Anda di halaman 1dari 14

PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1 DOKUMEN

SEKOLAH MENENGAH PERTAMA (SMP) SANGAT RAHASIA


TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VIII (Delapan)
Hari / Tanggal : Selasa, 7 Desember 2021
Waktu : 90 menit

PETUNJUK UMUM:
1. Berdoalah dahulu sebelum mulai mengerjakan soal.
2. Tulislah lebih dahulu nomor kode sekolah dan nomor peserta Anda pada lembar jawaban
yang telah disediakan.
3. Periksalah soal-sola sebelum Anda menjawabnya.
4. Jumlah soal sebanyak 50 butir pilihan ganda dan semua harus dijawab.
5. Dahulukan mengerjakan soal-soal yang Anda anggap mudah.
6. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan bolpoint / pulpen
yang bertinta biru atau hitam.
7. Apabila ada jawaban yang Anda jawab ternyata salah dan Anda ingin memperbaikinya,
coretlah dengan dua garis lurus mendatar pada lembar jawaban anda yang salah,
kemudian beri tanda silang (X) pada huruf yang Anda anggap benar.
Contoh : Pilihan semula : A
X B C D
Dibetulkan : X
A B
X C D
8. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada Pengawas.
Kapiliha wangsulan ingkang leres kanthi cara nyukani tandha ping (X) ing aksara A, B,
C utawi D ing lembar jawaban ingkang sampun cumawis!

Teks kangge soal nomer 1 - 5


Rikala semanten wonten Dewi Kilisuci putrinipun Jenggolo Manik ingkang sulistyo
ing warni. Piyambakipun dipunlamar raja kalih saking bangsa raseksa, inggih punika
Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro ingkang sekti mandraguna. Salajengipun Dewi
Kilisuci nyuwun bebana dipundamelaken kalih sumur wonten ing pucukipun Redi Kelud.
Sumur ingkang setunggal kedah ngganda anyir, setunggalipun kedah ngganda wangi,
lan ugi kedah sampun cekap wonten ing setunggal dalu utawi ngantos klurukipun
sawung ing wanci enjang.
Kanthi kasektenipun kekalihipun saget minangkani bebana punika. Nanging Dewi
Kilisuci mboten pitados bilih gandanipun sumur wau anyir kaliyan wangi, lajeng nyuwun
Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro mlebet dhateng sumur kala wau. Sasampunipun
wonten ing lebetipun sumur, lajeng Dewi Kilisuci paring dhawuh dhateng prajurit
Jenggala supados sumur kala wau dipunurug sela ngantos kekalihipun nemahi seda.
Saderengipun seda, Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro ngendika bilih mbenjang tiyang
Kediri badhe ngraosaken piwalesipun makaping-kaping. “Kediri bakal dadi kali, Blitar
dadi latar, Tulungangung bakal dadi kedung”. Pramila ngantos dumugi sapunika
masyarakat Kediri ngawontenaken larung sesaji, damel nolak bala.

1. “Sasampunipun wonten ing lebetipun sumur, lajeng Dewi Kilisuci paring dhawuh
dhateng prajurit Jenggala supados sumur kala wau dipunurug sela ngantos kekalihipun
nemahi seda.” Dasamanipun tembung “sela” inggih menika …
a. lemah c. watu
b. wedhi d. bata

2. Pranyatan ingkang jumbuh kaliyan pethikan teks legendha ing inggil inggih menika …
a. Dewi Kilisuci paring dhawuh dhateng prajurit Jenggala supados ndamel sumur
b. tradisi larungan sesaji masyarakat Kediri minangka damel tolak bala.
c. Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro mboten siyos nglamar Dewi Kilisuci
d. prajurit Jenggala, Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro perang wonten ing Redi Kelud

3. Adhedhasar pethikan cariyos ing inggil, Dewi Kilisuci kagungan watak inggih menika …
a. andhap asor c. srakah
b. lembah manah d. dusta

