Anda di halaman 1dari 2

Garebeg Sekaten

Garebeg Mulud asring kasebat Sekaten. Garebeg Sekaten kapendhet saking namaning gamelan
pusaka Kyai Sekati ing kraton Ngayogyakarta. Gamelan Kyai Sekati dumados saking kalih prangkat
gamelan, inggih punika gamelan Kyai Gunturmadu kaliyan Nagawilaga.

Gamelan Kyai Sekati dumunung wonten ing pagongan sisih ler lan pagongan sisih kidul ing kompleks
Mesjid Agung Kraton Ngayogjakarta. Gamelan punika dipunthuthuk tanpa kendhat, kajawi ing wayah
salat lan malem Jemuah dumugi salat Jum’at. Gendhing-gendhing ingkang dipunungelaken sedaya
anggitanipun para wali sanga. Utaminipun Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, Sunan Giri, lan Sunan
Kudus. Gendhing-gendhing kala wau ancasipun kangge syiar agami Islam. Pramila nama-namaning
gendhing ngangge basa Arab kanthi lafal basa Jawi. Tuladhanipun Salatun Subinah, Ngajatun,
Sumiyah,lan Jaumi.

Ing Kalender Jawi, wulan Hijriyah Robiul Awal kasebat wulan Mulud. Sekaten utawi Garebeg Mulud
kawontenaken dening Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ing wulan Robiul Awal. Satunggal minggu
saderengipun pengetan miyosipun Nabi Muha Muhammad SAW. Dening masarakat ing Surakarta lan
Ngayogyakarta garebeg Mulud limrahipun kangge pisowanan.

Adicara ingkang baku inggih punika Garebeg Mulud utawi Pasowanan Mulud utawi Sekaten. Adicara
punika awujud kegiyatan waosan utawi pengajian riwayat Nabi Muhammad SAW lan salawat Nabi.
Adicara punika kawontenaken ing Masjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat
dening Kyai Kanjeng Pengulu. Biasanipun Sri Sultan utawi Sri Suhunan tedhak saperlu ngrawuhi
adicara punika. Ing pasowanan punika Sultan caos sedhekah kangge para kawula ingkang dipun
wastani nyebar udhik-udhik.

Enjingipun medal gunungan pinangka puncaking adicara Sekaten utawi Garebeg. Pareden Gunungan
ing Sekaten punika awujud tumpeng ingkang isinipun sekul saha ubarampe saking asili bumi. Pareden
utawi Gunungan tansah dipuntengga dening tetiyang ingkang badhe ngalap berkah. Sasampunipun
dipundongani kangge keslametan, kawilujengan , kasantosaning raja , sentana miwah sedaya kawula,
gunungan lajeng dados rebutan masarakat ingkang sampun andher nengga wiwit enjang.

2. Golekana dasanamane tembung-tembung saka wacan “Garebeg Mulud” iki. Sabanjure


gawenen ukarane!

No Tembung Dasanamane Ukara

1. Gamelan ……. …….

2. Dumunung ……. …….

3. Anggitan ……. …….

4. Pasowanan ……. …….

5. Adicara ……. …….


6. Baku ……. …….

7. Wiyoga ……. …….

8. Kawula ……. …….

9. Sentana ……. …….

10. Kawilujengan ……. …….

3. Wangsulana pitakonan kang cumawis nganggo basa ngoko lugu lan krama!

No Pitakonan Wangsulan

Basa Ngoko Basa Krama

1 Garebeg Mulud uga kerep


disebut apa ?
2 Apa jenenge gamelan rong
prangkat Kyai Sekati?
3 Gamelan rong prangkat mau
dipapane ana ing ngendi?
4 Ing wanci apa gamelan Kyai
Sekati ora ditabuh?
5 Sapa wae sing ngripta gendhing-
gendhing sekatenan iku?
6 Duwe ancas apa para wali
ngripta gendhing-gendhing kanggo
upacara Sekaten mau?
7 Garebeg Mulud dianakake ing
kraton ngendi wae?
8 Apa wujude gunungan sekaten
iku?
9 Nalika malem 12 Mulud ing
Masjid Gedhe dianakake apa?
10 Apa Sekaten isih perlu
ditindakake ing jaman saiki? Apa
pawadane?

4. Critakna maneh kanthi lesan isine wacan “Garebeg Sekaten” ing ngarep kelas!

Anda mungkin juga menyukai