Anda di halaman 1dari 7

MATERI GEGURITAN

1. Pengertian Geguritan
Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Pangerten babagan tegese geguritan ing
antarane diandharake dening Subalidinata (1994: 45) ing bukune kang irah-irahan
Kasusastraan Jawa. Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Miturut
Subalidinata, geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku
gerita. Tembung gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku tembung
gita, tegese tembang utawa syair.
Pangerten babagan tegese geguritan uga dijlentrehake dening para winasis liyane.
Mulyana (2014: 42) ngandharake menawa geguritan iku asale saka tembung guritan kang
oleh proses morfologis dwipurwa dadi geguritan. Dene tembung guritan asale saka
tembung gurit+an (tulisan, pahatan, utawa senandung). Ing kamus Baoesastra Djawa
tembung gurit ngemu teges tulisan utawa tatahan; kidung utawa tembang
(Poerwadarminta, 1939: 157). Dene ing kamus Kawi-Jawa anggitane Ranggawarsita,
tembung gurit nduweni teges reka, tulis, turut, urut.
Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan, geguritan bisa kaperang dadi
Geguritan Gagrag Lawas / Kuna lan Geguritan Gagrag Anyar (Padmosoekotjo, 1960).
Andharane kawedharake ing ngisor iki.
a. Geguritan Gagrak Lawas
Geguritan gagrag lawas luwih sering kasebut kanthi tembung guritan. Geguritan gagrag
lawas nduweni paugeran kang gumathok, kayata:
1) Cacahing gatrane ora tartamtu, annging lumrahe paling sithik 4 gatra.
2) Cacahing wanda saben sapadha padha gunggunge.
3) Dong-dinging swara ing kabeh wekasane gatra kudu runtut, yaiku
nganggo purwakanthi guru swara.
4) Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo bebuka “Sun nggegurit”.
Sun Gegurit
Kahanan jaman saiki
Sifat pamudha-pamudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati
Yen manut wasitening kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang kena panggodha
Nerak ing laku susila

1
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa
b. Geguritan Gagrag Anyar
Ing wiwitan jaman ngrembakane kasusastraan Jawa, para penggurit banget anggone
manut lan nggatekake paugeran geguritan. Nanging saya suwe, para penggurit luwih
seneng karo wujude geguritan kang bebas, mula banjur sinebut Geguritan Gagrag Anyar.
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku:
Cacahing wanda saben sakgatra ora katemtokake
1) Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake
2) Kadangkala esih nggatekake purwakanthi swara, purwakanthi sastra, lan
purwakanthi lumaksita nanging akeh uga kang ora nganggo purwakanthi.
3) Nganggo basa rinengga nanging Jawa modern
4) Ora nganggo tembung “sun nggegurit”
Tuladha
Layangan
Dening: Soetrisno
Lungaku ninggal barang suci
Kang banget tak aji-aji
Paranku aja dadi pitakonan
Ngalor-ngidul, ngulon apa ngetan
Niyatku nggoleki layangan
Kang pedhot ing tengah dalan
Biyen warnane biru asli
Menawa suwek bakal tak ganti
Nganggo dluwang sing gandhane wangi
(Panjebar Semangat No 9-3 Maret 2012)
2. Unsur Pembangun Geguritan
a. Basa
Perangan basa nyakup:
1) Pamilihing Tembung, yaiku bisa nggunakake tembung Kawi, tembung kang mligi
(tembung garba, tembung mawa seselan –in-)

2) Purwakanthi
Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra
lan purwakanthi guru lumaksita.

