Anda di halaman 1dari 7

Ajuning kemajuan jaman prasasat datan bisa dibendung maneh, jarene wong akeh

sinebut globalisasi. Globalisasi dewe, saumpama dijarwakake kanthi basa jawa yaiku
tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga saking majune tehnologi kang
anjrah engga tekan karang padesan. Dadine, nadyan ana suwaliking bumi bisa krasa
cedhak merga majuning tehnologi kang ora tinemu ing jaman sadurunge.

Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan
karo anake sing mapan ana Jakarta yo gelem ora gelem kudu menyang Jakarta.
Utawa suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana
Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad
ora sethithik yen bakal sesambungan. Umpama bisa sesambungan, sranane telpon
ana wartel, kirim layang utawa telgram.

Ning saiki, tahun 2011 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo
keluarga sing mapan ana Amerika wis dudu barang angel maneh. Sing jenenge
Handphone prasasat wis pating glethak saben papan. Tegese HP wis dudu barang
larang maneh. Jaman aku sekolah kepungkur, aja kok ngimpi nyekel HP, selagine
gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae
cekel-cekelane HP, lha apa ora jamane wis owah ? Kamangka, bocah SD saiki kathik
sing jenenge nyekel komputer wis canggihe ora jamak. Sejene kuwi, internet, twitter,
engga sing aran Facebook anjrah tekan karang padesan. Mbukak sing jeneng
facebook, twitter, yahoo massanger, lsp ora kudu ndadak nyang warnet, bisa diakses
liwat HP. Mula ora jeneng aneh maneh, yen donya sing jembar ngilak-ilak prasasat
dadi cupet tanpa wates.

Emane, kemajuan ing babagan tekhnologi iki bisa njalari uwong malih edan kahanan.
Wanita sing sejatine setya tuhu marang bojo, bisa malik grembyang kendho tapihe,
njur seneng slewengan karo jejaka utawa edan maneh ngrusuhi bojone liyan mung
merga facebook. Ora mung kaum wanita, bapak-bapak sing wis mambu lemah uga
ana sing kedanan prawan lan randha merga saking senenge chatting liwat FB.
Facebook salah sasaran dadi srana selingkuh sing ampuh. Tundhone mbubrahke
wong omah-omah. Nanging ora kabeh tekhnologi iku negatif, akeh uga sisi positife,
gumantung sing arep nggunakake. Contone, FB, twitter, YM, lsp bisa dadi srana
kanggo iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama, lan uga ngudi ngelmu.

Yo merga ngenut ombyaking jaman iku, aku reka-reka melu gawe akun FB, singkatan
saka facebook. Kanyatan, ora nganti let sasen-sasen akun FB-ku wis tambah kanca
nganti ewonan wong. Senadyan durung nate ketemu, nanging lewat akun kekancan
FB iku awakku bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora
tak ngerteni papan dununge. Malah kancaku ana sing padunung ing Hongkong,
Pakistan, Malaysia lan negara Eropa liyane. Sakliyane kuwi, kancaku sekolah sing wis
puluhan tahun ra ketemu wae bisa gegojekan maneh karo aku, nadyan mung liwat
FB.

Sore iku aku nuhoni dawuh seka redaksi kudu ngirim werta lewat e-mail. Mula
senadyan wektune mepet maghrib, aku nyelakke ngirim werta paling anyar seka
Gunungkidul. Sinambi ngenteni werta kekirim tekan redaksi, aku nyelakke mbukak
FB. Ora let suwe wis ana sing add ana akun pesanku.

“Assalamu’alaikum, sugeng sonten mas....” tak lirik sing kirim asmane Jiwandari Dewi
Wahid. Oh saka Bu Lurah Purwodadi, salah sijine desa ing wewengkon Gunungkidul.

“Wa’alaikumsalam.... Nembe menapa bu ?” takwales pesen sing mlebu iku.

“Kok dangu mboten pinarak ngidul mas ?” wangsulane Bu Ndari.

”Alhamdulillah sawetara niki taksih repot kok Bu,... Wonten dawuh ?” semaurku.

