Anda di halaman 1dari 16

MODUL AJAR BAHASA JAWA

KURIKULUM MERDEKA FASE F


Oleh: Nur Kholidah, S.Pd.

SMK NEGERI 2 SURAKARTA

ALAMAT
Jl. LU Adisucpto No.33 Banjarsari Surakarta 57139
Phone: (0271) 714901 | Fax: 0271-727003 | Web: https://smkn2solo.sch.id
Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

RIWAYAT SINGKAT MANGKUNEGARA IV

Asma nalika : B.R.M. Sudira


miyos
Surya : 3 Maret 1811
Seda : 1881 -1811 (yuswa
70-71 taun)
Rama : K.P.A. Adiwijaya I
Ibu : R. A. Sekeli
(Putri KGPAA
Mangkunegara II)
Permaisuri : R. Ay. Dunuk

Kanjeng Gusti Pangeran Arya Mangkunegara IV lair kanthi asma Raden Mas Sudira. Ramane
yaiku Pangeran Arya Adiwijaya I putera saka Raden Mas Tumenggung Kusumadiningrat. Sudira
minangka putra kaping 7 lan minangka anak lanang kaping-3. Ibu Sudira yaiku Raden Ajeng Sekeli,
putri saka Mangkunegara II.
Sudira lair ing surya kaping 8 Sapar 1738, ngepasi surya 3 Maret 1811. Awit laire Sudira
dimomong karo kakunge, Mangkunegara II, kang nalika kuwi isih dadi panguwasa. Dene kang momong
yaiku garwa ampeyan Mbok Ajeng Dayaningsih. Sak wise 10 taun, banjur diparingake kangmas misanan
Pangeran Riya, supaya digulawentah ing sastra, ilmu agama, kesenian, kabudayan, lan ngilmu liyane.
Sak wise ngancik umur 13 taun banjur dikhitan.
Nalika umur 15 taun Sudira melu Dinas Ketentaraan. Manggon ing kasatuan Infanteri Kumpeni
5, Legiun Mangkunegaran. Manggon ing Klaten supaya siyaga nalika perang Jawa. Ora let suwe, Sudira
njaluk pamit amarga ingkang rama yaiku Pangeran Arya Adiwijaya tilar ndonya ing 2 April 1826.
Ing umur 18 taun Sudira diangkat dadi Kapten Infanteri, tete ping kasatuan Kumpeni 5. Sudira
pikoleh jabatan iki sakwise kapten sakdurunge yaiku Raden Mas Subekti (kangmase) diangkat
nggantikake kang rama, Pangeran Adiwijaya kang seda. Sakwise duweni pangkat Kapten Infanteri
Raden Mas Kapten Sudira, banjur piyambake diparingi tugas supaya mimpin benteng Gombang (sisih

