Anda di halaman 1dari 14

BANK SOAL

1. Jenjang Pendidikan : Sekolah Dasar


2. Mata pelajaran : Muatan Lokal Bahasa Jawa
3. Tahun Pelajaran : 2019/2020
4. Kurikulum : Kurikulum 2013

Jenis soal : Pilihan Ganda


Nomor soal : 1, 2, 3
Indikator :
Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam geguritan
Mengungkapkan nilai-nilai luhur dalam geguritan secara tertulis dalam ragam krama
Menemukan pokok-pokok isi geguritan
SOAL KUNCI
PAKET 1
Geguritan kanggo nomer 1 – 3
Aja Jothakan

Wis sawetara dina


Widada ora dolan ing omahe kancane
Uga ora didolani kancane

Ibune Widada cubriya


Nanging Widada ora gelem blaka

Mbakyune Widada matur


Bocah-bocah padha jothakan
Ora padha gelem omong-omongan

Ibune banjur ngendika


Jothakan iku ngedohake paseduluran
Nutup rahmate Pangeran

1. Tegese tembung “blaka” sajroning geguritan ing ndhuwur yaiku… B


A. ora ngakoni
B. omong apa anane
C. meneng ora omong
D. omong sakarepe
2. Kepiye piwulang luhur sing kinandhut sajroning geguritan “Aja Jothakan”? A
A. Jothakan kaliyan kanca menika boten prayogi
B. Menawi jothakan ampun kaliyan kanca
C. Mumpung taksih alit mangga sami jothakan
D. Kenging jothakan nanging ampun dangu-dangu
3. Apa isine geguritan “Aja Jothakan”? C
A. Sapa sing jothakan bakal entuk rahmate Pengeran
B. Wong jothakan dibelani sedulur
C. Jothakan ora apik merga nutup rahmate Pengeran
D. Yen jothakan aja karo sedulur

PAKET 2
Geguritan kanggo soal nomor 1 – 3
Biyung

Biyung
anakmu nyuwun pangestu
bakal golek ngelmu
ing pamulangan
tumekane mengko awan

Biyung
daksuwun pandongamu
kareben sapari polahku
tansah manggih rahayu

1. Tegese tembung “rahayu” sajroning geguritan ing nduwur yaiku …. B


A. sugih
B. slamet
C. pinter
D. kuwat

2. Kepiye piwulang luhur sing kinandhut sajroning geguritan “Biyung”? A


A. Menawi gadhah gegayuhan nyuwuna donga pangestu dhateng tiyang
sepuh supados tansah manggih rahayu.
B. Tiyang pados ngelmu kedah dipunkancani tiyang sepuh supados
kasembadan lan rahayu
C. Tiyang sepuh mujudaken sumber ngelmu mila menawi pados ngelmu
cekap dhateng tiyang sepuh
D. Sagedipun tiyang sepuh namung paring donga pangestu rikala
putranipun pados ngelmu.

3. Apa isine geguritan “Biyung”? C


A. Wong tuwa njaluk pangestu marang anake sing arep golek ngelmu
B. Ngelmu iku digoleki kanthi ijol pangestu marang wong tuwa
C. Bocah arep golek ngelmu nyuwun pangestu marang wong tuwane
D. Ngelmu mujudake pangestu nalika anak arep nggoleki wong tuwa

PAKET 3
Geguritan kanggo soal nomer 1 – 3

Piwelinge Biyung

Anakku
dakpangestoni kekarepanmu
muga Gusti ngijabahi
uripmu bagya ing tembe mburi
aja dadi bocah kesed
mundhak uripmu rekasa lan sengsara
dadi wong cingkrang ing dina-dina

lan aja pisan-pisan kerengan


ora jujur tumindakmu
amarga kerengan lan ora jujur
ndadekake uripmu ajur B

1. Tegese tembung “ngijabahi” sajroning geguritan ing ndhuwur yaiku…


A. mirsani kekarepane
B. nuruti panjaluke
C. nyathet lelakone A
D. mretung amale
2. Kepiye piwulang luhur sing kinandhut sajroning geguritan “Piwelinge
Biyung”?
A. Supaya urip mulya kudu sregep lan tansah nengenake kautaman
B. Supaya urip rekasa kudune tumindak kesed lan ora jujur
C. Yen kepengin mulya kudu dadi wong cingkrang luwih dhisik C
D. Yen kepengin jujur diwiwiti saka tumindak ora jujur
3. Apa isine geguritan “Piwelinge Biyung”?
A. Wong mlarat amarga tansah tumindak jujur
B. Wong jujur ndadekake uripe ajur
C. Piweling kanggo bocah supaya sregep lan jujur
D. Tumindak ora jujur uripe makmur

