Anda di halaman 1dari 4

NAMA : KURNIATI

KELAS :X3
MAPEL : BASA JAWI

Pengalaman Seneng
Nalika dina riyaya wingi, aku lan keluargaku sowan marang omah Eyang.Daleme ing
Cinanas, dadi dohe udakara 5 kilometer.Aku lunga menyang kana numpak sepeda
motor.Sampe nang kana aku seneng banget amarga aku disambut apik dening Eyang lan
sadulur-sadulurku lan gawe aku tambah seneng aku disuguhi panganan kang enak-enak, lan
aku diparingi duwit saking sadulur-sadulurku sing teka nang Jakarta.Bar aku balik menyang
omah Eyang, aku lunga menyang Cipanas Buaran amarga aku pengen renang.

Penghalaman Sedih
Nalika aku SMP aku pernah ngalami kedadean kang gawe aku sedih yaiku aku pernah
olih nilai ulangan paling cilik dewek, amarga aku mbengi ora sinau.Aku isin banget marang
guru lan kanca-kancaku.Aku nyesel banget mbengi ora sinau, lan aku janji bakal sregep
sinau yen sesuke rep ulangan.Dina sesuke donge ulangan Basa Jawi alhamdulillah aku nilai
apik amarga aku mbengine sinau.

Pengalaman Lucu
Waktu iku aku sowan marang omah kancaku.Aku wis janji karo kancaku, aku lan
kancaku arep ngerjakaken tugas Basa Jawi,saking enggal-enggal aku kelalen ora nggawa
Basa Jawi.
Ing perjalanan aku nembe emut amarga aku ora nggawa buku Basa Jawi pun.Wis iku
aku ora weruh yen ning ngarepku ana blumbangan lan aku tiba maring blumbangan iku,
teka maring omah kancaku,kancaku malah gemuyu kepingkal-pingkal.
NAMA : KHUSROTUL FAOZIYAH
KELAS :X3
MAPEL : BASA JAWI

Pengalaman Seneng
Nalika dina riyaya, kulo lan keluarga kulo tindak marang griyonipun bibi.Daleme
wonten ing Bantarkawung.Kulo tindak marang Bantarkawung disambut apik dening bibi
lan sadulur-sadulur kulo.Nang kana kulo lan keluarga kulo disuguhi jajanan kang enak-
enak, lan kulo diparingi arto saking sadulur-sadulur kulo.Sasampunipun marang
Bantarkawung, kulo lan keluarga kulo wangsul marang umah.

Pengalaman Sedih
Nalika kulo taksih wonten ing SMP, kulo ngalami pengalaman kang gawe kulo sedih
yaiku kulo wonten masalah karo rencang kulo tapi alhamdulillah masalah kulo lan rencang
kulo mboten lawas.Tapi sasampunipun masalah niku rampung, kulo diparingi masalah
malih, yaiku kulo diparingi nilai mboten apik amarga kulo mboten sinau.

Pengalaman Sedih
Waktu kulo tindak marang griyonipun rencang kulo, kulo kesasar amarga kulo
mboten tingali griyonipun rencang.Kulo kesasar sampe jam 11.30 padahal kulo tindak
marang griyonipun rencang kulo jam 10.30 tapi kulo bersyukur akhire kulo ketemu karo
rencang kulo.Sasampunipun kulo ketemu terus kulo langsung marang griyone.Nang kana
kulo digeguyuni ding rencang-rencang kulo.
NAMA : IKA YUNIARTI
KELAS :X3
MAPEL : BASA JAWI

Nalika dinten Selasa tanggal 12 April 2010, sekolah kulo ngawontenaken studytour
menyang Jakarta.Saderenge tindak, kulo lan rencang-rencang kulo diwenehi omongan
deneng Kepala Sekolah banjur kon ati-ati supados slamet menyamg Jakarta.
Banjur dugi ing Jakarta kulo lan rencang-rencang sami seneng sanget.Nalika iku jam
05.30 rombongan kulo dugi ing Jakarta.Panggenan ingkang pertama kulo tuwi inggih
punika Masjid Istiqlal anggene kulo lan rencang-rencang sami sembahyang
subuh,sampunipun rombongan kulo Pantai Ancol.Sawise Pantai Ancol kulo menyang
Gelanggang Samudera inggih menika ningali lumba-lumba lan ulam paus sami
atraksi.Nalika kulo ningali ulam pausipun kulo seneng sanget.Sampunipun kulo lan
rencang-rencang menyang Dufan, kulo lan rencang kulo nitih dolanan ingkang wonten
Dufan kayata Kora-kora, Arung Jeram, mlebet ing Istana Boneka, nitih sepur-sepuran, lan
Kincir Raksasa.Sampunipun kulo lan rencang-rencang puas studytour ing Jakarta,
rombongan kulo sami wangsul.Wangsul ing Jakarta jam 20.00 WIB dugi ing griyo jam
05.30.Raosipun kulo seneng sanget anggene studytour menyang Jakarta.
NAMA : SUCIYATI
KELAS :X2
MAPEL : BASA JAWI

Pengalaman Seneng
Jalan Maring Petuguran
Nalika dinten minggu kulo mlampah-mlampah teng Petuguran kalih keluarga
kulo.Sameniko kulo ngraos seneng sanget amargi saget kumpul kalih keluarga.Kulo teng
margi badhe teng Petuguran nyanyi-nyanyi kalihi keponakan kulo.Raosipun seneng sanget
dolanan kalih keponakan kulo lan saget kumpul sneng-seneng kalih tiyang-tiyang ingkang
kulo sayangi,keluarga kulo.

Pengalaman Sedih
Rawuh teng Petuguran Jawoh mandap ageng sanget.Kulo ngeraos sedih lan nelangsa
sanget amargi mboten saget mlampah-mlampah lan nikmati piknik teng Petuguran lami-
lami lan sepuasipun kalih keluarga kulo.

Pengalaman Lucu
Tabuh kulo ing Moro Swalayan kalih keponakan kulo, keponakan kulo mangan Es
Krim nganti belepotan teng tutuke.Kulo lan keluarga kulo gemuyu saking lucunipun ningali
keponakane kulo belepotan.

Anda mungkin juga menyukai