Anda di halaman 1dari 4

Bahasa Jawa.

-Semoga diberi keselamatan dan sampai tujuan


*Mugio selamet wilujeng ngantos papan panggonan
*mugi di paringi slamet, dumugi ing pangenan
*mugi-mugi dipun paringi slamet, dugi wonten papan panggenan.
*mugio pinaringan wilujeng dumugi papan panggenan.

-semuanya benar, nggak ada yang salah


*sedoyonipun leres.. mboten wonten ingkang luput

UCAPAN SELAMAT DALAM BAHASA JAWA:

sugeng enjang = selamat pagi


sugeng siang = selamat siang
sugeng sonten = selamat sore
sugeng ndalu = selamat malam
sugeng rawuh = selamat datang
sugeng tindhak = selamat jalan
sugeng makaryo = selamat bekerja
sugeng warsa enggal = selamat tahun baru
sugeng tanggap warsa= selamat ulang tahun

ANGKA DALAM KROMO:

1 = setunggal
2 = kalih
3 = tigo
4 = sekawan
5 = gangsal
6 = nem
7 = pitu
8 = wolu
9 = songo
10 = sedhoso
11 = setunggal welas
12 = kalih welas
13 = tigo welas
14= sekawan welas
15 = gangsal welas
20 = kalih dhoso
21 = selikur
22 = kalih likur
25 = selangkung
30 = tigang dhoso
50 = seket
100 = satus
1.000 = setunggal ewu
10.000 = sedhoso ewu
1.000.000 = setunggal yuta
1/2 = sepalih
1/4 = seprasekawan

UCAPAN ULANG TAHUN DALAM BAHASA JAWA

Ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa kagem…….. Mugio panjenengan pinaringan wilujeng


selamet lan lumebering rejeki kaliyan pinaringan kasihatan dening Ingkang Murbeng
Dumadi, Allah SWT.
Sugeng Tanggap Warsa Dumateng…. Mugi Gusti paring panjang yuswo ingkang barokah,
Mugi Gusti tansah midangetaken pandonga (bapak/ibu dll), paring bagas kasarasan lan
katentreman.
Nderek ngaturaken sugeng tanggap warso dumateng Ibu/bapak. Mugi tansah pinaringan
sehat soho kaberkahan deneng Gusti Allah.
Sugeng tanggap warso kagem……, mugi Alloh swt mengalirkan kanugerahan ingkang
wilujeng, tentunya adalah dimudahkan dalam segala urusan di dunia dan akhirat.
Sugeng tanggap warsa nggih para sedherek (jika lebih dari 1 orang), mugi tansah
binerkahan, kaparingan panjang yuswa, lan rejeki ingkang murwat.
Sugeng tanggap warsa cah ayu…. ing sambekala dilambari bungahing ati ayo dedongo,
Mugi tansah pinaringan sih rahmatipun Gusti.
Hangaturaken sugeng tanggap warsa.. Mugi – mugi Gusti Ingkang Kinasih saget
nyembadani punopo ingkang dados gegayuhanipun, tansah pinaringan wilujeng, ayu hayu
rahayu.
Sugeng tanggap warso kagem … mugi-mugi tansah pinaringan bagas waras lan rahayu,
tansah slamet kalis ing sambikolo, monggo dipu aturi dahar bancakaan saking poro
widodadri khayangan
Sugeng tumbuk warsa, mugi tansah pinaringan karahayon saking Guti Allah Ingkang
Maha Agung.
Sugeng tanggap warsa…Mugi-mugi tansah pinaringan berkahing Pengeran
Ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa Ingkang Kaping Kalih, Mugi Tansah Pinaringan Rahayu
Kagem Sedulur.
Sugeng tanggap warsa…..doaku selalu menyertaimu tambah ayu lan lemu soyo pinter lan
duwur n tetep tresno aku tekan ajal tekoSlamet Ulang Tahun, muga-muga tinambahe
umurmu dibarengi tinambahe becike atimulan mantepe kadewasanmu.
Ngaturaken sugeng tanggap warsa, mugi tansah pinaringan rahayu, lan barokah saking
Gusti Alloh, amin
Salamet deui warsih, panjang umur sarta muga gancang bisa jodoh
Salamet deui warsih, panjang umur sarta murah rejeki, sarta sukses dina pakasaban

DOA DALAM BAHASA JAWA

Wong Jowo tapi gak bisa bahasa jawa. Itulah saya. Bukan berarti tidak bisa sama
sekali. Bisa, tapi terbatas hanya pada bahasa sehari-hari. Itupun bukan murni
bahasa jawa, karena orang banyak menyebutnya bahasa Suroboyo. Meski ada kemiripan
tapi sebenarnya pembedanya sangat jelas ! Bahasa jawa itu halus, bahasa Suroboyo
itu kasar ! Seperti kebanyakan sifat penggunanya. Tapi jangan juga dikira mereka
yang tinggal di luar Surabaya selalu bisa berbahasa jawa. Belum tentu ! Kalaupun
mereka berbahasa jawa, bahasanya mayoritas di level ngoko. Sedangkan kromo sudah
agak langka, apalagi kromo inggil.

