Anda di halaman 1dari 4

Aku Tresna Kowe

Karya : Arsella Imanda P. (B-4/06)

Faris, arek lanang sing nyenengi aku saka awal melbu SMA. Arek lanang iki nguber aku
terus. Aku sakjane yo saaken, tapi aku ora seneng blas.

“Sih, kowe wis mangan apa durung?”

“Durung, apa a?”

“Arep mangan karo aku ga? Aku traktir!”

“Moh aku, arep mulih ae, mangan ndek omah!”

“Lho, yawes sesuk menawa ana wektu yo!!”

“Karep!”

Aku langsung ngalih lan mulih. Risih pisan bendino diketoki Faris, ya masio dek e
nyenengi aku tapi aku ora nyenengi dek e. Aku mulih bareng kancaku, jenenge Uun. Uun iki
kancaku saka SD nganti SMA. Uun wis bisa numpak motor, dadi aku mulih bareng Uun.

“Un, dina iki aku wis nggawa helm dewe kok hahaha”

“Nah ya ngono, lek ketangkep polisi awakmu ae sing mudun haha”

“Iya iya, helmku anyar iki, sik ngganteng”

“Ngganteng kaya Faris ta? Hahahaha….”

“Apa se, Faris ae bosen aku, wis ayo ndang mulih, arep udan iki”
Akhire wis teka omah. Tenan, jektas ing omah udan langsung deres pol. Aku dadi
khawatir, mang iku Faris durung mulih rupane. Biasane Faris nunggoni aku nganti mulih,
nanging mau aku ora ndelok Faris.

***

Ora kerasa, sesuk wis wayahe wisuda. Awan iki udan deres pol, wayahe paling enak
kanggo turu. Sore-sore Faris teka menyang omahku, ngejak aku dolan menyang taman. Aku
trima ajakane. Sore iku Faris numpak sepeda pancal, aku lungguh ing mburine.

Ing perjalanan, Faris cerito akeh. Arek lanang iku ya ngajak aku guyon. Nganti ora kerasa
wis nyampe taman. Faris nggawa kamera kanggo foto-foto. Dek e bolak balik ngefoto aku.

“Kanggo apa iku Ris kamerane?”

“Ya kanggo ngefoto awakmu ta Sih”

“Supaya apa ta ngefoto aku?”

“Yen aku wis ora ketemu awakmu, aku isih iso ndelok wajahmu”

“Iso ae awakmu iki Ris hahaha”

Faris ya nukokake aku es krim. Faris ancen arek lanang sing apik lan romantic. Aku
rumangsa nyesel ora seneng faris. Aku mulai ana rasa tresna marang Faris. Faris ya duwe awak
sing gedhe lan dukur, ya lumayan ganteng, tapi apa a ya wingi aku ora seneng?

Sore iki ancen sore sing indah bagiku. Aku dadi luwih kenal marang Faris lan eruh
masalah-masalah sing dilakoni Faris. Faris yo cerita menawa dek e iku duwe penyakit bronkitis,
aku tambah saaken marang Faris.
Faris wis 5 tahun duwe penyakit bronkitis. Faris uwong sing kuat ngadepi penyakite.

“Sih, aku ate ngomong”

“Ngomong apa Ris??”

“Jujur, aku tresna marang awakmu Sih, masio awakmu ora seneng aku, aku tetep tresno
marang awakmu, tresnaku iki ora bakal luntur masio awakmu seneng arek liyo, awakmu aja
mikiri aku yo”

“Lho Ris, sepurane sing akeh ya Ris, tapi aku pingin karo awakmu”

“Aja Sih, aku ora bisa suwe, tapi ilingen yen aku bakal tresna marang awakmu. Wes ya aku arep
bali disik, wis surup iki. Ayo mulih bareng aku maneh”

***

“Kasih, ayo tang iwis maghrib, ora elok turu!”

“Ya Allah, nggih buk”

Aku ora sadar, dadi aku mau mung mimpi? Aku malih kepikiran Faris. Sesuk wis wisuda,
aku arep njaluk sepura marang Faris yen selama iki aku jahat marang arek kuwi.

“Sih, kowe eruh mang sore ana ing ngarep omah ana arek ketabrak mobil”

“Lhuk, sinten buk?”

“Ibuk yo gaeruh, mang langsung digawa menyang rumah sakit”

“Woalah, nggih buk, muga-muga larene mboten napa-napa”

“Iyo, nduk”

***
Dina iki dina wisuda, kabeh arek seneng ora ana sing sedih. Tapi, dina iki aku ora tumon
Faris. Pembukaan dibuka ibu kepala sekolah. Sekejap, suasana dadi sedih lan penuh tangis.

“Alhamdulillah, salah siji siswa kita dadi peringkat 1 UN tertinggi sa kutha, siswa iku jenenge
Faris. Nanging, wingi sore siswa berprestasi iki sampun meninggal dunia amarga kecelakaan,
mugo-moga almarhum diterima amal ibadahe marang Gusti Allah.. Aamiin..”

Ya Allah, dadi wingi sing kecelakaan ing ngarep omah iku Faris. Aku durung sempet
njaluk sepura Faris wis ora ana. Faris, menawa awakmu saiki ana ing kene, aku arep ngomong
yen aku ya tresna awakmu.

Anda mungkin juga menyukai