2
a) Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara vokal
kang padha, bisa urut utawa selang-seling. Purwakanthi dumunung ing pungkasaning
tembung saben saklarik utawa ing pungkasaning gatra. Purwakanthi swara uga diarani
asonansi. Geguritan kang nganggo purwakanthi guru swara bisa dipirsani ing tuladha
ngisor iki.
Tuladha: Yitna yuwana lena kena
b) Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara
konsonan kang padha. Beda karo purwakanthi swara, purwakanthi konsonan ora kudu tiba
ing pungkasaning gatra, nanging swara kang padha bisa ing wiwitan utawa tengahing
gatra. Purwakanthi sastra uga sinebut aliterasi. Geguritan kang nganggo purwakanthi guru
sastra bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki.
Tuladha:
Serat Srikandhi Maguru Manah
Pinggir sendhangana gadhung,
Rumambat ing klapa gadhing,
Pinencokan manuk podhang,
Sajodho tan ana tandhing,
Jroning gedhong ana endhang,
Milihi wohing kurandhing
(Sutardjo, 2014: 55)
c) Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi basa yaiku purwakanthi kang
disebabake anane tembung ing pungkasaning gatra utawa ukara kang dibaleni ing
wiwitaning gatra utawa ukara sakbanjure.

Tuladha:
Pepujaning Ati
Dening: Agustini
Yen godhong, godhonge salam
Pikiranku tansah ngenam
Yen godhong, godhonge waru
Tekamu tansah dakantu
Yen godhong, godhonge gedhang

3
Ati iki sangsaya kebranang
Yen godhong, godhonge senthe
E, rasaku kok dadi kaya ngene
Yen godhong, godhonge rambutan
Ngapa rasane poyang-payingan
Yen godhong, godhonge tales
Muga-muga tresnaku tansah dibales
(Panjebar Semangat No 1- 7 Januari 2012)
3) Lelewaning Basa
Lelewaning basa yaiku basa kang asring kanggo ing geguritan. Ancase penggurit
nganggo lelewaning basa yaiku supaya geguritan kang ditulis luwih endah utawa duwe
efek estetis. Lelewaning basa iki biasane nganggo bebasan utawa tetandhingan kang kudu
digoleki tegese. Jinise lelewaning basa bakal kaandharake kanthi ringkes ing ngsior iki:

• Simile yaiku lelewaning basa kang nganggo tembung-tembung kayadene duk, lir,
kadya, kaya, kadi. Fungsine kanggo ngumpamakake. Tuladhane: Mlayune banter
banget kadya thathit ing angkasa.

• Metafora yaiku lelewaning basa kang ora nganggo tembung umpama, nganggone
basa kias. Tuladha: Kembang desa saka Wonogiri nembe dirabi wong bule.
Kembang desa yaiku wong kang ayu banget.
• Personifikasi yaiku lelewaning basa kang ngumpamakake bendha mati bisa
nglakokake pagaweyan kayadene barang urip. Tuladha: Angin wengi mbisiki aku yen
kowe wuyung!
• Alegori yaiku lelewaning basa kang tegese sinandhi lan nganggo lambang. Tuladha:
Sliramu sekar mlathi, aku kumbang nyidhamsari
• Metonimi yaiku lelewaning basa kang nganggo jeneng sesinglon kanggo nudhuhake
barang tartamtu. Tuladha: Simbah kang njaga alas kene kawentar wengis lan galak.
• Sinekdoki yaiku lelewaning basa kang nyebutake perangan nanging tegese kabehan,
utawa suwalike. Tuladha: Krungu jumangkahe sikilmu nyedhak njalari aku ayem.
• Repetisi yaiku lelewaning basa kang dinggo mawa mbaleni tembung, frasa utawa
klausa. Tuladha: Aku bakal maju, maju, lan maju terus nganti kowe gelem nampa
tresnaku.
• Paralelisme yaiku lelewaning basa kang nganggone kanthi cara mbolan-mbaleni
tembung, frasa, klausa utawa ukara. Tuladha: Kowe kuwi tresnaku, kowe kuwi
impenku, kowe kuwi uripku.
• Hiperbola yaiku lelewaning basa kang ngluwih-luwihake samubarang kang ancase
kanggo mbangetake. Tuladha: Rega beras sundhul langit.
• Litotes yaiku lelewaning basa kang isine nyilikake kasunyatan kareben ora pamer.
Tuladha: nywun pangapunten gubug kula awon.

