Anda di halaman 1dari 3

Lontar Sipta Sunya Tan Pamaya

AWIGHNAM ASTU

Iki SIPTA ṠŪNYA TAN PAMAYA nga.

Tlas dahat ing uttama tĕmĕn, pintonakĕna de ra Sang pakṣa wiku kṛta-baddhi-ṡūnya, harĕp ira wruh
kumawaṡa kumawaṡa juga ring sang gumawya janma rĕp sakṣana ngrĕgĕp. Ampĕt bāyu sūkṣma-ṡūnya
ring hṛdaya tan kasaban. Tabya kulun jöng Sang Siddha Guru tan kabatan lugraha kawaṡa nambat.
Ndi ta Hyang siddha Mpu Gaṇa-cakra-ṡūnya ? Ndi ta nggwanda hana kumambang sajro ning sla ning
ṡūnya maring sakĕḍapan. Hana ring jro ning sla ning ṡūnya rase.

Sa, nga, tunggal. Jro nga, dalĕm. Lĕm nga, lĕpas nga, hilang. Hilang nga, tan hana ring bhūmi ṡarīra, tan
hana ring bhūmi pṛthiwī, tan ana ring bhūmi ākāṡa, tan ana ring sor ring luhur, madhya mwang
sakawan ing bhuwana kabeh.
Sla, nga, sle. Sĕle nga, tanggu. Tanggu ning ṡūnya, nga. ṡūnya nga, lumĕng. Lumĕng ngaran ing
amĕngku. Amĕngku hanêng ṡūnya ning tan ana.
Ikā wasta ning wĕkas ning ṡūnya tan pamaya, unggwan ing tan paunggwan, winastu tan kawastu,
hiḍĕp tan kahiḍĕp, ingangĕn tan kahangĕn tuhu luput ing Ṡiwa-martha, luput ing Ṡiwa-Boddha, luput
ing para, luput ing ungsi, luput inucap, luput tininghalan. Dwaning mangkana. Apan wak (awak?) tan
paṡarīra tan pajñāna, tan pâmbĕkan, apan tuhu ning dewek tan pawayangan, tan patapakan, tan
pacantelan. Dwaning mangkana, apan awak ira huwus hilang amĕpĕk ing bhuwanâgung lāwan
bhuwanâlit, sirânukupin kabeh, wuwus (huwus?) aḍĕḍĕt sipĕng ĕmpĕt. Ida wastu ning guru siddha
lĕpas, êka tunggal, nga. tan ana tunggal yan sakêng ikā tuhu ngūni, apan ingkāna patlasan ira kabeh,
dyapi kamokṣan lāwan kalĕpasan, dyapi māti hurip manih. Dyapi lara waluya pūrṇa samangke.
Dwaning mangkana sira wastu ning hurip ing hurip, tan kasaban (kasahaban?) de ning bāyu, hiḍĕp,
rahina-wĕngi, adoh salwir ing tan tĕkȇng kĕna, apan nirdon hanȇng jro ning ṡūnya tuhu
spha…………..ya.
Samangkana siptan ira yan sira pakṣa kinawruhakĕn kawaṡa sapôlahe lamun ṡūnya ning ajñāna nira
katĕkan ta tambe tĕkȇng don ira sang guru ngūni, sagöng ing pāpa-narakan ikā lĕbur mukṣa hilang tan
paṡeṣa, siddha lĕpas cupat (supat?) ruwatan mala ning yayah-reṇanta mwang tĕka ning sânak kadang-
warga, mitra kabeh siddha sapakṣanta tan pabalik duhka. Pinghit haywa bwat kaparanan, hila-hila
dahat. Den prayatna den aspĕpisan manawana wruh ngupama.
Hana malih kang kināraṇakĕna kang hanȇng jro ning ṡūnya (h)ing ndy ajñāna nga.

Ndi ta jro ning ṡūnya ring sandhyajñāna nga. Sanghyang Manon tĕgĕse. Wĕkas nga, mūla. Manon nga,
Sanghyang Dharma-ṡūnya nga. hurip maka mūla ning hurip ing Sanghyang Dharma nga. Pinghit aywa
wera poma.