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 2


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

kidul Pedan, Klaten) kanthi pasukan kang cacahe luwih saka 100 wong. Sarta diparingi kuasa ngelola
siti dumugi ing Masaran (mlebu wilayah Wonogiri). Sakwise perang Diponegoro rampung, pasukan
ditarik mulih ing Surakarta. Raden Mas Kapitan Sudira pikantuk penghargaan awujud piagam ing surya
18 Januari 1833.
Sak wise RM Sudira yuswane 22 taun, piyambake mundhut garwa salah sawijining putri saka
Pangeran Surya Mataram ing 24 Desember 1831. Sakwise palakraman piyambake asmane ganti dadi
Raden Mas Arya Gandakusuma. Ing 17 Mei 1950 piyambake diparingi gelar pangeran, saengga asmane
dadi Kanjeng Pangeran Arya Gandakusuma. Ing 24 Maret 1953 diangkat minangka Pengageng Pura
kanthi asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana. Ing tahun kasebut, piyambake
mundhut garwa ingkang kaping loro yaiku BRA Dhunuk ingkang putri saking almarhum Pangran
Adipati Arya Mangkunegara III.
Surya kaping 16 Agustus 1857 kanthi resmi piyambake ditetapke minangka Adipati kanthi gelar
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Mangkunegara IV tilar donya ing taun 1881,
banjur dimakamke ana ing Astana Girilayu, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. Piyambake pikantuk
penghargaan Bintang Mahaputra Adipradana saking Pemerintah Republik Indonesia saking Presiden
Susilo Bambang Yushoyono ing 2 November 2010.
Kajaba kawentar minangka ratu kang kasil ing Mangkunegara, piyambake uga minangka
sastrawan kang ageng. Akeh karya-karya kang wis tinulis. Rata-rata karya kasebut awujud piwulang,
pesen-pesen kanggo generasi enom. Kayata Serat Wedatama, Serat Salokatama, Serat Paliatma,
Paliwaral an Parimirma. Kajaba kuwi, uga ana pesen kanggo panggedhe negara kayata Serat
Nayakawara. Uga ana pesen kanggo prajurit anyar yaiku Serat Wirawiyata lan Serat Tripama. Pesen
kanggo putune yaiku para pangeran uga ana, kayata Serat Sriyatna.
Kajaba nguri-uri sastra ing tlatah Mangkunegaran, KGPAA Mangkunegara IV uga nglaras
gamelan. Salah siji wujud karyane yaiku Ketawang Puspawarna. Yen dibandhingke karo karya sastra
ing masa kuwi, kayata karya-karya Ranggawarsita kang kawentar, karya Mangkunegara IV luwih ngarah
ing piwulang (nasehat). Dene karyane Ranggawarsita luwih awujud crita utawa kisah-kisah. Babagan
kasebut amarga Mangkunagara IV minangka ratu kang duweni kewajiban supaya mrintah lan medharake
pesen amarga piyambake minangka panguwasa. Beda karo Ranggawarsita kang minangka abdi dalem.

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 3


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

KAJIAN SERAT WEDHATAMA

Serat Wedhatama kaserat dening Kanjeng


Gusti Pangeran Adipati Asrya Sri Mangkunegara
IV, raja ing Kraton Mangkunegaran Surakarta.
Serat Wedhatama kaserat ulang dening
Padmasusastra ing taun 1898. Serat Wedhatama
asale saka basa Sansekerta, dumadi saka tembung
“wedha” kang teges pathokan lan tembung “tama”
kang teges utama utawa becik. Serat Wedhatama
punika karya sastra Jawa gagrak anyar ingkang
kawujud tembang. Serat Wedhatama dianggep
minangka salah sawijinine puncak estetika sastra Jawa abad-19 lan nduweni wewatak mistik kang kiyat.
Serat Wedhatama mangadeg atase 100 pupuh kang awujud tembang macapat. Serat iki kaperang ana ing
5 tembang, yaiku :
1. Pangkur (14 pupuh, I - XIV)
2. Sinom (18 pupuh, XV - XXXII)
3. Pucung (15 pupuh, XXXIII – XLVII)
4. Gambuh (35 pupuh, XLVIII – LXXXII)
5. Kinanthi (18 pupuh LXXXIII – C)
Wose serat wedhatama yaiku piwulang kanggo urip, kayata urip kudu tepa selira, nganut agama kanthi
bener, dadi manungsa kang nyata, lan dadi manungka kang duwe watak kasatriya. Ana pira-pira
perangan kang bisa dianggep minangka kritik marang konsep agama Islam kang ortodoks, kang dadi
gesehing budaya Jawa marang pemurnian Islam (gerakan Wahabi) ana ing era kuwi.

Serat wedhatama isih kawentar dumugi saiki. Serat iki akeh diterjemahake ana ing basa Indonesia
lan tafsire uga wis diterbitake. Kajaba kuwi, terjemahan ing basa Inggris uga ana. Ing ngisor iki karya
terjemahan saka serat Wedhatama.
1. Adityo Djatmiko (1969). Tafsir Ajaran Serat Wedhatama. Penerbit Pura Pusaka.
2. Stuart Robson (1990). The Wedhatama : an English translation. KITLV Press.

