Anda di halaman 1dari 11

Materi : Teks Artikel

Artikel bisa diartekake tulisan kang isine


panemu, ide utawa fakta kang tarkadhang
nglelipur, ndhidhik utawa nyaruwe sawijine
babagan kang pinuju sinebar liwat medhia
massa kanthi cara online utawa offline.
Artikel bisa uga ditegesi sawijine wujud
karangan kang isine analisis sawijine fenomena
alam utawa social kanthi pangangkah kanggo
njlentrehake sapa, apa, kapan, ing ngendi,
kepriye lan geneya fenomena alam utawa social
kasebut dumadi.
Struktur artikel :
1. irah-irahan
2. Pembuka / pangiring
3. Isi
4. Panutup / dudutan
1. Artikel eksploratif : artikel utawa tulisan kang isine
nuduhake fakta-fakta miturut pamawase panulis.
Jinis artikel iki cocog kanggo maparake temon-
temon anyar.
2. Artikel eksplanatif: eksplanatif tegese njlentreake,
yaiku artikel sing isine nerangake sawijining
masalah sing bias dipahami dening sing maca.
3. Artikel deskriptif : artikel sing ngandharake
sawijining masalah kang dumadi ing
masyarakat,sahingga bisa disumurupi apa sing
satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan
utawa reportase, bedane yen laporan mung
adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulise
nerangake masalah kanthi gambling bias awujud
opini.
4. Artikel Prediktif : artikel kang ngemot
sawijine babagan kang sipate arep utawa
durung dumadi, miturut analisa si penulis.
5. Artikel preskriptif: artikel sing menehi
tuntunan tumprap sing maca kanggo
nindakake sawijine pakarya sahingga ora
kliru utawa salah anggone nindakake.
1. Apa ta artikel iku?
2. Sebutna kepriye struktur artikel iku!
3. Sebutna jinis-jinise artikel! (9 jinis artikel)
4. Artikel deskriptif iku sing kepriye?
5. Apa bedane artikel deskriptif lan laporan
utawa reportase?
6. Apa bedane artikel eksplanatif lan artikel
eksploratif?
Jamu Kunir Asem

Jamu kuwi salah sijine alternatif obat sing


digunakake masarakat desa. Ing jaman saiki jamu wis
ora gampang ditemokake dening masarakat kutha.
Amarga masarakat kutha wis nggunakake obat sing bisa
ditemokake ing toko-toko lan apotek. Beda karo
masarakat sing ana ing desa. Masarakat desa uga bisa
nggawe jamu dhewe, amarga mbiyen wis turun temurun
anggone nggawe jamu. Jamu kuwi bakale bisa digawe
saka samubarang sing bisa ditemokake ing kebon-
kebon cedhak omah. Salah sijine kang bisa digawe jamu
yaiku tanduran kunyit utawa sinebut kunir.
Kunyit utawa uga disebut kunir (jawa), konyet (madura),
lan koneng (sunda) iku jinise tetanduran herbal sing
gampang tuwuh ing laladan Indonesia. Tanduran kuwi wis
suwi dingerteni ing bab kasiyate tumrap kasarasan. Kajaba
kuwi, ing laladan Asia Tenggara, tanduran kuwi wis misuwur
minangka bakale panganan sing ana ing pawon. Amarga
saliyane kanggo bumbu ing pawon, kunir kuwi bisa kanggo
salah sijine obat tradhisional kang mandi lan bisa nambani
maneka werna lelara.

Kasiyate kunir ora bisa disepelekake tumrap donyane


medical, utamane ing jinis obat-obatan tradhisional. Salah
sawiji olah-olahane kunir yaiku bisa digawe jamu kunir asem
kang lumrahe digawe masarakat desa kanggo nambahi
maneka werna lelara. Bisa nambahi kanker, tumor,
ngedhunake resiko lan nambani diabetes, nedhunake resiko
alzheimer, nambani tifus, nambani radang lambung, bisa
ngusadani radang sendi, bisa ngusadani kolestrol jahat (LDL),
bisa ngusadani borok lan, ngurangi rasa lara nalika
menstrulasi lan liya-liyane.
Saka guna paedah sing maneka werna kuwi ing kene bakal
dirembug kepriye carane nggawe jamu kunir asem. Jamu
kunir asem sing arep digawe iki mengko nduweni kasiyat
kanggo ngusadani rasa lara nalika menstrulasi. Ing ngisor iki
cara nggawe kunir asem.
Sing dibutuhake kanggo nggawe kunir asem:
a). ½ kg kunir seger
b). ¼ gula Jawa (gula aren abang yen ana)
c). ½ asem Jawa
d). 2 liter banyu
e). 1/6 sendhok teh uyah (sethithik wae)
Carane nggawe :
1. Kunir diresiki saka rereget kang tumempel. Banjur diparut utawa
diblander nganti alus lan disaring kanggo dijupuk banyune utawa
sarine wae.
2. Banyu peresan kunir digodhog karo dicampur banyu 2 liter, gula
jawa, asem lan uyah nganti umob (sinambi diudheg-udheg)
3. Yen wis umob, kompor banjur dipateni lan godhogan mau
didhemake.
4. Jamu kunir asem wis bisa diombe. Yen kepingin ngrasakake sing
adem, jamu kuwi bisa diwenehi es.
Kaya ngono kuwi carane nggawe jamu kunir
asem. Kaya adate jamu utawa obat, kunir asem
uga bisa dirasakake paedahe kanthi luwih apik
yen anggone ngombe nganggo pranatan. Jamu
kunir asem becike diombe saben seminggu
kaping 3. Bab kuwi supaya anggone menstrulasi
lancar lan ora lara.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Apa kang sinebut jamu?


2. Ing medura lan sundha, kunir iku jenenge
apa?
3. Sebutna apa wae mupangate kunir asem?
4. Sebutna apa wae bakal sing digunakake
kanggo nggawe kunir asem?
5. Yen dideleng saka bakal-bakale, miturutmu
kepriye rasane jamu kunir asem kuwi? Bener
apa ora kasiyate bisa dadi obat?

Anda mungkin juga menyukai