Anda di halaman 1dari 3

Khotbah GKJ Bukit Sion

Minggu, 11 Juni 2023

Matius 9:9-13, 18-26 “Pangajeng Dhateng Gusti”

Ke GKJ Bukit Sion naik kereta


Bertemu tak lupa bersalam tangan
Melihat jemaat disini penuh cinta
Shallom bapak ibu yang dikasihi Tuhan
Perkenalan..

Pasamuwan ingkang kinasih, wonten pitakenan kita menika


sejatosipun tiyang ingkang pingin dados farisi, menapa tiyang
ingkang pingin dados murid ipun Gusti Yesus ?

Cobi wonten conto bapak ibu ingkang kinasih, menawi wonten


tiyang sisah, tiyang ingkang senes kalih kita ingkang resik
badan/ragane gambar, kepanggih kalih njenengan, menapa
respon njenengan?

Pasamuwan, menika respon ingkang kita saged raosaken,


menawi mbedak-mbedakaken, menawi woh niki tiyang salah,
niki tiyang mboten resik, nggih kita sami kaliyan tiyang farisi
kalawau. Wonten tiyang ingkang dados pemungut cukai, lajeng
dirasani, dikucilaken, didadosaken tiyang dosa. Konteks menapa
peristiwa wonten bacaan kalawau, juru mupu beya menika
wonten buku tafsiran masa kini, menika tiyang ingkang terikat
kaliyan pemerintah Romawi. Tiyang ingkang mendet arta,
sakmenika asring munjuli utawi mengambil uang lebih dari
kesepakatannya untuk dirinya sendiri. Mila tiyang juru mupu
beya menika asring dados pangenget-ngenget tiyang Yahudi
menawi juru mupu beya sami tiyang dosa. Lajeng dikucilkan,
nggih dirasani, lan sanesipun. Menapa malih piwulangipun
tiyang farisi, menawi tiyang juru mupu beya menika mboten sah
didadosaken kanca. Sami kaliyan wong wadon nggrajag getih
kalawau, tiyang farisi nggih ngendika menawi tiyang wadon
menika, tiyang ingkang najis, tiyang ingkang dosa. Padahal,
Gusti Yesus rawuh menika mboten mbedak-mbedakaken. Gusti
Yesus rawuh menika dados tabib, tabib ingkang maringi
kasarasan dhateng tiyang ingkang lara, tiyang ingkang dosa.

Bapak ibu ingkang kinasih, wonten bacaan enjang menika,


kita saged sinau. Menapa panjenengan pepingin utawi
pangajeng-ajeng dados murid Gusti Yesus, menapa dados tiyang
farisi?

Menawi purun dados murid Yesus, nggih sumangga, menawi


wonten tiyang ingkang berdosa, tiyang ingkang lepat, nggih
diapunteni, nggih ditresnani, ampun dirasani, ampun tebih
kaliyang tiyang menika, nggih dicedaki ingkang sae. Mila
wonten ayat 13 kalawau, sabdanipun Gusti menika ingkang
dados kebutuhan Gusti menika mboten namung kurban, nanging
kawelasan. Tiap dinten minggu kita pisungsung, tiap
pakempalan kita pisungsung, nanging menawi kita taksih
mbedak-mbedaken, taksih ngrasani tiyang dosa, taksih mboten
wonten raos welas asih, nggih kita sami kaliyan tiyang farisi.
Ugi kita mboten sah ngraosaken menapa-menapa leres. Asring
tiyang ingkang menapa-menapa leres, malah kita dados Gusti,
lah kita sami kaliyan tiyang Farisi. Mila wonten enjang menika,
menawi bapak ibu purun dados murid ipun Gusti, sumangga
sesarengan kita ngerangkul tiyang-tiyang ingkang sanes kaliyan
kita. Nggih sanes fisik, sanes kahanan, nggih tiyang nembe
nindaken dosa, nggih dirangkul, ditresnani. Lan ugi kita mboten
sah dados tiyang ingkang menapa-menapa leres, lajeng kita
nggih dados tiyang nindaken sabdanipun Gusti. Menapa?
Sabdanipun Gusti menika ingkang sae, ingkang leres wonten
gesangipun kita sedaya.

Gusti mberkahi kita, Amin.

Anda mungkin juga menyukai