Jenis soal : Pilihan Ganda


Nomor soal : 4, 5
Indikator :
Menjawab pertanyaan tentang pokok-pokok isi teks
Mengungkapkkan nilai-nilai kejujuran dan kesabaran dari tokoh Yudhistira secara lisan
dalam ragam karma
SOAL KUNCI
PAKET 1
Wacan kanggo nomer 4 – 5

Prabu Yudhistira
Prabu Yudhistira iku raja ing negara Amarta. Prabu Yudhistira
kawentar minangka paraga sing lugu, jujur, lilan lan sabar. Lilan tegese
apa bae barang darbeke yen ditembung uwong mesthi diwenehake kanthi
leganing ati. Prabu Puntadewa uga ora tau nesu senajan digawe ala
dening liyan.
Nalika Perang Baratayuda dikongkon goroh marang Pandhita
Durna dening Prabu Kresna. Senajan wis diarih-arih, Prabu Yudhistira
tetep ora gelem goroh. Sidane mung dikongkon supaya swarane
dilirihake.

4. Apa buktine menawa Prabu Yudhistira nduweni watak jujur? A


A. Diarih-arih kon goroh tetep ora gelem goroh
B. Yen kandha tansah alon lan swarane dilirihake
C. Ora tau padu lan bisa ngemong kabeh sedulure
D. Yen duwe barang mesthi diwenehake marang liyan
5. Prabu Yudhistira kawentar sabar. Ukara sing nuduhake watak kasebut D
tinemu ing ….
A. paragraf ka-1 ukara ka-1
B. paragraf ka-1 ukara ka-2
C. paragraf ka-1 ukara ka-3
D. paragraf ka-1 ukara ka-4
PAKET 2
Wacan kanggo nomer 4 – 5

Prabu Yudhistira
Prabu Yudhistira iku raja ing negara Amarta. Prabu Yudhistira
kawentar minangka paraga sing lugu, jujur, lilan lan ora tau nesu. Lilan
tegese apa bae barang darbeke yen ditembung uwong mesthi diwenehake
kanthi leganing ati. Prabu Puntadewa uga ora tau nesu senajan digawe ala
dening liyan.
Nalika Perang Baratayuda dikongkon goroh marang Pandhita
Durna dening Prabu Kresna. Senajan wis diarih-arih, Prabu Yudhistira
tetep ora gelem goroh. Sidane mung dikongkon supaya swarane
dilirihake.

4. Watak-watak ing ngisor iki, endi sing kalebu watake Prabu Yudhistira? A
A. lugu, jujur, lilan, ora tau nesu
B. lugu, jujur, brangasan, ora tau nesu
C. lugu, jujur, drengki, ora tau nesu
D. lugu, jujur, lilan, srei, ora tau nesu
5. Prabu Yudhistira kawentar jujur. Ukara sing nuduhake watak kasebut D
tinemu ing ….
A. paragraf ka-1 ukara ka-2
B. paragraf ka-2 ukara ka-1
C. paragraf ka-1 ukara ka-3
D. paragraf ka-2 ukara ka-2

PAKET 3
Wacan kanggo nomer 4 – 5

Prabu Yudhistira
Prabu Yudhistira iku raja ing negara Amarta. Prabu Yudhistira
kawentar minangka paraga sing lugu, jujur, lilan lan ora tau nesu. Lilan
tegese apa bae barang darbeke yen ditembung uwong mesthi diwenehake
kanthi leganing ati. Prabu Puntadewa uga ora tau nesu senajan digawe ala
dening liyan.
Nalika Perang Baratayuda dikongkon goroh marang Pandhita
Durna dening Prabu Kresna. Senajan wis diarih-arih, Prabu Yudhistira
tetep ora gelem goroh. Sidane mung dikongkon supaya swarane
dilirihake.
A
4. Apa tandhane menawa Prabu Yudhistira nduweni watak lilan?
A. Apa bae darbeke yen ditembung mesthi diwenehake kanthi leganing
ati
B. Yen ana wong tumindak ala marang dheweke diwenehi barang kanthi
lila
C. Prabu Yudhistira ora tau duwe barang lan tansah lila legawa
D. Yen diwenehi barang dening wong liya tansah ditampa kanthi lila
legawa
5. Sing ora nggambarake watak jujur lan sabar yaiku ….
D
A. ora tau goroh lan nampa kanthi legawa apa sing dumadi
B. emoh ngalap barang duweke liyan lan ora gampang nesu
C. tumindak apa mesthine lan ati tansah sumeleh
D. kabeh omongane sarwa manis lan nesu yen ora diendel

