Anda di halaman 1dari 3

Kepada

Yth : Redaksi Majalah Gembala


Jln. Raya Pasar Jumat Pondok Indah
Jakarta Selatan 12310

Salam sejahtera dalam Tuhan Yesus Kristus.


Setelah saya membaca majalah Gembala No.104 th ke 37 September 2009 halaman 30
tentang “Tembang Macapat”, saya mencoba untuk berlatih menulis tembang
Dhandhanggula. Jikalau layak, mohon dapat dimuat dimajalah Gembala dalam rubrik
“Basa Jawa”.

“DHANDHANGGULA”

1. Nehemia Greja Kristen Jawi


Kang jumeneng wonten Pondok Indah
Lingkungan bisnis wingkinge’
Margi ageng ing ngayun
Transportasi tanpa upami
Pemadham tengenira
Ke’ring parkir kerfur
Punika kahanan nyata
Mangga kita sayuk rukun anjageni
Amrih tentreming greja

2. Sangalikur Nopember pinanggih


Wolung ndasa gangsal ingkang warsa
Nehemia wisudane
Kaimpi sampun dangu
De’ning warga ngelak ngabekti
Roh Kudus kang makarya
Kalis ing reridu
Kita samya suka rena
Wus kasedya daleme’ Gusti sayekti
Pinuji Sang Pamarta

3. Nehemia pakaryan Roh Suci


Wus ngrembaka wedharing pepanthan
Yeremia kawitane’
Tangerang gregah wungu
Mboten dangu Pamulang mijil
Pungkasaning Kanaan
Dewasanya lulus
Kang jinangka tan kuciwa
Mangga kita saiyek sae’ka kapti
Suyut Gusti Sang Rama
Selain tembang macapat, saya juga menyampaikan kepada jemaat “Candraning
Mangsa”. Ini saya kira juga termasuk bagian dari budhaya jawa.
Candraning Mangsa ini saya tidak tahu persis induknya (babonnya = sumbernya).
Ini saya peroleh dari teman saya waktu belajar bersama untuk menghadapi ujian
lisan bahasa jawa di SGA Negeri Boyolali th 1963.

“CANDRANING MANGSA”
Mangsa 1. Sotya murca saka ing embanan
Tegese’ : Mangsane’ gegodhongan padha gogrog, kekayon padha brindhil
umure’ 41 dina (22 juni s/d 1 Agustus).

Mangsa 2. Bantala pengko


Tegese : Mangsane’ lemah padha nela umure’ 23 dina
(2 Agustus – 24 Agustus).

Mangsa 3. Suta manuting bapa


Tegese’ : Mangsane’ lung-lungan manut (nunut) ing lanjarane umure’
28 dina (25 Agustus – 17 September)

Mangsa 4. Waspa kumembeng jroning kalbu


Tegese’ : Mangsane’ sumber pepet umure’ 25 dina
(18 September – 12 Oktober)

Mangsa 5. Pancuran emas sumuring jagad


Tegese’ : Wiwit ana udan umure’ 27 dina
(13 Oktober – 8 Nopember)

Mangsa 6. Rasa mulya kasucian


Tegese’ : Mangsane’ wowohan sumedheng umure’ 43 dina
(9 Nopember – 21 Desember)
Mangsa 7. Wisa kentir ing maruta
Tegese : Mangsane’ akeh lelara umure’ 43 dina
(22 Desember – 2 Februari)

Mangsa 8. Anjrah jroning kayun


Tegese’ : Mangsane’ kucing gandhik umure’ 26 dina
(3 Februari – 28/29 Februari)

Mangsa 9. Wedharing wacana mulya


Tegese’ : Mangsane’ gangsir ngenthir, umure’ 25 dina
(1 Maret – 25 Maret)

Mangsa 10. Gedhong minep jroning kalbu


Tegese’ : Mangsane’ ke’wan padha meteng, umure’ 24 dina
(26 Maret – 18 April)
Mangsa 11. Sotya Sinara wedi
Tegese’ : Mangsane’ manuk padha ngloloh, umure 23 dina
(19 April – 21 Mei)

Mangsa 12. Tirta sah saking sasana


Tegese’ : Mangsane’ bedhidhing, umure’ 41 dina
(22 Mei – 21 Juni)

Catatan :
1. Perkiraan mangsa ini kadang-kadang tidak sesuai dengan keadaannya (tidak
cocok) karena pengaruh globalisasi dan lingkungan hidup.
2. Apabila dalam tembang “Dhandhanggula” bahasanya campuran, ini sekedar
menyesuaikan guru lagu dan guru wilangan.

Cipete, 2 Juni 2011

Warsito

Anda mungkin juga menyukai