Anda di halaman 1dari 4

TUMUJU FITRAH

Ma’asyir al-Muslimin !
Ing ndalem sempat bertabur barakah Allah SWT ini, sumangga kita sareng-
sareng ngaturaken syukur dhumateng Allah SWT, kita mboten kendat
berharap berazam dhumateng Gusti Allah supados ing dinten nan suci menika
kita terpilih pinangka kawula Nipun ingkang kembali suci, bersih sangking
sedaya dosa, sukses menunaikan Ramadhan, lan kagolong pinangka umat
Rasulillah SAW ingkang bade pikantuk jaminan mlebet suwargaNipun Allah,
lewat pintu agung, pintu kehormatan kagem tiyang-tiyang ingkang sukses
nindaaken ibadah shiyam Ramadhan, Ar-Rayyan.

Ma’asyir al-Muslimin !
Ing ndalem jaman Nabi Sulaiman nate kedadosan peristiwa “mboten biasa”;
peristiwa meniko dugi sangking negeri Shaba’; sangking seorang wanita
cantik asma Bilqis; penguasa Kerajaan Majusi; peristiwa meniko kawastanan
“mboten biasa”, kranten biasanipun seorang penguasa; seorang pejabat;
menopo malih seorang penguasa agung kados Ratu Bilqis; penguasa besar ing
Kerajaan Majusi, ingkang biasa memproklamirkan diri pinangka “sang
penguasa”; “sang pemilik segalanya”; “sang penguasa’ biasanipun sombong
kranten kanthi bekal kuaosipun sedaya kepinginan saget kasembadan kanthi
gampil; “sang penguasa” biasanipun terbiasa lirwo dhumateng
kamanungsanipun, kranten kanthi kuaosipun kathah tiyang ingkang paring
pangalembana;; “sang penguasa” biasanipun ugi biasa ngraos dirinipun paling
mulya, kranten kanthi kuaosipun ngraos sedaya tiyang mulyakaken
piyambakipun.
Sang penguasa ingkang ”mboten biasa” menika malah menyambut kesucian
diri; menjemput mutiara terpendam, ingkang sakjanipun sampun kaukir, awit
rumiyin, nalika ing ndalem rahim ibundanipun; mutiara meniko
arupi :kesucian fitrah. Diri ingkang fitri bade lahir kanthi sampurna ing saat
diri terbebas sangking sedaya kesalahan lan dosa. Ing ndalem saat menikolah,
kalimah pengagungan – Allahu Akbar – bade kapireng kanthi jelas sangking
kalbu nan suci. Gema takbir ingkang terlantun sangking lisan para suci ing
idul fitri pinangka ekspresi diri saha kalbu ingkang sampun tersucikan
meniko.

Ma’asyir al-Muslimin !
Saat itu, ing ndalem singgasana Nabi Sulaiman as., saweg mbahas peristiwa
“mboten biasa” sang penguasa Bilqis. Sulaiman tanglet dateng kaumipun
sinten ing antawisipun ingkang kuwawi mindahaken Singgasana kerajaan
Bilqis kanthi cepet; kanthi maksud paring sambutan perkawis “mboten biasa’
ingkang dipun tindakaken Ratu Bilqis, kanthi sebuah kejutan utawi surprise:
kanthi perkawis ingkang unik; swiji perkawis ingkang miturut etangan
empiris, ewet dipun nalar.

1
Swiji perkawis ingkang “ewet dipun nalar” kanthi empiris menika, inggih
menika babagan mindahaken Singgasana kerajaan Bilqis ing ndalem wekdal
ingkang sanget singkat; sak kedeping netra.

Perkawis “mboten biasa” menika dipun tindakaken Sulaiman as., kranten raos
manahipun ingkang sanget apresiatif dhumateng seorang penguasa besar,
ingkang rela nanggalaken ego kuaosipun demi menyambut kesucian diri;
menyambut fitrah. Ing ndalem al-Qur’an peristiwa menika dipun abadekaken
dening Allah SWT.:

‫قَا َل اَي َأهُّي َا املَُأَل َأيُّمُك ْ يَْأ ِتييِن ِب َع ْر ِشهَا قَ ْب َل َأن يَْأتُويِن ُم ْس ِل ِم َني‬
Sulaiman ngendika: “Hai pembesar-pembesar, sapa ing antarane sira kabeh
kang mampu nggawa singgasana Bilqis marang ingsun, sakdurunge dheweke
teka sowan marang ingsun pinangka wong-wong kang pasrah.” (QS. An-
Naml: 38)

