Anda di halaman 1dari 1

Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, singa ama sing awulu, sing suku sing 

asirah, sing atenggak


lawan kala sing abuntutut, pada sira suminggaha, muliya mring asal neki.

Ana kunang saka wetan, nunggang gajah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan brekasakan, amuliya mring tawang
towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

ANa kunang kidul sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring
tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

ANa kunang kulon sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring
tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

ANa kunang lor sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring
tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

Ambalik maring awaknya, mbalik marang jasatira pribadi, mbalik karsaning Hyang Agung, tamat pasinggah setan, tulak sarap
punika gantya winuwus, arane sarap den ucap, sagung kama salah sami.

Arane sarap kang lanang, kulhu putih kang wadon kulhu kuning, ywa wuruk sudi mring sun, ywa marang kaki jabang, sarap
mangke sarap wedang sarap awu, pada sira suminggaha, muliha mring asal neki.

Samya geger setan wetan, anrus jagad kulon playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan
ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

Geger stan kidul samya, anrus jagad elor playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan
ajur luluh ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

Ajiku gajah pamudya, kebo dungkul brapa rep-sirep sami, sirepa lelara iku, asuwung jantung jagad, tuting mata-mata liring manik
ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi.

Tibakna mring janma lupa, eling mengko eling embenireki, salamet saumuripun, apan ingsun wus wikan, sun angadeg satengahing
sagara gung, palinggihku lintang johar, ingkang ingsun-sedya dadi.

Tan pegat pamuji mantra, pun Jaswadi putra ing Kodrat-manik, lailaha-ilalahu, Mochammad Rasulullah, salalahu ngalaihi wa
salamu, wa ngalaekum salam, agantya manising puji.

Anda mungkin juga menyukai