira ngayun samena kangge kantor Kodim 9726 Sukoharjo saha mesjid
kotaa.

     Mekaten asal-usuling Sukoharjo ingkang saking tembung Sukoraharjo ingkang


tegesipun tlatah ingkang maringi karaharjan. Sinaosa wonten crita rakyat boten
dipunsebatken namunasal-usuling tetep saget dipunrunut.

Anda mungkin juga menyukai