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 4


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

3. Yusro E. Nugroho (2001). Serat Wedhatama, Sebuah Masterpice Jawa dalam Respons Pembaca.
Penerbit Mimbar.
Isi utawa wose serat Wedhatama miturut R. Tanojo ngemu teges “wedhtama” yaiku pepathoking
putra. Dideleng saka temung “wedha” kang ngemu teges pepakem utawa pathokan lan tembung “tama”
kang ngemu teges anak. Pepathoking putra tegese pathokan utawa pedhoman kanggo putra lan putrine
Mangkunegara IV.
Isi serat Wedhatama njlentrehake babagan falsafah kagesangan, kados dene tenggang rasa, tepa
salira, kepriye dadi manugsa kang utuh, nglakoni titah agama kanthi bijak, lan dados manungsa sing
duweni watak satriya.
Wedhatama ora mung kapercayan agama tartamtu kang ana gegayutane karo pinepsu lan ancaman
neraka, ananging uga swara ati Nurani kang dadi dalan kanggo sapa bae kang kepengin nggayuh urip
kanthi tingkat spriritual dhuwur. Puncake yaiku isa nemokake panguripan kang sejati, luwih mahami
shiri pribadhi, lan manunggaling kawula kalawan Gusti.

TEMBANG MACAPAT

Tembang tegese tetembungan ingkang rinonce kadya dene kembang (Yudoyono, 1983: 131). Tegesipun
inggih punika sawijining tembang anggenipun maos, nyekaraken utawi nglagokaken kapedhot sekawan-
sekawan. Sekar macapat nggambaraken cakra manggilingan manungsa saking lair ngantos seda.

Jinising tembang macapat


Wewaton buku Mbombong Manah anggitanipun R. Tedjohdisumarto, tembang Jawa kaperang dadi
gangsal:

1. Sekar Ageng (kakawin) : Kusumawicitra, Sudiradraka, Candrakusuma, Pamularsih, lsp.


2. Sekar Tengahan (Kidung) : Balabak, Wirangrong, Juru Demung, Kuswaraga.
3. Sekar Alit (Macapat) : Maskumambang, Pocung, Gambuh, Mijil, lsp.
4. Lagu Dolanan : Lir-ilir, Jaranan, Gundhul-gundhul Pacul, lsp.
5. Sekar Gendhing : Sekar Tanjung, Sekar Laras, lsp.

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 5


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Tembang macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan angsal pangaribawa saking
Walisanga, tuladhanipun ing naskah saking Bali utawi Jawa Timur ingkang asesirah Kidung
Ranggalawe ingkang kaserat ing tahun 1334.
Karya sastra ingkang kaserat ngangge tembang macapat tulahdanipun:
1. Serat Wedhatama/ Mangkunegara IV
2. Serat Wulangreh/ Pakubuwana IV
3. Serat Kalatidha/ R. N. Ranggawarsita
Ciri-ciri tembang macapat
1. Wonten paugeran (pathokaning) tembang macapat inggih punika:
a. Guru gatra : cacahing larik saben sapada
b. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
c. Guru lagu : dhawahing swara saben pungkasane gatra
d. Pada (pupuh) : cacahing tembang macapat saben salagu, saking wiwitan dumugi
pungkasan.
e. Laras : rasa thingthingane swara cendhak nganti swara dhuwur, ana loro yaiku
laras slendro (1 2 3 4 5 6) lan laras pelog (1 2 3 4 5 6 7)
f. Pathet : cendhak dhuwure swara kanggo nglagokake tembang
g. Cengkok : luk-luking swara nalika nembang
2. Nggunakake basa Jawa anyar
3. Saged madeg piyambak tanpa iringan gendhing
Cacahing tembang macapat
Cacahing sekar macapat wonten 11 inggih punika:
1. Maskumambang
2. Mijil
3. Sinom
4. Kinanthi
5. Asmaradana
6. Gambuh
7. Dhandhanggula
8. Durma

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 6


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Tegesipun saben tembang macapat


