Anda di halaman 1dari 35

GEGURTAN

NunocHmAN SuoiaYo YS

*Nurochman Sudibyo YS.
Lair tng Tegal. 24 Januari 1963. Pun akrab gadhah nami
sebatan Mas Dibyo utawi Mas Noer. Rutinitas sedinten-
dinten dadhos Jurnalis, peneliti uga penggiat seni. Aktif
mimpin lembaga Medium Sastra lan Budaya ndonesia.
Kawentar uga dados penulis lan maos Kiseran, (Dalang
Sastra tutur Dermayonan). Sedert Karyanipun mangrupa
puisi, cerkak, catetan budaya lan sai ingkang ngangg
basa ndonesia. Asring dipun muat teng kathah media
awit taun 1990-an. Antawisipun teng koran mingguan
Pikiran Rakyat Edisi Cirebon, saniki harian Kabar Cirebon,
Karina, Mitra Dsa, Pikiran Rakyat, Bandung Pos, Hikmah,
Suara Merdka, Lampung Pos, Singgalang, Riau Pos,
Kedaulatan Rakyat, Minggu Pagi, Merapi, Solo Pos, Jawa
Pos, Bernas, Surabaya Post, Bali Post, Bisnis ndonesia,
Suara Pembaruan, Suara Karya, Ummi, Amanah,
Republika, Media ndonesia, Pelita lan Majalah Horison.
Puisi-puisin kekumpul tng buku Kembang Pitung Werna (antologi Penyair Juntinyuat-1992), Kiser
Pesisiran (antologi penyair ndramayu-1994), Di bawah Payung Langit (antologi pribadi 1993), Malam
Gaduh (antologi pribadi 1995), Soliloqui (antologi Pribadi 1997, "Gerhana antologi Pribadi 2000).
Antologi Penyair ndonesia "Dari Negeri Poci Th 1996, "GERBONG Penyair ndonesia Modern
Th.2000, Antologi Penyair ndonesia HUT Jakarta 1999, Antologi "Lahir dari masa depan
Tasikmalaya 2001. Antologi Penyair ndramayu "Dari Negeri Minyak Th.2001, "Blarak Sengkle
(kumpulan geguritan 2007), Antologi puisi basa Cirebon 2008 "Susub Landep", Kumpulan Puisi
Sastrawan Mitra Praja Utama "Tangga Menuju Langit 2008, Antologi geguritan 2008 "Godong Garing
Keterjang Angin", Antologi Puisi Basa Cirebon 2009 "Nguntal Negara", Antologi Geguritan 2009
"Bahtera Nuh", Antologi Puisi Basa Cirebon 2010 "Gandrung Kapilayu", Antologi Geguritan 2010
"Pring Pethuk Ngundang Sriti", Antologi geguritan "Pangikat Serat Kawindra (2010) Antologi
"Perempuan Dengan Belati di Betisnya Taman Budaya Jawa Tengah (2010). Antologi "Angkatan
Kosong-kosong Dewan Kesenian Kota Tegal 2011, Antologi "Negeri Cincin Api" HUT NU, Juni 2011.
Antologi "Akulah MUS" Pertemuan Penyair Nusantara V Palembang Juli 2011, Antologi 50 Penyair
ndonesia "Kitab Radja-Ratoe Alit 2011. Antologi Geguritan 2011 Kongres Sastra Jawa
"Paswakan", Antologi Puisi Basa Cirebon 2011 "Suluk-Suluk Pesisir". Minangkan sastrawan
ndonesia piyambek saniki wongsal wangsul ndramayu-Slawi. Asring dipun suwun maos
puisi/geguritan lan dados juri lomba maca puisi teng kathah kota. Awit tahun 2010 gabung sareng
penggurit Dyah Setyawati kliling pentas maos puisi teng kathah kota. Piyambek saged ngolaborasi
kathah unsur tradisi geguritan, tembang, suluk, wayangan lan uga sendratari. "Perompak ndrajaya",
"Pangikat Serat Kawindra, "Kupu Mabur Golet Entung, "Kembang Suket, "Nagari Corong Renteng
lan "Palagan Kurusetra" judul pentasipun, Karya-karya geguritan pun kathah sing dipun muat teng
majalah Panyebar Semangat, Joyo Boyo lan Jaka Lodhang. Asring uga angsal uleman pntas
dadhos pembicara budaya lan maos geguritan basa Cirebon dialek ndramayu, kadhos teng Cirebon,
Majalengka, Tegal, Bojoneoro, Surabaya, Purwokerto, Yogyakarta, Magelang, Bandung, Cilacap,
Jakarta lan sans-sanes. Piyambek uga dipun kenal dadhos DaIang Tutur utawi DaIang Wayang
Gondrong. Mobile: HP. 085 2245 071 44 lan 087828983673. E-mail:
nurochmansudlbyoys[yahoocold . Seniman, Budayawan, lan Pamerhati seni puniki uga gadhah nami
i Tapa eIana, Alamat Serat Medium Sastra & Budaya Indonesia: Jln. Jendral Sudirman No. 69
RT..01 RW Kelurahan Lemahabang ndramayu Kota 45212, Jawa Barat. Web: gurlL
dermayonblogspoLcom , kembangsukeLblogspoLcom , Lropongcom

NunocHmAN SuoiaYo YS
Tembang iser Sepi Jaran Guyang
:Balada Baridin-Suratminah












Pragat brayan mangan ning kebonan, gegodongan pada murag nenimbuI
waIantara kebek embun. Samp-samp haIimun kewiyak, srengng ora
mandeg-mandeg nyerep pori-porine bumi, geguris tapak Iemes kews-kews.
aro Iembyan bocah wadon sing njoged karo mIayu ning seantaran dsa-
dsa sing terus mIaku. Tumindak marani pucuk kang paIing dhuwur, sampe
nututi dedaIan Iumut campur endut. Jejogdan, IuIuran, gegupak ning Iemah
kubangan. ebonan panceran nira duh prawan ayu. Ning gubuk bIeketp
campur tepes bIuIuk, sapinggir tegaIan, suket kraket ngoyak-oyak tresna dadi
bantaIan sepur, sapnan Iemah kegurat tiIas tapak kebo. DiweIuku sedina-
dina, ditawuri winih ketawur pupuk, IaIer Ian tembeIk kewan. Sun seneng bIi
kejagan mambu Iemah sawah sira. Ratminah prawan ayu. Ambun bosokan
anggas, uga kebuI dami gaw angker kebakar. Dadi siji karo sarah-sereh
swara nira, suIing sing wewisik nguIik, aban ngIiak-ngIiuk gaw ngecer. aya
den ani-ani sing ora mandeg-mandeg nyuIed asmara tresna ning Iumbung
sing wis kobar, manni seamban kebonan katresnan. Pribasan pada ba
nemokna bapak Dam karo mbok Wangsih, ngucuIaken kesadarane dewk-
dewk. Sampe Baridin Iemes dedes ning petit ibadat sing mancIeng. GeaI-geoI
kawas-kws Iemes jejogedan nira kaya dene gairah basa sing sepi, dioyok-
oyok ambekan dhawa sing ora mandheg-mandheg tetembangan. epengn
rasan gag ngrubah nasib ira dadi semiIyar cahya, supaya meIu kemerIob
kaya den daIan-daIan sing wis diIayari karo tetawuran seIndang Ian
sepasang kembar mayang. embang mIati, tautan ati, dikebeki werna-werni
sesaji sanubari. udu ba tak pindoni mbunteI awak ira karo semiIyar werna.
Sedeng isun cuman gegubedan dwk ning kanvas jagat sing fana, karo
terus muter-muter nggoIeti sepin rituaI Ajian emat Jaran Guyang, ngusir
amarah, sengit, dendam uga tresna. Minangkan udan cahya ning Jagapura,
dupa wewangn, kepuI menyan Ian Ienga wangi kesturi mancer-mancer dadi
kubur kembar sing ora bisa gapang iIang.
2011


NunocHmAN SuoiaYo YS
iser Saedah - Saeni

Kala mau jagat minangkala ana ing jaman karuhun
tepat atusan taun ning tlatar pantura, desan pinggir kali sewo
ning dsa sukra. Ana salah sawijin kluarga
kang bakal nglairaken crita babad sengka awaling seni lan budaya
Sapeninggal mbok, Sadah lan Sani urip dadi piatu
mang sarkawi sing dadi bapan rumaksana kepngn duni batur
saumah lan nganggo ngopeni bocah loro mau
nari mbok Mamunah si randa masan. Kepirenga ning kala semono
nyi randa ayu, lan kemayu nggadai sifat kang nyilakani
syirik musrik, ala gandes ning prilakun
atin ora pada karo pangucap.Jar demen ning bapan lan bakal man
ning sing dadi anak walon. Barang dirasakaken sawuan pindo
mulai nyi Mamunah gaw tingkah, akh jalukan lan alesan-alesan
sing gaw mang Sarkawi ora bisa nolak. Apamaning rasa tresna
wis tuniba ngkt ning batin Sadah Sani urip kekoyak-koyak
perih ning ati nampi ning waktun bocah loro sering pisan dilelara
kadang ora dipai mangan, kadang turu diperwasa
padahal bocah loro mau ora nduweni salah
ning batien sadah lan sani nggerentes ora mari-mari
sring pisan tetangisan, tapi ora wani wadul ning sing dadi bapan
soal pernah kedadian wara-wara, apaning ngalami kenang jahat
mimi Mamunah, dumadakan bapan disewoti diarani abot sebelah
akhir serba salah ning sawijineng dina, rumasa abot
angon njalanaken urip kakaluargaan, Mamunah mulai jejalukan.
seumpaman mang Sarkawi masih demen lan tresna. Jalukan
supaya bisa misahaken keruedan sing dirasakna
yaiku Sadah lan Sani kon dibuang mbuh dipateni
ning tengah alas sing renggit, sedeng sing paling parek kala semono
sing ana ya alas swo supaya ora ngalangalangi tresnan
lan kasih sayang wong loro, Sarkawi ngandel ning alesan Mamunah
yn ora bisa urip mbagi kasilan mang Sarkawi, sun mung bisa
nggo mangan wong loro, ba dadi lamun ana Sadah lan Sani,
Mamunah ora bisa mbagi konomi.

