Anda di halaman 1dari 79

AYO .......

Sinau Basa Jawa

PIWULANGAN BASA JAWA


KANGGO SEKOLAH DASAR LAN SING SADRAJAD
KELAS 6

Adhedhasar Kurikulum Berbasis Kompetensi


Mata Pelajaran Basa Jawa
Propinsi Jawa Timur Tahun 2004

Dening:
Dra. Darni, M.Hum.
Dra. Sri Sulistiani, M.Pd.
Drs. Surana, M.Hum.

Penelaah:
Drs. Sukarman, M.Si.

1
ATUR PANGIRING
Piwucalan basa Jawi ing pawiyatan mujudaken satunggaling sarana
kangge nguri-uri saha nglestantunaken basa, sastra, saha budhaya Jawi.
Kangge njangkepi piwucalan kasebut utaminipun ing tingkat Sekolah Dasar
(SD) pangripta mbudidaya nyusun buku ajar Ayo Sinau Basa Jawa. Buku
ajar punika kaangkah saget nyengkuyung piwucalan basa Jawi ingkang
sampun dipunwajibaken ing Jawa Timur.
Panyeratipun buku ajar Ayo Sinau Basa Jawa punika adhedhasar
Kurikulum Berbasis Kompetensi (KBK) Mata Pelajaran Bahasa Jawa Jawa
Timur taun 2004. Isinipun saha tata rakitipun buku ugi kasalarasaken kaliyan
teori pembelajaran basa sarta sastra ingkang enggal kadosta: ”Contextual
Teaching and Learning (CTL) lan Quantum Teaching and Learning (QTL)”,
ingkang nyakup aspek-aspek ketrampilan berbahasa Mirengaken
(Mendengarkan), Micara (Berbicara), Maos (Membaca), Nyerat (Menulis), lan
Apresiasi Sastra.
Ing buku Ayo Sinau Basa Jawa punika kajawi materi, ugi kajangkepi
gladhen (latihan) ingkang sampun kasalarasaken kaliyan Indikator lan
Kompetensi Dasar ingkang sampun sinerat ing kurikulum. Kanthi mekaten
dipunajab supados saged murakabi kangge ngukur kompetensi ingkang
sampun dipunkuwaosi para siswa. Kanthi mekaten dipunajab sageda
njangkepi penyajian materi piwucalan saha nggayuh kompetensi ingkang
kedah dipunkuwaoasi para siswa.
Panyusun sampun mbudidaya murih buku punika saged sampurna,
ananging awit saking winatesipun kawruh, pramila taksih wonten kekirangan-
kekiranganipun. Panyusun tansah ngantu-antu pamrayoga sarta panyaruwe
saking sinten kemawon murih sampurnanipun buku punika. Pungkasaning
atur mugi-mugi buku punika saged migunani tumrap kemajengan ing
piwucalan Basa Jawi. Mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah
paring pengayoman dhumateng kemajengan Basa Jawi murih saged
ngrembaka saha lestantun.
Nuwun.

Surabaya, Maret 2007

Panyusun

2
SEMESTER GASAL

Wulangan 1
Kepahlawanan

A. Ngrungokake
Indikator :
 Menyebutkan tokoh utama dan wataknya.
 Mengungkapkan kembali isi bacaan dalam ragam bahasa tertentu.

1. Ngrungokake lan Mahami Isine Wacan


Ing ngisor iki ana wacan bab Kepahlawanan. Coba tindakna pakaryan
ing ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati.

GAMBAR
PAHLAWAN NASIONAL
SOEPRIADI

Soepriadi
Sapa sing ora tepung karo tokoh kang asmane Soepridi. Tokoh siji iki
kena diarani tokoh misterius. Jalaran anggone gugur lan pasareyane ora
kawruhan nganti saiki. Mula akeh kang ngira menawa Soepriadi seda
mukswa saragane.
Soepriadi miyos ing Trenggalek tanggal 13 April 1925. Soepriadi
pancen bocah kan cerdhas lan pinter. Sajrone nempuh pendhidhikan wiwit
ing ELS (Sekolah Dasar) banjur ing MULO (SMP) dilakoni kanthi prestasi
kang mbombongake. Apa maneh nalika ngecaki ing pawiyatan ing Sekolah
Pamong Praja bisa ditempuh kanthi mulus lan cepet.
Nalika jaman penjajahan Jepang, Soepriadi melu latihan kemiliteran
kang sinebut Seinendojo ing tlatah Tangerang Jawa Barat. Taun 1943
Jepang mbentuk PETA (Pembela Tanah Air) kang tujuwane kanggo nglatih
para calon perwira militer saka kaum pribumi. Tugase, ndhapuk pasukan
sarana nglatih para anom taruna minangka prajurit sukarela.
Krana cerdhase sawise lulus latihan kemiliteran, Soepriadi
kawisudha dadi shodanco (komandhan pleton) ing Blitar. Jaman penjajahan
Jepang ana gandheng cenenge karo romusha utawa kerja paksa. Soepriadi
rumangsa sedhih uga muring meruhi kahanane para romusha. Wusanane,
panjenengane duwe krenteg mbrontak. Kanthi sesingidan Soepriadi lan oleh
panyengkuyung kanca-kancane nalika latihan kemiliteran ngenekake
pemberontakan PETA. Pemberontakan PETA dumadi tanggal 14 Pebruari
1945.
Pemberontakan PETA kena diarani ora kasil jalaran bisa dibendung
tentara Jepang. Gagale pemberontakan PETA krana kurang anggone
nyiapake uga kalah ing babagan piranti perang. Soepriadi dhewe ngilang lan
ora kawruhan nganti seprene. Nalika Indonesia merdeka, Presiden Soekarno
ngangkat Soepriadi minangka Menteri Keamanan Rakyat. Nanging
panjenengane ora muncul saengga dianggep ilang utawa seda. Kanggo

3
ngurmati jasane, lelandhesan SK Presiden RI No. 063/TK/1975, Soepridi
kaangkat dadi Pahlawan Nasional.

Sumber: Mengenal Pahlawan


Indonesia
karangan Arya Ajisaka, Kawan Pustaka
2004

Gladhen 1
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Sapa paraga kang dicritakake ing wacan ndhuwur?
2. Kapan lan ing ngendi Soepriadi lair?
3. Apa sebabe Soepriadi diarani misterius?
4. Pendhidhikan apa wae sing tau ditempuh Soepriadi?
5. PETA iku singkatan apa?
6. Apa tugase PETA?
7. Apa sebabe Soepriadi ngenekake pemberontakan PETA?
8. Apa sebabe pemberontakan PETA gagal?
9. Kapan pemberontakan PETA njeblug?
10. Apa sebabe Soepriadi kaanggep ilang utawa seda?

2. Nyebutake Tokoh Utama lan Wewatekane


Gladhen 2
Rembugen karo kancamu sabangku pitakonan ing ngisor iki, asile
kumpulna marang gurumu minangka tugas kelompok!
1. Sapa paraga utama sajrone wacan ing ndhuwur?
2. Coba sebutna wewatekane paraga utama wacan ing dnhuwur!
3. Apa sebabe Soepriadi dianugerahi gelar Pahlawan?
4. Apa wae lelabuhane Soepriadi marang bangsa lan negara?
5. Apa sing bisa dituladhani saka Soepriadi?

3. Ngungkapake Isine Wacan

Gladhen 3

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kelompokmu pitakon/prentah ing ngisor iki!
3. Wacanen asil diskusi kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Wacanen maneh wacan “Soepriyadi” nganti paham. Critakna isine wacan


nganggo basamu dhewe!

B. Micara
Indikator :
 Bermain peran berdasarkan teks dialog (percakapan).
 Menggunakan unggah-ungguh basa dalam percakapan (basa ngoko dan
krama).

1. Wacan Dialog

4
Wacan dialog ing ngisor iki paragakna karo kancamu ing ngarep
kelas!

ILUSTRASI GAMBAR
SEORANG BAPAK DAN
ANAKNYA SEDANG
BERBICARA DI SEBUAH
TERAS RUMAH

Pahlawan iku Sapa?

Anton lan Bapake katon lagi rembugan ing teras omahe. Sajake
ana bab kang dirembug, jalaran kekarone katon semangat banget.

Pak Danu : Lagi sinau apa ta Ton?