4. Ukara baku (utama) saking paragraf setunggal teks cariyos legendha ing nginggil inggih
menika …
a. sumur ingkang saged ngganda anyir kaliyan ngganda wangi ing pucukipun Redi
Kelud
b. Jenggola Manik nyuwun bebana dipundamelaken sumur ing pucukipun Redi Kelud
c. sumur kedah dados ing wekdal setunggal ndalu saderengipun wonten sawung kluruk
d. Dewi Kilisuci putrinipun Jenggolo Manik dipunlamar Lembu Suro kaliyan Mahesa
Suro
5. Konflik ing pethikan cariyos legendha ing inggil inggih menika …
a. Dewi Kilisuci mboten pitados bilih gandanipun sumur anyir kaliyan wangi
b. Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro mlebet dhateng sumur ngganda anyir lan wangi
c. Jenggolo Manik mboten setuju lamaranipun Lembu Suro kaliyan Mahesa Suro
d. Dewi Kilisuci paring dhawuh dhateng prajurit Jenggala supados ngurug sumur
Teks kangge soal nomer 6 – 10
Weruh yen daginge ula wis mateng, bocah banjang marani omahe Ki Juru Mathokan.
“Kula nuwun”, pangucape bocah bajang.
“Mangga, sapa kowe?”, jawabe Ki Juru Mathokan.
“Kula Baru Klinthing. Kula badhe nyuwun daging!” kandhane bocah bajang.
“Kowe ora melu rekasa, arep jaluk daging? Sing rekasa bae durung ngrasakake.
Kana
lunga!” Jawabe Ki Juru Mathokan.
Si Bajang tekan omahe mbok randha. Mbok randha iku uripe rekasa. Sanajan
mangkono, nanging luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa bae. Mula
tekane si bajang ditampa kanthi becik. Bocah bajang mau diwenehi sega lan daging
iwak ula. Sawise mangan, bocah bajang mau pamitan marang mbok randha.

6. Paraga ingkang kagungan watak seneng tetulung adhedhasar cariyos ing inggil inggih
menika …
a. Si Bajang c. Ki Juru Mathokan
b. Baru Klinthing d. mbok randha

7. Suasana cariyos legendha ing inggil inggih menika …


a. bungah c. kaget
b. sedih d. sepi

8. Piwucal ingkang saged dipuntuladhani saking pethikan cariyos ing inggil inggih menika

a. aja seneng sak penake dewe c. adigang, adigung lan adiguna
b. seneng tetulung marang liyan d. aja gampang percaya marang liyan

9. “Lare alit kala wau dipunparingi sekul kaliyan …”


Tembung ingkang trep kagem jangkepi ukara ing inggil supados dados ukara krama
alus inggih menika …
a. daging sawer c. iwak ula
b. daging ula d. iwak sawer

10. “Sawise mangan, bocah bajang mau pamitan marang mbok randha”. Ragam krama
alusipun inggih menika …
a. sasampunipun nedha, lare alit kala wau nyuwun palilah dhateng mbok randha
b. sasampunipun dhahar, lare alit kala wau nyuwun palilah dhateng mbok randha
c. sasampune nedha, lare lare alit kala wau nyuwun palilah dhateng mbok randha
d. sasampune dhahar, lare alit kala wau nyuwun palilah dhateng mbok randha

Teks kangge soal nomer 11 - 13


Sekar Gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.
11. Wosing (isi) budi pekerti pada tembang ing inggil inggih menika …
a. tumindak ingkang ngugemi aturan kaliyan purun mirengaken pitedhah ingkang sae
dadosaken pakulinan ingkang awon
b. ngugemi aturan, tumindak ingkang awon kaliyan mirenganke pitedhah dadosaken
pakulinan ingkang mboten sae
c. tumindak ingkang mboten ngagem aturan kaliyan mboten purun mirengaken
pitedhah ingkang sae dadosaken pakulinan ingkang awon
d. pakulinan ingkang awon punika saking tumindak ingkang purun mirengaken
pitedhah ingkang sae kaliyan tumindak ingkang ngugemi aturan
12. Ukara ingkang jumbuh kaliyan tembang ing inggil inggih menika …
a. mirengake pitutur supados saged polah
b. mirengake pitutur supados boten awon
c. dolanan catur supados boten awon
d. polah katula-tula amargi mirengake pitutur
13. Tumindak becik ingkang saged dipuntuladhani saking tembang ing inggil inggih menika

a. mituhu kaliyan bapak ibu c. tumindak sak senenge dewe
b. seneng colong jupuk d. seneng dolanan catur

Teks kangge soal nomer 14 – 15


Aja nganti kebanjur,
barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.

14. “barang polah ingkang nora jujur”, tegesipun inggih menika …


a. pareng tumindak ingkang mboten jujur
b. tumindak ingkang mboten jujur
c. boten pareng jujur menawi tumindak
d. jujur menawi mboten tumindak
15. Tumindak ingkang jumbuh kaliyan pada tembang “barang polah ingkang nora jujur”
inggih menika …
a. adhiku senengane polah wae yen turu
b. kanca-kancaku pada jujur marang aku
c. nyonto kancane utawa buku yen lagi ulangan
d. menawi dipundangu kula matur ingkang sae
Teks kangge soal nomer 16 – 18
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes siro anggo.