Jenis soal : Pilihan Ganda


Nomor soal : 6
Indikator :
Menjawab pertanyaan tentang isi teks nonsastra tentang tradisi

SOAL KUNCI
PAKET 1
Wacanen kanthi premati!

Tedhak Siti
Tedhak siti iku salah sijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur
pitung lapan. Ana uga sing nyebut “Mudhun Lemah” utawa “Udhun-udhunn”
Upacara iki ing dherah liya uga ana, contone sing diarani “Injak Tanah” ing
dhaerah Jakarta.

6. Tedhak siti iku upacara adat kanggo bocah umur pira?


A. pitung lapan A
B. pitung dina
C. pitung minggu
D. pitung taun

PAKET 2
Wacanen kanthi premati!

Tedhak Siti
Tedhak siti iku asale saka tembung tedhak, sing tegese idak, utawa
mudhun. Dene siti tegese lemah utama bumi. Upacara tedhak siti minangka
perlambang bocah wis siyaga nglakoni urip kanthi tuntunaning wong tuwa.
Tedhak siti dianakake nalika umure bocah genep 245 dina (7 x 35 = 245). A

6. Tedhak siti iku minangka pralambang kepiye?


A. siyaga nglakoni urip
B. ngidak lemah sepisanan
C. siyaga pisah karo wong tuwa
D. ora mbutuhake tuntunane wong tuwa

PAKET 3
Wacanen kanthi premati!

Tedhak Siti
Upacara tedhak siti utawa “udhun-udhunan” dianakake amarga ana
kapercayan menawa bumi nduweni perbawa tumrap uripe manungsa.
Kanggo nyegah kedadeyan sing ora becik, mula dianakake upacara kanggo
ngenalake bocah marang bumi.

6. Apa sing dadi kapercayan anane tedhak siti? A


A. bumi nduweni perbawa
B. bocah bakale gedhe
C. wong tuwe wajib ngopeni anak
D. anak wajib tuhu marang wong tuwa
Jenis soal : Pilihan Ganda
Nomor soal : 7, 8
Indikator :
Mengartikan katakata sulit yang terdapat dalam teks cerita rakyat.
Menjawab pertanyaan tentang isi cerita tradisi setempat.
SOAL KUNCI
PAKET 1
Wacanen kanthi premati!
Jaka Tingkir
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putrane Ki Ageng Pengging. Nalika
umur 10 taun, Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Wiwit iku
Mas Karebet kawentar kanthi jeneng Jaka Tingkir.
7. Tembung “kawentar” tegese … A
A. disenengi wong akeh
B. digoleki wong akeh
C. disengiti wong akeh
D. dingerteni wong akeh
8. Sapa jeneng asline Jaka Tingkir? D
A. Ki Ageng Pengging
B. Nyi Ageng Tingkir
C. Ki ageng Mas Karebet
D. Mas Karebet

PAKET 2
Wacanen kanthi premati!
Dumadine Rawa Pening
Ing Gunung Merbabu ana pandhita. Nuju sawijining dina sang pandhita
ditekani ula gedhe. Ula mau ngaku anake sang pandhita. Sang pandhita gelem
ngaku anak nek ula mau bisa nggubed Gunung Merbabu.
7. Apa tegese tembung “pandhita” ing wacan ndhuwur? A
A. wong pinter nambani wong lara
B. wong pinter lair batine
C. wong tuwa sekti
D. wong ahli tapa
8. Kepiye panjaluke sang pandhita supaya ula diaku anake? D
A. nek ula mau gelem tapa ing Gunung Merbabu
B. bisa ngalahake sang pandhita
C. saguh urip bareng karo sang pandhita
D. nek ula mau bisa nggubed Gunung Merbabu