Anton : Anu Pak. Niki sinau Basa Jawi, wonten tugas.
Pak Danu : Bab apa kang disinau. Kok sajake angel.
Anton : Bab kepahlawanan Pak. Wonten ingkang dereng kula
pahami.
Pak Danu : Bab apa kang durung kokpahami?
Anton : Punapa pahlawan punika kedah perang Pak. Kamangka
sakniki boten wonten perang. Saengga sakniki sampun
boten wonten pahlawan malih.
Pak Danu : Wah ya ora ngono. Pahlawan iku mesthi ana ing saben
jaman, ora mangsa perang wae.
Anton : Maksudipun kados pundi Pak?
Pak Danu : Maksude, ndhisik, saiki, lan mengko tetep ana
pahlawan. Jalaran pahlawan iku sing baku anggone
labuh labet mung kanggo mbelani bebener tanpa
pamrih kejaba kanggo ngangkat drajading bangsa lan
negara.
Anton : Menawi sakniki taksih wonten pahlawan nggih Pak?
Pak Danu : Ora mung ana nanging akeh. Umpamane guru kang
diarani pahlawan tanpa tandha jasa kang kanthi ikhlas
minterake muride, kaum ibu kang tanpa pamrih
nggedhekake lan mbimbing putra-putrine sarta wong-
wong kang kanthi tulus njejegake bebener.
Anton : Nanging rak boten pikantuk gelar pahlawan ta Pak?
Pak Danu : Pahlawan ing mangsa saiki ora perlu gelar nanging
pengakuan saka masyarakat. Yen kowe maca surat
kabar, akeh wong kang diakoni duwe jasa gedhe tanpa
pamrih. Umpamane Marsinah diarani pahlawan buruh,
Munir diarani pahlawan HAM lan liya-liyane.
Anton : Dados titikan pahlawan punika saking jiwa tanpa
pamrihipun kangge njejegaken bebener nggih Pak?
Pak Danu : Iya. Mula sinaua sing sregep sekolaha sadhuwur-
dhuwure. Jalaran kowe kabeh iku calon pahlawan
tumrap bangsa.
Anton : Inggih Pak!

2. Unggah-ungguh Basa

Gladhen 4
Ukara-ukara nganggo basa ngoko ing ngisor iki salinen nganggo basa krama!
1. Pahlawan iku lelabuhane gedhe banget.
2. Saiki isih akeh pahlawan.
3. Pak Danu kanthi sabar njelasake bab pahlawan.
4. Bangsa lan negara mbutuhake calon pahlawan.

5
5. Sapa sing salah bakale seleh.

Gladhen 5
Ukara-ukara nganggo basa krama ing ngisor iki salinen nganggo basa ngoko!
1. Kita kedah ngurmati jasanipun para pahlawan.
2. Bangsa ingkang ageng punika kedah ngurmati para pahlawanipun.
3. Mangga ngagengaken labuh labet dhumateng bangsa.
4. Sampun ngantos nilaraken dhawuhipun para sepuh.
5. Generasi mudha kedah nglajengaken perjuwanganipun para
pahlawan.

C. Maca

Indikator :
 Menjawab pertanyaan bacaan.
 Menyimpulkan isi bacaan.

1. Maca lan Mahami Isine Wacan


Tindakna pakaryan ing ngisor iki!
1. Wacanen kang patitis wacan ing ngisor iki!
2. Wacanen kanthi lafal lan lagu pocapan (intonasi) sing bener!
3. Sawise maca, wangsulana pitakon-pitakon sing gegayutan karo
wacan!

Gambar
Komplek makam dengan
penonjolan pada makam
Kraeng Galengsong

Kraeng Galengsong

Nitik saka asmane wong mesthi bakal bisa mesthekake menawa


Kraeng Galengsong iku dudu saka tanah Jawa. Mula ora mokal menawa
ora akeh wong Jawa kang tepung karo panjenengane. Kraeng
Galengsong iku kepernah putrane Sultan Hasanudin saka kraton Goa
Sulawesi Selatan. Panjenengane mimpin laskar Makasar ing Jawa Timur
sabinyantu marang Trunajaya kang mbrontak marang Mataram. Laskar
pemberontak kasil ngrebut kutharaja Mataram yaiku Plered ing taun 1677.
Raja Mataram Amangkurat I ninggal praja, mlayu menyang Batavia
saperlu njaluk pambiyantu marang Walanda. Nanging panjenengane
ketangkep lan seda ing tlatah Tegal. Sadurunge seda sang raja meling
marang putrane Amangkurat II supaya njaluk pambiyantu Walanda.
Panjaluke Amangkurat II disarujuki dening Walanda. Kanggo bales budi
panjenengane masrahake wewengkone marang kompeni.
Trunajaya lan laskare dadi mungsuhe Walanda. Trunajaya lan
Kraeng Galengsong kecipuhan ngadhepi pasukan kompeni nganti keplayu
tekan Kediri. Jalaran tansah dibujung, Trunajaya lan Kraeng Galengsong
mlayu mengetan wusana kasil kepikut Walanda ing tlatah Selakurung.
Kraeng Galengsong nemahi tiwas banjur kapethak ing desa Sumberagung
kecamatan Ngantang klebu kabupaten Malang.
Saiki, pasareyane Kraeng Galengsong ana ing satengahe kuburan
umum, dikupeng tumpukan bata gedhe-gedhe sing wis umur atusan taun.
Pasareyane wangune persegi kanthi ukuran udakara 7 x 5 meter.
Pasareyane Kraeng Galengsong ora krumat, sukete njembrung pagere
lumuten. Kamangka pasareyan kasebut dikramatake lan akeh kang padha
jiyarah, apa meneh ing malem Jum’at Kliwon lan Jum’at Legi. Muga-muga
ana pawongan kang kegugah atine mbangun Pasareyane Kraeng

6
Galensong. Jalaran panjenengane wis ngurbanake jiwa ragane kanggo
bumi pertiwi. Lan maneh, panjenengane uga trah raja Goa kang kudune
dikurmati.

Sumber: Jayabaya Nomer 41 Juni 2004

Gladhen 6
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Kraeng Galengsong iku asale saka ngendi?
2. Kraeng Galengsong iku putrane sapa?
3. Sapa sing mandhegani rakyat mbrontak marang Amangkurat I?
4. Kapan kutharaja Mataram direbut Trunajaya lan laskare?
5. Mapan ing ngendi kutharaja Mataram iku?
6. Amangkurat I klakon kaperjaya ing ngendi?
7. Sapa sing njaluk pambiyantu marang Walanda kanggo ngadhepi
Trunajaya lan laskare?
8. Ing ngendi Trunajaya lan Kraeng Galengsong kepikut?
9. Ing ngendi Kraeng Galengsong dimakamake?
10. Apa buktine pasareyane Kraeng Galengsong ora keramut?

2. Nyimpulake Isine Wacan

Gladhen 7
Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kelompokmu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil diskusi kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Penget:
Yen arep nyimpulake wacan kudu diwiwiti nggoleki gagasan baku sing
ana ing saben paragrap. Bab-bab sing kudu digatekake kanggo
nemtokake gagasan baku (ide pokok) ing sajroning wacan, yaiku:
1. Nemtokake ukara sing dadi punjere informasi (kalimat utama) ing
sawijining paragraf.
2. Ukara sing dadi punjering informasi iki panggonane bisa ing
purwakane paragraf utawa ing pungkasaning paragraf.
3. Mangerteni ukara-ukara sing nerangake pokok pikiran (kalimat
penjelas).
4. Nulis dudutan/kesimpulan saka ukara sing dadi punjere infomasi ing
sawijine paragraf kasebut dadi gagasan baku (ide pokok).

1. Golekana gagasan baku (ide pokok) ing saben-saben paragrap


(paragrap1 - 4) wacan ”Kraeng Galengsong”.
2. Saka gagasan baku (ide pokok) kasebut gawenen dudutan (kesimpulan)
isine wacan nganggo basamu dhewe.

7
D. Nulis

Indikator
 Menulis kalimat dengan menggunakan tembung saroja dan tembung
camboran.
 Menulis kalimat sederhana dengan huruf Jawa.

1. Nulis Ukara Mawa Tembung Saroja lan Tembung Camboran

Penget:
Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa
meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake
surasane.
Tuladha:
1) Iguh pratikel dibutuhake sajrone ngisi kamardikan.
2) Bocah kudu duwe sopan santun marang wong tuwa.
3) Budi pekerti ala kudu diilangi.

Katrangan:
Tembung-tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu
tembung saroja.
1) Tembung iguh tegese padha pratikel, yaiku panemu.
2) Tembung sopan tegese padha karo santun, yaiku tata krama
3) Tembung budi tegese pada karo pekerti , yaiku tindak tanduk,
sikap

Tembung Camboran (Kata Majemuk)


Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing dienggo
bebarengan lan nduweni teges siji. Tembung camboran kaperang dadi
2, yaiku:
1) Tembung camboran wutuh, tegese tembung sing dicambor arupa
tembung wutuh.
Tuladha: semar mendem, kala mangsa, madu mangsa, budi
daya, raja kaya, lsp.
2) Tembung camboran wancahan, tegese tembung sing disuda
wandane salah siji utawa kabeh (loro karone).
Tuladha: ndhekwur (endhek dhuwur), pakdhe (bapak gedhe), bulik
(ibu cilik) , lunglit (balung kulit), kotcuk (bongkot pucuk),
lsp.

Gladhen 8
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Tembung saroja ing ngisor iki gawenen ukara kaya tuladha ing ndhuwur
a. mula bukane
b. sato kewan
c. sayuk rukun
d. sekti mandraguna
e. andhap asor
2. Gawea ukara mawa tembung-tembung camboran ing ngisor iki!
a. gula jawa
b. madu mangsa
c.nagasari
d. dol tinuku
e. bangcuk
3. Coba goleka tuladha tembung saroja liyane 3 wae banjur gawenen
ukarane!
4. Coba goleka tuladha tembung camboran wutuh cacah 3 lan tembung

8
camboran tugel cacah 3 banjur gawenen ukarane!