Aku sing wis sawetara tepung karo priyayine banjur ngobrol akrab lan gegojekan
liwat FB. Maneka topik tak bahas lewat FB iku. Kanyatan Bu Ndari utawa Bu Lurah
Purwodadi iku grapyak semanak. Dasare kagungan rupa ayu, persasat turah rupa
kurang panacat, isih nduweni kuasa senadyan mung dadi lurah ana desa kang mencil.
Emane kok wis kagungan garwa lan anak-anak cacah loro lanang wadon, umpama
ora, wiiih klakon tak pek bojo tenan.
Lageyane Bu Ndari iku, beda adoh yen aku pinuju wawancara nyang Purwodadi.
Adate aku kerep golek werta bab pembangunan seka desa madesa, klebu tlatah kang
dipimpin piyambake. Kesan formil lan kaku langsung krasa yen pinuju adu arep
wawancara ana balai desa. Bu Lurah katon banget wibawane ana ngarepe para
dukuh lan pamong. Mula ora maido yen aku pinangka wartawan rada males yen
kudu sambang menyang Purwodadi. Alesanku jelas, merga kliwat formil.

Nanging, sak ploke asring sesambungan liwat FB iku njalari aku dadi luwih akrab karo
Bu Lurah. Kurang trima liwat FB, Bu Lurah uga njaluk no HP-ku. Sabanjure, mbuh
liwat FB utawa telpon lan sms HP, piyambake asring takon bab pembangunan,
PNPM, lsp marang aku. Kabeh sing disuwunake pirsa tak jawab kanthi mathis, kaya
apa sing wis tak mangerteni. Ora mung kuwi, Bu Lurah uga njaluk pambiyantu
marang aku supaya ekspose Pesisir Siung sing mlebu ana tlatah wewengkone.
Pangajabe yen pesisir iku diekspose koran bisa njalari tekane wisatawan ana pesisir
iku.

Merga asring FB-an lan sms lewat HP, njalari aku kepengin dolan menyang
Purwodadi, apamaneh Bu Lurah njanji bakal menehi informasi sing apik tumrap
wartawan kanggo ngisi liputan budaya, yaiku festival reog lan jathilan kang
dianakake ngepasi tahun baru. Sidane, mbarengi mlebu tahun baru 2011 wingi kuwi
aku nyelakke dolan nyang Pesisir Siung, Desa Purwodadi. Sepisan nglegani Bu Lurah,
kapindho acara festival iku bisa dadi berita kang klebu menarik para maos ing surat
kabarku. Ancasku mung teka jlug, motret-motret sethithik, njur wawancara trus
bablas bali mulih nyang Wonosari.

Gandheng acarane diwiwiti kawit tanggal 31 Desember 2010, mula aku diaturi
pinarak ana daleme Bu Lurah. Kawitane aku males, nanging merga diarih-arihi Bu
Ndari pungkasane aku manut.

“Mangga mas, pinarak mlebet riyin..... Nggih ngaten niki gubuk enten karang
padesan....” Bu Lurah manggakke.
“Aaaah sami mawon Buu, niki malah pun sae sanget, benten kalih rompok kula....!
Gendhenge mawon pun kathah sing rontok, maklum mboten enten sing ngopeni....”
aku nanggapi basa basine.

“Halaah,.. njenengan ki kok ya olehe mendhek ! Milane pados ingkang saged


ngupakara to Mas...!” Bu Lurah semu nyindhir statusku sing nduda.

“Dereng pinanggih kok Bu, nyuwun tulung dipadoske sing purun...!” semaurku.

Sabanjure Bu Ndari idin arep menyang mburi disik, aku ditogake dewekan ana ruang
tamu. Ora let suwe ana kenya ayu ngetokake wedang saka njeron omah. Mripatku
kedhep tesmak sanalika, kenya kang ngetokake wedang iku banget merak ati....

“Mangga diunjuk lho mas, sakwontenipun....” wuuihhh ! swarane alus, pakulitane


lencir kuning, mangka pawakane weweg kaya selebritis Manohara Odelia Pinot.

“Ee... enggih Dik ! Walaah kok repot-repot lho...!” gragapan anggonku mangsuli.

“Waduuh biyuung, eseme kuwi lho ? marakke atiku deg-deg sir !” pangudarasaku
jroning ati.

“Puun unjuk Mas Wisnu... Mboten sah jiguh pekewuh !! Eeh Tar, iku tulung kamar
sisih kiwo resikana, ben mengko diagem nyare Mas Wisnu...!!” prentahe Bu Ndari
nalika metu seka kamare marang kenya iku.