1. Maskumambang : bayi kang dereng ketara jaler menapa estri, taksih kambang-kambang
ing kandhutan.
2. Mijil : bayi kang nembe lair.
3. Sinom : lare ingkang dados remaja.
4. Kinanthi : dilatih mlampah.
5. Asmaradana : lare mudha ingkang nandang asmara.
6. Gambuh : asmara ingkang nyawiji lan mbangun kaluwarga.
7. Dhandhanggula : asmara ingkang endah, manis, lan nyengsemaken, sedaya gegayuhan
kasembadan.
8. Durma : penggalih condhong dhateng akhirat.
9. Pangkur : yuswa sampun sepuh lan ngungkuraken kadonyan.
10. Megatruh, : tiyang seda punika pegat (pedhot) ruhipun.
11. Pocung : layon dipunbuntel dados pocong

PIWUCAL ING SERAT WEDHATAMA

Serat wedhatama punika salah satunggaling seratan anggitanipun Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya (KGPAA) Sri Mangkunegara IV, Raja ing Kraton Mangkunegaran Surakarta taun 1853-
1881. Serat wedhatama ngandhut piwucal luhur kangge mbangun budi pekerti lan tumindak utama para
mudha. Wedhatama asalipun saking tembung sansekerta.
“Wedha” : ilmu pangertosan, pathokan, pakem, pedhoman.
“Tama” : becik, sae, utama, putra.
Wedhatama : ilmu pangertosan ingkang utama dados pathokan utawi pedhoman kangge putra lan
putri.

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 7


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Piwucal ing Serat Wedhatama


1. Pangkur (14 pada)
Ngelmu ingkang sampurna, ingkang dados pathokaninig manungsa inggih punika babagan agami
lan tata krama. Syarat utaminipun inggih punika ngatos-atos utawi mawas dhiri. Manungsa
ingkang kasil mawas dhiri anggenipun nglakoni ngagesang inga lam Donya bakal ayem lan
tentrem.
2. Sinom (18 pada)
Pupuh sinom isinipun babagan ganjaran saking tumindak ingkang ngatos-atos. Tuladhanipun:
Nata Mataram Senopati ingkang gadhah gelar tiyang agung ing ngeksigondo, tegesipun salah
satunggaling pemimpin teladan, sumeh lan tresna marang kawulanipun lan asring nglakoni pasa,
ananging ora nebihi marang kawulane.
3. Pocung (15 pada)
Isinipun inggih punika kawicaksananan sejati. Kawicaksanan sejati mboten ketara wonten
satunggaling papan panggenan, kawicaksanan kasebat kedah kelakon kanthi lila lan narima,
legawa utawi lila penggalihipun lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang Gusti Ingkang
Maha Agung.
4. Gambuh (35 pada)
Isinipun babagan raos syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung kanthi suci ing batin,
nebihi watak angkara murka lan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglakoni sembayang.
5. Kinanthi (18 pada)
a. Piwulang kangge para mudha
- Para mudha supados nyinau babagan busana lan sopan santun, sarta mangertosi
sumber ngelmu ingkang leres.
- Ampun nggadhahi sifat angkuh/gumedhe minangka dados panguwasa.
- Dipunsuwun supados saged milah-milah sedaya piwucal saengga saged migunakaken
ngelmu kasebat kanthi trep kaliyan papan panggenan lan kaprigelanipun.
- Para mudha taruna kasuwun purun budidaya kangge trisarana gesang inggih punika
wirya, arta, wasis.

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 8


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

b. Piwucal kangge tiyang sepuh


Ngelmu kangge maringi piwucalan para peputra kados pundi caranipun milah-milah ngelmu
ingkang leres, caranipun nglakoni eling dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.

SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG

Pupuh pocung kaserat ing pada 33-47 sajroning Serat Wedhatama. Pocung (pocong) punika
tembang macapat ingkang nggambaraken manungsa ingkang sampun seda. Sasmitane tembung pocung,
kluwak. Watakipun sakpenake dhewe, lucu, damel bungah. Dipun-ginakaken kangge cangkriman utawa
gegujengan.
Pocung Laras Slendro Pathet Manyura

6 6 5 3 1’ 1’ 1’ 2’ 6 6 5 3
Ngel Mu i ku ke la ko ne kan thi la ku
1’ 1’ 6 3 2 1
Le Ka se la wan kas
1 2 1 3 2 1 21 6
Te Ge se kas nyan to sa ni
3 3 5 3 2 2 1 7 3 56 3 1
Se Tya bu dya pa nge ke se dur ang ka ra

Pada 33 Tegese tembung Amanat


Ngelmu iku, kalakone kanthi laku Lekas : Wiwit Wong golek ngelmu iku
Lekase lawan kas Kas : Niat, kudu kanthi usaha, dilakoni
Tegese kas nyantosani tenanan kanthi tenanan, supaya bisa
Setya budya pangekese dur angkara Santosa : Kuat oleh sentosa lan keslametan
Pangekese : Ngasorake, urip uga kudu ngedohi
Gancaran: mbrantas angkara murka.
Ngelmu iku bisa kagayuh yen di
lakoni
Kawiwitan kanthi niat
Bisa gawe sentosaning diri pribadi
Bisa ngasorake tumindak angkara

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 9


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Pada 34 Tegese tembung Amanat


Angkara gung, neng angga agung Angkara : Nafsu, Kita kudu bisa ngendhaleni
gumulung angkara angkara murka, amarga yen
Gegolonganira Gung : Gedhe ora dikendhaleni bakal
Triloka lekere kongsi Angga : Awak, dhiri nuwuhake memala utawa
Yen diumbar ambabar dadi rubeda Triloka : Jagat raya bebaya.
Leker : Ngubengi
Gancaran: Kongsi : Nganti
Nepsu angkara kang gedhe, Rubeda : Memala,
jroning dhiri pribadi bakal saya bebaya
ndadi lan ngrembaka
Olong golong anut jenise
Ngrembaka saindheng ing jagad
Yen diumbarake bakal dadi
memala

Pada 35 Tegese tembung Amanat


Beda lamun, kang wus sengsem Lamun : Yen Manungsa kudu duwe rasa
reh ngasamun Sengsem : Seneng gelem menehi pangapura
Semune ngaksama Reh : Bab marang liyan, sabar, lan
Sesamane bangsa sisip Ngasamun : Nyepi gawwe seneng wong liya
Sarwa sareh saking mardi Ngaksama : Pangapura
martotama Sisip : Luput, salah
Sareh : Sabar
Gancaran: Martotama : Sareh,
Beda yen kang wus seneng marang lembah
nyepi manah,
Pasemon kang sugih ing berbudi
pangapura
Marang pepadha kang luput
Tansah sabar, lembah manah lan
berbudi ing saben wayah

Pada 36 Tegese tembung Amanat


Taman limut, durgameng tyas Taman : Kena Ing ngasepi, angkara ing ati
kang weh limput Limut : Pedhut, peteng bisa karem ing welas asih.
Kerem ing Karamat Durga : Angkara,
Karana karoban ing sih tumindak, ala
Sihing sukma ngrebda sahardi Tyas : Ati
gengira Limput : Katutup
Kerem : Klelep, karem
Gancaran: Karamat : Rahmat

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 10


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Ing ngasepi, angkara ing ati Karoban : Karem,


katutup kebanjiran
Karem ing rahmat Sih : Welas asih
Amarga karem ing welas asih Sukma : Jiwa
Welas asih sukma kang Ngrebda : Ngrembaka,
ngrembaka segedhe gunung ngembang
Sahardi : Sak gunung
Gengira : gedhene

Pada 37 Tegese tembung Amanat


Yeku patut tinulad-tulad tinurut Tinulad- : Tuladha, conto Aja kumalungkung rapal
Sapituduhira tulad ayat tanpa mangerteni isine.
Aja kaya jaman mangkin Mangkin : Mengko
Keh pra mudha diri rapal makna Rapal : apalan

Gancaran:
Yaiku kang patut di tuladha
Kaya kabeh pituduhku
Aja kaya jaman mengko
Akeh bocah anom kang
kumalungkung amarga apalan ayat

