Anda di halaman 1dari 3

Khotbah GKJ Temanggung (Pepanthan Kaloran)

Minggu, 12 Maret 2023

Yohanes 4:5-21, 34-42 “Memitran sanès Memengsahan”

Perkenalan..

Pasamuwan ingkang kinasih, wonten salah setunggaling lagu sekolah


minggu, menika irah-irahipun lagu menika “Hari Ini Kurasa Bahagia”.

Hari ini ku rasa bahagia


Berkumpul bersama saudara seiman
Tuhan Yesus mempersatukan kita
Tanpa memandang di antara kita
Bergandengan tangan dalam kasih
Dalam satu hati
Berjalan dalam terang kasih Tuhan
Kau sahabatku, kau saudara ku
Tiada yang dapat memisahkan kita

Bapak Ibu lan sederek, lagu menika maknanipun manunggal lan


katresnan. manunggal? Awit Gusti ingkang nyagedaken manunggal. Nresnani?
Kran kita kasagedaken nelakaken katresnan matemah, Nyingkiraken raos sengit,
mungsuhan lan egois lan sakurutipun. Supados manunggal kita kadawuhan dados
mitra kaliyan sedaya tiyang.
Sabda Gusti ing wanci enjang menika, Yokanan (4) sekawan ayat (5)gangsal
dumgi (21)selikur dilajengaken tigang dasa sekawan dumugi sekawan dasa kalih
negesaken menawi Gusti Yesus rawuh wonten kota Sikhar, kota ing Samaria.
Rawuhipun Gusti Yesus ing kutha menika gadah tujuan. Gusti Yesus pirsa menawi
tiyang Yahudi kaliyan tiyang Samaria punika mbaten sesambetan kanthi sae.
Tiyang Yahudi lan Tiyang Samaria menika sakjatosipun sederek, nanging dados
tebih, tiyang Yahudi nganggep tiyang Samaria menika tiyang ingkang mpun
mboten murni, mboten sae. Menika ndadosaken mboten dados sederek ingkang
gesangipun.
Ayat (9)sanga, Gusti Yesus kraos sayah lan nyuwun ngunjuk dhateng tiyang
Samaria. Nanging ingkang wigati(unik) menika bapak ibu, menawi wonten tiyang
Yahudi kok nggih nyuwun tulung kaliyan tiyang Samaria, Gusti Yesus menika
nggih Rabi saking Yahudi. Wonten babakan menika, sampun wonten crah
antaranipun tiyang Yahudi lan tiyang Samaria.

Crah menika ingkang dadosaken tebih, wiwitipun nalika bangsa Israel kalah
kaliyan Raja Asyur. bangsa Israel kabuang hing kerajaan Asyur, lajeng Raja Asyur
mbeta mlebet tiyang-tiyang saking Babel, saking Kuta, saking Awa, Hemat lan
Sefarwaim, lajeng nglenggahi kota-kota Samaria nggantos tiyang Israel ingkang
dipendet dados tawanan. Rawuhipun tiyang asing menika ditindakaken supados
dados pangajeng-ajeng keturunan ingkang seimbang lan mbiyantu njagi
katentreman dhateng kerajaan Asyur wonten wilayah Lor. Nanging ingkang
kedadosan, malah perkawinan campuran wonten tiyang-tiyang asing, lan kaliyan
tiyang keturunan Yahudi mboten saged dihindari menawi mboten tersisa. Lajeng
lahirlah setunggal generasi ras campuran, ingkang mboten murni miturut tiyang
Yahudi ingkang wonten Kidul. Lan tiyang-tiyang Yahudi menika pirsa ingkang
ditindakaken, lajeng nebihaken sesambetan sederek kaliyan tiyang Samaria.
Tiyang Yahudi menganggap tiyang Samaria mboten murni, lan nganggep kafir.

Pasamuwan ingkang dipun berkahi Gusti, babakan menika dados tugas Gusti
Yesus ingkang dados Rabi Yahudi. Rabi Yahudi ingkang wani nyedaki,
ndadosaken sesambetan ingkang sae kaliyan wadon Samaria menika. Rawuhipun
Gusti Yesus menika sengaja, Paduka pengen ngendika menawi Keselamatan
saking Allah menika diparingaken dhateng sedaya bangsa, sedaya umat, tanpa
nyekseni keberbedaan menapa mawon. Kanthi pitados, ninggalaken masa lalu
ingkang mboten sae, lan pasrah dhateng Allah, temtu tiyang menika nggadahi
kesalamatan saking Allah. Gusti Yesus dados contoh ingkang tiyang saking
Yahudi, purun sesambetan dados sederek kaliyang tiyang Samaria.

Pasamuwan ingkang kabingahan, wonten sabdanipun Gusti dinten menika,


kita saged simpulkan:

Sepisan, kita saged sinau kaliyan panindakipun Gusti Yesus ingkang wani
sesambetan ingkang sae lan dados sederek, wani nresnani kanthi tiyang ingkang
wonten bab perkawis. Mila menawi kita wonten bab perkawis kaliyan tiyang
sanesipun, bab ingkang ndadosaken kita sesambetan tebih, kita saged ngewiwiti
nresnani kaliyan tiyang menika. Mengesampingkan raos sengit, raos mboten
remen, lan ngutamaken tiyang menika diciptakan Gusti Allah kanthi katresnan,
mila kula kedah nresnani.

Kaping kalih, kita sinau saking kahanan pribadi wadon Samaria menika.
Tiyangipun menika sampun berzinah, sampun nindakaken dosa kanthi gangsal
lanangan, lan salah setunggaling lanang menika mboten garwone. Menawi kita
nyekesni kanthi temen, babakan menika negesaken pratobatan. Pratobatan ingkang
dimakani kanthi nyembah Allah Bapa. Pratobatan diperbaharui kanthi air ingkang
kekal. Air ingkang dhatengipun saking Allah, lan tiyang ingkang ngombe menika
mboten ngraosaken kehausan. Tegesipun kita tiyang ingkang taksih berdosa
menika, taksih asring nindakaken pakaryan ingkang mboten sae wonten
ngarsanipun Gusti Allah, sumangga kita nelangsani dosa kita. Sumangga kita
dados manungsa ingkang diperbaharui, manungsa ingkang memaknai baptisan kita
kanthi air, kita makani temenan, supados kita saged nampi katresnan sejati saking
Allah.
Pasamuwan ingkang murah senyum, kula badhe nyuwun pirsa, panjenengan
purun ngraosaken kabingahan mboten?

Mila, sumangga kita maknai kanthi tumenen kalih point kalawau. Sami
kaliyan lagu sekolah minggu wau. Hari ini kurasa bahagia, sumangga kita gesang
kanthi kabingahan. Wenehi katresnan dhateng sederek kita. Wonten lagu wau
wonten lirik kata seiman, nanging menawi kita nggih nresnani sederek kita
ingkang benten kapitadosan, mila kita nggih sami nindakaken menapa ingkang
katindakaken Gusti Yesus dhateng tiyang wadon Samaria menika. Memitran
ingkang sae menika tegesipun saling nresnani, tanpa nyekeseni status, kapitadosan,
ras, suku, lan sanesipun. Mengesampingkan sisi buruk kita, lan ngutamaken
katresnan dhateng sesami manungsa. Sumangga kita ngidungaken lagu wau malih,
hari ini kurasa bahagia.. Amin, Tuhan Memberkati kita semua.

Anda mungkin juga menyukai