Hana malih kang kinawruhakĕna kahana ring wĕkas ing wiji mata unggwane. Ikā Cintya-ṡūnya pinaka
hurip ing Dewa Bhaṭāra kabeh, pinaka sāri ning Parama-tiga nga.

Ndi ta Parama-tiga : Ṡiwa – Sadāṡiwa – Paramaṡiwa. Ikā ta maprabheda rūpa, maprabheda unggwan,
maprabheda haran. Dwaning mangkana apan akeh parĕk ira. Dwaning pinaka pangisi ning bhuwana
ṡarīra tiga dadi roro, ro dadi sawiji pinaka batu ning bhuwana ṡarīra. Dūk ing arāga ro ingaranan
Sūkṣma Ṡiwa Ṡūnya Ṡiwa dadi kamokṣan lāwan kalĕpasan. Dwaning hana jaba lāwan jro, pāti lāwan
hurip, pāpa-swarga sinurup ing rahina-wĕngi, mwang rāditya, wulan, lintang teja tāranggana, apan i
ngkāna pasuk-wĕtune, long tan along, bĕk tan abĕk long lunghā.

Bĕk, nga, tĕka. Lunghā tĕka tan mangken tan ingiliran ing bāyu sūkṣma, uṡwāsa nira ring leng ing
ghrāṇa kiwā-tĕngĕn anunggal ing tungtung ing ghrāṇa sumungsang, ingaran Sanghyang ONG-kāra
Ṡūnya akumpul dadi sawiji, anunggal ing kuwung ing ajñāna ṡūnya kȇdĕk aluluh mukṣa mūr
hilang saking kana (saking ngkāna) anūt ṡūnya-taya anuju ring uryan ing rambut salamba sigar pinara
pitu. Ya dadalan ira maring swarga cakra-ṡūnya.
Tĕgĕsnya rambut ngaranya. Ram nga. bĕnar. But nga. butul. Nga. sa. nga. tunggal. Lam. nga. hilang tan
paṡarīra. Ba nga. bayȇngūni. Sigar nga. lasya nga. apaḍang. Pinara nga. laku. Laku nga. mārga. mārga
ṡūnya mārga ringkene. Pitu nga. pitulus. Tulus nga. lantas. Lantas nga. tas nga. pĕgat, pĕgat tan awali
malih siddha amor ing swarga cakra-ṡūnya. Pinghit haywa wera ȇman bwat kaparanan tĕmĕn.

Nihan kawruhakĕna dūke angreka janma, yen araika malu wiji ning rasa nga. Wĕkasan gunung
kusuma waini nga. Kawaira Sanghyang Manon, Bāruṇa, Yama, uwang palaklakan, hilat simbalan,
tanĕng ingĕr-ingĕr, carma daging, otot tawulan, sumsum asipalihan bāyu ṡabda iḍĕp, sāri pinaka
suṣumnā nira mpĕk ing bhuwana ṡarīra, pinaka puruṣa ning bhuwana ṡarīra maka hurip ing angga
ṡarīra. Ya tiga sāsana ngaranya tĕgĕse :
Ti nga. tlas. Ga nga. ṡarīra. Sana nga. ungwan. Apan tlas ing bhuwana ṡarīra unggwane, ya Tri Puruṣa
harane, Mahā-puruṣa, siddha-puruṣa, bhāwa-puruṣa, lwirnya : Mahā-puruṣa bāyu, Siddha-puruṣa
ṡabda, Bhāwa-puruṣa hiḍĕp. Ikā Tri Puruṣa harane dūk hanȇng bhuwana ṡarīra, apan Sanghyang Tiga
wruh mārga ning hala lāwan hayu mwang mārga ning pāpa lāwan swarga, makâdi mārga ning pāti
lāwan hurip. Dwaning mangkana amor ing hala lāwan hayu, Ṡiwa-Boddha.