16. Paugeranipun tembang Gambuh gatra 1, 3 kaliyan 5 inggih menika …


a. 7u – 12i – 8a c. 7u – 12e – 8a
b. 7u – 12e – 8o d. 7u – 12i – 8o
17. Ukara ing ngandhap menika ingkang jumbuh kaliyan pethikan tembang ing inggil inggih
menika …
a. pitutur kang becik kudu ditiru c. wong sudra pantes ditiru
b. wong sudra mesti becik pituture d. pituture sapa wae kena ditiru
18. Wosing ( isi ) pada tembang ing iggil inggih menika …
a. pitutur becik pantes tiniru sanajan saking tiyang sudra papeki
b. pitutur saking tiyang sudra boten pantes tiniru sanajan becik
c. wong sudra papeki kedah dipuntiru sedaya pituturipun
d. sedaya pituturipun tiyang sudra papeki becik lan pantes tiniru
19. Gatosaken ukara-ukara ing ngandhap menika!
i. ula ngendelaken iku iv. si kidang ambegipun
ii. angendelaken kebat lumpatipun v. pan si gajah angendelaken gung
inggil
iii. mandine kelamun nyokot
Supados dados pada tembang Gambuh ingkang trep, rantamaning ( urutan ) tembang
ingkang leres inggih menika ...
a. i – ii – v – iv – iii c. iv – ii – v – i – iii
b. iii – i – v – iv – ii d. iv – iii- v – i – ii
20. Gatosaken tembang Gambuh ing ngandhap menika!
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
Gancaran saking pada tembang ing inggil inggih menika …
a. adiguna, adigang lan adigung. Adiguna lincah kaya kidang, adigang kuat kaya gajah,
adigung ampuh kaya ula. Tetelune pada kuate.
b. ana unen-unen adiguna, adigang lan adigung. Adigang sanepane kidang, adigung
sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh.
c. ana unen-unen adigang, adigung lan adiguna. Sifat tetelune podo ampuhe lan mati
sampyuh ing paperangan.
d. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula.
Adigang lan adiguna mati sampyuh, adigung kang dadi penguasane.

Teks kangge soal nomer 21 – 26


Bathik kudu dilestarikake arepa bathik wis diakoni donya minangka warisan budaya
Indonesia. Manawa bathik ora dilestarikake bisa-bisa generasi sesuke bakal lali lan ora
mengerteni manawa bathik iku salah sawijining budaya warisan leluhur. Ing wulan
November 2009, ing kutha Salatiga diadani adicara ajar mbathik bebarengan.
Udakara sewu siswa taman kanak-kanak melu ing adicara kasebut. Para siswa
kasebut padha menehi werna bathik gagrag Salatiga. Motif bathik kang diwenehi werna
yaiku motif bathik watu plumpungan. Para siswa taman kanak-kanak kasebut menehi
werna tumrap bathik kanthi seneng. Sawise bathik-bathik mau diwernani, banjur dicelup.
Bathik-bathik mau bisa digawa bali minangka kenang-kenangan.
( kapethik saka Baud Basa Jawa )
21. Tema saking pethikan pawarta ing inggil inggih menika …
a. kabudayan c. kasenengan
b. pendhidhikan d. panguripan
22. Pranyatan ing ngandhap menika ingkang jumbuh kaliyan pethikan pawarta ing inggil
inggih menika …
a. motif bathik kang diwenehi werna yaiku motif bathik Salatiga
b. watu plumpungan minangka motif batik Salatiga
c. wulan November 2008, kutha Salatiga ngadani adicara ajar mbathik
d. sawise bathik-bathike dicelup, banjur diwernani
23. Pitutur luhur ingkang saged kapundhut saking pethikan pawarta ing inggil inggih menika