‫يك ِب ِه قَ ْب َل َأن تَ ُقو َم ِمن َّم َقا ِم َك َو يِّن عَلَ ْي ِه لَ َق ِو ٌّي َأ ِم ٌني‬
َ ‫يت ِّم َن الْ ِج ِّن َأاَن آ ِت‬
ٌ ‫قَا َل ِع ْفر‬
‫ِإ‬
Ifrit sangka golongan jin ingkang cerdas matur: “Kulo bade sowan
panjenengan kanthi ngasto singgasana menika dhumateng panjenengan
sakderengipun panjenengan jumeneng sangking lenggah; sakyektosipun kula
estu-estu kiat lan saget dipun percados.” (QS. An-Naml: 38-39)

Kesanggupan Ifrit mindahaken singgasana kerajaan ing ndalem kecepatan


ingkang saestu nggawokaken menika; ing ndalem etangan detik; sangking
lenggah lajeng jumeneng; ing ndalem etangan sakderengipun Sulaiman
jumeneng sangking lenggahipun; ingkang miturut kita sanget luar biasa;
pranyoto dereng cekap kagem Sulaiman; dereng imbang kagem aweh
pakurmatan dhumateng Sang Penyambut kesucian diri; kranten sebab menika
Sulaiman pitaken malih; “sapa kang bisa luwih cepet?”; seorang ‘alim
sangking ahli kitab nyagahi kanthi kecepatan langkung nggawokaken; secepat
kerdipan mata;
َ ‫قَا َل اذَّل ِ ي ِعندَ ُه ِعمْل ٌ ِ ّم َن ْال ِكتَ ِاب َأاَن آ ِت‬
‫يك ِب ِه قَ ْب َل َأن يَ ْرتَ َّد لَ ْي َك َط ْرفُ َك‬
‫ِإ‬
“Kula sagah mindahaken singgasana menika sakderengipun panjenengan
ngedhepaken netra tuan”.

Nalika pirsa singgasana menika sampun wonten ngarsanipun, Sulaiman


ngendika: “Hadza min fadhli Rabby liyabluwany aasykuru am akfur”; ”iki
pinangka anugerah saka Gusti Allah kanggo nguji aku; apa aku gelem syukur
utawa malah ingkar.” (QS. An-Nml: 40)

Ma’asyir al-Muslimin!

2
Di mata Sulaiman as.; Sang mahadiraja ing jamanipun, ngraos bangga nalika
wonten piyantun ingkang kersa wangsul menjemput kesucian diri, lan menika
nglangkungi kekuasaan lan kekayaan ingkang selama ini beliau miliki; kagem
Sulaiman, kesucian pinangka setunggal perkawis ingkang sanget awis; kranten
menikalah, penyambutanipun kedah nglangkungi kekuasaan saha kekayaan
menapa kemawon.

Sang penjemput kesucian; Ratu Bilqis pun, ing ndalem hajat nggayuh
kesucian menika, mboten terlena dening sambutan ingkang ekstra meriah;
malah piyambakipun matur kanthi penuh kesyadaran diri; “Rabby,
sakyektosipun kawula sampun tumindak dhalim dhumateng badan kawula
piyambak lan kawula pasrah sesarengan kalian Sulaiman dhumateng Allah,
Gustine jagad raya. “
‫قَالَ ْت َر ِ ّب يِّن َظلَ ْم ُت ن َ ْفيِس َوَأ ْسلَ ْم ُت َم َع ُسلَ ْي َم َان هَّلِل ِ َر ِ ّب الْ َعالَ ِم َني‬
‫ِإ‬
Pernyataan Bilqis ingkang sanget tulus; nedahaken sisi kemanusiaan ingkang
fitri menika.
Kesucian diri pinangka derajat tertinggi ing ndalem perjalanan gesangipun
manungsa. Kesucian ngawiti gesang lan sekaligus mungkasi gesang. Menawi
mboten, mangka sang diri, mboten saget bersatu lan makempal kalian
kesucian; piyambakipun mboten bade saget dipun sambut dening Gusti Allah
SWT (Dzat Ingkang Maha Suci); ing ndalem swarganipun ingkang suci;
piyambakipun mboten bade saget mirengaken lantunan suanten kesucian
ingkang saestu menggetarkan hati kranten pesonanipun; kalimah penyambutan
ingkang efek penyanjunganipun tiada tara; “satu kata” ingkang kuwawi
menutup jutaan kalimat penyanjungan ingkang nate kedadosan ing kolong
langit meniko.