Pada 38 Tegese tembung Amanat


Durung becus kesusu selak besus Becus : Pinter, bisa Yen durung mampu aja
Amaknani rapal Besus : Kuminter keselak pengen dianggep
Kaya sayid weton mesir Sayid : Kyai pinter, goleka elmu sak
Pendhak pendhak angendhak Pendhak : Saben akeh-akehe.
gunaning jalma Angendhak : Ngremehake
Jalma : wong
Gancaran:
Durung pinter nanging wes
kuminter
Negesake ayat
Kaya sayid saka mesir
Saben-saben mung ngremehake
kagunane wong liya

Pada 39 Tegese tembung Amanat


Kang kadyeku kalebu wong Kadyeku : Kaya iku Aja seneng ngremehake
ngaku-aku Langka : Cethek, arang wong liya.
Akale alangka Elok : Endah
Elok jawane denmohi

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 11


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Paksa Langkah ngangkah met Denmohi : Diemohi,


kawruh ing mekah ditolak

Gancaran:
Kang kaya ngunu iku kalebu wong
kang ngaku-aku
Kapinterane cethek
Budaya jawa diemohi
Suwalike malah milih sinau neng
negara mekah

Pada 40 Tegese tembung Amanat


Nora weruh, rosing rasa kang Nora : Ora Senengana budayane dhewe.
rinuruh Rinuruh : Diluru,
Lumeketing angga digoleki,
Anggere padha marsudi disinauni
Kana-kene kaanane nora beda Lumeket : Raket
Angga : Awak
Gancaran: Marsudi : Ngudi,
Ora ngerti tegese ngelmu kang ngupaya
disinau
Saktenane ana ing dhiri pribadi
Sauger gelem ngupaya
Ngendi-endi ngelmu iku padha
wae

Pada 41 Tegese tembung Amanat


Uger lugu, deh ta mrih pralebdeng Uger : Angger Elmu sing digoleki
kalbu Den : Di sakbenere ana ing awake
Yen kalbu kabuka Pralebdeng : Pinter dhewe, angger gelem usaha.
Ing drajat kajating urip Kalbu : Ati Elmu neng kana kene ora
Kaya kang wus winahya sekar Winahya : Katulis, beda.
srinata kawedhar
Srinata : Sinom
Gancaran:
Sauger ora kakehan tingkah,
supaya remasuk ing ati lan kalbu
Yen kasil kabuka
Drajat kamulyan sejati
Kaya kang tinulis ing pupuh sinom

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 12


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Pada 42 Tegese tembung Amanat


Basa ngelmu mupakate lan Mupakat : cocog, tunggal Ilmu iku kudu selaras karo
panemu panemu nalar, lan supaya kasil
Pasahe lan tapa kanthi tapa.
Yen satria tanah jawi
Kuna kuna kang ginilut tripaka

Gancaran:
Kang anane ngelmu iku, mupakate
pada lan panemune
Kanthi pasa lan tapa
Yen satria tanah Jawa
Biyen biyen kang dadi pathokan
ana telung pekara

Pada 43 Tegese tembung Amanat


Lila lamun kelangan nora gegetun Lila : Ikhlas Tri pakara kang dadi
Trima yen ketaman Lamun : Yen pathokane yaiku ikhlas/lila,
Sakserik sameng dumadi Getun : Nyesel nrima, lan legawa/sabar.
Tri legawa nalangsa srah ing Ketaman : Kena
bathara Sakserik : Dilarani
Legawa : pasrah
Gancaran:
Ikhlas, lila yen kelangan ora di
getuni
Sabar yen ketaman
Disendhu lan dilarani dening
sapadha padha
Sing katelu yaiku sabar lan pasrah
ing ngarsaning Gusti Allah

Pada 44 Tegese tembung Amanat


Bathara gung inguger graning Jenek : Dadi siji Kudu tansah eling marang
jajantung Hyang : Maha Kuasa Gusti lan aja ngumbar hawa
Jenek hyang wisesa Wisesa nepsu.
Sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudha
angkara

