Anda di halaman 1dari 3

MBOLOS

Nando anak siji sijine sing paling disayang karo wong tuwone, opo wae seng dipingini Nando
mesti dituruti. Sangkek dimanjakne Nando malih sak penak e dewe.
(ADEGAN 1 KAMAR TURU)
Ibu Nan ; Ndo tangi le, gek sekolah
Nando ; Inggih bu
Ibu Nan ; Gek ndng adus le, ibuk wes nyiapne sarapan.
Nando ; Inggih buk Nando siap siap riyen

(ADEGAN 2 PAWON)
Bapak ; Ayo le, sarapan bareng
Nando ; Nggeh pak iki masakan ne ibuk mesti enak banget
Bapak ; Iyo, diwaregi pisan gek budal sekolah
(Rampung dhahar)
Nando ; Pak buk, Nando budal Assalamualaikum
Bp-Ibu ; waalikumsalam le
Ibu ; Ati ati le, sekolah seng pinter supoyo mbesok dadi wong sukses
Nando ; Siap

(ADEGAN 3 ING KELAS)


Nando ; Iki ngko pelajarane opo, enk PR?
Putri ; Kimia, matematika karo Bahasa jawa, PR e yo akeh
Nando ; Boiyohh, opo kihh isuk isuk ws nggarai pegel ae
Puja ; We niat sekolah rato ndo ndo
(Nando telfon Saiful)
Nando ; Hallo pul, info dino iki?
Saiful ; Hallo, infone panggah koyo biasane
Nando ; Sopo ae?
Saiful ; Cah cah biasane mek kurang amu tok
Nando ; Otw banter
Saiful ; Siapp.
(Nando metu ko kelas )
Puja ; Lo ndo arep nendi?
Nando ; Hatimu (metu kelas)
Puja ; Halah paling mbolos neh
(Nando mlumpat pager)

(ADEGAN 4 ING KELAS WIS ONO GURUNE)


(Guru teko)
Guru ; Assalamualaikum cah
Konco sakelas ; Waalaikumsalam bu
(Nyebutne absen)
Guru ; Nando
Putri ; Biasa bu
Guru ; Hoalah kok tuman saben pelajaranku kok ora tau mlebu
(Scene nge A guru)

(ADEGAN 5 WARKOP)
(Nando teko ing warkop)
Saiful ; Iki seng ditunggu tunggu
(Nando salaman)
Nando ; Wis podo pesen kabeh opo urung iki?
Andi ; Uwis kabeh ndo,
(Cangkruk lan omong omongan)

(ADEGAN 6 RUANG BK)


Guru N ; Pak, ngapunten niki enten murid, namine Nando kelas XI MIPA 1, saben
pelajaranneku mesti mbolos.
Pak BK ; Bocaj kuwi eneh, wes bola bali gawe perkoro terus
Guru N ; Njenengan tindak lanjuti mawon pak,
Pak BK ; Wis ngene ae tak telfonne wong tuwone ae, kulo inggih kenal wong tuwone
mangke kersane mriki.

(ADEGAN 7 PAK BK NELFON WONG TUWANE NANDO)


Pak BK ; Assalamualaikum, pak
Bapak ; Waalaikumsalam pak, enten nopo kok dengaren nelfon kulo.
Pak BK ; Ngapunten pak, Nando niki wau mbolos sekolah, mboten pisan pindo
ngoten niku, bapak ibu guru pun mboten sanggup nuturi nando, njenengan
nopo saget teng sekolaan sak niki?
Bapak ; Saget pak, niki kulo inggih tasek teng nggriyo

(ADEGAN 8 ING OMAH)


Bapak ; Buk buk, iki mau bapak tas ditelfon gurune Nando jarene anakmu mbolos
Ibu ; Biyoh biyoh pak, anakmu atek koyo ngono kelakuanne
Bapak ; Bapak yo kaget iki mau, wis sak iki samean gek siap siapo terus nyang
sekolaanne Nando
Ibu ; Iyo pak

(ADEGAN 9 ING BK)


Bapak ; Assalamaualaikum pak
Pak BK ; Waalaikumsalam, monggo pinarak rumiyen pak,
Ibu ; Pripun niki pak
Pak Bk ; Ngeten bu pak, Nando sampun bolak balik mbolos pelajaran kaleh rencang
rencange, terus niki rencana sekolah ajenge nyekors Nando 3 dino kaleh
rencang rencange amargi nggih niku wau sampun bolek balik mbolos
pelajaran
Ibu ; Nando kok koyo ngene to le, saben dino pamit sekolah tibak e ora teko
sekolah tenan
Bapak ; Ngaputen lo pak, anak kulo ndableg sampun ngrepoti panjenengan kalih
bapak ibu guru laine
(ADEGAN 10 ING OMAH)
Nando ; Assalamualaikum,
(Nando lekas mlebu omah)
Bapak ; Waalaikumsalam, wis reneo le bapak karo ibu arepe ngomong
Nando ; Ono opo to pak kok wis nesu nesu
Bapak ; Bapak karo ibumu iki mau diceluk nyang sekolaan, kowe mbolos to? Jujuro
Ibu ; Sampean kok ngno to le, opo enggak mesak ne bapak karo ibuk seng wis
rekoso golek duwek ngge samean
Nando ; Inggih pak buk kulo wau mbolos,
Bapak ; Nah, bapak kerjo ket isuk sampek sore, ben iso nyukupi kebutuhanmu, ben
ben amrih kowe podo karo konco koncomu ben kowe ora isin, terus lk wis
ngeneki arep dadi opo we.
(Nando nunduk ora iso njawab)
Ibu ; Wis wis pak, le ndo ojo dibaleni neh, mesakne bapak sak iki wis kono gek
salen terus maem
(Nando ngaleh)

DINO SABANJURE
(ADEGAN 11 NDALAN)
(Ibu lan Nando mlaku bareng wong 2)
(Eruh bocah melas sing moco buku)
Ibu ; Kae le sawangen bocah kuwi
Nando ; Opo to buk
Ibu ; Bocah kuwi saumuran karo sampean wis kerjo karo sekolah yo sek
nyempetne sinau, molane bersyukuro, sekolah seng tenanan bapak karo
ibuk saying karo sampean pengen ndelok sampean sukses
Nando ; Ngapunten nggih buk wis ngecewakne njenengan kalih bapak
(Nando mbatin, aku kudu berubah aku kudu sukses supaya bisa mbahagiakne bapak karo
Ibuk)

(Scene Nando mlebu sekolah)


PROLOG

“Ojo mbolos sekolah, ilingo ono wong tuwomu sing tansah rekoso supoyo
awakmu bisa sekolah”

“SEKIAN”

Anda mungkin juga menyukai