4
• Paradoks yaiku lelewaning basa kang yyandhingake rong perkara kang tegese
kuwalikane. Tuladha: Ing papan kang rame iki, atiku sepi banget.
• Ironi yaiku lelewaning basa kang wujude pasemon. Tuladha: Wah elok tenan biji
repotmu kobong kabeh!
• Sarkasme yaiku lelewaning basa kang wujude sindiran kasar. Tuladha: Swaramu
mbudhegake kupingku!
b. Citraan
Fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake gegambaran utawa khayalan kang tuwuh
merga pandhapuking ukara kang endah. Sutejo (2010, 20-24) merang citraan dadi 5 yaiku
citra penglihatan (citra panyawang), citra pendengaran (citra pangrungu), citra penciuman
(citra pangaras), citra perabaan (citra pandemok) lan citra gerak (citra owah).
1. Citra panyawang nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan
dirasakake dening mata.
Tuladhane:
Esemmu ngujiwat gawe atiku kemeser.
2. Citra pangrungu nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan
dirasakake dening kuping.
Tuladhane:
Banter banget anggone bengok, brisik!
3. Citra pangaras nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan
dirasakake dening irung.
Tuladhane:
Ganda wangi parfumu aku isih apal.
4. Citra pandemok nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa dilakoni lan
dirasakake dening kulit.
Tuladhane:
Tanganmu nggandheng tanganku. Anget. Ayem.
5. Citra owah nganggo tetembungan kang sejatine ora owah nanging dicritakake bisa
owah.
Tuladhane:
Wit-wit katon padha mlayu ngadohi aku. Slamur.
c. Tipografi
yaiku wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu. Umpamane mbentuk
zig-zag, bunderan, ndhapuk wangun layangan, nggunakake aksara cilik kabeh tanpa
tandha waca lan liya-liyane. Tuladha tipografi kang nggunakake aksara kapital lan aksara
cilik saben gatra nganggo tandha waca bisa dipirsani ing ngisor iki.
Wutah Getihku

5
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

3. Cara Memarafrase Geguritan


Carane goleki isi utawa marafrase teks geguritan yaiku:
a. Maca lan mangerteni teks geguritan kanthi permati.
b. Nggoleki tembung-tembung kias utawa tembung-tembung kang durung
dimangerteni, banjur digoleki tegese tembung kasebut.
c. Nyeritakake maneh apa kang wis dimangerteni saka isi geguritan kasebut, banjur
didhapuk maneh awujud prosa utawa karangan/ gancaran.

6
4. Teknik Nulis Geguritan
Nulis geguritan uga perlu nggatekake babagan tartamtu kayadene:
a. Nemokake tema geguritan
b. Mantha-mantha tema dadi topik kang luwih mligi
c. Milih diksi utawa tembung kang trep karo topik
d. Ngronce ukara nggunakake basa rinengga
e. Aweh ruh lan teges sajeroning geguritan.

5. Teknik Maca Geguritan


Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat sing kamot ing sakjeroning
geguritan. Mula, maca geguritan ora kaya maca warta utawa cerita. Ana bab-bab kang
kudu digatekake supaya ruh lan amanate geguritan bisa tinampa kanthi becik. Bab-bab
mau, yaiku:
a. Wicara
Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa pocapan nalika maca
geguritan. Swara kang cetha bisa dibedakake antarane unine swara /d/, /dh/, /t/, /th/,
tembung siji lan liyane ora nggandheng lan ora bindheng. Swara kang cetha bakal penak
dirungokake.
b. Wirama
Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining geguritan. Umpamane
maca geguritan kang ngemu duhkita, wirama swara sing digunakake alon lan ora banter.
c. Wiraga
Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen ngobahake awak. Umpamane yen
maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda, wiraga kang katunjukake yaiku ngepelake
tangan kang nduwe teges “semangat”.
d. Wirasa
Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing sanubari. Yen maca geguritan
kang isine nelangsa praupane susah (ngguya-ngguyu). Maca geguritan padha tegese karo
deklamasi.

Anda mungkin juga menyukai