Anda di halaman 1dari 1

Upacara Adat Dugderan

Salah siji tradisi nang Semarang sing akeh ditunggu iku Dugderan. Awal
mula tradisi Dugderan kue tahun 1882, pas Semarang dipimpin nang
Bupati R.M Tumenggung Ario Purbaningrat. Sapa bae bisa melu tradisi
kie, mulai kang pejabat tekan masyarakat biasa. Tradisi Dugderan
biasane diadakna pas arep wulan Ramadhan, mulai arak-arakan Warak
Ngendog, Warak Ngendog iku ceritane kewan kaya wedus tapi duwe
sirah naga. Warak Ngendog terus digawa kang Balai Kota tekan Masjid
Agung Semarang. Mbarang tekan masjid, arak-arakan mau disambut
nang Tari Warak. Terus acara Dugderan dilanjut karo maca suhuq
halaqah lan tabuhan bedug. Sawise maca suhuq halaqah, acara tambah
rame amargi mercon, bedug ditabuh bareng. Nek mbiyen tradisi
dugderan diisi karo mercon lan meriam, tahun-tahun iki wes ora
nganggo meriam amargi keamanan lan kanggo kenyamanan peserta
karo penonton tradisi dugderan. Nang tradisi Dugderan juga ana kuliner
khas, yaiku roti ganjel rel, rotine alot kaya karet tapi enak rasane, gawe
nagih. Tradisi Dugderan kudu terus diadakna ben tahun lan dilestarikna
men ora punah.

Anda mungkin juga menyukai