PAKET 3
Wacanen kanthi premati!
Aji Saka
Aji Saka kandha marang Mbok Randha, saguh dadi badal tumrap Wuyung
Wulan dadi pangane Dewata Cengkar. Mesthi bae mbok randha lan Wuyung
Wulan bungah atine lan ngaturake panuwun. Sebab bisa bebas saka
kawengisane Dewata Cengkar.
A
7. Tembung “kawengisane” ing wacan ndhuwur nduweni teges….
A. tumindak kejem
B. tumindak nekad
C. seneng nesu
D. seneng golek mungsuh D
8. Kepiye tumanggape mbok randha nalika Aji Saka Gelem dadi badal tumrap
Wuyung Wulan?
A. ngrasa kuwatir bokmenawa Aji Saka apus-apus
B. bisa bebas saka kawengisane Aji Saka
C. tansah ngarep-arep tekane Dewata Cengkar
D. bungah atine lan ngaturake panuwun

Jenis soal : Pilihan Ganda


Nomor soal : 9, 10
Indikator :
Menjawab pertanyaan tentang isi tembang Gambuh.
Mengungkapkan isi tembang Gambuh secara tertulis dalam ragam krama.
SOAL KUNCI
PAKET 1
Gambuh

Sekar Gambuh kang katur


muga dadi peling lan pitutur
tutur becik kanggo laku para murid
Kareben ora katutuh
Murid tumindaknya awon
9. Kepiye kareben murid ora ketutuh? C
A. tandah golek biji apik
B. ngeling-eling pitutur
C. aja tumindak ala
D. bisa kena kanggo crita
10. Apa isine tembang Gambuh ing ndhuwur? D
A. Para siswa kedah pinter. Awit tiyang pinter saged dados conto tiyang
sanes
B. Tiyang kedah dipun tutuh. Caranipun kanthi mituhu dhumateng
pitutur sae.
C. Pepenget sae kedah dipun enget-enget. Kanthi makaten gesangipun
saged dipun conto.
D. Pepenget supados para siswa boten dipun paiben. Caranipun ampun
tumindak awon.

PAKET 2
Gambuh

Aja nganti kabanjur


barang polah ingkang nora jujur
yen kabanjur sayekti kojur tan becik C
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos
9. Kepiye akibate yen urip ora jujur?
A. entuk pangkat dhuwur
B. sugih bandha donya
C. dadi wong asor
D. dadi wong pinter
10. Apa isine tembang Gambuh ing ndhuwur? D
A. Tiyang ingkang kabanjur tumindak boten sae kedah diterasaken.
Caranipun kanthi pados piutur sae.
B. Tumindak jujur menika damel gesang dados kojur. Mila kedah saged
pados pitutur
C. Menawi sampun tumindak jujur kedahipun pados margi kojur.
Caranipn kanthi ndherek pitutur.
D. Tumindak boten jujur ampun dipunteras-terasaken. Tinimbang
tumindak boten sae, langkung sae pados pitedah utami.

PAKET 3
Gambuh

Tutur bener puniku


sayektine apantes tiniru
nadyan metu saking wong sudra pepeki
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira anggo

9. Kepiye tumindak sing bener tumrap pitutur becik? C


A. ngeling-eling
B. nyathet
C. nglakoni
D. ora nggape
10. Apa isine tembang Gambuh ing ndhuwur? D
A. Tiyang kedah saged dados wong sudra pepeki. Kanthi makaten saged
mucal tiyang sanes.
B. Dados tiyang sudra menika gampil. Caranipun kanthi mituhu pitutur
sae.
C. Pepenget supados niru tiyang sudra pepeki. Sedaya lampahipun kedah
dipun tiru.
D. Pepenget menawi pitutur leres menika pantes dipuntiru. Sinaosa
saking tiyang sudra utawi kirang duga prayoga.
JENIS SOAL : PILIHAN GANDA
NOMOR SOAL : 11
INDIKATOR : Disajikan teks pidato, Peserta didik dapat mengidentifikasi isi teks pidato
tersebut

PAKET 1
SOAL

TEKS PIDATO
Unggah-ungguh Ngginakaken Situs Jejaring Sosial Kangge Para Siswa

Wilujeng enjang.

