Anda di halaman 1dari 3

Nama : Susan Vadia Artalyta Nama : Bunga Putri Eri Agustin

Kelas/No: IX - C / 30 Kelas/No: IX - C / 07

Study Wisata SMPN 2 Mojosari Menyang Pulau Bali

1. Pembuka

1.1 Lelandhesane Pamedharan:

Ing akhir semester ganjil, murid-murid kelas 9 ngadakake study wisata ing Pulau Bali. Wisata iki kalebu wisata
sekolah. Wisata sekolah biasa diadakne saben taun. Wisata iki diadakne supoyo para murid-murid isa nambah
wawasane secara langsung, ora mung lewat buku.

1.2 Tujuan :

Kegiatan wisata menyang Pulau Bali nduweni tujuan supaya kabeh :

A. Sinau ingkang sejarah bangunan kang di kunjungi.

B. Ngamati obyek wisata alam sing ana Ing Bali.

C. Menehi wawasan informasi budhaya sing ana ing Bali.

2. Inti

2.1 Jeneng Kegiatan :

Tour Bali 2023

2.2 Wektu Kegiatan :

Kegiatan karya wisata dianakake :


Dina : Selasa - Jumat
Tanggal : 31 Januari - 3 Februari 2023
2.3 Peserta kegiatan:
314 murid, 10 pembina guru
2.3 Papan Tujuan :
Pantai Kuta , Pantai Pandawa, Museum Bali Denpasar, GWK, Tari Barong Batubulan, Puja Mandala.

3. Dheskripsi ringkes

Salah sawijining pulau paling ing kondhang ing Indonesia. Iki minangka papan sing nggumunake sing nduweni
kombinasi kaendahan alam lan pemandangan budaya sing luar biasa. Kaendahane nyawiji kanthi harmonis karo
wong sing anget lan ramah. Ing kene budaya isih diwarisake kanthi turun temurun. Pulau iki diarani Bali.
ing pulau iki akeh papan wisata sing tersohor, contone Patung GWK utawa Garuda Wisnu Kencana sing dadi
ikon pulau Bali. Lan uga ana pantai sing pemandhangane apik banget sing diarani Pantai Pandawa, pantai iki
duweni trowongan gedhi sing asale saka tebing tebing sing dibelah dadi loro bagean, papan papan wisata iki sing
ndadekake Pulau Bali disenengi wisatawan lokal lan internasional.

A. Pantai Kuta

Pantai Kuta minangka pantai sing apik banget. Lokasi Pantai Kuta ing Kabupaten Badung. Panggonane
pantai Kuta cedhak karo Bandara Ngurah Rai lan udakara 9 km saka Denpasar. Kuta minangka pantai sing misuwur
banget ing Indonesia lan internasional.

B. Pantai Pandawa

Pantai Pandawa ya iku salah siji papan wisata ing Kuta Selata. Ing sakubenge pantai iki ana rong tebing sing
gedhe banget sing ing sisih siji ana ukiran lima arca Pandhawa lan Kunti. Enem reca kasebut kanthi berturut-turut
(saka posisi paling dhuwur) ditulis jeneng Dewi Kunti, Dharma Wangsa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa.

C. Museum Bali Denpasar

Museum Bali Denpasar yaiku musium kanggo nyimpen barang-barang tinggalan manungsa lan etnografi.
Musium iki isine barang barang etnografis yaiku prabotan manungsa jaman biyen, seni, agama, basa tulis, lan
nggambarake perkembangan budhaya ing Bali.

D. Patung Garuda Wisnu Kencana

Garuda Wisnu Kencana (GWK) ya iku patung raseksa dening salah sawijining pematung kondhang saka Bali,
Nyoman Nuarta. patung iki awujud Batara Wisnu nunggang kewan legendaris Garuda sing dadi lambang Amerta,
Patung iki uga disebut dadi ikon Pulau Bali.

E. Tari Barong Batubulan

Tari Barong inggih menika salah satunggaling tarian ingkang misuwur. Tari kang asale saka Bali iki ora mung
tari pagelaran nanging uga ngandhut unsur kapercayan. Tari Barong iki nyritakake gambar mitologi kewan sing
nduweni kekuwatan gaib lan dianggep bisa ngayomi manungsa.

F. Puja Mandala

Puja Mandala minangka papan pamujan kang dibangun kanggo nampung limang papan ibadah agama ing
Indonesia yaiku Islam, Budha, Hindu, Protestan Katolik, lan Konghucu.

4. Panutup

Adhedhasar asiling panaliten ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih Bali kalebet salah satunggaling
daerah ing Indonesia ingkang nyuguhaken objek wisata kanthi skala nasional lan internasional. Saliyané iku, Bali
uga mujudaké tlatah kang kenthel karo budaya lan tradhisi, saéngga narik kawigatèn kanggo didadèkaké bahan
pamulangan ing donyaning pendhidhikan. Kanthi pendhidhikan ing sanjabaning sekolah, kaajab bisa nuwuhake
rasa syukur marang Allah SWT awit titah lan kanugrahane, mikir kanthi kreatif lan inovatif sajrone sinau satemah
bisa nuwuhake gagasan kang ngrembaka dadi luwih apik. lan luwih sampurna.

Anda mungkin juga menyukai