Anda di halaman 1dari 7

KELAS

GUGUS IV SEKOLAH DASAR KECAMATAN PONOROGO


PENILAIAN TENGAH SEMESTER II
TINGKAT SEKOLAH DASAR KECAMATAN PONOROGO
SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2021/2022

MataPelajaran : Bahasa Jawa Nama : ................................................


Kelas/ Semester : VI / II Nomor : ................................................
Hari/ Tgl : .… Maret 2022 Kelas : ................................................

KD 3.5
1,2,3,4,5,6,7,8,9,10,11,12,13,14,15,16,17,18,19,20

Teks pidhato ing ngisor iki wacanen kanthi setiti!

WIRA USAHA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota
Karang Taruna ingkang kula tresnani.
Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, jalaran rahmat, taufik,
saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
Bapak-bapak, Ibu -ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat, bombong raosing manah kula
dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapkaen kegiatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM)
menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan
mlampah kanthi lancar.
Bapak-bapak, Ibu -ibu, para kanca anggota Karang Taruna, ancas tujuan pepanggihan menika
kangge ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng prodhuk
unggulan menawa ingkang badhe dipunpameraken. Ingkang baku prodhuk unggulan kedah ingkang
dados ciri khas dhusun Sukamaju mriki. Mangga sabibaripun kula matur, kita ngempal manut seksi-
seksi ingkang sampun kasusun. Minangka ketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing
menika ngasilaken keputusan ingkng sae.
Bapak-bapak, Ibu -ibu, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kinurmat, mbokbilih
cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang
mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Pitakon ing ingisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener
adhedhasar wacan ing dhuwur! (kanggo no 1- 3) !
(PG)
Pilihen kanthi jawaban kang bener!
1. Sing nindakake pidhato ing ndhuwur yaiku ….
A.bapak-ibu C.kanca Karang Taruna
B.bapak-ibu guru D.ketua panitia rapat koordinasi kegiatan

(PGK)
Pilihen luwih saka siji jawaban kang bener, adhedhasar wacan ing ndhuwur!
2. Bab sing diandharake ing pidhato kasebut yaiku ….
A.ngrancang jadwal pameran
B.rapat koordinasi kangge nyiapkaen kegiatan pameran
C.solah tingkah anggota Karang Taruna
D.prodhuk unggulan kegiatan pameran
(UT)
Isenana soal no 3 kanthi kang mathuk adhedhasar wacan ing ndhuwur!
3. Ancas tujuan pepanggihan menika kangge ngrancang ….

(UR)
Jawaben soal no 6 adhedhasar wacan ing ndhuwur!
4. Menyang apa dianakake rapat koordinasi kegiatan pameran?
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi pidhato resmi lan ora resmi. Pidhato
resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi/formal. Digunakake ing kahanan resmi,
nganggo intonasi dhatar, ukarane ukara jangkep, uga migunakake tembung baku.Tuladhane pidhato
kenegaraan, pidhato hardiknas. Pidhato ora resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan
ora resmi. Digunakake ing kahanan ora resmi, nganggo intonasi munggah-mudhun, kerep nganggo
ukara ora jangkep, lan tembunge ora baku. Tuldhane pidhato ora resmi yaiku pidhato manten,
pidhato ing Karang Taruna.

(PG)
Pilihen kanthi jawaban sing bener adhedhasar wacan ing ndhuwur!
5. Ing ngisor iki swasana pidhato resmi yaiku ….
A.Pidhato kenegaraan tanggal 16 Agustus C.Pengajian Akbar
B.Rembug Desa D.Pidhato manten

(PGK)
Pilihen luwih saka siji jawaban kang bener, adhedhasar wacan ing ndhuwur!
6. Salah sawijining titikane pidhato ora resmi yaiku ….
A. migunakake basa sing ora baku
B. intonasi swara munggah mudhun
C. ukara-ukarane jangkep
D. tetembunge ora baku

(UT)
Isenana soal no 7 kanthi kang mathuk adhedhasar wacan ing ndhuwur!
7. Pidhato ora resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan ora resmi, nganggo intonasi ….