2010/2011









NunocHmAN SuoiaYo YS
Sembahyang AIang-aIang

Tasyakuran karo sing gaw urip,


yen awak ira wis bisa ngibadah
ning sanjerone jagat padang jimbrang kaya mengkenn
ning kn langka genah sing angker,
langka awak sing langgeng keker.
kejaba iku wong kang tumindak jujur; diarani ajur-ajr

Sedawan urip lelakon ngibadah kaya den
tambang sing dililit mubeng
ngalar-alar sepira ado. Kathon dhawan,
digulung, diringkes maning marani galang,
seamban sendang sing ayem

Yn bengi cahyan wulan katon padhang
nyorot gegodongan gedang
yn awan srengng ngupai terang jagat
dadi padhang jimbrang ora kejagan
karo dedonga kaya den alang-alang
zikir dhawa uga ngalang alang
megeng awit esuk tumeka surup srengng
abang. Puasa isun ya puasa alang-alang
sembahyang kula ya alang-alang
ngibadah kaya dn alang-alang,
sewaktun rubuh kena angin balang
awak obah digoyang-goyang
endas muter keteter, sekujur awak kumalayang
kaya den suluk ki dalang, dolanan wayang
kesorotan ayang-ayang dhamar gedh kang padang.

2011

NunocHmAN SuoiaYo YS
Mbok Tuwa

Mbok, si mbok, arep mangan apa sor kien kih mbok


aja nangis mbok, kih lumayan kena nggo di adhang
senajana urip kangelan selawas
gegukat pangan sabisan. Gdh cilik disyukuri
awan bengi ngaji diri

Mbok, rumangsa kula anak sampyan
tulung gagiyan ngliweta, gawa pps pedha
duh ya lwan apa mbok, sampyan malah
lelamunan ning pojok. Sorot matan kekaca
pribn sih mbok, lagi lara boyok tah
dau setitik menggaw ba kuh, badan ngopyok
apa dengkul teklok, kaya dikocok-kocok
tik-itik lara boyok, coba gah mbok gag ndodok

Kayu jati pribasan mbok, disigar dhadkna lawang
bokat samp mati bli keturutan mbok, mana
ning badan kula. Tulung sekien gawkna pps gecok,
org tmp bosok, sambel ijo diwadhai batok
lawu ceplok endhog. Sun yakin mari
watuk sampan sing ngoklok-ngoklok

Mbok, Si mbok aja mung bisan medni kula
gah, mbok. Sing jar pemali, dhoraka,
yn kaken jejalukan ning wong tua
rumaksana urip kula durung bisa mbalik tresna
ning sampyan. Gaw bungah setitik ba
gah sun dhurung pernah. Kula ngrasa urip
kebek dosa, kadang wani supata, lan sesumpah
sekien mbok sampyan ana ning endi,
kula ora bisa tangi, tanpa ridhone sampyan
wetheng kempong, kepengn mangan
klayang kloyong bli kaberan
yn awan sun wedi ning srngng,
yn bengi kula wedi ning sinar wulan
sun jar dhwk mah larah-luruh
nggo gandulane urip

Glalang-gllng lndhan tembok, mbok...
kayan sampyan lagi lara boyok tah,
dengkul lagi teklok
sih matane kenapa nambah kothok
tulung ya batur-batur, aja pada moyok,
sebab kula gah melu dadhi koplok,
tiklak tikluk, bli bisa ndingkluk, wathak wathuk
mbokan mbsuk kelakon dadi wong sugih
Kula kepngn nyenengaken si Mbok
plesir meng rngas dngklok
niliki sedulur tua sing jarn wis doyok
kula kapok mbok, kula wis mentok,
emong dipepoyok. Sebab mau bengi
kula ngimpi ana kang mai duit segepok
yn bakal bener tuniba ning badan isun
kula kepngn ngrubah pager umah sembok
dadi tmbok sing keker. Sambran
nak turu nak ndodok. Dhadi bangsa
Sing bangga. Senajana
mung du jimat sembok lan golok.




































NunocHmAN SuoiaYo YS
Amis Muara

Amis muara ngabarna swara sing ngara-ara


saketemun wengi kelawan hawa atis sing nerjang ning badan
ndeleng amban pirang-pirang kali tepung nyawiji dadi siji
mulek dadi puseran ombak ning sapepojok
jeblag jeblug aban iwak ning kali. Kadang gaw ngeri
rumangsa dwkan dolanan kenur ning gubug pinggir kali

Ning genah sing singit kayang kenen ana kali tepung karo muara
diarani puseran si gempol. Akeh tanduran arang kesenggol
akeh iwak sing kena di dol. Ning dina per kedeleng akeh uwong
deken sapa ya sebener adem banyu sing ijo lan ngangeni
samentawis kula isin ndeleng kecopoke iwak sasor sasak
sing kadang jrenggonok kaya pancing kesolog berok
tak wanni ndodok meneng anteng kaya watu, sangisore jembatu
karo mandeng wong-wong sing pada nggulungi senar
toli mbalangaken maning, kaya den ngakali sekliwar kliwer blanak
sing medeni tapi malah gampang ngilang sanjerone banyu

Satemen sabar tumeka esuk, sawis ana manuk jengak-jenguk
waktun kakap putih mulai ngelih, urang urip nggo dholanan
kesurung ombak rincik gaw becik. Mbuh pelak, mbuh pelik
sing tak inget mulai pada nyolog, gaw seneng ning pikiran
yen samp kepancing sing dirasa badan kenceng pikiran mancleng
sing tak ling wis entok waktu anggon mbebasaken pikiran
mbedar ati merdka, bebuka misteri ekonomi pikolian
amis muara ngawa sun bungah bli kira-kira
balik gegondol pelik, sembilang lan kakap putih
sing jar larang regan.

2011




NunocHmAN SuoiaYo YS
Mancing epiting

Sun ngarti apa mulan sira du kesenengan
mancingi bandeng lan kepiting
sing kono ba wis kedeleng
yn sampeyan watek gampang petangtang petingting
apa ba sing kedeleng dicapit
emong kecapit. Urip medit kapicirit
ning rayat sing mlarat katone sengit

Aja petangtang petengteng kadiran lagi kuasa
kader kita gan weruh duw balong balongane sapa
du tambak tambak sapa
sing ditandur ba dekn negara
sira korupsi delengen ning saat pasti dipretli

Sun melu mancing, mancing kepiting
dudu krana awak isun lagi gering
mikiri sampyan kaya ndeleng pakean bli garing
srengng bli cukup gaw ongkob ning awak
urip ira wis slalu ba mblangsak

Njegr kepiting nganggo welut tugelan
pancing kawat ngarah kuwat
kula sih mancing kepiting yn lagi kaberan
aja watir kula jejaluk solawat.

2011













NunocHmAN SuoiaYo YS
Manuk Prenjak
Cecruitan aban manuk prenjak karo jejogdan
dedolanan pucuk tandhuran cemara
ning pinggir segara awak isun den urugi pasir teles
awit srengng tuniba nyoroti bumi
pating srdt krasa ning awak kaya dn strum
lan dislumudi pirang-pirang dom listrik

Gumebyar ombak tetawur unthuk mbanjur tumekane wathuk
sakujur awak isun kebek pasir lan kebilas sarin ombak
sun tetep manclng mandhengi manuk prenjak sing pada surak
dheleng lewan badan sing lagi tetapa badan
disangkan bathang wong mati kesarad

Kula kih dudu lagi dholanan gegawan setana pasir
sun lagi njalanaken seratan bapa tuwa sing tak temukna
sewaktun maca kitab betarjemur adamakna
ning kono ana kertas coklat tua kang dn tulisi tembung jawa
sapa ba sing ktekan mala; mati separo, asem urat, diabtes
uga penyakit sing ngrasuk sanjeron awak
kaya dnhipertensi, hpatitis lan HV
bisa diikhtiari kelawan mendhem sekujur awak ding kisik segara
dedhonga karo maca Serat Manuk Prenjak;

"niat isun mendem separone awak, ning kisik segara amba
dudhu lagi gogo iwak, dudu leluruh kijing utawa kepiting
sing dipalar jejaluk ridhon gusti kang Maha Kuwasa
asal isun saka lemah, dhatan lemah balik marang siti
yn kudu tekaning pati, sun nerima pasrah pati jaluk urip
sekabh kersan gusti, manuk prenjak mabur meng sasak
badan shat nak ning awak, kranten donga sing janten
ampun...ampun...ampun...nyuwun dipangapunten"

2011







NunocHmAN SuoiaYo YS
reteg aIi Cipng

Salah sawijin dhina, kelingan sadurung wulan puasa. Sira ngajak isun kon nyaksni rosa
lan kuwat wong-wong sing arep nancebaken bendra perkasa ning salah sawijine desa
karo ndeleng sepatu tetara sing pirang-pirang katon ning mata. Kuen kuh dadhi perlambang
uga saksi ulah sira ning wayah sepi. Angger ba ora gampang dipahami. Apa sebener
bendra kang lagi dibanggakna. Padahal wis setengah tiang tak kirab-kirabaken dadhi
klebet sing nerangi nasib. Supaya dadi gepekan ning genah sing ora mungkin disejajaraken
ana ning barisan kang bakal nrima. Malahan wong-wong sing kepanjing awan gah dudu
ning konogena. Krana jujur ba apa sing sun dhuni, cuma dhonga lan niatan kanggo
tetep mantep urip bebarengan

Kreteg kali Cipng, ning salah sawijin dina kudu bisa mbuka yn kita wis ora bisa terus-
terusan nyekel gegaman combong, sing mung nggedekna bohong lan ngedhekna sombong.
sebab sun wis weruh potrt ira sing wis dadi catetan urip sing arep dn lakoni. Mung
semn kemampuan sira. Ora bisa ngurangi ngelak lan kempong sewaktu ngentni
dibukan lawang umah. Sedeng rai-rai sing wis pyot, ngumur gegurat, jumjer nonggoni
welas asih sira. Kayan ora mung cukup diajak nyuput segelas th atawa mangan
sepincuk sega lengko lan sebungkus krupuk, samp ngedapruk diluruk bluluk

Ning pinggir kali kien anak-anak ira padahal kathon lucu, bisa melu baris dadi siji. Mlu
ngantri nrima duit anyar rong wu perakan, sawis tetembangan lan dedholanan sepur-
sepuran atawa ula-ulaan. Ning kono sun kelingan tumpukan balung sing wis dadi watu
kecampur botol bir, anggur lan larutan asem. Lawas rolas taun dn kumpulna watu gedh
ning dada nira. Sira wong wadhon sing ora pernah yukuran dientas sing lemah endhut uga
amban segara banyumata sing rupan sengaja dn akrabi dadi kali. Sun pegel ngolah
watek wathuk ira sing wis dadi misteri kang kebabar kurang ajar. Krana drajat sira sing
pancn mung sebuntel sega, dudhu krana dunya kang bisa ngepulna dapur lan pawon ira
selawas umur. Tapi ning kali Cipng, salah sawijine dina, tak liwati karo nziarahi umah sing
sekien wis dadi pusara kaku. Karo ndeleng lawon putih kang nyisa siji, disiapna dadi kafan
ning umah semedi. Sun mesem ndeleng bocah lanang wadon sing sekien ngudagi bapa
anyare, karo mlayu-mlayu ning sawah sing mletak nekakna ketiga ngerek-erek.