2. Nulis Ukara Mawa Aksara Jawa

Penget:
Bab sing kudu digatekake ing panulise ukara mawa aksara Jawa
yaiku:
Tandha pocapan/panulisan ing aksara Jawa sing diarani Pada.
Wujude pada sing asring digunakake ing aksara Jawa yaiku:

1. Pada adeg-adeg, wujude: ( . . . ), panganggone ing wiwitane


ukara, utawa kanggo nulis bab anyar.
Tuladha:
Ani seneng maca.

2. Pada lingsa, wujude: ( . . . ), panganggone padha karo


tandha
koma ( , )
Tuladha:
Ibu tuku buku, topi, lan sepatu.

3. Pada lungsi, wujude: ( . . . ), panganggone padha karo


tandha
titik ( . )
Tuladha:
Bu Neta mirsani wayang wong.

4. Pangkon, wujude: ( . . . ), ) panganggone bisa dadi sesulihe


pada lingsa/tandha koma ( , ) manawa ing tengahe ukara ana
aksara sigeg (paten pangkon).
Tuladha:
Parman, Tutik, sarta Bandi budhal sekolah.

5. Pangkon lan pada lingsa, wujude: ( . . . ), panganggone


bisa dadi sesulihe pada lungsi/tandha titik ( . ) manawa ing
pungkasane ukara ana aksara sigeg (mawa pangkon).
Tuladha:
Merli lan Sinta lagi lara watuk.

9
6. Pada pangkat, wujude: ( . . . ), panganggone:
a. Kanggo ngapit angka Jawa utawa kanggo ngelet-eleti
panulise
angka Jawa karo aksara Jawa.
Tuladha:
Dhuwitku 4.550 rupiyah

b. Kanggo menehi sasmita, manawa ukara sing diapit mau


wigati banget utawa kanggo nulis tandha petik ing ukara
pehikan (kalimat langsung).
Tuladha:
Ani ngomong, ”Aku wis mangan.”

Gladhen 9
Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Ayo sregep sinau kareben pinter.
2. Pakdheku kulak beras, endhog, lan camilan.
3. Bocah males tuna wekasane.
4. Celenganku ana 525. 485 rupiyah.
5. Bapak ngendika, ”Kowe kudu migunani tumrap bangsa.”

E. Apresiasi Sastra

Indikator :
 Menyebutkan tokoh dan pesan yang dapat diambil dari cerita/dongeng.

Crita / Dongeng

Amukti Palapa

Dina iku Arya Tadhah bali methuki Gajah Mada. Dheweke njaluk
supaya Gajah Mada gelem nggenteni kalungguhane minangka patih ing
Majapahit. Nanging wangsulane Gajah Mada panggah kaya sadurunge.
Dheweke durung gelem ngganteni Arya tadhah sing pancen wis tuwa
umure.
Gajah Mada isih rumangsa durung sanggup dadi patih ing
Majapahit. Gajah Mada rumangsa durung nduweni lelabuhan kang akeh
tumrap Majapahit. Saengga dheweke rumangsa durung pantes
nglungguhi kalungguhan patih. Lan maneh, Gajah Mada ngakoni
menawa isih akeh punggawa Majapahit sing lelabuhane marang negara
luwih gedhe.
Arya Tadhah tetep ngrimuk Gajah Mada supaya nyaguhi
panyuwune. Miturut dheweke, Gajah Mada wis akeh lelabuhane. Kayata,
nylametake Prabu Jayanegara. Uga Gajah Mada sing kasil mungkasi

10
ontran-ontran sing dipandhegani Ra Kuti sakancane. Mula Arya Tadhah
tetep puguh njaluk supaya Gajah Mada gelem nyekel jejibahan amrih
bisa luwih omber lelabuhane marang negara.
Wusanane Gajah Mada ngalah. Dheweke gelem didadekake patih
Majapahit. Kamangka sejatine akeh punggawa Majapahit kang ngincer
kalungguhan patih. Umpamane, Ra Kembar lan Jabung Terewes. Ning
kekarone duwe watek kurang becik jalaran kumendel lan seneng
tumindak sakarepe dhewe. Mula kekarone rumangsa bingget atine
nalika krungu menawa kalungguhan patih dilengserake marang Gajah
Mada.
Gajah Mada kawisudha dadi patih Majapahit taun 1334 ing
ngarsane Ratu Tribhuwanatunggadewi. Sawise kawisudha Gajah Mada
ngucap Sumpah Palapa kang kaloka nganti seprene kang wose dheweke
bakal nyawijekake Nusantara. Krungu sumpahe Gajah Mada Ra Kembar
lan Jabung Terewes gumuyu ngakak, awit sumpah iku dirasa ngayawara.
Nglengkara bisane kelakon.
Keprungu guyu pangece mau Gajah Mada panas atine. Age-age
metu saka pasewakan sawise atur sembah. Ora let suwe keprungu
swara panantang saja njaba. Gajah Mada nantang perang jalaran wis
disepelekake dening Ra Kembar lan Jabung Terewes.
Rumangsa ditantang Ra Kembar lan Jabung Terewes uga agahan
ngadeg nututi metu. Sang Ratu ngersakake miyos saka pasewakan
mirsani kang padha peperangan. Sineksenan Sang Ratu lelorone perang
tandhing. Suwe banget bandayudane jalaran kekarone padha
trengginase padha sektine. Pungkasane Gajah Mada unggul lan Ra
Kembar kasil diperjaya.
Jabung Terewes ora nrimakake patine kancane. Dheweke genti
maju nglawan Gajah Mada. Perang tandhinge ora sababag. Sedhela wae
Jabung Terewes nututi tiwas. Kanthi banter Gajah Mada mbengok, “Sapa
sing nyepelekake Sumpah Palapa , ateges nantang keputusanku. Ateges
Wani nglawan aku”. Nanging ora ana maneh sing cemuwit apa maneh
ngguyu. Wiwit iku Gajah Mada kanthi panyengkuyunge Ratu
Tribhuwanatunggadewi uga kawula Majapahit berjuang mujudake
Sumpah Palapa. Nyatane Gajah Mada kasil ngleksanani. Iya ing jamane
Gajah Mada iki Majapahit nemoni jaman kuncarane. Apa maneh bareng
Hayam Wuruk nggenteni dadi raja ing Majapahit. Majapahit dadi
kuncaralan kasil nyawijekake nusantara.

Sumber: Jayabaya No. 51 Agustus 2002,


kanthi owah-owahan saperlune

Penget:
Dongeng yaiku crita karangan awujud gancaran sing isisne ngayawara
utawa tanpa kasunyatan. Dongeng kalebu golongane crita gancaran
sing uga diarani prosa lama.
Jinise dongeng kaperang dadi 6, yaiku:
1. Fabel, yaiku dongeng sing paragane kewan kang duwe watak wantu
kaya manungsa.
Tuladha: Serat Kancil, Peksi Glathik, Dongeng Sato Kewan, lsp.
2. Sage, yaiku dongeng sing ana sambung rapete karo sejarah,
nanging akeh wuwuhane.
Tuladha: Rara Jonggrang, Candi Sewu, Kembang Wijaya Kusuma,
lsp
3. Mite, yaiku dongeng sing isine crita kapercayan jaman kuna.
Tuladha:Nyai Rara Kidul, Dewi Sri, Jaka Tarub, lsp.
4. Legenda, yaiku crita sing gegayutan karo asal-usule sawijine
panggonan.
Tuladha: Asal-usule Kutha Surabaya, Asal-Usule Kutha Banyuwangi,

11
Tlaga Rawa Pening, lsp.
5. Dongeng lugu, yaiku dongeng sing isine sarwa aneh / ora klebu ing
nalar.
Tuladha: Jaka Kendhil, Cindhe Laras, Timun Emas, lsp.
6. Dongeng gegedhug/Wiracarita, yaiku crita sing isine nyritakake
para paraga linuwih ing jaman kuna, isine akeh sing ditambah-
tambahi jalaran paraga kasebut banget dipundhi- pundhi. Tuladha:
Raden Panji Asmara Bangun, Panembahan Senapati, Siyung
Wanara, Gajah Mada, lsp.

Gladhen 9
Pitakon-pitakon sing gegayutan karo crita dongeng ing ndhuwur wangsulana
kang premati!
1. Sapa sing dadi paraga utama (tokoh utama) ing crita dongeng
kasebut?
2. Sapa sing dadi paraga pambantu (peran pembantu) ing crita dongeng
kasebut?
3. Terangna kepriye watake para paraga utama ing crita dongeng
kasebut!
4. Terangna kepriye watake para paraga pambatu ing crita dongeng
kasebut!
5. Pitutur apa wae sing bisa kokjupuk saka crita dongeng ing ndhuwur?

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Pahlawan PETA yaiku ..................................
a. Ki Hajar Dewantara c. Dr. Soetomo
b. Bung Tomo d. Soepriyadi
2. Pemberontakan PETA dumadi ing ......................
a. Surabaya c. Blitar
b. Malang d. Yogyakarta
3. Pemberontakan PETA gagal jalaran .....................
a. Jepang dibom Amerika c. Jepang teluk marang sekutu
b. piranti perang kurang disiyapake d. Soepriyadi ilang
4. Bapak ............... wayang ing tivi.
a. ndeleng c. Nonton
b. ningali d. Mirsani
5. Tembung prapteng saka tembung prapta lan ing. Tembung prapteng iku
tuladhane tembung ........................
a. garba c. lingga
b. andhahan d. saroja
6. Warga desa padha gugur ................... gawe got.
a. mergawe c. mati
b. gunung d. Nindakake
7. Adhiku ............. sepedhah menyang sekolah, dene ibu nitih sepur
menyang Malang.
a. nuntun c. nitih
b. nyilih d. numpak
8. Merga alase gundhul yen udan deres mesthi banjir .......................
a. dhuwit c. wong
b. bandhang d. tontonan
9. Tandha kanggo nulis titik (.) ing tulisan Jawa diarani ................
a. pada lungsi c. pada linga
b. pada adeg-adeg d. pada pangkon
10. Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese kanggo mbangetake
diarani tembung ...........................