Struktur teks pidhato yaiku pambuka perangan teks pidhato kang miwiti andharan,isine wujud
salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur. Menawa isi utawa surasa yaiku perangan teks
pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan, lan panutup yaiku
perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam
panutup.

(PG)
Pilihen kanthi jawaban sing bener adhedhasar wacan ing ndhuwur!
8. Dudutan lan nuwun pangapura, lan salam panutup kalebu perangan …. pidhato
A.Salam pambuka C.Surasa
B.Pambuka D.Panutup

PGK)
Pilihen luwih saka siji jawaban kang bener, adhedhasar wacan ing ndhuwur!
9. Ing ngisor iki sing ora kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidhato yaiku ….
A. Salam pambuka
B. Pakurmatan
C. Puji syukur
D. Inti sari

UT)
Isenana soal no 10 kanthi kang mathuk adhedhasar wacan ing ndhuwur!
10 Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ….pidhato.

Pidhato kuwi butuh kaprigelan. Kanggo sinau pidhato kudu diwiwiti kanthi maca naskah
dhisik. Dene sing wis ahli, tanpa nganggo teks ora apa-apa. Bab-bab sing kudu digatekake nalika
pidhato yaiku vokal/swara kudu cetha, intonasi utawa endhek dhuwure swara, ekspresi, lan runtute
isi pidhato.Kena apa nalika pidhato kudu migatekake bab-bab ing dhuwur, tujuane supaya wong
sing mirengake bisa ketarik lan kena daya pangaribawa saka sing pidhato.

11. (PG)
Pilihen kanthi jawaban sing bener adhedhasar wacan ing ndhuwur!
Unsur-unsur sing perlu digatekake nalika nindakake pidhato supaya apik yaiku ….

A.vokal, intonasi, ekspresi, keruntutan C.lafal, ekspresi, busana, mikrofon


B.vokal, intonasi, busana D.lafal, intonasi, lan penguasaan materi
(UT)
Isenana soal no 12 kanthi kang mathuk adhedhasar wacan ing ndhuwur!
12. Tujuane pidhato supaya wong sing mirengake bisa ketarik lan kena …. saka sing pidhato.

Metodhe pidhato ana 4 cacahe. Impromptu yaiku pidato sing tanpa nganggo persiapan. Sing
kaping pidhato memoriter yaiku pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik. Ketelu adhedhasar
naskah, yaiku pidhato kanthi cara maca teks/ naskah.Sing kaping papat ekstemporan yaiku pidhato
mung nyiapake pokok-pokok pidhato.

(UR)
Jawaben soal no 13 adhedhasar wacan ing ndhuwur!
13. Jlentrehna apa kang diarani pidhato memoriter!

(PG)
Pilihen kanthi jawaban sing bener adhedhasar wacan ing ndhuwur!
14. Pidhato kanthi cara maca teks/ naskah diarani ….
A.impromptu C.ekstemporan
B.memoriter D.naskah

(UT)
Isenana soal no 1 kanthi kang mathuk adhedhasar wacan ing ndhuwur!
15. Pidhato ekstemporan yaiku pidhato sing nyiapake ….pidhato.

Cengkorongan teks pidhato digawe supaya gampang anggone nyusun teks pidhato.
Cengkorongan pidhato minangka landhesan kanggo nulis teks pidhato sawutuhe.
Bocah -bocah, saiki ayo nyoba nulis teks pidhato utawa sesorah miturut cengkorongan sing
ditulis ing ngisor iki.

(PG)
Pilihen kanthi jawaban sing bener adhedhasar wacan ing ndhuwur!