2011

















NunocHmAN SuoiaYo YS
Nyekar DedaIanan
Saben dina nyekari dedlan kuburan. Menungsa mati
ninggalna aran. Sepisan ba nawuraken wewangn,
ambun kembang mlati, ditawuri pirang-pirang pincuk
sekar werna pitu. Kebul menyan lan ambun hio
uga kepul udud klembak, nyrebeng seamban plataran
wengi iku watu uga tugelan kayu murub,
seterus krungu ning kuping,
jerit dhawa ninggalna swara wisik, gremengmeng,
ngereng-ereng ning sanjron kamer sing diadhangi lawang
uga lemah-lemah sing terus kaedek.

2011.

NunocHmAN SuoiaYo YS
CoIok Ba Mata uIa
Colok ba mata kula, yn abot sesumbar dedalan kang rata. Nganggo urip isun dwk kang
sederhana. Wis pegel maca pirang-pirang buku catetan nira, sing kebek rasa khwatir lan
ragu-ragu sewaktun arep mulai mlayu ngntiraken kawdhn sing sjen. Padahal sun
wis cukup akh njogedi lakon uga geguritan. Sing bisa nuwuhaken catetan anyar, nganggo
dedalan nira sing ora keiring sepi maning
Colok ba mata kula, lamun pancn bli bisa ngusir kekhawatiran sing diklabang karo kiser
perih taun mau. Atawa mung cuma kien sing dipengni lan pancn mung kuen sing tak
duwni. Dadi puasna ba rasa tresna nira kaya dhn segelas agur sing gaw mabok,
ngimpi dhueni kekarep, uga impnan lakon sing kudu terus ditanggungjawabi
Colok ba mata kula yen sampeyan bli percaya. Saben sun ngucap tak lakoni mbuktkna
awal lan akhir. Tinemu bener dudu ba karo nyalahna sing ghaw riwayat kaya dhn
blati sing pernah ditancepaken ning wentis ira. Kayan sekien wis ora nyisakna laramaning,
sebab saben dina mung nuruti ati uga kepngnan sing langka wates
Colok ba mata kula, yn miturut itungan nira bakal ngrusak umah sing diadegna. Sedeng
sira masih terus nyusun lan ngacak-acak kontruksi sing wis kewujud. Ya wis pragathaken
ba kabh kawedhen uga rasa kwatir sing rumaja ning sajrone atinira. Sing jarn wis
semono abot nenimbun pasir korng. Watu-watu klaran lan uga ngasilna semn. Sing
bisa ngraketna kekuatan lan tresnan, sing kebek misteri haru biru n khabar anyar kang
wis lawas kobar.
Agustus 2011.





NunocHmAN SuoiaYo YS
Ngitung Awan NjumIah Sor

Ngitung awan rasan kaya digawa mabur meng langit. Srngng nggerd ayang-ayang ira
alon, nanging sor kuen tak coba jumlah sor sing anteng. masih ana msm ning saben
obrolan lan tresna asih iku dudu transaksi adol pinuku macem kaliyang kalimudapa n ati

Ngitung awan rasan kaya awu ning seantaran panas sing nyerang gegodhongan angas-
angasen dipangan kepengnan ngnes dirayu apa sing dipngni. getun saben teka
ngadepaken dinasabtu, seminggu mngk n kaya sowkan catetan sing nggaw sira
ngenes. Padahal wis langka kraguan atawa kang bakal mbangkitna teka siji
ngitung awan kebayang amuk lan rasa kwatir sing diramu syahwat uga tresna sing ambles
ning gelas susu panas rasa coklat lan segelas s kopi ning gorokan sing sepi. Lamun
dienengna ba patingsliwer, mulan kaya dn nglingna awal mula ketemu ora ana ucap
sepakat sing kudu dipragatna atawa mulai ngingkari apa sing dn anyang

Ngitung awan wis bli sekudun nggunakna takeran kasih lan sayang, apamaning yn
dibandingna karo landesan spatu nira kaya dn kendaraan sing pecah ning kuping sing
mbuncah. Kan wis dicritakna balon-balon ngungkap syukur sing saben tekan kasih sayang
iku cukup nggo sira sing ora nitipna esms lan alamat cindek disindet tresna lan sindetan
dosa-dosa sing ora gampang diilangna

Nghitung awan njumlah sor kaya nrima tresna sajron ampunan kabh dusta uga kabh
impnan sing burak krana ora mampu njaga kaya mongmong bayi, kwatir saben suk
tumekaning awan jjritan trror uga informasi sing ngagtaken prasaan kita kayadn
swara bom atawa bledogan sing disuled ning dina riaya, nyiptakna pirang-pirang juta trror
lan rasa kwatir sing getir.

Agustus Syawal 2011.
















NunocHmAN SuoiaYo YS
Gemrosok Gegodongan

Saben mbuka lawang ning wayah suk, saben dina uga sun nyaksni gegodhongan murag
sing tandhuran gedh ngaw adem panggonan nira. Nanging sekabh gegodhonan garing
kuen kuh ngusik glisah, bakal tekan pristiwa lan pristiwa sing teka lan lunga sewaktun
sun ndadkna siji karo urip ira. Gegodongan garing werna coklat lan kekuning kuningan iku
jejogdhan, ning antarane hawa atis sing ora nyimpen dangan dingin kepngnan ati.
gemrosok ning plataranira sing ngayah-ayah nyimpen tetanduran kembang; kamboja
jepang, suruh gading, ilat mertua, sancivra uga ombak katresnan lan kemuning sing lara.
sebab driji nira arang ngelus lan ngurusi. karo siraman teduh atawa cukilan anget sing bisa
ngolah lemah sing langka pupuk. Padahal wis pirang-pirang gegodongan sig gemrisik
ning plataran kesapu meng sisi tembok pager tresna nira. Umah ira pancn mung bisa dadi
swarga ngo tangga sing pada demen ning woh rambutan, lan sawo kecik. ora ngrasakna
sun sing saben dinan ngusir godong garing uga gemrisik lamuna nira uga sapa sing
kebek misteri.

Saben tak buka lawang ning waktu suk sing seger tak gepeki sapu sada lan nggiring sira
marani panas geni bakaran. sawis ngumpulaken gemerisik plataran umah lan stana nira
sing klawu. Ning kn wis bli tak temoni maning kilat cahya ning jogan, endah mutiara ning
pengadusan atawa kamer sing dikebeki geguritan uga gambar smasan mau jejeritan
nuntut welas asih, cemburu uga rasa kwatir. Sun dudu arep nyirnakna pemanis utawa
asesoris sing dipajang nggo nyuled saben runtah sing gemrisik ngumpul nyemproti awune
nggo terus dikepang dadi pupuk ning seantaran kembang-kembang sing dipajang dadi
mahkota tresna.

Agustus 2011.
















NunocHmAN SuoiaYo YS
Mangan Tengah Wengi

Yn wis bosen ndeleng panganan karo pasakan sing dadi menu piwulang, gag bangkit lan
raupa karo banyu suci dibarengi donga-donga sedurung nerusaken tetapa sukiki awan.
Rasakna ba panganan bengi kien, sebab kabh panganan kien kih bli susah dimamah
sajroneng ati, krana saben hadiah sing ditibakna Gusti Allah nganggo dhalan tangan-tangan
sing tengadah, kien kih mangrupa anugrah tresnan menungsa sing karep nyoba-nyoba,
nimbang-nimbang sewaktun tumeka lara lan sehat. Mengkonon uga nikmat mangan
syahur wengi kien dudu mung sekedar ibadat sing dironc kayadn tasbh waktun
donga-donga diaburaken

Oh, Syaur wengi, sekien dudhu mung ngulang-ulang dina ning taun mau. Sewaktun kita
bebarengan ngrayakna tuniban waktu sing cuman teka ujug-ujug. Utawa marani tujuan
sing nyiksa batin ngganggo ngraba sepira ado kasih sayang sing lagi ditimbang-
timbangaken nganggo marani wujud pangabdi lan sembahyang kula sing timbul lan bakal
klelep. Krana saben mangan wengi uga syahur sing diiket bakal dadi perjuangan nggo
marani cita-cita sawis gagal nyirnakna dosa-dosa sing ora bisa luput dning tekan hisab
lan ptungan amal kebagusan

Yn bosen karo panganan sing di siapna bengi kin, mulan gag dipikirna kelawan ati sing
tenang. Wis sepira akh dedalan sing diliwatii atawa sing wis mampu kelawan beline
memori kula nyateti pahala sing angl. nyatan bisa didiskusikna dingin sajrone mickrofon
atawa spiker sing meneng ning jagat sing sepi. Senajana gusti Allah weruh bli kudu jerat-jerit
piyambek ngarti kabeh iku satuhun mung setitik diwerui dening kula. Padahal saben dina
nikmat wis dirasakna lan kasih sayang. O, Syaur nikmat lan pahalan iku satuhun puasa
wewann ya nahan atawa nguji jiwa nggo sing sering ngingkari karuniaN.

Agustus 2011.

















NunocHmAN SuoiaYo YS
Pangapura Bapak Ya Roomy

Pangapura, ya Roomy, yn bapa nira bli bisa njait sarung ira sing sowk, sedeng
ramadhan durung pragat lan mungkin ora ana pragat, sjn karo ngungkap dzikir.
Apamaning klambi koko lan kopyah sing bengen tak tukuknang wis bli kamot maning ning
awak ira. Sendal jepit sing biasa dinggo sira wis ping pirang-pirang manjing metu jaitan
kayan sampe tekang tiban riaya bli bakal ana klambi anyar nganggo sira. Sebab
bapanira kih masih jumeneng ning negeri sing kelem, bisa ba mlu klelep. Cuman donga
sing bisa nylametna bapak. Mulan bengn saben arep mbuka, bisa ngirim s dawegan
nganggo sira wong telu. Utawa tak kirim uga kilonan iwak seger persnan sing batur sing
along mekaya seminggu ning laut. Bisa nambah protin uga nambah rajin belajar maknani
urip uga kefanaan sing diotak-atik dning laku lampah dwk sing kudu disadari minangka
serat catetan sejarah sing ana regan

Pangapura, ya Roomy. Yn bapa nira bli bisa ngajak sira milih clana lan klambi, kopyah
anyar lan sajadah ning dina riaya, krana bapak masih durung pragat mragatna sisa dedalan
sing semstine diliwati sajron itungan dina, tanggal, wulan lan taun. Nanging saben
sembahyang bapak ngemu donga nganggo bahagia urip ira, sebab saben larikan donga
tek yakini akh pisan arepan kesimpen lan diyakini uga bakal dadi lawang seneng, kabeh
kepengnan bisa kewujud kanggo apa kang dn arani rumasa wedi lan disumbadani dning
sengkarut wengi sadurung bapak direnggut syakratul maut.