Ingkang kulo hormati Kepala SD Ngudirejo, ingkang kulo hurmati guru-guru ugi staf
karyawan SD Ngudirejo, saha rencang-rencang ingkang kulo tresnani.
Ingkang sepindhah sumangga kita aturaken puji sukur dhumateng Gusti ingkang maringi
rahmat kaliyan hidhayahipun dhateng kita sedaya saengga kita saget makempal ingkang dinten
punika kangge mengeti dinten Pendhidhikan Nasional.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, kaliyan sedanten rencang-rencang
ingkang kulo tresnani, kula aturaken matur nuwun ingkang kathah minangka kapercayaan saha
kalodhangan ingkang dipunparingaken dhateng kulo kagem maos pidhato kanthi irah-irahan
“Ungguh –Ungguh Ngginakaken Situs Jejaring Sosial kangge Para Siswa”.
Para rawuh ingkang kulo tresnani,
Asring kita miring tembung jejaring sosial ing pagesangan saben dinten.Jejaring sosial
kathah dipunagem marang sedaya tiyang, kalebet kita minang para siswa. Jejaring sosial inggih
punika salah setunggaling website adhedhasar pelayanan ingkang saget ndadosaken tiyang damel
profil, ngajak utawi nampi rencang kagem nggabung ing situs kasebat. Warni-warni jejaring sosial
inggih punika facebook, twitter, instagram, hello, lan sapanunnggalanipun. Jejaring sosial sampun
dipunginakaken marang para siswa ing Indonesia.Jejaring sosial punika kedah dipungginakaken
kanthi wicaksana.Jejaring sosial ingkang boten dipunmanfaataken kanthi sae saged maring dampak
negatife kagem masyarakat inggih menika:
1. Saged ngirangi prestasi siswa.
2. Mirsani video ingkang boten prayogi dipunpirsani.
3. Boten sae kagem kesarasan amargi dangu ing ngajeng computer utawi laptop, naming kagem
dolanan jejaring sosial.
4. Para siswa kesupen dhateng wedal
Para siswa ingkang sampun biyasa nnginakaken jejaring sosial kedah mangertos unggah-
ungguhipun ngginakaken jejaring sosial .Unggah-ungguh sae saking pengagem jejaring sosial
tumrap para siswa inggih punika:
1. Ngurmati tiyang sanesipun kanthi ngginakaken basa ingkang sae nalika wonten ing jejaring
sosial.
2. Nggadhahi ancas kangge ningkataken sesrawungan supados langkung sae.
3. Nggadhahi ancas kangge ningkataken pengetahuan tumrap para siswa.
4. Ngginakaken jejaring sosial boten saben dinten, nanging wonten ing wedal ingkang boten
ngganggu sinau.
Para rawuh ingkang kulo tresnani,
Kita sami kedah ngatos-atos ngginakaken jejaring sosial samenika. Kita ugi kedah
mbedakaken pundi unggah-ungguh sae kaliyan awon ingkang saget maringi manfaat kagem kita.
Wonten ing dinten Pendhidhikan menika, kita sami para siswa kedah ngirangi kagiyatan ingkang
ngirangi wedal kangge sianu.
Sumangga kita ngginakaken teknologi internat kangge kagiyatan ingkang positif kados ta kangge
madosi maneka warni informasi wulangan.
Wasana cekap semanten atur kulo, mugi-mugi punapa ingkang kulo aturaken saged nyaosi
manfaat dhumateng kita sedaya. Menawi wonten kiranging atur saha kirang trapsilaning tindak-
tanduk, kulo nyuwun gunging pangaksama.
Jenis Soal : Pilihan Ganda

Nomor Soal : 21

Indikator : Disajikan teks bacaan tentang peristiwa budaya,peserta didik


dapat mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks
deskripsi tentang peristiwa budaya.

Paket 1

Sendratari Ramayana
Sendratari Ramayana minangka pagelaran seni kang awujud tari
ing drama sing dianakake kanggo ngunggah-unggahi. Seni iki diar
Sendratari Ramayan amarga crita sing digelar dijupuk saka c
Ramayana. Sendratari Ramayana iki asring digelar ing komple
Candhi Prambanan, Yogykarta.
Crita Ramayana minangka salah sawijining crita wayang s
misuwur banget ing Indonesia. Pagelaran iki nyritakake perjuang
lan katresnan Rama marang Sinta sing kadusta dening Raja Alengk
iya Rahwana. Saliyane ngemot crita katresnan lan perjuangan, crita
uga ngandhut kebecikan sajrone perang angkara murka amar
critane ora cekak. Ing pameran Sendratari Ramayana, crita
diringkes lan kabage dadi patang episode, yaiku ilange Sin
pangulandarane Anoman menyang Alengka, matine Kumbakarna
Rahwana, uga patemon Rama lan Sinta.
21 Tembung sing dicithak kandel tegese.…
A. Terkenal
B. Dhuwur
A C. Mundhur
D. Lestari