16. Kanggo persiapan nulis pidhato , becike gawe ….


A.cengkorongan C.naskah pidhato
B.gagasan baku D.struktur teks pidhato

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Desa Selur ingkang pantes sinurdarsana, Bapak Kepala Dusun Krajan
ingkang kinurmatan, Bapak Ketua RT: 01/RW : 01 saha sedaya warga RT : 01 RW : 01ingkang
kula hormati, puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha
Agung, awit saking paringipun rahmat saha berkahipun kita tansah pinayungan karaharjan saha
kawilujengan katitik ing wekdal dalu menika kita saged ngrawuhi adicara pahargyan 17 Agustus
2021 kanthi wilujeng ing sambikala senaosa tasih wonten kondisi keprihatinan pandemi Covid 19
Keparengo kula minangka ketua panitia ngaturaken agunging panuwun kanthi rawuh
panjenengan sedaya. Ugi matur nuwun dhumateng warga RT : 01/ RW :01 Dhusun Krajan ingkang
sampun paring panyengkuyungan arupi punapa kemawon sahingga ing dalu punika saget
ngawontenaken pahargyan pengetan dinten kemerdekaan igkang kaping 76.
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Desa Selur, pengetan adicara pahargyan 17 Agustus 2021 kanthi
tema “Indonesia Tangguh Indonesia Tumbuh”, nggambaraken ketangguhan, semangat ora
gampang nyerah, terus maju, mlaku bebarengan ngadhepi tantangan kanggo nggayuh masa depan
sing luwih apik.
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Desa Selur ingkang kinurmat, mbokbilih cekap semanten anggen
kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun
agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

(PG)
Pilihen kanthi jawaban sing bener adhedhasar wacan ing ndhuwur!
17. Ukara-ukara ngisor iki minangka pambuka pidhato.
A.Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh
B.Puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung
C.Matur nuwun sedaya panyengkuyungananipun para warga
D.Matur agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Desa

(UT)
Ganepana teks ngisor iki adhedhasar wacan ing ndhuwur kanthi ngisi ceceg-ceceg ing ngisor!
18. ………………………..(salam pambuka)
Nuwun ………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………..
Puji syukur ……………………………………………………………………………………………
…………………… kula minangka ketua panitia ngaturaken ……………………………………….
………………………………………………………………………………………………………...
……………………………………………………………………………………………………….
….
………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………….
(pambuka)

(UT)
Ganepana teks ngisor iki adhedhasar wacan ing ndhuwur kanthi ngisi ceceg-ceceg ing ngisor!
19. Bapak-bapak,Ibu-ibu …………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………………………..
(isi)

(UT)
Ganepana teks ngisor iki adhedhasar wacan ing ndhuwur kanthi ngisi ceceg-ceceg ing ngisor!
20. ………………………………………………………………………… mbokbilih cekap semanten
……………………………………………………………………………………...............................
...............................................................................................................................................................
nyuwunagunging……………………………………………………………………………………...
(panutup)
………………………………………………………………………………….... (salam panutup)
KELAS
GUGUS IV SEKOLAH DASAR KECAMATAN PONOROGO
PENILAIAN TENGAH SEMESTER II
TINGKAT SEKOLAH DASAR KECAMATAN PONOROGO
SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2021/2022

MataPelajaran : Bahasa Jawa Nama : ................................................


Kelas/ Semester : VI / II Nomor : ................................................
Hari/ Tgl : .… Maret 2022 Kelas : ................................................