Ing panggenan suci menika, pancen namung wonten ucapan “salam”; mboten
wonten setunggal pun pangucap ingkang sia-sia, menapa malih pangucap
ingkang mijilaken dosa; ucapan “salam” terus terlantun sangking para suci lan
ndadosaken jiwa-jiwa menika dados sanget tentrem; dados sanget nyaman.
‫َساَل ٌم قَ ْواًل ِمن َّر ٍ ّب َّر ِح ٍمي‬
(“Marang para ahli swarga den ucapake)”: “Salam”, pinangka ucapan selamat
sangka Gusti Kang Maha Penyayang”. (QS. Yasin(36):58)

Ma’asyir al-Muslimin!
Ukuran ingkang paling gampil saget kita tingali, bilih jiwa kita sampun suci,
utawi paling tidak menuju kesucian, inggih menika kita semakin taat
dhumateng Allah SWT. Ing ndalem sejarah tiyang-tiyang suci, betapa
ketaatan-ketaatan kuwawi dipun tindakaken kanthi sanget gampil; ngantos-
ngantos ketaatan-ketaatan menika asring nglangkungi ukuran kemampuan
fisik-kemanusiaanipun;

3
Atas nama ketaatan dhumateng Allah SWT, Ibrahim as., rela menghunus
pedang tajam kagem nyembelih putra ingkang sanget dipun tresnani; atas
nama ketaatan dhumateng Allah, Muhammad SAW rela dimusuhi tiyang
kathah, ngantos badanipun kebak catu lan berdarah-darah; Atas nama ketaatan
dhumateng Allah SWT, sang khalifah agung; Abu Bakr ash-Shiddiq merelakan
sukunipun dipun cakot sawer ingkang sanget mandi upasipun, demi membela
seorang hamba Allah ingkang suci ; Muhammad SAW – lan sakterusipun
jutaan mutiara ketaatan ingkang sampun kuwawi dipun tindakaken dening
para tiyang ingkang jiwanipun sampun tersucikan.

Ma’asyir al-Muslimin!

Ing wekdal Nabi Sulaiman as., nggayuh puncak kejayaan pinangka rajadiraja,
wekdal menika ugi manahipun sanget welas asih dhumateng sesami. Padahal,
mboten wonten kraton ingkang saget nandingi kekayaanipun. Negerinipun
sanget wiyar, ing lebet kraton wonten padang ingkang wiyar sanget;
sakperangan dipun jubin kanthi emas; lan sakperangan dipun jubin kanthi
perak.

Menawi prajuritipun saweg baris, panjangipun ngantos tigang mil. Beliau ugi
dipun paringi mukjizat ingkang luar biasa, menguasai bahasa binatang lan jin.
Kendaraanipun arupi angin, sahingga saget dugi setunggal panggenan ingkang
sanget tebih namung kanthi etangan detik. Kanthi kekayaan ingkang
berlimpah ruah menika, beliau menjamin kemakmuran rakyatipun. Saben
dinten ewon ternak dipun kurbanaken lan dagingipun dipun dumaken
dhumateng rakyat. Piring-piring sebesar kolam lan periuk-periuk ageng siap
masak tersebar ing segenap penjuru, sahingga rakyat mboten nate kekirangan
makanan.

Ma’asyir al-Muslimin!

Kesibukan dunya, asring nglalekaken kita dhumateng harta termahal,


kesucian diri. “La ilaha anta subhanak, inny kuntu min adh-dhalimin”.
Kalimah menika ingkang sampun kuwawi merubah kehidupan kathah tiyang;
sangking cemeng dados pethak; sangking peteng dados padang; saking
bangkrut dados jaya. Mugi-mugi kita tansah pikantuk hidayahipun Allah
SWT; sekecil apapun “dunya” ingkang saget menutup kesucian fitrah kita,
Allah paring kekiatan kagem ngusir lan nggantos kanthi cahayanipun; supados
kita kuwawi sowan dhumateng Gusti Allah SWT kanthi manah ingkang suci –
husnil khatimah.
‫جعلن ا اهلل و إي اكم من الف ايزين األم نني وادخلن ا واي اكم ىف زم رة املتقني وق ل رب اغف ر‬
‫وارحم وانت خريالرمحني‬

Anda mungkin juga menyukai