a. bathik motif watu plumpungan minangka motif bathik ingkang adiluhur
b. siswa taman kanak-kanak wajib saged mbathik gagrag Salatiga
c. bathik kedah dipunlestarikaken minangka warisan budaya Indonesia
d. ingkang kedah dipunlestarikaken inggih menika bathik gagrag Salatiga
24. “Para siswa kasebut padha menehi werna bathik gagrag Salatiga”. Tembung “gagrag”
wonten ing ukara kasebut tegeseipun inggih menika …
a. bentuk c. warna
b. asal-asul d. motif
25. Gatosaken tembung-tembung ing ngandhap menika!
i. who iv. why vii. was
ii. how v. has viii. where
iii. what vi. When
Ingkang kalebet pokokipun pawarta inggih menika …
a. i – ii – iii – iv – vi – vii c. ii – iii – iv – vi – vii – viii
b. i – ii – iii – iv – vi – viii d. i – iii – iv – v – vi – viii
26. Adhedasar pethikan pawarta ing inggil, ancasipun dipunwontenaken gladhen damel
bathik serarengan inggih meika …
a. nglestarikaken budaya bathik c. minangka adicara saben tahunipun
b. lomba bathik siswa Taman Kanak-kanak d. narik kawigatosanipun wisatawan

Teks kangge soal nomer 27 – 29


Satus seket relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT) tumut pelatihan rescue ing Waduk
Sermo, Kokap, Kulonprogo, dinten Minggu (10/4/2009) enjing. Para relawan dipungladi
dening petugas Basarnas DIY aranipun milujengaken korban kabesmen lan kacilakaan
laut. Pelatihan dipungelar kalih dinten, dipunestreni dening para relawan saking
sawetawis wewengkon Indonesia antawisipun Aceh, Surabaya, lan Bandung.
Salajengipun komunitas relawan ACT badhe dipunkerigaken dhateng papan-papan
ingkang mutawatiri tumempuh musibah alam.
27. Ukara baku (utama) saking teks pethikan teks pawarta ing inggil inggih menika …
a. para relawan dipungladi dening petugas Basarnas DIY
b. relawan ingkang nderek pelatihan saking Aceh, Surabaya, lan Bandung
c. satus seket relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT) tumut pelatihan rescue
d. kacilakaan laut minangka prioritas utama relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT)
28. Kapan pelatihan relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT) dipunlaksanakaken …
a. Kulonprogo, 4 April 2009 c. Minggu, 4 April 2009
b. Kulonprogo, 4 Oktober 2009 d. Minggu, 10 April 2009
29. Adhedasar pethikan pawarta ing inggil, ancasipun dipunwontenaken pelatihan relawan
Aksi Cepat Tanggap (ACT) inggih menika …
a. silahturahmi satus seket relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT) wonten ing Waduk
Sermo, Kokap, Kulonprogo, dinten Minggu (10/4/2009) enjing
b. para relawan supados mumpuni salebeting paring pitulungan nalika sawanci-wanci
kenging musibah alam lan kacilakan seganten
c. petugas Basarnas DIY kaliyan relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT) sesarengan
tumut pelatihan rescue
d. pelatihan rescue dipuntindakaken kangge latihan petugas Basarnas DIY minangkani
wonten musibah alam lan kacilakaan laut

Teks kangge soal nomer 30 – 32


Ing puncak Gunung Gajah iku para wisatawan bisa ngrasakake endahing
sesawangan kang asri saka papan sing luwih dhuwur. Sesawangan katon jembar kanthi
hawa adhem awit pangaribawane alas pinus sing ana ing tlatah kana. Anganging
puncak Gunung Gajah sing hawane adhem iku malah banjur nduweni daya pikat kang
mligi katimbang papan wisata liyane. Papan kana dhuwure watara 835 meter sadhuwure
banyu segara. Dadi iya pancen papan sing hawane wis krasa adhem tumrap awak
manungsa lumrah. Hawa seger kang tinemu ing papan kana kena kanggo ngedhemake
pikir supaya pikiran bisa bali seger lan sehat maneh.

30. “sesawangan katon jembar kanthi hawa adhem awit pangaribawane alas pinus sing ana
ing tlatah kana”. Tegesipun tembung “tlatah” wonten ing ukara kasebut inggih menika

a. wewengkon c. papan wisata
b. desa d. pegunungan
31. Wosing ( isi ) pethikan pawarta ing inggil inggih manika …
a. puncak Gunung Gajah iku minangka papan wisata kang endah lan nduweni hawa
seger
b. wisata puncak Gunung Gajah iku dhuwure watara 835 meter sadhuwure banyu
segara
c. puncak Gunung Gajah iku minangka papan wisata kang hawane adhem amarga
akeh alas pinuse
d. puncak Gunung Gajah iku minangka papan kanggo ngedhemake pikir
32. Menapa sebabipun puncak Gunung Gajah kenging kangge nenangaken penggalih
supados penggalihipun saged seger saha sehat malih …
a. papan wisata puncak Gunung Gajah rame, ora beda karo ramene kutha
b. puncak Gunung Gajah hawane seger, resik lan sesawangane kepenak ing pandulu
c. papan wisata puncak Gunung Gajah manggone adoh saka kutha
d. papan wisata puncak Gunung Gajah disenengi kabeh wisatawan sing tau teka