Yan amĕnĕr ring hayu Ṡiwa ngaranya. Yan amĕnĕr ring hala ………pinaka sipat siku patitis sagung lit
ning bhuwana ṡarīra ayampĕki (ampěki?) tutug ing sor lāwan luhur.
Ndya ta paḍena rapĕt pĕpĕki, wĕnang agung wĕnang alit, wĕnang katon, wĕnang tan katon, wĕnang
dadi anu, ingaran ira Sanghyang Cakra-bhuwana, mungguh sira ring jro ning ṡūnya ning hiḍĕp. Ṡūnya
ning hiḍĕp haranya wĕkas ning Sanghyang Manon, mari mawak bāyu, ṡabda iḍĕp, mungguh sira wĕkas
ning ṡūnya ning Sanghyang Manon, Sanghyang Ming ta ……..mari mawak, mari marūpa, mari mawarṇa
reka, mari maharani sarūpa, apan awak ira huwus hilang.
Ndi ta kĕmĕnĕr ira maring wĕkas ning jro ning sla ning ṡūnya ning ajñāna, Hyang luput ing tan
ngaranya. Sira wastu ning wĕkas ning mūla ning rasa ṡūnya tan pamaya.
Yen sira wus i ngkāna angisĕp sāri ning hurip, mukṣa hilang tan pamaya. Prihĕn kamo ……… maring
Sang Siddha Guru ngūni. Anghing kana (ngkāna?) mūla kamūlan ira ngūni.
Ndi kamūlan i ngūni ? Sajro ning kuwung ning rasa nga. wit ning kuwung ing rasa pātinta, tungtung
kuwung ing rasa huripku. Aku tan pahulun jumĕnĕng madhya ning kuwung ing rasa, tuhu-tuhu luput
ing pāti-hurip, hyang kahyang kaisyang tan parūpa, tĕgĕg sahahak bolong tan pakandang, catĕs tan
paṡaraṇa juga tas. Sajaba ning kuwung ing rasa, kuwung ing hati ngaranya. Wit ning kuwung ing hati,
Sanghyang Kacĕr ngaranya panunggalan ing bāyu, ṡabda, iḍĕp, bhūmi ṡuddha ngaranya. Tungtung
kuwung ing hati, ākāṡa ngaranya. Madhya ning kuwung ing hati ṡūnya tunggal waning bhuwana lāwan
kuwung ing hati tan wruh yan mȇsi Sanghyang Nga……….t………ta munggwing tĕlĕng ing kuwung ing
hati ingayap de ning prawatĕk paḍa Bhaṭāra kabeh. Sajaba ning kuwung ing hati kuwung ing ampru
ngaranya.
Wit ning kuwung ing ampru Sanghyang Lowana ngaranya. Tungtung kuwung ing ampru Sanghyang
Graha Wiṡeṣa ngaranya. Madhya ning kuwung ing ampru Sanghyang Acintya-ṡūnya.

Sajaba ning kuwung ing ampru kuwung ing pupusuh ngaranya.

Ṡiwa wit ning kuwung ing pupusuh. Sadāṡiwa madhya ning kuwung ing pupusuh. Paramaṡiwa
tungtung kuwung ing pupusuh. Ikā saphala wruhakĕna hati kṛṣṇa tan pababawan ṡūnya satata, apan
huwus katĕmu sang magawya ngūni.
Nihan kawruhakĕna pangrarapuhan sagung ing lara-roga wighna ning ṡarīra, phalanya ruwat siddha
mulih ngūni, sapanugraha ning kaphala siddha hilang kabeh, lwirnya : yan saucap salah caṇḍak, salah
rĕngӧ, salah ambung, salah hiḍĕp, salah pasuk, salah wĕtu, salah angon, salah ungsi, ikā toh awak
harane. Ya mandadyakĕn lara sangsārȇng ṡarīranta. Ya tumbuh ri panyudane ayat tambe tĕka ning
pātinta. Ikā paḍa mangdadi isi ning kawah. Samangkana sipta nira.
Ya mĕtu saking Yama, mulih saking Yama. Māti saking Yama, hurip saking Yama, Yamadipati ngarane.
Ikā ṡuddhanen samangkana sari-sari.

Iti tĕgĕse.

