Anda di halaman 1dari 1

PUISI CIREBON

CIREBON PUSER BUMI


Dhapukane: Abdul Wahab,S.Pd

Satunggaling wewengkon pesisir jawi


Lir Srengenge gemebyar madangi bumi
Dijugjug menungsa sewu nagari
Milari sareat elmu sejati warisan para nabi

Wewengkon carbon dadi jugjugan


Niti kabagjaan kelawan elmu pangeran
Alquran lan hadits dados patokan
Ijtihad lan kias sarengat amalan

Cirebon puser bumi


Dadi jugjugan wong saentero negeri
Sinau ilmu agami dateng sesuhunan jati
Mberseni reregede penyawat ati
Bekel niti gesang kanggo sangu mati

Cirebon puser bumi


Jugjugan wong ngaula bakti
Dening pangeran sawiji

Celancang, 1 kapit 1435 H

Anda mungkin juga menyukai