Saat ini bahasa jawa yang digunakan di tanah jawa sudah tidak murni jawa lagi.
Sudah banyak bahasa diluar bahasa jawa dipaksakan masuk dalam kalimat-kalimat
bahasa jawa. Termasuk bahasa sinetron yang banyak mempublikasikan bahasa gaul.
Sebuah bahasa yang enak bagi orang muda tapi membuat gatal telinga orang tua.
Karena tidak lebih baik dari bahasa jawa yang sudah ada. Padahal bahasa jawa itu
mempunyai dua level lagi diatas level ngoko yakni, kromo dan kromo inggil. Dua
level yang kadang bisa berbeda jauh dalam tiap-tiap kata-nya. Mungkin hanya mereka
yang sudah tua dan mereka yang serius mempelajarinya yang bisa mengaplikasikannya
dalam komunikasi sehari-hari.

Meski terasa sangat subyektif saya sangat mengagumi bahasa jawa kromo, apalagi
kromo inggil. Tapi sayang saya tidak mempunyai kemampuan untuk keduanya, karena
bahasa saya di jiwai oleh dua bahasa, jawa dan madura. Ibu jawa bapak madura. Meski
maduranya bapak berada di tepian pulau Jawa sisi timur dan relatif lebih halus
penyampaian kalimatnya, tetap saja kasarnya lidah Suroboyo membuat sulit berbahasa
dengan cengkok asli Jawa leluhur. Itulah kenapa saya selalu senang ketika mendengar
rangkaian bahasa kromo dalam untaian do`a yang diungkapkan para pakarnya.

Meski juga terbilang bodho, saya juga selalu berusaha untuk menterjemahkan ngoko
kasarnya bahasa saya agar terkesan lebih halus meski cuma sedikit sekali bedanya.
Jika selama ini saya berdo`a menggunakan teks bahasa Arab seperti umumnya, kali ini
saya mencoba untuk juga membiasakan lidah dan bibir berdo`a dalam kalimat bahasa
Jawa agar lisan juga sadar bahwa dalam dirinya mengalir darah jawa. Juga agar hati
selalu ikut hanyut dalam aliran kata dan kalimat yang terungkap dalam setiap kali
kita memanjatkannya. Berikut adalah teks do`a yang saya coba sajikan meski masih
terasa benar permukaan kasarnya.

Teks Doa Bahasa Jowo.

Ya Allah ya Rab, Panjenengan limpahaken shalawat dumatheng kanjeng Nabi Muhammad


SAW. Mugi kanthi barokah shalawat meniko panjenengan paring kebebasan dumatheng
kulo sedhoyo saking bencana lan musibah ndunyo kelawan akhirat. Ya Allah ya Karim,
panjenengan tetepaken wonten manah lan dhohir kulo mantep dumatheng agami Islam,
panjenengan jagi Iman sa`lebete manah kulo sedhoyo ya Allah supadoso mboten enggal
sirno saking sa`lebetipun manah

Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk ingkang leres
ya Allah, nggih petunjuk supadoso kulo sedhoyo sageto istiqomah wonten margi
ketakwaan dumatheng panjenengan. Ya Allah ingkang kagungan sedhoyo kamulyaning
jagad, panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah kesehatan jasmani lan kesehatan
rohani, ugi panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah sugihipun manah lan Iman
dumatheng panjenengan ya Allah.

Ya Allah ya Rab, panjenengan limpahaken wonten manah kulo raos ajrih dumatheng
panjenengan, raos manah ingkang saged ndadosaken benteng saking lelampah maksiat
dumatheng panjenengan. Ya Allah, limpahaken datheng manah kulo sedhoyo raos tansah
kepengin taat, nunduk lan pasrah maring panjenengan, Ugi Raos ingkang saged
ndadosaken kulo lan sederek kulo sedhoyo kalebet wonten suwargo panjenengan ya
Allah, Ya Allah ya Rab, panjenengan gesangaken keyakinan ingkang saged ndadosaken
ringan saking sedhoyo beban penderitaan, raos kepengin mbales dendam lan sedhoyo
musibah ingkang nyoto utawi ingkang taksih samar.

Ya Allah ya Rab, panjenengan dadosaken sae rerungon lan netro kulo ya Allah, lan
sedhoyo kekarepan sarto kekuatan ingkang kalebet wonten manah lan dhohir kulo, ugi
panjenengan dadosaken sedhoyo meniko wau warisan kangge anak keturunan kulo sedhoyo
ya Allah. Ya Allah ya Karim, Panjenengan paringi dalem doyo utawi kekuatan manah
saking sedhoyo tiyang ingkang dzolim dumatheng kulo lan sedhoyo sederek muslim, ugi
panjenengan paringi kulo lan sederek kulo sedhoyo pitulungan saking jahatipun
tiyang-tiyang ingkang musuhi agami Islam

Ya Allah ya Rob, sampun panjenengan timpahaken musibah dumatheng agami kulo, ugi
sampun panjenengan dadosaken sedhoyo gebyaring ndunyo minongko tujuan gesang kulo,
Ya Allah. Sampun panjenengan paringaken dumatheng kulo sedhoyo pemimpin ingkang
mbalelo dumatheng printah panjenengan, pemimpin ingkang mboten kagungan raos ajrih
dumatheng panjenengan, lan pemimpin ingkang mboten kagungan welas asih dumatheng
sa`kathahe umat Islam.

