Anda di halaman 1dari 15

SERAT WEDHATAMA •


Tembung Angel
Gancaran
PUPUH KINANTHI • Pitutur Luhur
Ana Nadya R.
Haris Muhlisin
Hesty Nurul K.
Rochim Fajri T.
Syifa Maulida H.
Vania Adristi Z.
TEMBANG KINANTHI PADA 4
Dene awas tegesipun,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sakarsa,
Gumelar ngalam sakalir.
TEMBUNG ANGEL
No. Tembung Tegese
1. Awas Waspada
2. Warananing Pager ; Pepalangan
3. Wisesaning Kuwasaning
4. Atunggil Dhuwe ; Siji
5. Mukitan Ngabulake
6. Sakarsa Kekarepan
7. Gumelar Gelar ; Kasebar
8. Ngalam Alam ; Donya
9. Sakalir Kabeh
GANCARAN

Waspada punika tegesipun mangertosi samubarang ingkang dados


pepalangaipun gesang. Kita uga kedah mangertosi kuwasanipun Gusti
ingkang tunggal. Ingkang kagungan rina wengi lan ngabulaken
kekarepan kasebar ing sak kabehipun donya.
PITUTUR LUHUR

Kita kedah waspada supados saged sae wonten panggesangan lan


mboten cilaka.
Kita kedah ngabekti marang Gusti kanthi temenan supados
kekarepan kita dipunkabulaken.
TEMBANG KINANTHI PADA 5
Aywa sembrana ing kalbu
Wawasen wuwus sireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sembadeng sedya
Wewesan praptaning uwis
TEMBUNG ANGEL
Tembung Tegese
Aywa Aja
Sembrana Ora temenan, geguyon
Wawasen Ditamatake
Wuwus Ujar
Sireki Dheweke
Yekti Nyata
Karasa Kerasa (sedih)
Marma Welas marang
Den Di
Sembadeng Tanggung jawab
Sedya Niat, karep
Wewesan Digatekake
Praptaning Tekan
GANCARAN

Ngatos-atos kaliyan ngendikanipun. Wonten mriku pinasti kraos, sanes


ngendikanipun pribadi. Amargi niku kedah saestu estu ngasta niat
ingkang kiat. Astanipun niat punika ngantos kepanggih ancasipun.
PITUTUR LUHUR

Kita sedaya kedah njagi tumindak kaliyan pititur kita, supados


mboten nglarani tiyang sanes.
Dados tiyang kita kedah anggadhahi prinsip ingkang kuat
anggenipun kita gesang supados slamet kanthi ancasipun.
TEMBANG KINANTHI PADA 6
Sirnakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning-dalaning kasidan
Sinuda saka sathithik
Pamotahing nafsu hawa
Linantih mamrih titih
TEMBUNG ANGEL
Tembung Tegese

Semang Tidha-tidha

Pangeksi Panyawang

Kasidan Kabecikan

Sinuda Disuda

Pamotahing Tumindak, pakaryan

Linantih Dikulinakake

Mamrih Supaya

Titih Sampurna, unggul


GANCARAN

Icalna raos sumelang wonten lebeting kalbu. Ugi waspada dening


paningal kita. Menika wau jalaran ingkang sae. Sudanen kanthi
sekedhik-sekedhik tumindhakipun hawa nafsu. Kulinakna supados
sampurna.
PITUTUR LUHUR

Kita kedah ngicalaken sumelanging ati.


Kita kedah waspada nalika nyawang samubarang.
MATUR SUWUN

Anda mungkin juga menyukai