LEMBAR JAWAB
KD 3.5
NO JENIS
SOAL
LEMBAR
KD 3.4 JAWABAN
1. PG PG PGK UT UR
2. 1,5,8,11,14,16,17
PGK 2,6,9 3,7,10,12,15,18,19,20 4,13
3. UT
4. UR
5. PG
6. PGK
7. UT
8. PG
9. PGK
10. UT
11. PG
12. UT
13. UR
14. PG
15. UT
16. PG
17. PG
18. UT ……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

19. UT ……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

20. UT ……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………

KUNCI JAWABAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER II


SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2021/2022
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS/SEMESTER : VI/II
KD 3.5
No Jenis Bobot
soal nilai KUNCI JAWABAN
1. PG 1 D
2. PGK 3 A, B, D
3. UT 2 Mamerake produk unggulan ciri khas desa Sukamaju adicara pameran
4. UR 4 Supaya kegiatan sing dianakake mlampah kanthi lancar
5. PG 1 A
6. PGK 3 A, B, D
7. UT 2 munggah mudhun
8. PG 1 D
9. PGK 3 A, B, C
10. UT 2 Pambuka
11. PG 1 A
12. UT 2 daya pangaribawa
13. UR 4 pidhato memoriter yaiku pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik
14. PG 1 D
15. UT 2 pokok-pokok
16. PG 1 A
17. PG 1 B
18. UT 2 Assalamu,alaikum Wr.Wb.
Nuwun, Bapak Kepala Desa Selur ingkang pantes sinurdarsana, Bapak Kepala Dusun
Krajan ingkang kinurmatan, Bapak Ketua RT: 01/RW : 01 saha sedaya warga RT : 01 RW :
01ingkang kula hormati, puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Agung, awit saking paringipun rahmat saha berkahipun kita tansah pinayungan
karaharjan saha kawilujengan katitik ing wekdal dalu menika kita saged ngrawuhi adicara
pahargyan 17 Agustus 2021 kanthi wilujeng ing sambikala senaosa tasih wonten kondisi
keprihatinan pandemi Covid 19
Keparengo kula minangka ketua panitia ngaturaken agunging panuwun kanthi rawuh
panjenengan sedaya. Ugi matur nuwun dhumateng warga RT : 01/ RW :01 Dhusun Krajan
ingkang sampun paring panyengkuyungan arupi punapa kemawon sahingga ing dalu punika
saget ngawontenaken pahargyan pengetan dinten kemerdekaan igkang kaping 76.
19. UT 2 Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Desa Selur, pengetan adicara pahargyan 17 Agustus
2021 kanthi tema “Indonesia Tangguh Indonesia Tumbuh”, nggambaraken ketangguhan,
semangat ora gampang nyerah, terus maju, mlaku bebarengan ngadhepi tantangan kanggo
nggayuh masa depan sing luwih apik.
20. UT 2 Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Desa Selur ingkang kinurmat, mbokbilih cekap semanten
anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani
kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Total 40
SKOR PENILAIAN
KD 3.4
PG PGK UT UR
1,5,8,11,14,16,17 2,6,9 3,7,10,12,15,18,19,20 4,13,
Skor maksimal 7 Skor maksimal 9 Skor maksimal 16 Skor maksimal 8

Nilai akhir = Skor perolehan X 100 = Skor perolehan x 100


Skor maksimal 40
PENEBARAN SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER II
KELAS VI MATA PELAJARAN BAHASA JAWA
SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022

Pemahaman 30% Penerapan 50% Penalaran 20%


KOMPETENSI
PG PGK UT UR PG PGK UT UR PG PGK U UR
DASAR/INDIKATOR
T
3.5 Mengenal, memahami,
dan mengidentifikasi
teks pidato, bercerita,
dan lainnya sesuai
dengan kaidah.

3.5.1 Menjelaskan 1,2, 18,19, 17 4


pengertian pidato. 3 20

3.5.2 Menjelaskan 11, 14, 15 13


struktur pidato. 12 16

3.5.3 Membedakan ciri 5 8 6,9 7 10


bahasa pidato
resmi dan tidak
resmi.

Jumlah Soal 6 10 4

Mengetahui. Ponorogo, Maret 2022


Kepala SDN 2 Nologaten Guru Kelas VI

KHOLID, S.Pd SRI HASTUTI, S.Pd


NIP.19640509 198504 1 003 NIP. 19680801 200801 2 020

Anda mungkin juga menyukai