Agustus 2011.

























NunocHmAN SuoiaYo YS
Grimis Ning AIas Tiris

Natkala kemutan sampyan ning sewaktun bebarengan nyawangi balong amba ning
sajron alas tiris kang nggaw ati sun rasa keiris-iris. Duh, sekien mung dadi kenangan sing
manis. Klingan sedawan ngliwati dedalan ritual sing ora gampang diilangna. Kala semono
dirasakna sumliwir angin muara gaw bagja, lan kathon pasir lembut kegsr pindah
genah nggaw ati kula gegundah. Dadi gurit ndah sing nmpl ning koran-koran tangan
alus nekuk-nekuk ndadekna prau kertas, dikentiraken meloni tampekan angin. Samp
tekan bengi padang wulan mai werna ning saduwur mga

Samp ning dina sjen tak balni nyapa lembute pasir segara nira, duh alas tiris sun keguris
ning waktu kang bli tamtu dhadkna watu. Krana sun kudu pisah, gaw akh crita mendemi
rasa nggo terus nulisi gegodhongan. Karo geguritan, sendang lan watu-watu pada mlayu,
nanging kisik ira malah nyuarakna crita kang sjen. Dikafanaken mati lan urip trsna, sing
wis ngliwati akh kesalahan, uga wernan banyu muara kang saiki buthek letrek, mai tanda
wis landhep bumi kaya dhn watu karang utawa grimis ning alas tiris sing nyisakna tangis
lan banyu mata

Manis udan grimis ning alas Tiris, kaya dne crita tragis ilang larik tembung geguritan
sing melu jejogdhan ning pucuke tanduran mangrouf. Kabh ukara pada mlayu marani
kota-kota negerin wong melayu sing sekien luwih akh mai dedhalan padhang lan ngakoni
sekabh potensi sing bengn dadi kebanggaan bangsa kula. Sun lara, krana tresna kula
ning nuswantara digrogoti bendran negaran tangga sebelah.

2011.
























NunocHmAN SuoiaYo YS
Ngudag-udag MaIing oIor

Lagi apa maning sirakuh tor?
anak rabi sampenan bareng sekantor
jar wedi mekaya ning wiilayah kekotor
buktim sampeyan malah milih dadi mandor
tor-tor delengen anak ira sekien nambah gayor
gara-gara kak-en diempani klapa kopyor

Kenapa kudu dibersni, samentara kabh bli bersih
jar karo keluarga kudu silih asah silih asih
buktin sampyan bli kelingan ning trima kasih
delengen dikit klambi lan gena ira apa wis pada rapih
nembe bisa nyawang lan neliti wong sjen ba ngelih
du watek kuh tulung gah, aja salah silih, sih

Kita dwk bli ngaku wong sing kawntar
melu nggedkaken aran lan aturan aja samp kesasar
wong sing bener pasti angger
wong sing blasar pasti kesasar, los delengen ning pasar
senajan akh sing pada nganggo klambi anyar
bli kabh bisa wernan kembar
soal bagn pada gambar, atine sih bisa nyasar
bagn jare gemar, ning waktun pasti bisa ngalih kamar

Wis gah tor, aja lokat ngarani wong karap korup tor
bagn ngudag-udag samp rai pada jontor
mbuh sering melu prots samp ketotor
barang weruh dwk sing gaw kotor
dijamin akhir sampyan sing di dor
wis gah tor aja lok gawa-gawa kompor
ling belih pernah seawak-awak gepor
urip glasar-glosor kepngn terus dadi mandor
barang kelaksanan, bli kelingan rakyat
sing ning sor .

2010/2011










NunocHmAN SuoiaYo YS
Ngentni Gag Mrad


Sepuluh taun dicekoki virus kuasanira
sampnan klaln maknani sapa sebener sira
soal bengn sih akh wong weruh sepira modal
sekien sira sugih banda sugih harta
dunyan turun pitu pengn nguasai jagat, ya bisa
sebab sejatin sira kuh turunan rasksa

Buta ijo, buta terong. Du rabi due bojo ayu ...h
masih angger sering-sering srong
wayang buta lawan gatot kaca, kuwayang ning mata,
rabinira, platat plotot bli bisa maca
wacanen kahanan dsa sing pada bli karuan
rayat akh sing pada kaliren. Susah pari, sudah beras
lara ati bli waras-waras

Delengen sekien akeh dermaga pada pating brenjul
kurang watu, ngirit aspal dalan rusak pating blangsak
marani meng pedesaan, meng sekolah lan madrasah
gurune nggresah. Kelangan honor sing ketunda
gedong sekola bocor, tembok pada ambrol
wis bli pantes nggo nyitak bocah dadi pinter

Pandengen sing titen,tor, bocah lanang, bocah wadon
ngrasa tah rayat ira wis pada mangan sekolahan ,
buktin sekien wis bli gelem pada rerwang. Menggaw
ning sawah. Pengn gag pada du umah mwah.
rayat kaliyang kaliyeng karo dedonga ngentni
sampyan gag mrad
marani genah sing ngiras pantes dn turoni
patok kembar iku gena sira tot..tor..
wong sing kesohor dadhi tukang nyupatani.

2010/2011














NunocHmAN SuoiaYo YS
TeIungpuIuh Ioro dina

Telung puluh loro dina wis tek waca mendi karep sira
arep digawa mendi dsa nira, kita kuh wis weruh
dudu kenang kita sekien anggota masyarakat pangaweruh
mung kebeneran lagi akeh wong sing lagi; larah-luruh
jujur ba kita gn butuh.

Dadi wis telung puluh loro dina kita puasa
wis telung puluh loro dina kita mbayangaken sejara wong bengn
wis telung puluh loro dina kita butuh yatra
pokok kabh wis nyata. Kari dirkayasa
pasti sapa ba gn nerima

Kuh wis tak gambaraken sapa sebener bapa tua nira
olih telung puluh loro dina kula kabh dedonga lan puasa
ya embuh bener mbuh belia sandangan bapa tua jh
kaya pemuda jaman kien, kaos mreketet
awake kaya wong golangan, alias fitnes
senajan ati ngretes aja pada ngenes, sebabe bapa tua
nembe kewaca ning kula sawis olih telung puluh loro dina
Didongani uga digambari, dipepajang ning tembok negara.

2010 / 2011




























NunocHmAN SuoiaYo YS
Waduk Bojong

Ning genah sing angker kayang knn ana tlaga
kang diarani waduk bojong. Ndeleng akeh uwong
deken sapa adem banyu sing bersih lan ngangeni
samentara sun isin ndeleng kecopok iwak
sing kadang jrenggonok kaya iwak arepan nyolog
tak wanni ndodok meneng anteng kaya watu
karo mandeng wong-wong sing pada slorokan ning water boom
kaya dn mandeng raksksa sing medni kaya geni
mulad-mulad mbakar ati wis kesarad

Semestin sira teka ning wayah esuk, sawis ayam jago kukuluruk
sewaktun iwak-iwak dolanan pucukeng lung kangkung
kesurung ombak rincik cilik-cilik, gaw ati becik
ingeta aja samp ngganggu kahanan ndah sing ana
sebab yn dampe kepancing bakal mateni cacing
ingeta kien kih wilayah suci sing sekudun bebas merdka

Sebab buyut awit bengn durung pernah ntsi getih abang
apamaning iwak-iwak sing pada ngerumpul
sapinggirng waduk mulai klaln ning wayah suk.
sing diumbar mung suwara tanpa rupa karo tetembangan
tangis perih batin sing nemoni isin. Kadang ngundag-undang manuk
sing pating sliwer wulun gondrong ndengak sombong
sepisan pindo nyawang tumekaning bokong
kaya manuk dara sing kelara-lara, kaya kepudang sing diadang-adang
kaya jalak sing pating krak, kaya emprit sing pating jlrit
wis tekang endi mbangun tlaga atawa waduk bojong, karo wong-wong
negesaken keayeman rasa bebarengan, ana ning genah sing adoh,
padahal parek karo kota lan segara. Dolanan banyu mata nambah kekaca.

2010/2011














NunocHmAN SuoiaYo YS
Pring Pethuk Ngundang Sriti

Pring, pring, pring wit selapang mlangkring manjing godong garing
bung, bung, bung trubus rebung ambang ambung. Urip mung seneng
dirabang rubung. Pring pethuk jiwa pemingpin sing gelem pethuk
weru ning blenak rakyat, weru ning sengsaran rakyat, weru ning bakal sugi
pring pethuk mustikan oli asrak usruk, anak-putu tumeka ning waktu mbesuk
ngindari kedadian negeri sing bakal ambruk, gag temokaken pring pethuk
senajan mung bisan antak-antuk, nanging gaw batur pada wathuk.
pring pethuk, sing seringa pada pethuk, padha rujuk
aja doyan jalak-jaluk, mumpung umur durung tumeka ning suk
pring pethuk pilihen salah siji ning antaran pring kang apus
kuat-kuat ning pring, bagus-baguse ning pring
nanging ana sing luwih bagus timbangan mung sa pring pring
pring pethuk tumpal ketemu tumpal, bonggol ketemu bonggol
nanging ora salaras, nyungsang, ketemu mata kesawang
pethuk gumethuk bongkot karo pucuk, dadi mustikan pring
pilihan kamulyaning elmu, sejatianng dalan pekaya
puniki pring pethuk saged ngundang sriti
mustika sing diaji-aji. Gaw kumpul manuk dedali
sing bisa ngopeni sira sa-anak putun, sugih banda selawas
dadia pring pethuk, aja akeh jengak junguk
delengen jagat wis arep suk, bengn mlarat, magan sega lawuh krupuk
kien sugih mlawa dunya mangan wareg, awak teteg, duit pasti gableg,
turu ning kasur kang empuk, blajara ning mustikan pring pethuk,
tulung dadia menungsa kang ora kaken jalak-jaluk
werua bapa tua wis taklak tukluk, ggr wathuk, ngukluk, ngukluk
pengen dadi wong kang dijejuluk
padha dedua pring pethuk, aja samp nunggu awak pada remuk
dadia pemimpin sing gelem pethuk karo rakyat,
utaman sing kepanjing bangsa ptruk, garng lan munyuk
milia pemimpin sing gelem gathuk, karo rakyat cilik lan fakir miskin
dadia pemimpin sing amanah, kaya dn mustikan pring pethuk
urip sedina, sasuk ngurip-uripi dalan kesampurnaan,
nggo sangu mbesuk.