12
a. garba c. lingga
b. andhahan d. saroja

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Arjuna pancen satriya kang sekti ...............................
2. Parine wis bangcuk, tegese ...........................
3. Tandha kang manggon ing wiwitane ukara ing tulisan Jawa diarani ...........
4. PETA iku singkatan saka ..........................
5. Ani ditinggal ibune neng pasar nangis karo gulung ..........................
6. Sapi, kebo, wedhus iku kewan raja .......................
7. Kanggo ngapit tulisan Jawa digunakake pada ...................
9. Kraeng Galengsong iku sejatine asale saka ......................
10. Dongeng kang isi bab asal-usule sawijine panggonan diarani .............

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Kancil nyolong timun.
b. Aku sinau, ibu maos koran.
c. Bapak tindak Malang.
d. Sapi mangan tanduran.
e. Sapa salah bakal seleh.
2. Gawea ukara nganggo tembung:
a. iguh pratikel
b. madu mangsa
c. babak bundhas
d. andhap asor
e. sepi mamring

Wulangan 2
Kesusastraan

13
A.Ngrungokake
Indikator :
 Mencatat tokoh-tokoh dan wataknya.
 Menentukan latar cerita dengan mengutip salah satu paragraf

1. Ngrungokake Crita Wayang


Ing ngisor iki ana wacan bab Wayang. Coba tindakna pakaryan ing
ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati.

Gambar suasana latihan


memanah

Karna

Karna nalika isih timur asmane Suryatmaja, tegese putrane Bathara


Surya. Ibune asmane Dewi Kunthi saka negara Mandura putrane raja
Kunthiboja. Nalika lair Karna wis nganggo klambi kutang mengkilat kang
kelet karo awake, uga wis nganggo anting-anting ing kupinge. Klambi
kutang lan anting-anting iku sejatine pusaka. Krana wis nganggo anting-
anting ing kupinge mula bayi iku diwenehi asma Karna.
Dewi Kunthi nalika nglairake Karna durung kagungan garwa. Mula
kanggo nutupi wadine, Dewi Kunthi nglebokake bayine ing njero
kendhaga emas banjur ngentirake ing Bengawan Silugangga. Kendhaga
iku ditemu dening Nyai Rada bojone Ki Adirata kusir kreta ing kraton
Ngastina. Nyai Rada lan Ki Adirata nalika iku durung duwe anak. Mula
nalika nemu bayi sajrone kendhaga emas senenge ora jamak.
Karna diopeni Nyai Rada lan Ki Rada kaya anake dhewe. Saliyane
bagus rupane pranyata Karna uga limpat ing kadigdayan. Sawise diwasa
karna dadi satriya kang sekti mandraguna. Apamaneh Karna uga duwe
puska sekti kang aran panah Kuntawijayandanu.
Karna nglenggana menawa mung putrane kusir kreta. Mula nalika
para Pandhawa lan Kurawa gladhen olah senjata bisane mung ndeleng
sinambi ngematake. Krana lantip pikire senajan mung ngematake nanging
keprigelane ora kalah karo sing padha gladhen. Kabeh ngelmu kang
diajarake Begawan Drona marang Pandhawa lan Kurawa uga dikuwasani
Karna.
Nalika dianakake pendadaran kanggo nguji kaprigelan ing alun-alun
praja Ngastina, para punggawa lan kawula Ngastina padha mirsani. Kabeh
padha gumun marang kaprigelane Arjuna. Saka jemparinge bisa nekakake
geni kang mangalad-alad ing akasa uga bisa nekakake udan kanggo
nyirep geni mau. Para punggawa lan kawula padha keplok mawuruhan.
Weruh kahanan kaya ngono Karna panas dhadhane. Jalaran dheweke uga
bisa nindakake. Karna banjur mlebu glanggang pendadaran nantang
Arjuna. Nalika ditakoni Resi Krepa bab asal-usule, Karna ngaku yen anake
Ki Adirata. Resi Krepa menggak kekarepane Karna jalaran dudu drajading
satriya.
Duryudana kang meruhi kadigdayane Karna sigra ngadeg lang
ngangkat Karna dadi raja ing Ngawangga. Krana wis dadi raja mula
panantange Karna marang Arjuna kudu dileksanakake. Anggone perang
tandhing lan perang sejata imbang, ora ana sing kalah lan ora sing
menang. Amarga wis diwisudha dadi ratu, mula Karna kepotangan budi
marang Duryudana lan prasetya bakal dadi betenge Ngastina.

14
Nalika perang baratayuda, Karna dadi senapatine Kurawa. Dewi
Kunthi lan kadang Pandhawa wis ngerih-erih supaya Karna nyawiji karo
Pandhawa. Karna tetep puguh lan pengkuh marang janjine mbela
Ngastina. Wusanane Karna gugur dadi kusumane bangsa ndhepani praja
Ngastina, dudu mbela kurawa.

Karingkes saka: Tiga Tauladan Kisah Kepahlawanan


Tiga Tokoh Cerita Wayang, 1985.

Gladhen 1
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Sapa jenenge Karna nalika isih cilik?
2. Karna Iku ibune asmane sapa?
3. Sapa ramane karna?
4. Nalika bayi Karna dikentirake ing ngendi?
5. Wiwit bayi Karna wis duwe pusaka rupa apa?
6. Sapa sing ngopeni Krna nganti diwasa?
7. Apa pusaka piandele Karna?
8. Karna kawisudha dadi raja ing ngendi?
9. Apa prasetyane Karna marang Ngastina?
10. Karna wusana gugur ing perang apa?

2. Nyathet Tokoh lan wateke

Gladhen 2

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!


1. Sapa wae paraga (tokoh) kang ana ing wacan crita wayang ” Karna ”
ing dhuwur!
2. Kepriye watake para paraga ing wacan kasebut?
3. Kapan lan ing ngendi crita ”Karna” ing ndhuwur dumadi?
4. Coba tulisen ukara sing nyebutake latare crita (panggonan lan wektu
dumadine crita) wacan ing dhuwur!
5. Pitutur (pesan) apa sing bisa kokjupuk saka wacan ing dhuwur?
6. Tauladhan apa sing bisa kajupuk saka paraga Karna?

3. Nemtokake Latar Crita

Penget:
Latar crita uga diarani setting yaiku kapan lan ing ngendi crita kuwi
dumadi. Latar crita iku kaperang dadi yaiku latar wektu lan latar
panggonan. Latar wektu nuduhake kapan crita mau dumadi, dene latar
panggonan nuduhake ing ngendi crita mau dumadi.

15
Jlimetana maneh wacan “Karna” ing ndhuwur, banjur temokna latar crita sajrone
wacan. Kanggo bukti kutipen bagian kang ngemot latar crita mau!

B. Micara
Indikator :
 Membuat daftar pertanyaan untuk wawancara.
 Melakukan wawancara berdasarkan daftar pertanyaan.
 Menyimpulkan hasil wawancara.

Wawancara

Penget:
Wawancara yaiku omong-omongan karo narasumber sing bener-
bener ngerteni masalah sing arep dirembug kanthi tujuwan
tartamtu. Sajrone wawancara ana paraga sing takon lan ana
paraga kang ditakoni. Paraga sing ditakoni lan mangsuli kabeh
pitakonan kang diajokake diarani narasumber.
Tujuwan wawancara yaiku golek warta, katrangan, utawa
panemu (pendapat) tumrap sawijine bab, prakara utawa
kahanan, kanggo kapreluwan tartamtu.
Sadurunge wawancara bab-bab sing kudu disiyapake yaiku:
1. nemtokake tujuwan wawancara
2. nemtokake narasumber sing mumpuni utawa nduweni
kawruh bab sing dibtuhake
3. nyusun dhaftar pitakonan kanggo pedhoman wawancara
4. nemtokake wektu lan panggonan kanggo wawancara
5. nindakake wawancara adhedhasar dhaftar pitakonan
6. nyathet katerangan kang wigati saka narasumber
7. nggancarake katrangan kang wigati saka narasumber
wujud palapuran

Wawancara manut kapreluwane:


1. Wawancara kanggo kapreluan pawarta ing sawijine media
cetak (kalawarti, ariwarti/koran,lsp).
2. Wawancara kanggo kapreluwan liputan pawarta ing media
elektronik (kanggo siaran berita ing radio, televisi, lsp).
3. Wawancara kanggo kapreluan rekrutmen pegawe ing
sawijine perusahaan kang ditindakake dening Kepala
Bagian Personalia.
4. Wawancara kanggo kapreluwan panaliten sing katujokake
marang Sawijine narasumber.