Paket 2

Ludruk

Indonesia kondhang kanthi potensi budayane. Budaya Indone


nduweni jenis kang akeh. Mula kuwi, wis patut minangka wo
Indonesia nduweni kewajiban kanggo nglestarikake kabudaya
supaya terus ngrembaka. Saalh sijine kabudayan Jawa yaiku Ludr
Jenis soal : Uraian
Nomor soal : 36
Indikator : Menyampaikan ringkasan cerita wayang “Bima Bungkus” secara tertulis
dalam ragam krama.
SOAL KUNCI
PAKET 1
Wacanen kanthi premati

Putrane Prabu Pandhu cacahe lima, yaiku Puntadewa, Werkudara,


Janaka, Nakula, lan Sadewa. Puntadewa sasedulur diarani Pandhawa, sing
ateges atmajane Pandhu.
Putrane Pandhu sing nomer loro, yaiku Raden Werkudara uga duwe
sesilih Bratasena, iya Bimasena. Laire Bimasene angel banget. Beda karo
sedulur-sedulure, olehe lair aneh. Sebabe ora wujud jabang bayi kaya
salumrahe, nanging wujud bungkus. Glundhang-glundhung kaya bal urip.

36. Gawea ringkesan nganggo basa krama adhedhasar crita ing ndhuwur.
Cukup 4 utawa 5 ukara.

KUNCI JAWABAN:
Putranipun Prabu Pandhu Dewanata cacahipun gangsal. Putra nomer
kalih sesilih Werkudara utawi Bratasena. Benten kaliyan sedherek-
sedherekipun, lairipun Werkudara wujud bungkus. Glundhang-glundhung
kados bal.

PAKET 2
Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi garwane sedhih ing penggalih. Sebab
wis sapirang-pirang senjata sekti digunakake kanggo mbedhah, meksa
bungkus mau ora bisa dibedhah. Nganti adhi-adhine lair, bungkus tetep ora
gelem pecah. Malah mundhaking dina, bungkus iku saya gedhe saya gedhe.
Saka njero bungkus sing kaya bal iku saben-saben keprungu panggereng
anteb merbawani.
Bungkus banjur dibuwang ana alas. Pamrihe supaya dimangsa kewan
galak. Janaka, iya adhine, kanthi setya nunggoni si bungkus mau saka
kadohan. Sasuwene nunggoni si bungkus, Janaka dikancani utawa
didherekake dening Panakawan catur aran Semar, Gareng, Petruk, lan
Bagong.

36. Gawea ringkesan nganggo basa krama adhedhasar crita ing ndhuwur.
Cukup 4 utawa 5 ukara.

KUNCI JAWABAN:
Prabu Pandhu tuwin garwanipun sedhih. Awit bungkus tetep dereng
saged kabedhah. Bungkus lajeng dipunbucal wonten wana. Wekasan
namung Gajah Sena ingkang saged mbedhah bungkus.
PAKET 3
Kacarita, polahe bungkus ing alas mahanani gara-gara ing kayangan.
Bathara Narada banjur ngirid Gajah Sena tumurun menyang marcapada
mrepeki sang bungkus. Dening Gajah Sena, bungkus ditlale lan digadhing.
Sanalika bungkus pecah, mijil bocah gedhe dhuwur gagah pideksa. Eloke,
bareng pecahe bungkus, Gajah Sena musna manjing ing anggane bocah
gagah mau. Dening dewa, bocah mau diparingi aran Bratasena iya
Bimasena.
Mengkone, Bratasena dadi satriya sekti mandraguna. Watake jujur,
suci, prasaja, lan tansah mbrastha angkara murka.

36. Gawea ringkesan nganggo basa krama adhedhasar crita ing ndhuwur.
Cukup 4 utawa 5 ukara.

KUNCI JAWABAN:
Bungkus damel gara-gara ing kayangan. Bathara Narada lajeng
ngirid Gajah Sena. Inggih Gajah Sena ingkang saged mbedhah bungkus.
Gajah Sena lajeng manunggal kaliyan Bimasena. Mangkenipun Bratasene
dados satriya mandraguna.

Anda mungkin juga menyukai