2010/2011.














NunocHmAN SuoiaYo YS
BIajar MiIih

Blajara milih mumpung lagi olih, satekan waktu pemilu lan pilkada
aturan wis robah maning, pribn carane kita kudu milih
kesukuran sampyan sekien wis pada olih hak milih
sebab bli saben wong nduni, utaman sing umure 17 tahun,
utawa wis pernah kawinan, kecatet petugas PPS yen olih nyontrng
kanggo sing durung du hak milih tontonen ba, pemilu lan pikada
teka'a ba aja isin-isin. Yn gelem awasana dhalane pemilu lan pilkada
sebab lokat ana ba sing slibuk, bulit, dolanan suaran rakyat

Kanggo sing arep pada milih. Manfaattaken
hak milih sampyan sebab kien kesempatan ,
nganggo blajar demokrasi, sebab pemilu lan pilkada
dudu ba sekedar basa-basi . Pilihen
calon pimpinan rakyat sing pancen mampu
lan sanggup mahami aspirasin rakyat,
pilih pemimpin sampyan aja pandeng parten
sebab sekien dudu jaman maning perang part
kenalana calon sing arep dn pilih, aja asal milih
krana dadi pemimpin iku dudu arep dadi pegaw
tapi nentukaken jabatan sing terhormat
minangkan pemimpin rakyat yaiku wong sing bakal
nrima amanah. Kena ngganggo batur rembugan
nyoal nasib rakyat
aja milih sing ayu yn klakuan bli kena digugu
aja milih sing gantng bokat jiwan durung mathng
aja milih kang sungih sebab weteng gampang ngelih
aja milih sing ngaku pintr krana pola patar puter
aja milih sing licik. becik ketitik ala ketara
pilien ba sing bener-bener ngejak bareng-bareng
Shat, waluya jati jatin waluya
urip bahagya karo sapepada.


2010/2011













NunocHmAN SuoiaYo YS
Negeri eIem

Krana tibanng pangucap manungsa kang dn umbar
ngaluwihi kuasan gusti
saiki kedelng ning mata sekabh jagat pada robah
menika angrupa tanda-tandaning jaman
bonggan sira ora njaga sakubeng alam
kedadian bumi sewaktun ndeleng tetanduran
senajana akeh udan, Ora ketulungan
ombak ged ning lautan gaw ngeri para nelayan
pesisir laut kepincrut tambah su tambah ciut
nyawang laut katon sewot, ombak ged
gumebyar krasa abot. wong nandur bako langka sing dadi
malah mati kesiram bocoran lenga
delengen ning sira dalan banyu sapinggir dermaga
durung pada dikeruki, Apamaning disndri,
akhir dadi kaln buntu, tutupan watu
kali-kali pada mati, kebangbat amarah emosi luru bati.
sekien delengen dalan-dalan manjing pedsan
kaya ombak-ombakan. aspal pada kroak,
dadi balong cilik anjul-anjulan
delengen alas ning wates desa, kaya ak sing pada ilang
wit ged kari bonggol, wit sedeng kari godong
tiba ning plataran bumi dadi siji capur lemah
nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabeh mahluk
sukma jalma menungsa, uga dhalan kita bisa ambekan
lumangkah sira kabeh ora seimbang
mulan mung bisa nembang. Sekubeng langit kumananda
lair tangis saben dina. Saiki pun samya kathon tingalen mawon
katah prau baita magrong-magrong nembusi langit
kesunggi benteng ketaton. Puniki pratanda ning jaman
ilang godong pac, mampet dhalan birokrasi,
tugel jalinan silaturahmi, sing wonten amung prdiksi,
korupsi pun dados aksi, kula tiyang alit mung saged nyaksni
kathah tiyang sami dahar daging sederk piayambek
ku kula sedaya sampun den temoni, Nagari puniki pun keleb
praja ne krem. Negari puniki pun kelem,
krem kebanjiran banyu mata.

2010/2011







NunocHmAN SuoiaYo YS
BAHTERA NUH

Hy, batur-batur, sedulur lan sobat sing masih percaya ning kula. pada kumpula.
Kaweruana sun wingi bengi olih impn. mpn kula dudu impen sembarang impen. Kien
impen sing tak yakini bakal kebuktn. Sebabe Ora pada karo impn sjn. Batur-batur,
rungokna ya, kien impen kula. Dudu impen wong kak'en turu. Dudu impn wong
kepngn sugih atawa wong sing masih mlik duyan tangga. Kien impn piwarah atawa
pituduh si Gusti Allah, Masih iman lan islam belih? Yn masih du man ya kudu percaya ya,
ya, ya. Ya apa ya.? Kala mau, sewaktun kita lagi turu, selayapan, ketekan wong klambin
putih, udeng-udeng putih, awak metu cahya. Pangucap adem, gaw tenang ning angen-
angen. Kala semono dwk kanda yn sun ditugasi mbangun kapal sing ged. Tapi
anh pada-pada nggaw kapal ged kon nggawn ning genah sing paling duwur, sing
umah lan bangunan apa ba. ckak luwih duwur sing kahanan kota iki. Artin kudu luwih
duwur posisin karo tempat rayat lan pejabat kabh sing ana ning kota lan dsa.

Sekien kita wis ana ning duwuran kotane sampyan. Ya..Paling duwur. Sun wis luwih sing
7 wulan ngewujudaken ipen kien. Sun sekien wis duw prau ged momot nggo ditumpaki
pirang ewu wong sing tuwa, balgh, wis kawinan lan sing duwni pola pikir. Bocah cilik, karo
wong tua sing wis doyok, sing bisane mung moyok, ora bakal tak trima numpak ning prau
kien. Sekien kari delengen kapal kita kih kapal modern. Pepek kenang segala kebutuhan
rakyat. Blandongan nggo rembugan, kamer wadulan lan nggo rembug sebaturan ya ana.
Pokok kapal kita kih mwah tur ndah lan pancn gaw betah. Eh sira sing kaya nyi
blorong kedelng pncap-pncep, ora percaya tah? h, sira moyoki kita dan, aja kayang
konon nok! Sadan rong dan sira ngucap ning lamb. Apa ora wedi tah, yn bebalik ning
sira, dadi dan temenan. Yn ,Ora percaya ya wis, kita sih ngajak sot, sing gelem, yn
pancn masih percaya kuasan gusti Allah sing masih mantep ning nuansan reformasi.
Sing tekad negakna bener, sing ndukung gerakan anti korupsi, sing dueni komitmen karo
wong cilik. ari pribadi nira ora cocog, ya aja moyok. Kita sih arepan ngajak plesir ning wong
sing gelem-gelem ba. Sun ora lagi ngobral janji, ora mung ngajak nggimpi. ayo ba
dibuktikna baka salah milih sing rugi sampan. Dadi rakyat bisan mung manglo. baka
diajak bener atin mingser. Wis aja kder-kder arepan milih mbuh beli, kita bli arep maksa.
Kien prau arepan mangkat. Ya Allah, puniki sajroning prau pun sami kempal mangga dipun
pasrahaken tng kuasan gusti kang Maha Agung lan Maha kaweruh. Dumadakan alam
peteng dedet, udan ged bli mari-mari. Gldg petir gaw atine pada kwatir. Banyu laut
Ngangkat mengduwur. Prau ged mulai kambang. Negarine sampan sekien keleb banyu
segara. Sun wis wanti ora bakal nulungi sira sing pancn milih sengsara. Muga slamet ning
perjalanan tek tinggal kabh sing masih nduweni kekotoran.

2008/2011











NunocHmAN SuoiaYo YS
SI WUDEL BODONG

Wilujeng rawuh pra priagung, puniki srana pun dn siapi
mugia ketampi. Raharja bagja tumuli
bayu, angin saking kulon, Tulung sing alon-alon
bayu, angin sing wetan, Aja gumagetan
rep rep sirep bayu sing lr
aja samya kumalawr, Rep angin sing kidul
anak putu kumanjentul, Kelawan muji syukur kaasihan gusti
ingkang pun paring rahmat, sarta hidayah
dumatng kula sedaya. Sumangga sareng mirsani

Ech lur,lur,lur dulur, kenalaken sun kih si wudel bodong
urip lagi dlapang-dlopong ndeleng laku lanpa menusa sing pada sombong
bli rumangsa cilik dibopong mati digotong
klalen yn jaman kih kaya tanduran tuwa sing wis pada growong
lamun asem, asem kopongan kih isun si wudel bodong

Kula kuh si wudel bodong, pngn mangan ndandak talang tolong
senajan weteng selalu kempong, sun emong gaw bohong
wajar ba yn sun modale bokong kadergah empan boled singkong
tangkrang tongkrong tangkrang tongkrong, ya isun si wudel bodong

Sejarah nyatet menusa jaman kien seneng barang-barang sing bodong
motor, mobil, tivi, hend pond, lemah pekarangan, jabatan ch ya bodong
surat-surat tur administrasi jaren wis akeh sing bodong. kenyataan
mending kita si wudel bodong, bagn gah puasa ngempong

sun kih si wudel bodong, mangan sebuntel lontong
nginume langsung sing gentong
sedina-dina darang dorong

Ya isun si wudel bodong. Kaya gedang sing lagi montong
wani ngadep sun tak jendong
ya isun si wudel bodong

