Anda di halaman 1dari 8

z

Serat Tripama
Pada 7
z
Pada 7
Katri mangka sudarsaneng Jawi,

pantes lamun sagung pra prawira,

amirita sakadare,

ing lalabuhanipun,

aja kongsi mbuwang palupi,

manawa tibeng nistha,

ina esthinipun,

sanadyan tekading buta,

tan prabeda budi panduming dumadi,marsudi ing kotaman.


z
Arti saben tembung

Katri : Katelu, katiga

Sudarsaneng : sudarsana + ing = conto

Amirita : nirua, ikutilah

Kongsi : nganti

Dumadi : titah, makhluk

Marsudi : ngupaya, nggoleki, berusaha

Kotaman : ka+ utama+ an = keutamaan


z
Bahasa Indonesia
Ketiga (pahlawan tersebut) sebagai teladan orang Jawa,
Sepantasnyalah semua para perwira,
Mengambilnya sebagai teladan seperlunya,
(yakni) mengenai jasa-bakti-nya,
Janganlah sampai membuang teladan,
Kalau-kalau jatuh hina,
Rendah cita-citanya,
Meskipun tekad raksasa,
Tidaklah berbeda usaha menurut takdirnya (sebagai) makhluk,
Berusaha meraih keutamaan.
z
Teges Ngoko
Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa,

Becik (pantes) yen sakabehe para perwira,

Nuladha sakadare (sakuwasane),

Aja nganti mbuwang conto,

Jalaran yen tibaning apes,

Dadi ina,

Sanadyan tekade buta,

Ora beda kalawan titah liya,

Nggolek kautaman.
z
Teges Krama Alus
Tiga punika patuladhanipun tlatah jawi
Saenipun sedaya prawira
Nuladha sakuaosipun
Wonten ing lelabehan
Ampun ngatos mbuwang patuladhan
Manawi dhawahipun apes
Dados ina esthinipun
Sanadyan hanggadhahi tekad raseksa

Sami kemawon kaliyan titah sanes


Pados kautaman
z
Pitutur Luhur

Wonten ing gesang punika kita kedah saged nuladhani


tigo-tigoning pahlawan kasebat sanadyan awrat kita kedah
saged mujudaken gegayuhan kita
z
Tembang
Para kanca ojo pada lali

Pada bektio marang wong tuo

Lan sing sregep sinaune

Ngendikane digugu

Ngendikane ridho ilahi

Kawit cilik dirawat

Manut bapak ibu

Aja wegah tandangana

Printah lan pitutur kudu dituruti

Iku kuncine surga

Anda mungkin juga menyukai