Kenya sing diundang jeneng Tari iku mung manthuk lan gage ngadeg arep
tumandang “Eh...eh ditepungke sik Mas, iki adhikku, Untari, komplite Untari
Puspitaningsih, lagi wae lulus kuliah Akuntansi ana Solo. Tari, tepungan sik, iki Mas
Wisnu, wartawan koran sing tak jaluki tulung ngliput acara festival....!”

Tanganku tak ulungke ngajak salaman, kenya aran Untari iku nampani, “Wisnu...!”
“Untari..”semaure kenya iku banjur ndingkluk ora wani nampani sorote netra. “Duuh
Gusti,.....ana tangan kok aluse mangkene !” jerit batinku sinambi ngelus tangane
Untari. “Hmm...ehemm !! Sesuk nyuwuno tulung Mas Wisnu kuwi lho Tar, kon
nggolekke gawean ana kutha, wartawan kan relasine akeeh...” Bu Ndari dehem
sinambi nyindhir, gage regeman tanganku marang Untari tak culke.

Untari gage mlebu kamar njero, dene aku banjur sapejagong karo Bu Lurah. Ora
krasa wektune ngancik wengi, gandheng ana pesisir dianakake pesta kembang api.
Mula aku reka-reka arep nonton keramean iku, sisandene mahargya tekane warsa
enggal 2011. Merga Bu Ndari duwe kewajiban liya, mula kongkon Untari ngancani
aku mlaku-mlaku ana pesisir. Sidane wengi kuwi aku lan Untari mlaku bebarengan
ana Pesisir Siung.

Kawitane lambe iki ngunci, aku sing biasane crewet yen pinuju wawancara dadakan
bungkem. Mbuh apa sebabe, kamangka ngadhepi Kapolres, Bupati, lsp wae aku ora
nate grogi kaya ngene. Semono uga Untari, deweke mung ndingkluk nyawang pasir
lan ombak segara kidul. Nanging suwening suwe aku lan deweke banjur ngobrol
biasa. Wong loro crita ngalor ngidul ora karuan bongkot pucuke, pungkasane gojekan
gayeng banget. Untari malah wis wani njiwiti tanganku nganti biru erem nalika dak
sembranani bab pacar. Pokoke acara malem tahun baru 2011 nilaske kenangan kang
nabet atiku lan atine Untari.

Bubar acara liputan festival reog iku njalari aku asring dolan menyang Purwodadi.
Dudu wawancara maneh, nanging ndolani si Untari sing nyata merak ati. Senadyan
statusku duda sing ngopeni anak siji, nanging nyatane Untari uga nglanggati panah
asmara kang tak tamakake jroning atine. Sakliyane iku, lumantar facebook lan sms-
an HP aku, Untari uga Bu Lurah luwih asring gegojekan saben dinane. Cilik gedhene
aku pacaran karo Untari, sing nyomblangi mbakyune dewe Bu Lurah Purwodadi.
Tembung lan tembang katresnan terus lumintu lewat majune tekhnologi arupa
facebook lan HP. Merga facebook aku bali nemokake kembang katresnan sing wis
kapunthes rong tahun lawase. Amarga facebook aku nemokake jodho sing banget
tak antu-antu tekane.
Tundone rembug, Untari banjur tak tepungake rama lan ibuku, uga Ananda, anakku
wedok. Kanyatan, Untari uga bisa ngepek penggalihe wong tuwaku, sejene iku,
anakku ya seneng merga entuk calon ibu anyar sing alus bebudene. Untari dewe,
senadyan tepung durung suwe yen tak sawang shalate mempeng, tindak tanduk lan
solah wicarane alus merak ati. Mula aku ora tidha-tidha maneh nibakke sih
katresnan marang deweke. Untari kanthi ati manteb, lila legawa lamun dak lamar
dadi sisihanku, ngganteni Ibune Nanda sing wis dak pegat 2008 kepungkur.

Tembang katresnan ngumandhang :


“Gegarane wong akrami,
Dudu bandha dudu rupa,
Amung ati pawitane,
Luput pisan, keno pisan.
Yen gampang, gampang kalangkung,
Yen angel, angel linangkung.
Tan kena tinumbas arta.....”

Insya Allah ora nganti ramadhan 2011, aku wis klakon mengku wanita shalihah
pepujaning ati pinangka sisihan. Muga dadi jodhoku wiwit ndonya ndelahan akherat.
Amiiin.
Kunjungi https://bocahkampus.com untuk informasi menarik lainnya!

Anda mungkin juga menyukai