2010













NunocHmAN SuoiaYo YS
emat Jaran Guyang

Nem tugelan adegan wis tak simpen sanjerone folder. Crita sing wis den tulis lan dibukukna,
"Migrasi sing Gamelan meng Gitar lan Suling. Sing awit bengn wis ketata ning almari
tua. Sejarah Tarling klasik lan muasal sing kekumpul sajron buku kuna, wernan coklat
tua sing wis lusuh. Kayane durung bisa diarani sinopsis. Mitologi masyarakat Pantura;
Tegal, Brebes, Cirebon, ndramayu sing sekien wis ngrambah meng seantro nuswantara.
Dhumadakan kula kepngn pisan ngringkes crita dadi drama sing ngrentes ning ati. Crita
rakyat tani lan nelayan ning kisik lor laut Jawa, kaya dn ngilikna banyu kali sajron
komposisi jentrng dawai gitar lan ngelik irama suling ning panggung legenda sing
kebuntel tragis drama kisah kasih suntuk awit bengi tumeka ning esuk.
Sun kelingan dongng Shakesphiere lakon Romeo lan Julit. Sewaktune tasyakuran digelar
dadi ajang pesta nira. Puluhan panggungan nangkepi taun-taun sing wis keliwat. Kaping
pindon tak sakseni wengi purnama. Ning sangisore tanduran gedhang. Ning wates pager
pring seantaran taun 70-80 an dibumboni jogedhan bocah wadon ayu, nggoyang bokong
ngrangsang pikiran wong jejogedan jaipong.
Krungu bengi iku ana sing cecelukan bebuka acara, Lakon dimulai "Ajian Kemat Jaran
Guyang. legenda Baridin lan Suratminah. Tek pai aran ning isun "Tresna sing kandas ning
ladang bias. Yn diinget-inget nambah ngeyakini yn awake dwk kih ya "Baridin",
nembangaken puisi jawa utawa geguritan karo irama gitar lan suling sing nyeseti ati.
sun perjaka tua, nunda-nunda perkawinan. Urip kaya kejepit ekonomi sing mrekicit
nyemperit. Sebab kanjeng bapak bli ngenal balik. Sebab pailit sing nggaw njerit. Tak pilih
urip bebarengan karo bu. Mbok Wangsih, buruh tani tukang dagang gedang sing tak
gadang gadang. sun Baridin. Maning Mbok Wangsih ning gubuk pring sederhana.
Sepinggir bengawan Kali Pemali karo puluhan iji tanduran gedhang uga nangka welanda.
Setundun matheng ning wit. Mbok kula, rangda setengah tuhu sing ndidik urip kawula. Ya
kula kih tukang mluku, rayat tani sing bisan mbajak sawah lan urip nggresah. Sira dwek
weruh kebo penarik, tak silih sing bapak kaji Darkum, wong tua sing murah msem lan
selalu bungah tumaninah.
Samp ning salah sawijin dina Mang Bunawas mai tugas mbajak sawah ning wates dsa
Jemaras. Secepon tumpeng lan bekakak ayam, nganggo ngiket pegawan, uga duwit
bayaran. Upah wis tek trima. Padahal kerja durung dilakoni. suk kaliwat nguculnya
sarapan. Weluku tek panggul-panggul ning nduwur bahu, isun mlaku alaon-alon marani
genah sing arep dituju.
Saat teka kaya dn mlesat panah. Ning salah sawijin dsa sepinggir kota sumber
Bawang. Bapak Dam saudagar sugih dunya lan kaya raya, karo nodokna modal
kesombongan, sikap kukuh lan angkuh, watek pelit dadi modal nggo bebulit. Urip
bebarengan karo anak prawan. Bocah wadon sing du mata adem, nambah ayu lan
awak sing denok debleng sempurna pisan. Suratminah sebutan sedina-dinan. Uma
gedh, ana ukiran lan taman modl arsitektur mewah. Bapak Dam, suk kuen nguculna
anak prawan sing arep lunga meng pasar, niat arep tetukuan nganggo nyukupi kebutuhan
pangan sadina-dinan. Maklum ba senajan sugih bapak Dam wis ora du rabi, ora du
bujang wadon. Wis biasa suratminah kang ditugasi blanja meng pasar lan wis dadi
kewajiban anak wadon.
Sepeninggal Suratminah, Haji Damiri geguyonan karo tangga batur. Kaya biasan
kelakuan Bapak Dam mamrna harta lan benda, nanging sewaktun dijaluki pecingan
atawa buruan sawis ngangkan ngongkon medit ora kejagan. baqhil jar wong arab.
Mr g hse jar wong sunda india'.. Mengkonon uga sewaktun tukang palak mampir
ngramal wa kaji Damiri, Bapak Dam bli gelem mbayar jasan, sebabe ning sjrone ramalan
si tukang falak Wa Kaji Damiri bakal mlarat, lan anak wadon prawan siji-sijine bakal dan.
Si tukang Falak diusir mbedir. Karo komat kamit ngrapal ajian pamungkas dwk mlayu
diiringi sawat sewot Bapak Dam sing terus terusan ngumbangi karo nyrawati si tukang
falak.
Ning sapinggir dalan sedurung manjing ning jeron pasar Brebes, Ratminah dumadhakan
digoda pemuda brandalan sing terus terusan muji ayu lan ganjen karo ngarepaken
rayuan bakal disambut ning suratminah, Nanging Suratminah malah bebalik ngusir
sekarak-kirik. Karo mameraken rai angkuh lan sombong, minangkan wong wadon anakk
wong sing paling sugih melawa dunya ning kotan. Ratminah biasa nglawan senajan
dewkan. Tapi niat arep blanja malah ketunda. Dina kuen dwk digaw mengkel
ngladeni kurangajar bocah-bocah brandalan ditambah ndongol Baridin sing ngajak
kenalan, lan njaluk dibaturi ngobrol lan demenan karo ngadiraken du weluku minangka
dunya sing dibangga banggakna.
Ketemu karo Suratminah nimbulaken gejolak asmara cinta. Baridin langsung tuniba ning
tresna. Dwk nyoba ngrayu karo tetembangan kebek sanjungan lan syair-syair indah
kaya kembang sing ditawur-tawurna. Kala semono Suratminah senak dwk ngewolak-
walik tembung sing diswarakna dening Baridin. Dwk nguyoni Baridin karo terus
ngldk. Baridin dianggep bli ngaca. Kaderan pemuda miskin. Sing klambin rowak rawk
lan clanane rombengan akeh tambalan, ditambah maning mambu awak krasa pengak
maklum ba sing diambu ning Suratminah aroma mambu kringet wong tani sing keringeten
sewaktune kepanasen.
Lagi gegojegan dumadhakan ana bocah wadhon cilik batur dolan Suratminah melu-,melu
ngec ning Baridin. Bocah wadon loro mau sengaja manfaataken perhatian Baridin. Lagi
asyik asyik ngrayu Suratminah. Karo tembang klasik sing ngusik ati h malah dari brisik
ngilangna wisik.
Gara-gara ketemu karo baridin, pikiran Ratminah bli bisa ilang. Jujur ba dwk
kesengsem karo kang Baridin. Sayang ba wonge miskin. Suratminah akhir gagal blanja
ning pasar. Dwk pegel, mangkel akhir balik karo ngedumel. Mengkonon uga Baridin.
Dwk wurung menggaw ning sawa Mang Bun. Baridin balik maning karo manggul
wluku sing masih garing. Dipanggul ning bau awak sing gering.
Mbok Wangsih kagt ora kepalang, ndeleng jagat masih awan, anak semata wayang sing
slalu dikudang-kudang malah lunglang karo sial siul anyul nembangake pikiran dwk.
Persoalan dudu ba duwit bayaran weluku lan brekat tumpeng sing wis entok dipangan.
Samentara Weluku n Baridin ora mambu endut ora mambu lumpur. Baridin meneng anteng
nycepi mbisu, dwk malah asyik nglamun. Mbayangaken pertemuanne karo bocah
wadon kanga aran Suratminah. Baridin klalen yn dwke ditakoni mbokk samp ora
semaur. Mengkonon uga sewaktun Mang Bun teka nakokna apa sebab Baridin gagal
wurung nggarap sawahe. Karo sant ba dwk ngucap. "Lamun masih ana sukiki knapa
sih kudu ana swot?,
Mang Bun njaluk duit lan brekat dibalkna maning. Baridin karo guyon sant ngongkon
supaya embok mbalkaken apa sing dijaluk Mang Bunawas. Mbok Wangsih bingung,
pribn arep mbalkenane. Brekat wis entok dipangan, Duit wis diblanjakaken. Baridin nyeluk
maning karo sante njawab ; "Lamun wis langka ya wis engowen ba sarung kula, nganggo
jaminan. Mang Bun akhir nrima ba Sarung kebanggaan Baridin, senajan wis
mambu apek lan bebuluken dipangan umur. .
Mbok wangsih nanggung isin ndeleng ulah anak lanang sing cepet pisan ngrubah watek.
Tapi dwk langsung bungah sewaktun krungu yn Baridin terus terang lagi demen
bocah wadon. Diceritakna yn dwk lagi gandrung lan ketiban tresna karo bocah wadon.
Kaya dn wong lanang sing normal, Baridin kepngen bocah wadon sing didemeni bisa
dadi batur urip. Krungu aba-aban kayang konon, bayangan Mbok Wangsih, bakal kelakon
du mantu. Selanjut kepngnan uga bisa kelaksanan bakal gag mongmong putu lan
uma nambah ram yn ana aban swaran bayi. Nanging Mbok Wangsih kagt ora
kejagan sawis krungu bocah wadon sing didemeni Baridin kuh nyatan prawan ayu anak
wong sugih. Apamaning krungu aran Suratminah anak siji-sijin sodagar bawang paling
ugih ning kota Brebes. Nanging saking sayang lan man ning anak lanang, ditambah krungu
yn bocah loro wis ana omong, tamtu ba Mbok Wangsih ora bisa nolak apa kang dn
jaluk dning Baridin sing ngongkon mbok Wangsih nglamar Suratminah binti Haji Damiri
ning kota Brebes.
Sepragat dandan pasan Mbok Wangsih sangu setundun gedang sing wis diimbuh,
unduan gedang raja sing wit ana ning iringan umah. Mbok wangsih maning Brebes dipai
weruh alamat lan ciri wats dening anak lanang kesayangan Baridin bin Daklan.
Ning umah' H. Damiri, pinggir wethan Kali Pemali Brebes. Krasa Bingung lan pusing
ngumpul ning endas Bapak Dam. Anak wadonne teka manjing meng umah karo
nodokaken rain sing ditekuk pitu. Cangkem mrengut karo mbalkkaken duit blanjaan
sing masih wutuh. Sewaktun ditakoni apa mulan teka-teka pasang rai asem, Ratminah
ora njawab. Dwk masih mengkel ning ula bocah pemuda brandalan pasar Brebes.
Apamaning yen ngling-ling Kang Baridin sing dhumadakan nibakna tresna lan kumawani
ngomongna asrat atin. Ratminah puyeng krana dwk nyimpen rasa pribadi karo Baridin