Ya Allah ya Rab, kanthi sa`leresipun Fatihah lan kanthi rahasia ingkang ke kandung
wonten serat Fatihah, kulo nyuwun dumatheng panjenengan supadoso saged sirno
sedhoyo kesedihan lan penderitaan wonten gesang kulo sedhoyo, Ya Allah ingkang
kinasih dumatheng sedhoyo umat, gusti Allah ingkang saguh nebihaken sedhoyo bala`,
panjenengan tebihaken sedhoyo bala` bencana ya Allah, kekejian lan kemungkaran
wonten sa`lebete negari. Ugi panjenengan tebihaken sengketa, kekejaman lan
peperangan ingkang kasunyatan wonten netro ugi ingkang taksih samar, ingkang
kawontenan sa`jeroning negeri kang kulo panggeni ugi ingkang dipun panggeni sedhoyo
umat muslim. Panjenengan tebihaken ya Allah 3x.

Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk supadoso kulo
sedhoyo saged nglampahi tobat kanthi terus-terusan saking sedhoyo dosa lan
kesalahan-kesalahan, ugi panjenengan lindungi kulo lan sedhoyo derek kulo saking
kathahing perbuatan maksiat lan sedhoyo ingkang dados panyebabipun. Panjenengan
dadosaken kulo sedhoyo tiyang ingkang tansah eling dumatheng panjenengan ya Allah
sa`derenge dumugi hasrat nglampahi karep maksiat.

Ya Allah ya Karim, panjenengan sirna`aken saking pikiran kulo sedhoyo perasaan


wontene manfaat saking perilaku maksiat, panjenengan gantos kalihan perasaan benci
datheng sedhoyo bentuk lelampah maksiat ya Allah. Ugi panjenengan gesangaken saking
manah kulo sedhoyo raos kanthi kepengin tobat dumatheng panjenengan, tobat saking
doso lan sedhoyo kesalahan-kesalahan ingkang sampun kelanjur kulo lampahi.

Ya Allah ya Rab, panjenengan ngapunten sedhoyo doso lan kesalahan kulo, sedhoyo
doso lan kesalahan tiyang sepuh kulo ya Allah. Panjenengan paringi welas asih
datheng kekalihipun kados kekalihe taksih gesang lan ngrawat kulo ing wekdal alit.
Ugi panjenengan paringi ampunan doso lan sedhoyo kesalahan dumatheng tiyang Islam
ya Allah, tiyang Islam ingkang jaler utawi ingkang istri, ingkang taksih gesang
utawi ingkang sampun suwargi.

Ya Allah, panjenengan ampuni lan panjenengan kinasihi kulo sedhoyo ya Allah,


keranten namung panjenengan ingkang saged maringi sedhoyo panyuwun kulo, Ya Allah
ya Rab, mboten wonten malih kekuatan kejabi saking pitulungan panjenengan ya Allah,
Gusti ingkang maha agung lan maha luhur.

Panjenengan paringi panjang umur kulo sedhoyo ya Allah, panjenengan paringi sehat
lahir lan bathin kulo, panjenengan paringi cahyo wonten manah kulo lan panjenengan
tetepaken Iman kulo ya Allah, panjenengan dadosaken sae sedhoyo amalan kulo ugi
panjenengan jembaraken rejeki kulo sedhoyo. Ya Allah ya Rab, panjenengan cela`aken
kulo sedhoyo wonten tindak kebecikan, lan panjenengan tebihaken kulo sedhoyo saking
tindak kejahatan.

Ya Allah, Panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, panjenengan suceni manah kulo
saking sedhoyo bentuk tindak kejahatan, lan panjenengan unggahaken derajat gesang
lan mati kulo sarto sedhoyo sederek muslim ingkang kagungan Iman ya Allah.

Ya Allah ya Rab, panjenengan kabulaken sedhoyo tujuan gesang kulo ingkang sae,
semanten ugi tujuan sak sampunipun pejah kulo. Ya Allah ya karim, namung
panjenengan ingkang saged angabulaken sedhoyo panyuwunan abdi-abdi panjenengan ya
Allah,.. panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, nggih hajat wonten agami, hajat
ndunyo, lan hajat akhirat, ya Allah sa`leresipun panjenengan maha kuwaos dumatheng
sedhoyo ingkang dumunung ing sa`jembaring jagad, dalem nyuwun dumatheng panjenengan
ya Allah 3x.

Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal
hamdulillahi rabbil `aalamiin.

Anda mungkin juga menyukai