Teks pariwara kangge soal nomer 33 – 35

33. Miturut teks pariwara ing inggil, anggenipun wijik ing wedhal menapa kewanon …
a. saderenge aktivitas ing njaba c. saderenge lan sawisi aktivitas
b. saderenge lan sawise dhahar d. saderenge lan sawise sare
34. Pranyatan ing ngandhap menika ingkang jumbuh kaliyan teks pariwara ing inggil inggih
menika menging virus corona kanthi cara …
a. jaga jarak karo wong liya lan nggunakake masker
b. nganggo masker, wijik saderenge lan sawise aktivitas nggunakake sabun
c. ora perlu nganggo masker, jaga jarak karo wong liya lan wijik nganggo sabun
d. nganggo masker, jaga jarak karo wong liya, wijik saderenge lan sawise aktivitas
nggunakake sabun
35. Pitutur luhur ingkang saged kapundhut saking pethikan pawarta ing inggil inggih menika

a. Ing mangsa pagebluk virus corona iki, ora usah pada wedi amarga wis ditemokake
obate
b. perlune nganggo masker, jaga jarak lan wijik nganggo sabun minangka usaha jaga
kesehatan
c. jaga kesehatan ing mangsa pagebluk virus corona iku urusane dewe-dewe dudu
urusane pemerintah
d. jaga jarak karo wong liyo iku apik ing mangsa pandemi, ananging aja nganti
medhotake silahturahmi

Teks pariwara kangge soal nomer 36 – 38


36. Wosing ( isi ) teks pariwara ing inggil inggih menika …
a. Lomba upacara bendera c. upacara Sumpah Pemuda
b. lomba kebersihan kelas d. papan pendaftaran lomba
37. Adhedasar teks pawiwara ing inggil, wonten ing dinten punapa lomba kebersihan kelas
minangka pengetan dinten Sumpah Pemuda dipunlaksanakaken …
a. Senin, 26 Oktober 2015 c. Rabu, 28 Oktober 2015
b. Rabu, 26 Oktober 2015 d. Senin, 28 Oktober 2015
38. Ancasipun pariwara ing inggil inggih menika menehi ngerti para siswa …
a. bakal ana upacara pengetan Sumpah Pemuda
b. papan panggonan pendaftaran lomba kebersihan kelas
c. bakal ana lomba kebersihan kelas
d. bakal ana kegiatan OSIS SMA N 1 Surakarta

Teks kangge soal nomer 39 – 40


Yoga : Sowan kula mriki, sepisan silaturahim saha tuwi kawilujenganipun Pak
Badru sakaluwarga. Ingkang angka kalih, kula dipunutus Pak Saliman
gandheng benjang dinten Senin, 24 Oktober 2019 Pak Saliman badhe
ngijabake yoganipun, pramila Pak Badru sekaliyan Ibu benjang dinten
Senin, 24 Oktober 2019 wanci tabuh 08.00 WIB katuran rawuh wonten
dalemipun Pak Saliman saperlu anjenengi saha paring idi pangestu
dhateng putra pengantin. Namung makaten Pak, ingkang dados atur kula,
kathah kalepatan nyuwun pangapunten.
Pak Badru : Iya …, tak tanpa aturmu ya Nak Yoga. Banget panarimaku muga-muga
Pak
Saliman anggone kagungan kersa ndhaupake putrane bisa kasembadan
ora ana alangan sawiji-wiji, putra penganten mbesuke ya bisa mbangun
bale wisma sing ayem, tentrem, didohake saka kabeh alangan.