sing lucu, lugu lan konyol. Wis dadi wathek aslin yn dwk kudu tetep angkuh anggon
nodokna status sosial, minangkan anak wadon siji-sijine saudagar sing sugih dunya
ningkota Brebes.
Bapak Dam nglingaken Suratminah supaya cepet-cepet kawin ba, timbangan sering
pisan digoda dning pemuda iseng. Kepngn Bapan, Suratminah bisa gagiyan nerima
lamaran sapa ba wong lanang sing gelem tresna karo dwk. Bapak Dam kepngn
sajron uma ana swara tangis bocah. Ora kaya dina-dina sing krasa sepi. Soal senajan
ana swara cuma aban manuk prekutut lan jegugan si bopi, kirik cilik senengan
Suratminah.
Jegugan kirik kang aran Si Bopi, minangka sotoan ingonan wak kaji Damiri lan aban
tekk gaw pates dadi ptetan umah. Ratminah mung bisa meneng ngraketna cangkem
bungkem sewaktun disapa dening bapan. Dwk bingung, sapa sing bakal mbesuk
dipilih dadi lakin. Jujur ba dwk wis males sekolah. Senajan kaya mengkonon
Ratminah durung ngarti anggon maknani sejatin tresna.
Samp selanjut teka gonti-ganti, sing pada nglamar disambut rasa seneng dning bapak
Dam. Sayang saben teka wong lanang nglamar saben mengkonon uga Ratminah nolak.
Sekabeh sing nglamar kang di tolak Ratminah ngumpul, ning antaran ana dalang tarling,
saudagar bawang, juragan kayu, nsinyur bangunan lan kondektur bus sumber mengkreng.
Bebarengan pada nyerang lan ngc. Kabh pada ngujat Suratminah uga ning bapan.
Dasar wong sugih kang rumasan paling kuasa. Bapak Dam lan Suratminah, mampu ngusir
wong lanang sing rerombongan pada gagal nglamar. Tapi nemb ba arepan manjing jero
umah, lawang uma ana sing dogdog. Rupan ana salah sijin wanodya njaluk lawang.
Wong wadon mau karo ketok-ketok lawang dwk ram ndeleng kahanan uma bapak
Dam. Apamaning ndeleng mewa pajangan umah, manuk sing pating crot lan jegugan Si
Bopi. Suarane Bopi ora mandeg-mandeg jejegugan. Rupan si Bopi ngira wong wadon sing
teka kuh wong emis sing ora diundang.
Kala semono lawang langsung kebuka, Ratminah langsung mai sedekah. Wowadon sing
diparani Ratminah nolak. "isun Mbok Wangsih, mbok Baridin," dwk ngrasa kagum
ndeleng ayune Suratminah. Ning pikirane pating sliwer omongan. "Ya pantes anak isun
Baridin langsung demn lan ngotot njaluk kon dilamaraken ucape Mbok Wangsih.
Suratminah gag ba ngundang bapan krungu wong wadon sing ana ning adepan nolak
ora gelem nrima sedekah, malah ngaku dudu wong emis. Bapak Dam nambah kesel.
Nemb ba dipusingna dening ula wong lanang sing pada gagal nglamarkrana ditolak
dning Suratminah, h teka maning wong wadon anh. Nambah mangkl maning atin
sewaktun Mbok Wangsih mengutarakna maksud lan tujuan; sing arep melamar
Suratminah nganggo anak lanang kang aran Baridin.
Krungu maksud lan tujuan kang kayang konon, Bapak Dam langsung ba ngina, gc
krana kemlaratan n mbok Wangsih. "sira arep nglamar anak kira Suratminah, Apa bli
ngaca tah sira kuh! Nemb ba mau pirang-pirang wong sing kepandeng ana sing sugih lan
du pangkat ba ditolak dening anak kita Suratminah, h sekien sira mung modal tangis
karo gedang arep nlamar anak kita, kurangajar pisan. Ngc, sira ya. Ngina sira," jerit
baka Damiri karo nendangi Mbok Wangsih kongkon metu sing jero umah. Pancn Mbok
Wangsih mung nggawa gedang setundun, arep nglamar anak bapak Dam. Tentu ba
bapak Dam gemuyu, kala semono uga bapak Dam, nolak sesantere karo sewot ning
kelancangan Mbok Wangsih. Tapi Mbok Wangsih malah maksa njaluk lamaran den
trima.Dewek rasa melas pisan ning Baridin anak lanang sing paling diman. Mbok
Wangsih njaluk supaya Surtaminah njawab langsung.
Gertakan, tolakan lan hinaan bapak Dam ning jero atin Mbok Wangsih masih bisa tahan,
Nanging sewaktun krungu dwk Suratminah nolak lamaran, malah sikape bocah
prawan ayu kuen kuh kasar wani nendangi, karo riak iduh ning rain toli wani mbalangaken
gedang sasrahan meng awak mbok Wangsih. Langsung ba Mbok wangsih ora tahan,
atin krasa lara ora kejagan. Ati sanubarin krasa perih kaya den sowk-sowk. Karo mlaku
rmbtan dwk bebalik arah. Langsung balik karo nggrendeng nyalahna Baridin sing ora
gelem kekaca dikit sedurung nentokaken kepengnan. Awak Mbok Wangsih lemes
dhedes mlaku alon pisan nggawa perasaan sing kaya disowek-sowek. Mbok wangsih
ninggalna uma bapak Dam. Nggawa prasaan kebek penyesalan lan amarah ning Baridin
anake sing klewatan pisan ngongkon wong tua ngalamar anak wong sugih samp akhir
mengknn.
Ning gubug pring atep bleketpe, Baridin nyawangi langit sor sing wernan jingga karo
mbayangna ndongol wulan tipis sing kadoan. Barinin bayangane bisa nyandaki ndah
semlert abang sing mancar minangkan impn lan arepan sing pating trelapan ning
endas. Dwk asyik nglamun samp ning petit arepane bisa ngawin prawan pujaane
kang aran Suratminah. Sekien ning pikirane mbok langi nglamar apa kang dipngni, tapi
ujug-ujug dwk kelingan wis tekang sor durung ana ndongol.Nemb lagi dipikirna,
Baridin dikagetaken dening tekan Wangsih karo manceraken wajah kang sedih lan
buntelan gedhang masih wutuh digawa balik maning.
Baridin ping pirang-pirang takon, ora gag diwangsuli. Dwk ngira yn Mbok wangsih
kepegelen krana ora nemokna uma Suratminah. Tapi apa sing dikira malah kewalik. Mbok
Wangsih ngomong yn dwk gagal nglamar Suratminah nggo dadi rabin. Kagt ora
kejagan, Baridin ora bisa ngomong , kapitenggengen krungu critan Mbok Wangsih.
Amarah lan peri ati mbok masih bisa dn trima dning Baridin, krana dwk gah ngaku
kemlaratan sing njerat urip. Tapi krungu sikap angkuh Bapak Dam lan Suratminah sing ora
dn sangka kumawani ngina lan ngriak idui rai embok, justru sing gaw Baridin lara lair
tumeka ning batin. Ndadak sontak Baridin ngrubah perasaan sing maun demen, sayang,
cinta tresna samp jero dada, rubah dari benci, sengit, dendam campur angkara sing ora
bisa dn tahan maning.
Rasa resah malah nambah santer sewaktune mbok Wangsih ngusir dwk. "Mrad mana,
kita bli sudi du anak kaya sira sing gawn wewirang ning wong tua," jerit Mbok Wangsih
ngusir Baridin kon lunga sing umah. Krana ngrasa wis digaw wewirang dening sikap tolol
Baridin. Mbok wangsih muncul amarah sing ngluap, bengi kuen uga Baridin dn usir sing
umahe dwk. Mbok Wangsih ngrasa isin ndeleng sikap anake sing ora nimbang-nimbang
lan rumangsani yn dadi wong ora du.
Baridin, mlaku alon-alon karo ngrentes nahan lara sing pating semedot ning jero ati, jero
batin kaya dn sowek-sowk, nahan tangis, jejeritan ning batien krasa lara bli kejagan.
Dwk terus ba mlaku nembusi dedalan bengi kang peteng. Baridin nglangkah samp
adoh marani ngulon, karo sesumbar meloni nafas atin sing ngalir rasa dendam kang jero.
Samp ning waktun esuk juput ketemu karo sobat karib. Batur sing awit cilik sing biasan
dadi tempat dwk nyuarakna rasa, batin lan nasib sing sering kesiksa.
Gemblung Binulung pancen ora sekedar aran. Bocah kuen kuh batur sing setia ning Baridin,
senajan katon kaya wong gemblung tapi sejatin atin bagus sering tulung pinulung.
Gemblung prihatin krungu nasib Baridin. Kala semono uga dwk munculna gagasan
du niat nulung sobate, nganggo ngredakaken geni tresna Baridin ning Suratminah. Kala
semono Baridin ora percaya yn Gemblung sing rain bloon kuh nyatan bisa nduni tamba
ibarat mai segelas banyu nggo netesi gorokan kang lagi aus sebab nasib kang slalu sial.
Tapi setelae gemblung nodokaken wasiat ajian tinggalan almarhum bapan, Baridin
mulai percaya. Dwk noba maca rapalan sing ketulis ning kertas coklat tua. Barang
diwaca judul " Ajian Kemat Jaran Guyang awak dhumadakan goyang, dwk kaget ora
kejagan.
Jar omongan gemblung sing dadi sobat, Baridinpun selanjut dikongkon adus supaya
badan seger lan suci, selanjut kon puasa pati geni sun 40 dina patang puluh bengi.
Baridin ora kena mangan ora kena nginum. Selanjut kon ngrapalna niat karo maca serat
ajian, ning sewaktun bengi kurang luwi waktu jam 12 bengi. Saran mau kon
dilaksanakna ning sajrone sepi kang wisik. Baridin ora mikir dhawa maning. Maklum
dwk ngrasa atin wis lara. Mulan gag ba tas bebersih badan bengi ning dina lair
langsung ba ngrapalaken Ajian Kemat Jaran Guyang karo bebisik jeritaken rasa lan
keperihan atin ning sejagat alam lan seisin.
"Niat isun arep ngemat...dudu ngemat-ngemat tangga dudu ngemat wong balik pasar. Sing
tak kemat... bocah wadon sing gembleng, ayu rupan, anak bapa Dam, wong sugih ning
kota Brebes, Teka welas, teka asih, asiha ning badan isun, kdanan ning badan isun. Yn
lagi turu gag nglilira, yn wis nglilir gag tangia, njenggelka, mlakua lan mlayua karo
nyebut aran isun, brengnga kaya jaran guyang........."
Sakubeng jagat dhumadhakan kaya goyang. Langit munculna hawa kang panas.
Mambun menyan ngrambah mengendi-endi. Ratminah sing ngrasa mambun langsung
tangi ora bisa turu maning. Krana lemah iman lan urip selalu sombong, angkuh, lan rada
kejem, bengi iku jiwan langsung kesirep dning ajian kekuatan jagat mulan senajan lagi