Tuladha dhaftar pitakonan wawancara


Bab : Panggawene wayang
Pitakonan:
1. Wiwit kapan panjenengan ndamel wayang?
2. Nyinau ndamel wayang saking pundi?
3. Bahan wayang ingkang dipunbetahaken menapa kemawon?
4. Lulang kangge wayang asal saking pundi?
5. Kados pundi proses panggawenipun wayang?
6. Piranti menapa kemawon ingkan dipunbetahaken?
7. Betah wekdal pinten dinten kangge ndamel setunggal wayang?
8. Setunggal wayang menawi dipunsade regi pinten?
9. Dhateng pundi anggenipun nyade wayang?
10. Kawruh bab panggawe wayang napa badhe dipungethoktularaken
dhateng generasi mudha?

16
11. Miturut panjenengan, cara menapa amrih seni wayang tetep
lestantun?

Gladhen3

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kelompokmu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Gawea dhaftar pitakonan kanggo ngenekake wawancara karo
narasumber. Bab sing arep koktakokake yen bisa bab kesusatraan
utamane wayang.
2. Tindakna wawancara karo narasumber sing wis koktemtokake!
Rekamen lan catheten katrangan wigati sajrone wawancara!
3. Gawenen palapuran asile wawancara kanthi nyimpulake isine
wawancara!

C. Maca
Indikator :
 Membaca geguritan dengan penjiwaan dan ekspresi yang tepat.
 Mengubah bentuk geguritan menjadi karangan bebas/prosa.
 Membaca lancar tulisan huruf Jawa.

1. Geguritan

Penget:
Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa
kaendahan. Mula geguritan iku diarani puisi bebas, jalaran penggurit
bebas anggone nganggo jumlah padane, jumlah larike, uga
purwakanthine.

Endahing geguritan dumunung ing:


1. pilihane tembung sing mentes, trep, lan mantesi
2. panganggone wirama utawa lagune
3. panganggone rerengan basa kang maneka warna
4. tata rakite ukara lan tipografi (wewujudan) kang cundhuk karo isine

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu


digatekake yaiku:
1. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
2. 2. kudu nggatekake pocapan lan wiramane
3. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep.

Supaya bisa mangerteni isi lan maksude geguritan, mula sing kudu
ditindakake luwih dhisik yaiku:
1. ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing mirunggan (utama)

17
2. olehe maca kudu dibolan-baleni nganti paham
3. njelasake sambung rapete larik siji lan sijine
4. nemtokake bakune gagasan sing ana ing sawijining bait
5. nggatukake bakune gagasan pada siji karo pada liyane
6. nemtokake tema kang kinadhut sajrone geguritan

2. Maca Endah Geguritan Kanthi Lafal lan Lagu Pocapan sing Becik
Gladhen 4
Coba geguritan ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas kanthi lafal lan lagu
pocapan sing bener sarta kanthi ekspresi sing becik!

SUWASANA BECIK

ing segere hawa esuk


ayo nymabutgawe gumregah kanthi sayuk
plataran-plataran omah kang reged
gawe sesawangan sumpeg mbeseseg
ayo enggal diresiki
kursi-kursi kang pating blesar
ditata kanthi sabar
ing segere hawa seger
ayo padha tumandang
kang wingi-wingi dadi satru
dirangkul pinangka kadang

ing segere hawa esuk


kita isih kelingan
ilange impen-impen

Mayong, Januari 2001


Jayabaya, No. 33 April 2001

3. Nggancarake Geguritan

Pituduh:
Nggancarake geguritan tegese nyalin geguritan kang rupa basa
pinathok dadi basa gancar (prosa). Murih bisa nggancarake
geguritanmula kudu nidakake kaya ngisor iki:
1. Wacanen geguritan bola-bali nganti mangerteni isine utawa
karepe.
2. Kanggo ngerteni isine, kudu nggoleki maknane tembung-tembung
kang duwe teges khusus.
3. Temokna gagasan bakune geguritan, kanthi cara:
a. Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen
kangelan negesi tembung-tembunge, bisa digoleki ing
bausastra/kamus
b. Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyane
sing wis tinulis ing ukara.
c. Nggoleki dudutan/kesimpulan saka pokok pikiran sing
kinandhut ing sawijine pada/bait.
d. Nulis ukara sing dadi gagasan baku (ide pokok) ing sawijining
pada.
e. Sawise bisa nemtokake gagasan baku (ide pokok) ing saben-
saben pada/bait, banjur nggathukake ing antarane gagasan
baku pada siji karo pada liyane.
f. Saka gagasan-gagasan baku mau bisa disimpulake gagasan
baku sing paling wigati kang mujudake pesen utawa amanat
sing kinandhut ing geguritan kasebut.
4. Critakna isine geguritan nganggo basamu dhewe, amrih gampang

18
dingerteni sapa wae.

Gladhen 5
Geguritan ”Suwasana Becik” ing ndhuwur dadekna tulisan gancaran (prosa)!
Salinen mawa ukara-ukara lumrah mawa basamu dhewe!

2. Maca Tulisan Aksara Jawa


Tulisan aksara Jawa ing ngisor iki wacanen kang premati!

1.

2.

3.

4.

5.

D. Nulis

Indikator :
 Menulis kalimat ”Paribasan”.
 Menulis dengan huruf Jawa.

1. Paribasan

Penget:
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (ora kena
diowahi) lan nduweni teges wantah.
Tuladha:
Rame ing gawe, sepi ing pamrih
Tegese yaiku Mempeng tumandang nanging tanpa pamrih

Gladhen 6
Paribasan-paribasan ing ngisor iki tegesana kanthi milih wangsulan kang
wis cumepak ing ngisore!
1. Keplok ora tombok
2. Durung pecus, keselak besus
3. Kenes ora ethes
4. Busuk ketekuk pinter keblinger
5. Dahwen ati open
6. Ketula ketali
7. Tuna satak bathi sanak
8. Ciri wanci lelai digawa mati

19
9. Ana catur mungkur
10. Sadumuk bathuk sanyari bumi

Tegese
a. Durung sembada wis kepingin sing ora-ora.
b. Wanita kang sugih umuknanging bodho
c. Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake
wragad
d. Nacat, nanging arep dimelik dhewe.
e. Sing bodho lan sing pinter padha cilakane
f. Pakulinan ala sing ora bisa ilang.
g. Padudon prakara lemah utawa wanita, lumrahe dilabuhi
pati.
h. Kerep nemu alangan
i. Ora gelem ngrungokake gumeme liyan sing ndadekake
padudon
j. Rugi sethithik nanging tambah kanca

Gladhen 7
Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen Paribasane!
1. Ngelem nanging ngremehake, paribasane ....
2. Ati cocok lan wis suwe pengine, paribasane ....
3. Won liya nanging mesthi dibelani, paribasane ....
4. Ketoke nulung naging malah nyengsarakake, paribasane ....
5. Welas marang wong nanging malah gawe cilaka , paribasane ....
6. Loma nanging dadi sengsara, paribasane ...............
7. Kabare gedhe nanging nyatane ciliki, paribasane ...............
8. Tuggal bapa biyung, paribasane ................
9. Gelem njaluk nanging ora gelem menehi, paribasane .................
10. Diaku sedulur krana sugih, paribasane ...........................

2. Nulis Mawa Aksara Jawa


Gladhen 7
Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Adipati Karna raja Ngawangga.
2. Sembadra larung sesaji.
3. Dahwen ati open.
4. Satriya, putri, lan tamtama nglurug perang.
5. Jer basuki mawa bea.

E. Apresiasi Sastra

Indikator :
 Menyanyikan tembang macapat.
 Menceritakan dan menulis isi tembang macapat.

1. Nglagokake Tembang Macapat

Penget:
Tembang Macapat yaiku jinise puisi Jawa kang kaiket karo
wewaton utawa paugeran tartamtu. Paugerane tembang yaiku:
Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben sapada
(sebait).
Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben
sagatra.
Guru lagu tegese dhong-dhinging swara utawa tibaning swara
kang manggon ing saben pungkasaning gatra.

20
Tuladha :

Kinanthi
padha gulangen ing kalbu
ing sasmita amrih lantip
aja pijer mangan nendra
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira
cegah dhahar lawan guling

Katrangan:
Tembang Kinanthi ing ndhuwur nduweni paugeran/wewaton kaya
mangkene:
guru gatra : 6 gatra
guru wilangan: 6, 8, 8, 8, 8, 8
guru lagu : u,i,a, i, a, i

Penget:
Urut-urutane tembang macapat nduweni pralambang yaiku gegambarane urip wiwit
manungsa lair nganti tumekane pati, yaiku:
a. Mijil, pralambange tumrap manungsa kang lagi lair.
b. Maskumambang, pralambange tumrap bocah sing isih cilik, kang isih kumlewer
(isih seneng digendhong).
c. Gambuh, pralambange tumrap bocah sing durung dunung, utawa durung ngerti.
d. Sinom, pralambange tumrap bocah kang tumapak ing wayah nom-noman (remaja).
e. Asmarandana, pralambange tumrap para mudha kang padha lagi kasmaran,
sawise ing umur remaja.
f. Dhandhanggula, pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran
ngalami kadadeyan kang endah-endah (kenangan manis).
g. Kinanthi, pralambange tumrap jejere manungsa kang wis wayahe
diwengku/mengku utawa dikanthi/nganthi (nggandheng) pasangane lan siyap
mbangun bale wisma.
h. Durma, pralambange tumrap manungsa sing wis mapan anggone mbangun bale
wisma ing urip bebrayan.
i. Pangkur, pralambange tumrap manungsa sing wis mungkur enome, ateges wis
sepuh lan sisa umure kudu digunakake kanggo ngibadah lan tumindak ing
kabecikan, sarta wiwit ninggalake gumebyare isining donya.
j. Megatruh, pralambange tumrap manungsa sing wis dipundhut ing ngarsaning
Gusti, megat ateges pisah, ruh tegese nyawa. Dadi bisa ditegesi pisahe antara raga
karo nyawa.
k. Pocung, pralambang tumrap manungsa sing wis kapundhut ing ngarsane Gusti,
lumrahe dipocong banjur dikubur.