Sanghyang Agni Cakra saha sah munggw ing tungtung ing lidahku, anggĕsöng salwir ing janma jarā
maraṇa yan tumĕkȇngkāna. Sanghyang Cakra-dharma-ṡuddhaji munggw ing madhya ning lidahku,
uripakĕna kabeh yan tumĕkȇngkāna. Sanghyang Cakra-nāga-bhūmi-natas munggw ing pamatlu
ning hod ing lidahku, angĕntas salwir ing pāpa-pātaka kabeh.
Prasiddha waluya jāti mulih maring walunanirȇnguni. Wĕtĕng ing Sanghyang Nāga Sūrya bhawana
ngaranya munggw ing sla ning susu karo pusĕr ing nāga pinaka wĕtĕngku. Sang Windu-bhuwana
ngaranya untut (wuntut?) ing nāga minaka nābhinku. Sanghyang OMkāra-tutud-bhuwana ngaranya
siksik Sanghyang Nāga pinaka rūpanku. Sanghyang Prabhā-cakra ngaranya kulit ing Sanghyang Nāga
pinaka kulitku. Sanghyang Tri-nayana-cakra ngaranya daging ing Sanghyang Nāga pinaka dagingku.
Sanghyang Cakra-tali-rāt ngaranya rāh ing Sanghyang Nāga pinaka rāhku. Sanghyang Cakra sāri ning
bhuwana ngaranya otot sing bhuwana ngaranya tulang ing Sanghyang Cakra tawulan maṇik ing
bhuwana ngaranya, jajah ing Sanghyang Nāga. Sanghyang Cakra-tapa layangan ing bhuwana ngaranya
ya ta tunggala kabeh, ring kuwung ing rasa. Bolong ahiriran sabhuwana kabeh. Atutug ing sĕngkĕr.
Sĕngkĕr ngaranya ya aku wĕkas ning lĕwih angrapti sawalakang ing ākāṡa mwang walakang ning
bhūmi, yânunggal ing aku, nora bhūmi ākāṡa, nora salwir ing, nora ṡūnya.
Sapa kadi aku ? Aku ṡarīra ṡuddha ning ṡūnya, aku patunggalan ing tunggal ing tunggal, aku mĕnga
bhuwanângrapĕt ampĕt i kāra kabeh, aḍĕḍĕt asĕpi sĕpe.

Êki sipta ṡūnya tan pamaya ngaranya, bwat upadarwa hila-hila kaparanan, tĕmĕn-tĕmĕn. Den
prayatna rumawasa juga ring hṛdaya sūkṣma tan kasaban.

Samangkana sipta nira de ra sang hyun putus ing putus, akĕḍik rasanana sakewala sādhu tuhu tĕguh
ring buddhi.

Yen nora samangkana tan padon ulahe harĕp awiku dyapi akeh saguṇanya, kabisanya wiṣayane, yen
amūjāha masamādhi matapa-tapa, mabrata-bratânguranging pangan turū, apĕningan mañuklaha-
brahmacārī, maṡaiwana, abhasma, angoha (anguwah?) i tindak-tanduk, amatitis
bhāwa sitya, anggowa, amĕm ing aher, angalong, apĕṇḍěm ing taru-taru, amāti ṡarīra, asewaka ring
kahyangan, asewaka ring arca kabuyutan, asewaka ring Dewa Guru, asewaka ring Giri Suta. Salwir ing
patapane pangulahe, panghiḍĕpe. Yan tan ṡuddha ring ajñāna nira tan pakārya patapane, pangulahe,
pangiḍĕpe, siddha hilang kabeh, kari awakta ngmasi gati sangsāra.
Mangkana ling Sang Sipta. Kady angga ning paṇḍa-piṇḍa tumrap ing taru saking mīna līnatĕkan bañu,
ṡweta kamala kapuruh ing alun.
Syapa kang dadi ṡweta mukti, de ning tan ṡuddha ning banyu. Mangkana sipta nira Sang pakṣa
gumawaya wiku. Sma.

TĔLAS

Iti Sipta Ṡūnya Tan Pamaya samāpta, tinular de Cakraning Kṛṣṇa, ring we : U, Ca, Wu, watugunung,
kĕsanga māsa, iṡaka warṣa 1936, masehi 03 Maret 2014.

Anda mungkin juga menyukai