39. Ancasipun teks dialog atur-atur ing inggil inggih menika …


a. ngaturi Pak Badru sekaliyan Ibu supados rawuh wonten dalemipun Pak Saliman
saperlu paring idi pangestu dhateng putra pengantin.
b. ngaturi Pak Badru supados rawuh wonten dalemipun Pak Saliman saperlu paring idi
pangestu dhateng putra pengantin.
c. dinten Senin, 24 Oktober 2019 wanci tabuh 08.00 WIB Pak Saliman ngijabake
yoganipun
d. dipunutus Pak Saliman silaturahim saha tuwi kawilujenganipun Pak Badru
sakaluwarga.
40. Prayatan ing ngandhap menika ingkang jumbuh kaliyan teks dialog atur-atur ing inggil
inggih menika …
a. Pak Badru badhe tindak wonten dalemipun Pak Saliman
b. tanggal 24 Oktober 2019 Pak Saliman badhe ngijabake putrane
c. Yoga dipunutus Pak Badru kapurih ngaturi Pak Saliman
d. Pak Saliman ing dinten Senin, 24 Oktober 2019 badhe ngitanake putrane
41. Gatosaken tembung-tembung ing ngandhap menika!
i. kula ugi sampun pinanggih sae kaliyan panjenengan saha sampun ngaturaken
dhawuhipun Pakdhe Sardi
ii. nggih, Pak.
iii. kula badhe nyuwun pamit rumiyin
iv. kepareng matur Pak Lurah, gegandhengan wekdal sampun sonten, sampun cekap
anggenipun kula matur.
Supados dados paragraf ingkang trep, rantamaning ( urutan ) ukara ingkang leres inggih
menika ...
a. iv – iii – ii – i c. i – ii – iii – iv
b. ii – iv – iii – i d. i – iii – iv – ii

Teks kangge soal nomer 42 – 44


Pak Badru : Diaturake marang Pak Saliman, bapak nyuwun pangapunten banget yen
pas tanggal kuwi mau bapak ora iso sowan daleme Pak Saliman, jalaran
mengko sore bapak budhal menyang Jakarta perlune methuk putu sing
kepingin sekolah ing kene. Tapi ibu sesuk bisa rawuh kok, wong mengko
ora melu budhal menyang Jakarta.
42. Ancasipun teks dialog atur-atur ing inggil inggih menika …
a. Pak Badru ngendika menawi saged sowan dhateng dalemipun Pak Saliman kaliyan
Ibu
b. Pak Saliman Badhe tindak dhateng Jakarta mapak wayahipun ingkang badhe
sekolah wonten mriki
c. Pak Badru saha Ibu mboten saged sowan dhateng dalemipun Pak Saliman amargi
badhe tindak Jakarta
d. Pak Badru kintu pesen kagem Pak Saliman, menawi piyambakipun mboten saged
sowan, nanging ingkang badhe sowan garwanipun.
43. Kenging menapa Pak Badru mboten saged tindak dhateng dalemipun Pak Salaiman …
a. Pak Badru mboten remen kaliyan Pak Saliman
b. dalemipun Pak Saliman tebih sanged
c. garwanipun Pak Badru badhe tindak dhateng Jakarta
d. Pak Badru badhe tindak Jakarta mapak wayahipun
44. Pitutur luhur ingkang saged kapundhut saking pethikan dialog atur-atur ing inggil inggih
menika …
a. terus terang menawa ora iso nindaki undangan
b. luwih mentingake keluarga dari pada wong liya
c. kerjasama Pak Badru kaliyan garwane
d. garwane Pak Badru ora seneng tindak Jakarta

Teks kangge soal nomer 45 – 50


?[f[nteteluaiku,
sikif=sukai=ptinipun ¿
………………………
siaulai=ptinipun\ "
zenFelLkenHup[sSm[nFos ¿
45. Gatra tiga tembang Gambuh ing inggil menawi dipunserat ngagem aksara Jawa inggih
menika …
a. afigu=p[nHzi c. pnSigjh[lnai=ptini[rki
b. afigunaulaiku d. pitutu/ai=k=sye[kTos ¿
46. siaulai=ptinipun\
Sandangan swara ingkang wonten ukara ing inggil inggih menika …
a. j= ,tu c. au , n ¿
b. Si , ku d. s i ,s=
47. Seratan Latinipun saking ukara “ siaulai=ptinipun\. “ inggih menika …
a. diulang ing batin c. si ula ing patinipun
b. si ula patinipun d. diulang patinipun
48. “zenFelKenHup[sm[nFos ¿
pasangan aksara Jawa menapa kemawon ingkang wonten ing ukara kasebut …
a. da – la – sa c. na – la – ha
b. da – ka – ha d. na – ka – ha
49. cch[agt]sbenSpftemB=gmB|h yaiku …
a. 4 c. 5
b. 7 d. 6
50. “ pan si gajah lena ing patinireki “, seratan Jawanipun inggih menika …
a. pnSigjh[lnai=ptini[rki c. pnSigja[lnai=ptini[rki
b. pnsigjh[lnai=ptini[rki d. pnSigjh[lnai=ptini[rai

Anda mungkin juga menyukai