Paugerane Tembang Macapat

Tembang Guru Wilangan lan Guru Lagu


No. Macapat Guru
Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1. Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6a


2. Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
3. Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
4. Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
5. Asmarandana 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
6. Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
7. Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
8. Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
9. Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
10. Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
11. Pocung 4 12u 6a 8i 12a

Gladhen 8
1. Coba gatekna tembang Sinom ing ngiso iki, sabanjure tembangna!

SINOM

21
Pra mudha wajib ngupaya,
Ngupaya kawruh utami,
Utamaning kasampurnan,
Sampurnaning lair batin,
Batine kudu den isi,
Ingisi kawruh myang ngelmu,
Ngelmu kang nora samar,
Samaring sagung ngaurip,
Uripira den gegulang kang prayoga

Gladhen 9
Pitakon-pitakon sing gegayutan karo tembang ing ndhuwur wangsulana kang
patitis!
1. Sapa sing dikongkon ngupaya manut wacana tembang ing
ndhuwur?
2. Apa sing diupaya manut wacana tembang ing ndhuwur?
3. Pitutur apa sing bisa dijupuk saka wacana tembang ing ndhuwur?
4. Tembang sinom ing ndhuwur ana pirang gatra?
5. Sebutna guru wilangan lan guru lagune saka tembang Sinom ing
ndhuwur!

2. Nyritakake Isine Tembang

Gladhen 10
Tulisen isine tembang Sinom ing ndhuwur nganggo basamu dhewe!

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Karna wektu cilik asmane ..............................
a. Permadi c. Suryatmaja
b. Abimanyu d. Narayana
2. Ibune Karna iku asmane ..........................
a. Kunthi c. Drupadi
b. Sembadra d. Srikandhi
3. Karna kena dituladhanai merga ................
a. sekti mandraguna c. gegamane
b. mbelani negarane d. baguse
4. Cacahe wanda saben sagatra diarani ..................
a. guru lagu c. guru gatra
b. guru lampah d. guru wilangan
5. Tembang sinom guru gatrane ana ..................
a. 9 c. 7
b. 8 d. 10
6. Bathok bolu ........................., jangkepe paribasan yaiku ..........
a. wohing ranti c. ngrogoh rempela
b. isi madu d. bapa kepradhah
7. Pegaweyan kang banget dilakoni, paribasane suwe mijet ...................
a. wohing ranti c. ngrogoh rempela
b. isi madu d. bapa kepradhah
8. Cacahe gatra saben sapada diarani .........................
a. guru lagu c. guru gatra
b. guru lampah d. guru wilangan
9. Para Pandhawa iku sejatine ................. adipati Karna.
a. adhine c. kangmase
b. ponakane d. ipene
10. Puisi Jawa gagrag anyar diarani ...............

22
a. paribasan c. parikan
b. wangsalan d. geguritan

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Paribasan nabok nyilih tangan tegese ...........................
2. Guru lagu yaiku ...............................
3. Wong tuwa entuk alangan merga polahe anake, paribasane .....................
4. Tembang macapat kang nglambangake wong kang wus mati yaiku
...............
5. Merga mangan tempe. Tulisan Jawane .....................
6. Wong lumrah nanging sugih kapinteran, paribasane .....................
7. Adipati Karna iku raja ing ........................
8. Nalika bayi Karna dikentirake ing Bengawan ........................
9. Tembang macapat kang nglambangake manungsa lair yaiku ..............
10. Karna gugur dadi kusumane bangsa. Kusumane bangsa tegese .............

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Srini, Parno, lan Anton sinau kelompok.
b. Iwak bandeng dipresto.
c. Krupuk puli rasane gurih.
2. Goleka sapada tembang macapat banjur golekana guru lagu, guru gatra,
lan guru wilangane!

Wulangan 3
Pekerjaan
A. Ngrungokake

23
Indikator
 Menyampaikan pertanyaan/tanggapan.
 Mengungkapkan isi bacaan secara lisan dalam berbagai ragam bahasa
Jawa.

1. Ngrungokake Crita saka Wacan


Ing ngisor iki ana wacan bab Pekerjaan. Coba tindakna pakaryan ing
ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati kasebut.

Kartolo Sang Seniman Ludruk

Tumrape wong Jawa Timur sasat kabeh kenal saora-orane tau


krungu jeneng Kartolo. Mula ora aneh menawa wong menawa ditakoni
jeneng Kartolo mesthi njawab badhut ludruk utawa pemain ludruk. Kartolo
karo seni ludruk pancen ora kena dipisahake. Seni ludruk kang wis
ngumbulake jenenge. Seni ludruk kang wis ndadekake dheweke sugih.
Ning senajan wis sugih uripe prasaja, Mobil lan omah kang klebu mewah
ing kampung jalan Kupang Jaya I/12-14 ora nyebabake dheweke
sombong.
Kartolo lair ing Watu Agung, Prigen Pasuruan. Tanggal, wulan, lan
taune ora dingerteni jalaran mboke ora nyatheti. Sapa ngira Kartolo mung
tamatan Sekolah Rakyat (SR) jalaran dheweke klebu pelawak kang
cerdhas, kreatif, lan pinter anggone ngomong. Sawise lulus SR Kartolo
nggabung rombongan ludruk Marga Santosa. Taun 1963 pindhah ing
rombongan ludruk Panca Tunggal. Taun 1967 nggabung ing grup Dwikora
lan terus-terusan pindhah rombongan kayata Gajah Mada, Tansah Tresno,
Bintang Surabaya.
Taun 1971 Kartolo nggabung karo ludruk RRI Surabaya. Kartolo
mandheg main ludruk sawise gawe kaset lawakan. Kartolo ngaku dadi
kondhang merga kaset. Taun 1980-an kaset rekamane laris kaya kacang
goreng. Album kaset Kuro Kandhas, Sindhen Bledheg, Dhalang gersang
payu luwih saka sayuta kaset. Mula dheweke lan grup lawake: Sapari,
Ning Tini (bojone), Basman, Sokran (sing loro keri iki wis seda), akeh
nampa job tanggapan. Krana akeh tanggapan prasasat ora tau saba
omah. Merga nekuni pakaryane Kartolo wis kasil dadi wong sing kondhang
lan kepenak uripe. Malah setaun kepungkur dheweke entuk penghargaan
seniman saka Gubernur Jawa Timur rupa dhuwit sepuluh yuta lan piagam.

Sumber: Jayabaya Nomer 38 Mei 2001


kanthi tambahan saperlune
Gladhen 1
Gawea ukara pitakon sing gegayutan karo wacan ”Kartolo Sang Seniman
Ludruk” ing ndhuwur! Gunakna tembung-tembung pitakon Apa, Sapa, Kena
apa, Kapan, Ing ngendi, Kepriye, pira! Rembugen lan garapen karo
kancamu sakelompok!
Gatekna tuladha ing ngisor iki!

1. Apa sebabe Kartolo dadi kondhang?


2. Ing ngendi Kartolo lair?

24
1. Apa : ...........................................................................
2. Sapa : ...........................................................................
3. Kena apa : ...........................................................................
4. Kapan : ...........................................................................
5. Ing ngendi : ...........................................................................
6. Kepriye : ...........................................................................
7. Pira : ...........................................................................

2. Nyritakake Isine Wacan

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Gladhen 2
Wacan ” Kartolo Sang Seniman Ludruk” ing ndhuwur ringkesen
nganggo basamu dhewe (kena nganggo basa ngoko utawa krama)!
Critakna wosing crita sing minangka asil garapanmu ing ngarep kelas,
banjur kumplna marang gurumu.

B. Micara
Indikator
 Mengajukan cangkriman dan mencari jawaban.
 Menggunakan basa ngoko dan krama dalam percakapan.

1. Cangkriman

Penget:
Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata,
surasa utawa isne ngemu teges kang kudu dibadhe utawa dibedhek.
Cangkriman tembung liyane badhekan utawa bedhekan. Lumrahe
cangkriman wujud tembung wancahan lan pepindhan utawa irib-iriban.
Tuladha:
a. Pakbo letus, batangane tapak kebo lelene satus.
b. Pitik walik saba kebon, batangane nanas.

Gladhen 3
Cangkriman ing ngisor iki golekana badhekane kanthi milih wangsulan sing
wis sumadya ing ngisore!
1. Nituk lersure
Badhekane ....
2. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot.
Badhekane ....
3. Sega sekepel dirubung tinggi.
Badhekane ....
4. Surles penen
Badhekane ....

