Anda di halaman 1dari 1

TUGAS PEMBELAJARAN DI RUMAH

Hari : JUMAT, 24 Juli 2020


Kelas : IV (Empat)
Sekolah : SDN 5 KRESIKAN
Mapel : BAHASA JAWA

Pasinaon 1: GEGURITAN

 Geguritan yaiku puisi bahasa Jawa gaggrak anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran
(aturan) sing gumathuk. Bebas jumlah larik ing saben pada (bait), bebas jumlahe pada lan bebas
pilihane tembung kang digunakake. Sing penting isine mantes lan pantes
 Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake tema
karangan, yaiku gagasan pokok sing arep diandharake sajrone tulisan. Sebanjure, tema iku
nduweni mupangat dadi wadhahe karangan. Tegese, karangan ora oleh metu utawa mlenceng
saka tema(wadhah) sing wis ditetepake.
 Kanggone wong sing maca teks geguritan sing wis dadi, tema geguritan bisa ditemokake kanthi
cara maca geguritan kang titi lan yen perlu dibolan-baleni.
 Supaya luwih cetha wacanen teks geguritan ing ngisor iki!

Teks 1
Gooong!
Dening : Auliya Azizah

Dak deleng gong gumantung ing gayor


Ana cilik na sing gedhe
Endah disawang, kepenak dirungu

Kabeh nunggu giliran ditabuh


Ora ana meri drengki
Ora ana sing cupet budine
Ora ana sing rumangsa
Dikuwalonake

Ora beda karo keluargaku


Adhik nyapu latar aku ngumbah motor
Ibu tata dhahar, bapak tindhak kantor
Kebeh meres kringet….meres piker
Gung…goong…gaaaooong…
Adhem ayem

Anda mungkin juga menyukai