Anda di halaman 1dari 2

1.

Pepatah Jawa Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu
surasa pepindhan .
Tuladha :

1. "Adigang adigung adiguna", tegese ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan


kapintarane. (artinya; mengandalkan (menyombongkan) kekuatannya, kekuasaannya,
dan kepandaian yang dimilikinya).
2. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.
(artinya; tidak mau mendengarkan keluh kesah/ gunjingan orang lain yang tidak baik).
3. "Angon mangsa", tegese golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik.
(artinya; menunggu waktu yang tepat atau mencari waktu yang baik).
4. "Anak polah bapa kapradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake
anak kang kurang prayoga.(artinya; orang tua juga ikut menanggung akibat dari
perbuatan anaknya yang tidak baik).
5. "Angon ulat ngumbar tangan", tegese ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk
barang sing dilimpe mau.(artinya; memperhatikan kelengahan orang, dengan tujuan
mengambil/ mencuri barang yang diinginkan).
6. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe
mburine utawa dititeni tembe mburine.(artinya; perbuatan baik dan buruk pasti akan
terlihat nantinya).
7. "Busuk ketekuk pinter keblinger", tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu
rekasa utawa nemu cilaka.(artinya; orang bodoh maupun orang pintar suatu saat akan
menemui kesulitan).
8. "Cincing-cincing meksa klebus", tegese karepe arep ngirit jebul malah entek akeh.
(artinya; maksud hati ingin berhemat/ irit tetapi malah boros).
9. "Ciri wanci lelai ginawa mati", tegese pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning
pati.(artinya; kebiasaan/ watak buruk seseorang tidak akan hilang sampai mati).
10. "Criwis cawis", tegese akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe.(artinya; banyak
omongnya tetapi juga mampu menyelesaikan pekerjaan dengan benar).
11. "Dahwen ati open", tegese wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih
marang barang sing dicacat mau.(artinya; orang yang mencela/ merendahkan karena
memiliki niat/ keinginan untuk memiliki sesuatu yang dicela tersebut).
12. "Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat
utawa tatacara dhewe-dhewe.(artinya; setiap tempat atau daerah mempunyai adat dan
aturan sendiri-sendiri).
13. "Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa
nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.(artinya; meskipun bukan
saudara atau orang lain jikalau terkena musibah juga ikut merasakan kesedihan dan
penyesalan).
14. "Durung pecus keselak besus", tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis
kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi.(artinya; belum pandai dalam bekerja,
tetapi sudah berkeinginan macam-macam).
15. "Entek amek kurang golek", tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa
saenteke.(artinya; memarahi atau mencerca seseorang habis-habisan).

2. Pepatah Jawa Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa
pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge.
Tuladha :

1. "Abang-abang lambe", tegese guneme mung kanggo lamis-lamis.(artinya; berbicaranya


hanya berbasa-basi).
2. "Adol lenga keri busike", tegese wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora
keduman.(artinya; orang yang membagi-bagikan barang tetapi dia sendiri malah tidak
kebagian).
3. "Ana bapang sumimpang", tegese nyingkiri sekabehing bebaya.(artinya; menghindari
semua hal yang berbahaya).
4. "Ana begjane ora ana daulate", tegese arep nemu begjane nanging wurung.(artinya; mau
mandapatkan keuntungan tetapi belum atau hampir mendapatkan keuntungan/ hal yang
diinginkan).
5. "Anirna patra", tegese nyingkiri tulisane dhewe sing ora becik.(artinya; menghindari
tulisannya sendiri yang tidak baik).
6. "Angin silem ing warih", tegese tumindak ala kanthi sesindheman.(artinya; bertindak
buruk/ berbuat buruk secara diam-diam).
7. "Aji godhong jati garing", tegese wong kang asor banget, ora ana ajine.(artinya; orang
yang rendah/ buruk sekali tidak berhargadiri sama sekali).
8. "Ancik-ancik pucuking eri", tegese wong kang uripe kang tansah ngandhut kuwatir.
(artinya; orang yang hidupnya penuh dengan marabahaya/ kekhawatiran).
9. "Anggenthong umos", tegese wong kang ora bisa nyimpen wadi.(artinya; orang yang
tidak bisa menyimpan rahasia).
10. "Asor kilang nunggwing gelas", tegese wong guneme manis tur marak ati, lan bisa
mranani sing krungu.(artinya; orang yang tutur katanya manis sehingga membuat
siapapun yang mendengarkan tertarik/ terpikat dengan tutur katanya).

3. Pepatah Jawa Saloka

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan, dene sing ngemu
surasa pepindhan iku wonge, lan iso anggo pepindhan kewan utawa barang
Tuladha :

1. "Asu belang kalung wang", tegese wong ala utawa wong asor nanging sugih.(artinya;
orang jelek, rendah, atau jahat tetapi kaya).
2. "Asu gedhe menang kerahe", tegese wong luwih dhuwur pangkate lan luwih gedhe
panguasane biasane menang perkarane.(artinya; orang yang lebih tinggi derajat
pangkatnya biasanya menang permasalahannya).
3. "Ati bengkong oleh oncong", tegese wong kang duwe niat ala, ana sing nyarujuki oleh
dalane.(artinya; orang yang punya niat buruk/ jahat ada yang mendukung dan mendapat
jalan).
4. "Baladewa ilang gapite", tegese wong kang ilang kekuwatane.(artinya; orang yang
kehilangan kekuatannya).
5. "Bathok bolu isi madu", tegese wong asor nanging sugih kapinteran.(artinya; orang
rendahan tetapi kaya pengetahuan).
6. "Bebek mungsuh mliwis", tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging
sijine kalah ulet lan trampil.(artinya; orang pandai bermusuhan dengan orang pandai
tetapi yang satu kalah tekun dan terampil).
7. "Belo melu seton", tegese wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane.
(artinya;orang yang ikut-ikutan tetapi tidak tau maksud dan tujuannya).
8. "Beras wutah arang bali marang takere", tegese barang yen wis rusak angel pulih kaya
maune.(artinya; susuatu yang sudah berubah dari asal mulanya mustahil bisa pulih
seperti sedia kala).
9. "Cebol nggayuh lintang", tegese wong cilik kang nduweni gegayuhan kang tangeh lamun
kelakon.(artinya; orang miskin yang mempunyai keinginan yang mustahil tercapai).
10. "Cecak nguntal empya/cagak", tegese gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
(artinya; keinginan/ cita-cita yang tidak sesuai dengan kemampuannya).

Anda mungkin juga menyukai