25
5. Badhekane ....
6. Sing endhek didhudhuki, sing dhuwur diurugi
Badheane ....
7. Pitik walik saba amben
Badhekane ....
8. Ditekak gulune, banjur nguyuhi.
Badhekane ....
9. Emboke dielus-elus, anake diidak-idak.
Badhekane ....
10. Sawah rong kedhok, galengane mung sitok.
Badhekane ....

Wangsulane
a. Andha
b. Nini ngantuk diseler susure
c. Tapak kebo ana lelene satus.
d. Susur teles pepenen
e. Salak
f. Timbangan
g. Ngombe nglenggak banyu saka kendhi
h. Klobot digawa entheng, gentheng digawa abot.
i. Godhong gedhang
j. Sulak

2. Unggah - Ungguh Basa


Ngowahi Basa Ngoko Lugu dadi Basa Krama alus
Tuladha:
Ngoko lugu : Ibu maca koran sinambi ngrungokake radio.
Krama Alus : Ibu maos koran sinambi midangetaken radio.

Gladhen 4
Ukara-ukara nganggo basa ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi ukara
nganggo basa krama alus!
1. Bu Lina ngombe teh rong gelas.
2. Bu Guru nggawa tas neng kantor.
3. Bapak ngongkon aku supaya sregep sinau.
4. Mas Darto lagi teka saka Malang.
5. Budhe lagi mangan sega ing pawon .
6. Pak Guru Narto numpak sepedhah menyang sekolahan.
7. Ibu kandha, saiki wayahe ulangan aja nonton TV wae.
8. Bu Damar menehi sumbangan kanggo korban banjir.
9. Simbah teka nggawa oleh-oleh.
10. Bulik lunga menyang Jakarta numpak montor mabur.

Gladhen 5
Pacelathon ing ngisor iki pangetrape unggah-ungguh basane durung
bener, supaya bener owahana nganggo unggah-ungguh kang bener!

Kudu Gelem Gladhen

Ani : Bu, apa nekuni seni bisa kanggo golek


pangupajiwa?
Bu Guru : Bisa, An. Pakaryan seniman yen pancen ditemenani
bisa nekakake dhuwit sing ora sethithik. Seniman
yen wis kondhang ora kalah karo wirausahawan
liya. Ning ana syarate.
Ani : Ana syarate? Banjur syarate apa?

26
Bu Guru : Syarate kudu gelem sregep gladhen lan kreatif.
Ani : Maksude kepriye Bu?
Bu Guru : Seniman kudu tansah latihan amrih ora kaku.
Seniman uga kudu gelem golek lan nambah kawruh
babagan seni sing ditekuni. Bisa kanthi maca buku-
buku kang anyar melu seminar, nonton TV lan liya-
liyane. Kabeh mau bakal ndadekake seniman ora
ketinggal ajune jaman.
Ani : Iya, Bu.
Bu Guru : Mula, yen kowe duwe bakat apa wae kudu gelem
gladhen kanggo ngembangake bakat mau. Lan
maneh, pakarya kang cundhuk karo bakat bakal
bisa ndadekake wong bisa ngrengkuh apa wae.
Mula wiwit saiki mawas dhiri apa kira-kira bakat
kang paling gedhe sing kok antepi. Banjur tekunana
nganti kowe kasil dadi wong sing kondhang.
Ani : Inggih, Bu.

C. Maca

Indikator
 Membaca dengan lafal, intonasi, dan penjiwaan yang tepat.
 Menceritakan kembali bacaan dengan runtut.

Gladhen 6
Wacan ”Kartolo Sang Seniman Ludruk” ing dhuwur wacanen kanthi lafal
lan lagu pocapan sing bener! Sabanjure wangsulana pitakon wacan ing
ngisor iki!
1. Apa irah-irahne wacan ing ndhuwur?
2. Sapa paraga sing dicritakake sanjerone wacan ing ndhuwur?
3. Apa sejatine pakaryane para sajrone wacan ing ndhuwur?
4. Kapan Kartolo wiwit nggabung grup luduk?
5. Grup apa wae kang tau dieloni Kartolo?
6. Wiwit taun pira Kartolo prei mentas ludruk?
7. Apa sing ditekuni sawise mandheg pentas ludruk?
8. Apa buktine menawa Kartolo wis dadi wong sing kasil?
9. Senajan wis kondhang lan sugih kepriye wateke?
10. Sapa wae anggota grup lawake Kartolo?

Gladhen 7
Wacana kanthi irah-irahan ” Kartolo Sang Seniman Ludruk” ing ndhuwur
critakna kanthi ringkes lan runtut nganggo basamu dhewe!

D. Menulis

Indikator
 Menulis kalimat langsung dan tak langsung.
 Menulis karangan berdasarkan gambar seri.

1. Ukara Langsung lan Ora Langsung


Tuladha:
Ukara langsung : Ibu ngendika,”Sesuk kowe kudu tangi esuk!”
Ukara ora langsung : Ibu ngendika manawa sesuk aku kudu tangi esuk.
Gladhen 8
Ukara langsung ing ngisor iki owahana dadi ukara ora langsung!
1. Bapak Anton ngendika, ”Bocah saiki gampang kena pengaruh ala.”

27
2. Bu Guru dhawuh, ”Para siswa kudu sregep sinau.”
3. Bulik Kanthi ndangu, ”Kowe yen sekolah sangune pira?”
4. Adhiku kandha, ”Aku sesuk diajak Bapak menyang Surabaya.”
5. Ibu dhawuh, ”Sapunen latar ngarep omah.”
Ukara ora langsung ing ngisor iki owahana dadi ukara langsung!
1. Bu Guru ngendika manawa aku kudu sregep amarga arep ujian.
2. Mbak Wati dhawuh manawa aku kudu bisa njaga karesikan.
3. Nina takon kapan anggone piknik menyang Guwa Maharani.
4. Pak Guru ngumumake menawa wiwit sesuk sekolah prei semingu.
5. Anita njelasake yen dheweke ora nggawa bukune Agus.
Gawea ukara ora langsung 5 wae, banjur salinen dadi ukara langsung!

2. Nulis Karangan

Gladhen 9
Gawea karangan kanthi wewaton gambar seri ing ngisor iki! Saben gambar
bisa kokcritakake ing ukara antara 3 nganti 5 ukara.

1. Gambar orang yang


sedang membuang
sampah di sungai

2. Gambar sungai yang


dangkal penuh dengan
sampah

3. Gambar hujan yang


deras, air sungai meluap
karena tersumpat
sampah

4. Gambar banjir
menggenangi
pemukiman

5. Gambar orang yang


sedang mengungsi
sambil membawa barang

28
E. Apresiasi Sastra

Indikator
 Membaca geguritan dengan lafal intonasi, dan gaya yang tepat.
 Membuat teks geguritan sederhana.

1. Maca Geguritan

Gladhen 10
Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi lafal lan lagu pocapan kang becik!

BOCAH-BOCAH WETENGE GEDHE


(Dening: Moh. Muhith)

Bocah-bocah wetenge gedhe


Ora kewaregen nanging luwe
Menyang sekolah nanggo sepatu
Nanging tanpa sarapan tanpa sangu

Ibu bapake wis padha lunga


Jare golek upa neng kutha
Nanging banjur age-age mulih
Jalaran neng kutha akeh getih
Sing tumetes neng dalan-dalan
Sakiwatengene kampus lan sekolahan

Wiwit biyen akeh bocah wetenge gedhe


Ora kewaregen naning luwe
Banjur tuwa-tuwa dadi penggedhe
Sirahe buthak wetenge saya gedhe
Jalaran nggragas nganti doyan apa wae
Aspal lan watu uga alas dientekake

Kapethik saka: Jayabaya No. 23 Pebruari 2007

2. Ngarang Geguritan

Gladhen 11
Gawea geguritan nganggo basamu dhewe kanthi tema bebas!

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Ludruk iku seni khas saka .....................
a. Madiun c. Kediri
b. Jombang d. Ponorogo
2. Tari kanggo miwiti pagelaran ludruk yaiku ..............
a. janger c. remo
b. bedhaya d. gambyong
3. Ciri khase ludruk ana ing ....................
a. lakone c. busanane
b. kidungane d. perangane
4. Dikethok tambah dhuwur, batangane .................
a. rambut c. klambi
b. gedhang d. jenggot
5. ................. dheweke mulih saka Jakarta? Tembung pitakon kang trep
yaiku ..................

29
a. Apa c. Kapan
b. Pira d. Sapa
6. Emboke wuda, anake tapihan. Batangane .............
a. bligo c. andha
b. ontong d. pring
7. Sedulure telu lanang kabeh. Tembung pitakon sing trep yaiku ............
a. Apa c. Kapan
b. Pira d. Sapa
8. Aku .................... dhuwit Pakdhe Haryo. Tembung kang trep yaiku .........
a. diwenehi c. diaturi
b. diparingi d. disukani
9. Wedhus papat, kalong telu. Ana pira?
a. siji c. pitu
b. wolu d. sanga
10. Unen-unen kang kudu dibatang diarani ................
a. parikan c. geguritan
b. cangkriman d. paribasan

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Wong kang nggeluti bidang seni diarani ........................
2. Yen bengi melek yen awan turu, batangane .....................
3. Bapak ngunjuk kopi, aku dhahar rawon. Tembung dhahar benere ...........
4. Ibune dielus-elus, anake diidak-idak, batangane ...................
5. Budhe narti ...................... ngasta oleh-oleh. Tembung kang trep yaiku
..................
6. Aku tuku buku ing Surabaya. Tembung pitakon sing trep yaiku ..................
7. Dijupuk mundhak tambah akeh, batangane .......................
8. Kecemplung blumbang. Tulisan aksara Jawane .....................
9. ..................... sing mulang Basa Jawa?
10. Aku maca buku, Ibu .............. koran ing teras.