Gancaran:
Gusti Allah iku dumunung ana ing
telenging ati
Dadi siji kang maha kuasa

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 13


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Mung tansah jaga sucining lahir


lan bathin
Ora kaya wong mudha kang tansah
ngumbar angkara

Pada 45 Tegese tembung Amanat


Nora uwus kareme anguwus uwus Uwus : Ngina Aja seneng ngina marang
Uwuse tan ana Karem : Seneng sesama
Mung janjini muring muring Anguwus- : Ngina,
Kaya buta buteng betah anganiya uwus ngunek-
uneke
Gancaran: Buteng : Nepson
Ora gelem diina nanging senenge banget
ngina sapadha-padha
Ora ana tegese
Bisane among nesu-nesu
Kaya buta, bodho seneng gawe
piala

Pada 46 Tegese tembung Amanat


Sakeh luput ing angga tansah Limput : Ditutupi Aja seneng nesu-nesu
liniput Limpet : Ditutupi kanggo nutupi lupute
Linimpet ing sabda Sabda : Tetembungan dhewe.
Narka tan ana udani Narka : Ngira
Lumuh ala ardane ginawa gada Udani : Mangerteni
Lumuh : Emoh,
Gancaran: sungkan
Kabeh luputing dhiri pribadi Arda : Murka,
ditutup-tutupi tumindak
Ditutupi nganggo manise tembung Gada : rusak
Ngira yen ora ana kang mangerteni
Ngomong yen emoh gawe ala
nanging tumindake gawe rusak

Pada 47 Tegese tembung Amanat


Surung punjul ing kawruh kaselak Punjul : Luwih Aja kumminter, amarga
jujul Kawruh : Ngelmu elmune isih cethek.
Kaseselan hawa Cupeng : Kurang
Cupet kapepetan pamrih Tangeh : Isih suwi
Tengah nedya anggambuh mring Nedya : Niat, bisa
Hyang wisesa Anggambuh : manunggal

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 14


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

Gancaran:
Durung pinter ing kawruh nanging
kesusu kepingin dianggep wasis
Kalebon hawa nafsu
Lan rasa kurang kang tinutup
dening pamrih
Tangeh bisa manunggal kalawan
Gusti Allah

DUDUTAN/KESIMPULAN ISI SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG

1. Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen
sikep kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara. Beda maneh karo kang wis seneng
karo rasane nyepi, gelem menehi pangapura marang wong liya, sabar, iku bakal ndadekake swasana
dadi seneng.
2. Ngajarake yen kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanhi tenan. Mula iku kanggo garan
para satriya iku ana telung prakara yaiku ikhlas, sabar, lan nrima mring Gusti.
3. Aja seneng ngina marang sasama, aja seneng nesu-nesu kanggo nutupi lupute dhewe, lan aja
kuminter yen elmune durung sepira.

CARANE DAMEL TEMBANG POCUNG

1. Nemtokaken wataking tembang


2. Nemtokaken pamilihing tembung ingkang ngemu kaendahan
3. Nemtokake pathokaning tembang (guru lagu, guru gatra, guru wilangan.

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 15


Nur KHolidah, S.Pd | MODUL AJAR BAHASA JAWA FASE F

PAUGERANE TEMBANG POCUNG

Guru gatra Guru wilangan Guru lagu Cakepan Pocung Serat Wedhatama
1 12 u Ngelmu iku kalakone kanthi laku
2 6 a Lekase lawan kas
3 8 i Tegese kas nyantosani
4 12 a Setya budya pangekese dur angkara

TULADHA TEMBANG POCUNG

Pocung Pocung
Sekolahku panggonanku golek ilmu Bapak pucung among sirah lawan gembung
Gawe tentrem rasa Padha dikunjara
Yen panggone diresiki Mati sajroning ngaurip
Gawe krasan kahanan ing sekolah Mijil baka si pucung dadi dahana

MODUL AJAR | BAHASA JAWA KELAS XI | Page 16

Anda mungkin juga menyukai