Anda di halaman 1dari 3

MATERI AJAR

Aksara Jawa/ legena lan pasangan

Tegese Aksara Rekan

Ing Baoesastra Jawa, tembung rekan nduweni teges 1) apa-apa sing direka-reka (diakal-akal), 2)
tiron, gawean (Purwadarminta, 1939: 523). Saka pangerten mau bisa dimangerteni menawa
aksara rekan pancen gunane kanggo niru tetembungan kang direka dadi basa Jawa.

Wujud Aksara Rekan

Wujud aksara rekan yaiku kha ( ) ,gha ( ) ,za ( ), fa/va ( ), dza ( ).

Paugeran panganggone Aksara Rekan

Panganggone aksara rekan ora sembarangan. Paugeran panganggone aksara rekan yaiku:

a. Aksara rekan dinggo nulis tembung manca kang dicethakake, utamane tembung kang
saka basa Arab.
b. Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing
sajrone pepet
c. Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan wulu, layar, utawa cecak, cecake telu
dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen.
d. Aksara rekan ora kena dadi pasangan, kejaba aksara p kang wujud pasangane P.
e. Menawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sigeging wanda iku kudu
dipangku

Carane nulis kang bener aksara rekan


Panulisan aksara rekan kang bener yaiku:
No Aksara Rekan Tuladha Panulisan
1.
(kha) (khatib)

2.
(gha) (ghaib)

3.
(za) (zakat)

4.
(fa/va) (fatah)

5.
(dza) (dzulhijah)

 Menawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet panulisane cecake telu dumunung
ing sajroning pepet. Menawa karaketan sandhangan wulu, layar, utawa cecak, cecake
telu dumunung ing sisih kiwa. Dene sandhangan wulu, layar utawa cecak ing sisih
tengen. Gatekna tuladha ing ngisor iki!
No Latin Tuladha Panulisan karaket sandhangan pepet
1. Dwi fungsi

2. Fardu

3. Fitrah

4. Firman

5. Zakat

 Dene panulise aksara rekan nalika aksara ngarepe disigeg, kudu migunakake
pangkon, ora bisa dadi pasangan kajaba fa/va bisa dadi pasangan.

No Latin Tuladha Panulisan


1. Sampun faham
2. Saweg dzikir

3. Sumerep ghaib

4. Surat fatihah

5. Zakat fitrah

Anda mungkin juga menyukai