Anda di halaman 1dari 6

paribasan

-Adigang, adigung, adiguna :

ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinteran

Mengandalkan kekuatan, kekuasaan dan kepintarannya. Ungkapan ini biasanya ditujukan pada orang
yang sok.

-Aji godhong garing (aking) :

wis ora ana ajine / asor banget

Sudah tidak ada harganya (hina).

-Ana catur mungkur :

ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik

Tidak mau mendengarkan pergunjingan.

-Ana daulate ora ana begjane :

arep nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub)

Tidak jadi mendapatkan kemuliaan/keberuntungan.

-Ana gula ana semut :

papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani

Tempat yang banyak rejekinya, pasti banyak yang mendatangi.

-Anak polah bapa kepradah :

tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa

Tingkah lakunya anak jadi tanggung jawab orang tua. Jika anak bertingkah, maka nama

orang tua akan ikut terbawa.

-Anggenthong umos (bocor/rembes) :

wong kang ora bisa nyimpen wewadi

Orang yang tidak bias menyimpan rahasia.

-Angon mongso :
golek waktu kang prayoga kanggo tumindak

Mencari waktu yang tepat untuk bertindak.

-Angon ulat ngumbar tangan :

ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong

Mencari kesempatan untuk mencuri/berbuat kejahatan.

-Arep jamure emoh watange :

gelem kepenake ora gelem rekasane

Mau enaknya/hasilnya tanpa mau berusaha.

-Asu rebutan balung :

rebutan barang kang sepele

Berebut barang yang remeh.

-Asu belang kalung wang :

wong asor nanging sugih

Orang dari kalangan bawah, tidak berpendidikan tinggi, tapi memiliki banyak harta.

-Asu gedhe menang kerahe :

wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane

Orang berpangkat tinggi wajar jika memiliki kekuasaan yang besar.

-Asu/ula marani gebuk :

njarak / sengaja marani bebaya

Sengaja menantang bahaya.

-Ati bengkong oleh obor :

wong kang duwe niyat ala malah oleh dalan

Orang berniat jelek malah mendapat jalan (bantuan).

B
-Baladewa ilang gapite (jepit wayang) :

ilang kekuwatane / kaluhurane

Hilang kekuatan dan kekuasaannya. Diibaratkan dengan wayang Baladewa yang kehilangan kayu
penjepitnya. Maka hanya akan menjadi selembar kulit yang lemas.

-Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar) :

pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane

Perselisihan antar-saudara tidak akan menghilangkan hubungan saudara itu sendiri.

-Bathang lelaku :

lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani

Pergi seorang diri menuju tempat berbahaya.

-Bathok bolu isi madu (bolong telu) :

wong asor nanging sugih kepinteran

Orang dari kalangan bawah tapi kaya ilmu pengetahuan.

-Blaba wuda :

saking lomane nganti awake dhewe ora keduman

Karena terlalu dermawan hingga dirinya sendiri tidak mendapatkan/mempunyai apa-apa.

-Bebek mungsuh mliwis :

wong pinter mungsuh wong kang podho pintere

Orang pandai berhadapan dengan lawan yang setara.

-Becik ketitik ala ketara :

becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine

Baik atau buruknya seseorang pada akhirnya pasti akan terlihat.

-Belo melu seton (malem minggu) :

manut grubyuk ora ngerti karepe

Ikut-ikutan tanpa tahu apa maksudnya (taklid buta).

-Beras wutah arang bali menyang takere :


barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune

Sesuatu yang sudah rusak/cacat tidak akan bisa kembali sama seperti sedia kala

-Bidhung api rowang :

ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi

Pura-pura menolong tapi sebenarnya berniat membuat onar.

-Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho) :

wong bodho sering nglakoni, isih kalah pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni

Orang yang tidak memiliki pengetahuan tentang suatu hal, meskipun sering menjalaninya, masih kalah
pandai dengan orang yang memiliki pengetahuan, meski tidak pernah menjalaninya.

-Bubuk oleh leng :

wong duwe niyat ala oleh dalan

Orang berniat jelek yang mendapat jalan (bantuan).

-Bung pring petung :

bocah kang longgor (gelis gedhe)

Anak yang dewasa sebelum waktunya.

-Buntel kadut, ora kinang ora udud :

wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud (rokok)

Orang yang bekerja secara borongan tidak mendapat makan dan rokok. Maksudnya orang yang bekerja
dengan sistem borongan jarang yang mendapatkan tip/bonus. Entah itu berupa makanan/camilan atau
sekedar rokok.

-Buru (mburu) uceng kelangan dheleg :

golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe

Mencari barang sepele/remeh tapi malah kehilangan sesuatu yang lebih penting.

-Busuk ketekuk, pinter keblinger :

wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka

Orang bodoh ataupun pandai suatu saat sama-sama akan mengalami kesialan/keusulitan.
C

-Carang canthel :

ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug

Tidak diajak bicara tapi ikut nimbrung dalam pembicaraan.

-Car-cor kaya kurang janganan :

ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik

Bicara seenaknya tanpa berpikir panjang.

-Cathok gawel (timangan sabuk) :

seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman

Suka ikut campur pembicaraan orang lain.

-Cebol nggayuh lintang :

kekarepan kang ora mokal bisa kelakon

Keinginan yang mustahil untuk terlaksana.

-Cecak nguntal cagak (empyak) :

gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane

Keinginan/usaha yang tidak sebanding dengan kemampuannya.

-Cedhak celeng boloten (gupak lendhut) :

cedhak karo wong ala bakal katut ala

Jika bersanding dengan orang yang buruk kelakuannya maka akan ikut terbawa.

-Cedhak kebo gupak :

cedhak karo wong ala bakal katut ala

Jika bersanding dengan orang yang buruk kelakuannya maka akan ikut terbawa.

-Ciri wanci lelai ginawa mati :

pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati

Kebiasaan buruk yang tidak bisa dihilangkan jika belum menemui ajal.
-Cincing-cincing meksa klebus :

karepe ngirit nanging malah entek akeh

Maksudnya/maunya berhemat tapi malah habis banyak.

-Criwis cawis :

seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki

Suka mencela tapi juga suka member/membantu.

-Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake :

wong kang njalari ala becike disingkirake

Orang yang menyebabkan keburukan maka semua kebaikannya akan terhapus.

Anda mungkin juga menyukai