turu lali gag tangi.
Ning uma Bapak Dam, kala semono jam siji bengi. Bapa Dam uga ora bisa turu digaw
pegel dening aban tekk sing moni bli mari-mari. Mengkel Bapak Dam uga dikrasakna
sewaktun ngitung aban tekk tiban angger ba ning itungan mlarat. Semono uga
sewaktun diwalik ngitung sing mlarat dikit, ya pada dwk kepegelen mangkel nambah
dugal diitung ping pirang-pirang tetep ba oli mlarat. Mengkonon uga sewaktun ana
tukang nabuh Tongprk liwat, sing biasan nggugah wong sing arep sholat wengi. Si tukang
ronda uga ngrasa anh. Dwk kagt krana bapak Dam bli pranti-pranti durung turu
samp tengah wengi. Giliran dikongkon ngitungna aban tekk, si tukang ronda uga pada
bolak balik oli tiba ning mlarat. Bapak Dam kecwa, dwk nambah pusing, senwen
lan akhir ngromd dwk ba.
suk sewaktun cahya srengnge kaya ora kiyeng ndongolna rupan Rasa pegel lan
kesel terus-terusna nambah lan teka nggaw ruwed ning pikiran bapak Dam. Bapak Dam
kagt maning ndeleng ulae Ratminah sing cepet pisan robah, biasan trengginas kien mah
malah males-malesan lan sedlat-sedlat gemuyu karo ngoong dwk, cengar-cengir
nyebut na aran kang ora dn kenali bapak Damiri. Bapak Dam ora ngarti kenangapa
Ratminah tiba-tiba rubah watek lan sering ngucapna aran Baridin. Ning batin bapa Dam,
sapa iku Baridin sing dimaksud anak.
Pegel Bapak Dam, semadan nambah saate Ratminah kon nggodog Wedang, barang
dienteni su, malah ndongol karo nggawa golok. Mengkonon uga sewaktun dikongkon
adus, eh malah dodok dewkan nyempog ning pojokan tembok. Maning-maning Ratminah
nyebut-nyebut aran Kang Baridin, mengkonon ba terus terusan diulang-ulang. Bapak Dam
nambah bingung sewaktu anak kon ganti klambi. Dandanan malah nganggo pakan
bekas bujang lawas. Kucel, kotor, lan rambute kaya sengaja dirimbyakna ora disisiri.
Dumadhakan Ratminah metu sing umah karo ,mlayu, terus ba mlayu lan jejeritan gemaya-
gemuyu kadang dwk nakoni tangga teparo lan wong-wong sing detmoni. Takon
langka liyan mung "sampan weru beli kang Barinin?' ning endi Kang Baridin, ana ning endi
Kang Baridin?
Ratminah terus mlaku nambah mlayu nambah adoh ninggalaken uma uga bapan sing
bingung dwkan. Ratminah mlaku saking cepet, karo mlayu pirang-pirang dina kaya jaran
ucul sing gedogan. Langka pegel. Dwk jejeritan kaya dn jaran sing klaran, karo
nyebut-nyebut arane wong lanang; Kang Baridin, kang Baridin, Ratminah mlu, Kang
baridin. Ratminah klaln mangan klaln nginum. Dwk jejeritan kepngn gag ketemu
karo Kang Baridin. Ratminah keguncang jiwan. Sikap brubah dadi labil. Dwk sekien
muja-muja Baridin lan mlaku secepet karo ngundang-undang aran Baridin. Ratminah
nganggo guyonan bocah-bocah cilik, dwk meneng ba sewaktun disrawati lan
dicluki Ratminah dan, Ratminah dan. Soal pancn pantes pisan yn dwke disebut
Wong dan.
Bapak Dam dumadhakan mlarat. Duit entok diawur-awuraken nggo mai upah ning tangga
lan wong-wong sing ngaku bisa nambani Suratminah malah-malah bisa nggolati mendi
paran Suratminah. Duit terus terusan kebuang, hasil nihil langgka sing bukti. Samp ning
salah sawijin dina dwk ngalami rugi paling gdh, sebab wong sing ngira bisa
nemokna Suratminah kelawan ciri-ciri rambut andan-andanan nganggo klambi rombng
lan saben setitik-setitik cangkem nyebut aran Baridin nyatan salah. Sing digawa dudu
Ratminah. Wong wadhon sing sedalan-dalan nggolti Baridin sejn Ratminah yaiku Mbok
Wangsih. Dwk dprsi krana terus terobsesi, akibat salah perspsi, Bapak Dam sing
wis ketiban melarat, akhir lunga ninggalna uma, embuh mendi parane. Mlakun gleang-
glong kaya wong sing kempong karo nahan isin lan sejuta penyesalan. Dwk
terusmlaku karo takon pinakon ning wong-wong sing ditemoni; nakoni mendi paran anak
wadon sing paling dn sayangi Suratminah, karo nangis sedalan-dalan.
Mbok Wangsih kondisi badan keiket, nasib ana ning kuasan Bapak Damiri. Terus-
terusan ba ngrngk karo terusan nangis. Dwk njerit, ngratap jejauk tulung. Ning
sajron jerit janji sapa ba sing bisa nulung nguculna tali sing nyindet awak saingga dadi
nambah sengsara; yn sing nulungi wong lanang dwk janji gelem dipt rabi lan arep
setia ning sing dadi lakin.Lamun sing nulungi wong wadon dwk janji arep ngaku
sedulur lan gelem dikongkon apa ba. Sumpa Mbok Wangsih rupan dirungokna dening
kuping Gemblung Binulung. Pribasan pucuk dicinta ulam pun tiba, apa sing diarep-arep
gemblung awit bengn dadi batur Baridin bakal bisa kelaksanan, akhir Gemblung nulungi
Mbok Wangsih lan dwk uga langsung mai weruh posisi anan Baridin kala semono.
Mbok Wangsih sing ditulungi awit-awit bingung setengah mati. Ari bli dituruti ya priw wis
ngomong. Ari dilakoni ya isin ning anak. Mangsa iya batur anak dipt laki ning dwk.
Tapi nasi wis dadi bubur. Akhir Mbok Wangsih nurut ba digandng ning Gemblung
Binulung. Ning pikire Mbok Wangsih, senajan Gemblung tapi ya bagus atn-atn gemar
tulung pinulung. Krana rumasa slalu terus nrima kebagusan Gemblung Binulung, mbok
wangsih ora bisa nolak nrima untung. Dwk ngiklasna senajan kudu mbuyar gelung
ngrangkul gunung.
Jagapura sewaktun awan. Aban swara kecopok kroakan lemah teles ning sawah.
Manuk-manuk bondol pating cruit ning seantaran glatik, ketilang lan prenjak. Baridin ora
pegel-pegel terus-terusan kerja meluku sawah, karo nyabeti pecut meng awak kebo. Karo
tetembangan kiser perih sing lirih. Baridin kaya lagi nyeneng-nyenengaken atine dewk
senajan jero ati sanubarine lagi nelangsa. Dwk masih durung mragataken puasa lan
durung buka. Janjin sedurung ndeleng karo mata dwk, apa sing wis dialami Ratminah.
Utaman berkat jasa persahabatan karo Gemblung Binulung ning sewaktun linglung iku
dwk malah dn tulung.
Samp tekan Suratminah ning petitan pegel bli kejagan sawise mlaku adoh nggawa perih
lan gairah tresnan sing mulad-mulad, deweke terus ngolati, karo bebeluk aran Baridin
samp akhir sekien dn temoni. Ning pinggir sawah sing lagi diweluku. Baridin nyaksni
ana bocah wadon sing wis dikenal, lagi nangis. Rain masih tetep ayu senajana wis
kecampur awu dedalanan. Klambin pada rombeng dilabur noda ireng, kotor lan mambu
lumpur, sebab sedawan dalan nyateti perih. Suaran nekek tambah su tambah serak,
krana terus-terusan ngundang undang aran. Si bocah wadon nangis ning sikil Baridin sing
tetep ba mbisu minangka arca, alon pisan swara sing metu sing cangkem cilike, karo
jejaluk pangapura. Tapi Baridin tetep kekeh ora goyah, terus meneng, meneng lan terus
anteng. Sedurung Ratminah arep njaluk pangapura maning, Baridin malah mbongganaken
sikap sing blsak lan sombong Suratminah karo Bapan sing wis ngc lan ngina Mbok
wangsih, si mbok sing paling ditresnani.
Ratminah ora kuat nahan pendheman tresna lan kasih sayang sing pada ucul. Dwek
sujud dheprok ning sikil Baridin, karo sisa-sisa tenagan. Ratminah rubuh, diremes samp
pada kaku sekabh urat lan sendi-sendi lan getih ning sajron awak kesumbat niatan
niatan karo ngucap. Awak lemes dedes. Ratminah ninggal dunya sing mlilit sekabh
pikiran. Baridin kagt ora kepalang mandeng mata Suratminah sig wis wewalangen. Wong-
wong bebarengan ngangkat awak ning dhuwur dipan salah sijin umah gubug sing parek.
Kabh wong sing ning kono ora ngarti apa sing wis kedadi. Jagat awan dhumadakan riem-
riem ngilangna cahyane srngng, plangi mbayang ning saantaran udhan grimis.
Banyumata ngucur ning piipin Baridin. Dina kuen jasad Suratminah dikubur ning
pesaran Dsa Jagapura.
Angin sor mareki tekan wayah magrib, pragat jamiyah tahlil ngaburaken donga ning
almarhumah Suratminah, Baridin dumadhakan tiba kejengkang. Dwk ora kuwat nahan
pegel lan kesel. Awak nglumpruk kaya karung kosong. Niat arepan buka sawis tirakat 41
dina ora keburu mangan. Jiwan ucul ning swaktune sandakala. Dwk nutup matan
awak mluruk ning dhuwur lemah ning arep majelis tahlil.
Sedina-dina rakyat dsa Panguragan dipayungi mendung peteng dhedet ireng bureng sing
kadhoan krungu swaran gagak nyogok kuping. Mayid Baridin suk dijjr pasang ning
iringan kuburan Suratminah. Minangka pasangan tresna sing agung sajrone kubur.
Sedeng banyumata wong tuwa, batur-batur, lan sedulur parek sing uga nresnani dwk
uga isun sing melu nongton sing kepisah jarak 20 mtr wates panggung, mung bisa
ngusap banyu mata ning antaran makam pasangan sing gagal nganggo klambi pengantn
ning alam dunya. Kabh melu dililit ora berdaya maknani bedan status sosial lan konomi
sing wis bubrak. Jerit tangis lan banyumata tuniba kaya dn udhan ning akhir pntas. Ning
endi-endi, malah sewaktun tek tulis maning crita kien, ngingsrek tangis nggrentes ora
ketahan. Kabeh nangisi, kemlaratan demi kemlaratan sing slalu ba dadi jarak dijalanakn
tatanan hukum lan penguripan. Slalu bae dadi sumber petaka urip menungsa.***

*Disari sing crita drama tarling "Baridin dening H. Abdul Ajib,
Cirebon -ndramayu 2011

Anda mungkin juga menyukai