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Ukara iki dadekna ukara langsung!
a. Ibu ngendika menawa sesuk arep tindak Jakarta.
b. Pak Santoso dhawuh yen ibune gerah ing rumah sakit.
c. Budi ngomong yen dheweke arep sinau sing mempeng.
2. Goleka teks geguritan banjur wacanen ing ngarep kelas kanthi lagu,
pocapan, lan solah bawa kang pener!

Wulangan 4
Peristiwa

A. Ngrungokake

30
Indikator
 Mengajukan pertanyaan sesuai bacaan.
 Mengungkapkan kembali isi bacaan.

1. Ngrungokake Crita saka Wacan


Ing ngisor iki ana wacan bab Peristiwa. Coba tindakna pakaryan ing
ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati kasebut.

GAMBAR PESAWAT
TERBANG DENGAN
NAMA LAMBUNG
ADAM AIR

Pesawat Adam Air Ilang

Taun 2007 dipapag karo musibah kang nyedhihake yaiku ilange


pesawat duweke Adam Air. Pesawat mau sajrone penerbangan saka
Surabaya menyang Menado. Kamangka patang dina sadurunge, yaiku
tanggal 28 Desember 2006, uga dumadi tragedi kang nrenyuhake. Tragedi
kereme kapal laut Senopati kang ngemot 602 wong.
Pesawat Adam Air kang nemahi cilaka iku jinise Boing 737 400
gaweyane Amerika wetonan taun 1989. Mula yen katitik saka umure bisa
kagolong pesawat tuwa. Pesawat mau ngemot 96 penumpang lan 6 awak
pesawat. Nganti titi wanci iki bathange pesawat lan kabeh wong sing ana
sanjerone pesawat durung kasumurupan dununge.
Pihak Angkatan Udara dibantu Singapura wis ngerikake tenaga
sakatoge kanggo nyisir alas lan pesisir ing saindenging Sulawesi. Angkatan
Laut uga ora kurang olehe mbudidaya nggoleki Adam Air kang ilang, ning
asile isih nol. Pancen, KRI Fatahilah, dhek Senin 8 Januari 2007, nemokake
sinyal (tandha-tandha) anane barang logam berat ing laut Mamuju Sulawesi
Barat. Dinuga “barang aneh” kang ana dhasaring segara kang jerone 1.050
meter mau bangkene Adam Air. Dadi Adam Air kang dipiloti Kapten Refri
Agustian Widodo mau njegur ing segara? Kanggo mbuktekake bener orane
panduga mau pihak Angkatan Laut lan Adam Air nunggu tekane bantuan
Angkatan Laut Amerika kanggo nyelidhiki. Jalaran, Amerika kang duwe
peralatan komplit.
Maneka warna pangira ilange pesawat Adam Air diucapake para pakar.
Sepisan, pesawat Adam Air keterjang angin kang bantere 137 km/jam kanthi
landhesan sawise sakjam mabur pilot nakokake posisine pesawat lan njaluk
ijin ndhuwurake pesawat saka 10 km menyang 11 km. Pilot uga ngajap
petugas bandara supaya “nuntun” pesawat metu saka puseran angin. Jam
14.07 WIB pesawat ilang saka radar pengawas. Kapindho, pesawat Adam Air
mbledhos saengga pilot ora sempat nglapurake bahaya mau. Buktine, radar
pesawat Garuda, Merpati, lan Lion Air sing mabur ing jalur sacedhake ora
nangkep sinyale Adam Air.
Katelu, pesawat kobong merga anane geni kang nyamber tengki bahan
bahan bakar pesawat. Bisa uga pesawat ceblok jalaran mesine mati ndadak.
Kapapat, pesawat Adam Air ngalami gangguan navigasi utawa gangguan
aliran listrik sistem radar dopller pemantau cuaca. Wusanane pesawat
kejebak “awan galak” kaya kang dielikake dening BMG Juanda sadurunge
pesawat brangkat. Jam 17.23 WITA sacara resmi pesawat dinyatakake ilang!

Sumber: Jayabaya No. 21 Januari 2007

Gladhen 1

31
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Pesawat apa sing dinyatakake ilang?
2. Dhek kapan kedadeyane pesawat adam Air ilang?
3. Pesawat sing ilang jinis apa lan gaweyan ngendi?
4. pesawat sing ilang ngemot wong pira?
5. Sapa pilote pesawat kang ilang?
6. Ing ngendi kira-kira pesawat ceblok?
7. Apa penyebabe pesawat Adam Air ilang?
8. Jam pira pesawat dinyatakne ilang?
9. Sadurunge tragedi pesawat ilang tregedi apa sing sadurunge kekaden?
10. Kapal kang kerem ngemot wong pira?

2. Gawe Pitakonan saka Wacan

Gladhen 2
Gawea pitakon-pitakon lan wangsulane pisan sing gegayutan karo wacan ”
Pesawat Adam Air Ilang”!

Tuladha:
Pitakon : Pesawat apa sing ceblok ing segara?
Wangsulan : pesawat Adam Air

1. Apa : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
2. Sapa : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
3. Kepriye : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
4. Kapan : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
5. Pira : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
6. Kena apa : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
7. Geneya : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
8. Menyang ngendi : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
9. Saka ngendi : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................
10. Apa sebabe : ....................................................................
Wangsulan : ....................................................................

3. Ngungkapake Isine Wacan

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Gladhen 3

32
Critakna maneh kanthi ringkes prastawa ” Pesawat Adam Air Ilang”
adhedhasar urut-urutane kadadeyan sing wis kokcathet nganggo basamu
dhewe!

B. Micara
Indikator
 Mempergakan teks percakapan yang menggunakan basa ngoko dan krama.
 Mengubah basa krama menjadi ngoko.

1. Nindakake Pacelathon Mawa Basa Ngoko Lugu lan Krama Alus

Gladhen 4
Pacelathon ing ngisor iki tindakna karo kancamu ing ngarep kelas!

Ilustrasi: Seorang anak sedang berbincang dengan ibunya di ruang tamu

Nyegah Banjir

Bu Narti : Delengen berita ing ing TV apadene koran, ing ngendi-


endi akeh bencana banjir. Saben ngancik mangsa
rendheng mesthi ana pawarta bab banjir.
Yosi : Nggih pancen sampun mangsanipun lajeng kadospundi
malih ta Bu.
Bu Narti : Aja disalahne mangsane, nanging digoleki apa sebabe
dumadi banjir. Jalaran banjir ngono mesthi ana sebabe.
Yosi : Lajeng ingkang lepat punika sinten Bu?
Bu Narti : Biyen sasat ora ana bencana banjir kaya saiki. Lemah
jugrug iya arang-arang. Iku kabeh jalaran masyarakat
duweni rasa peduli karo lingkungan.
Yosi : Raos peduli lingkungan ingkang kados pundi nggih Bu.
Bu Narti : Rasa peduli njaga lingkungan. Kali diupaya amrih resik
dadi iline banyu kali lancar. Gunung dijaga tetep
ngrembuyung sebab bisa ngisep banyu udan lan nahan
banyu lan lemah. Ning saiki?
Yosi : Sakmenika kados pundi ta Bu?
Bu Narti : Saiki kesadharan masyarakat njaga resike kali, got wis
ora ana. Kali padha kanggo mbuwang sampah saengga
mampet. Gunung-gunung padha digundhuli merga
alase padha dijarah, pada ditebangi. Kabeh mau sing
salah sapa? Rak ya masyarakat dhewe ta?
Yosi : Inggih Bu. Lajeng punapa ingkang kedah
dipuntindakaken Bu?
Bu Narti : Masyarakat kudu disadharake menawa njaga
lingkungan iku perlu diupayakake. Masyarakat aja
nganggep sepele perkara iki. Jalaran menawa ana
bencana banjir apadene lemah jugrug sing rugi ya
masyarakat dhewe.
Yosi : Inggih Bu. Kula sakanca inggih gadhah program
penyuluhan bab njagi lingkungan. Pramila kula sakanca
badhe ngupayakaken nyadharaken masyarakat bab
lingkungan.
Bu Narti : Bener. Kawula mudha kudu melu ing gerakan peduli
lingkungan. Ayo bareng-bareng nggugah kesadharane
masyarakat.

33
Yosi : Inggih Bu.

2. Basa Krama Alus lan Ngoko Lugu.

Tuladha
Krama Alus : Sedaya kedah sadhar njagi lingkungan.
Ngoko Lugu : Kabeh kudu sadhar njaga lingkungan.

Gladhen 5
Ukara-ukara nganggo basa krama alus ing ngisor iki owahana dadi basa
ngoko lugu!
1. Krama Alus : Sinten ingkang dipunlepataken menawi wonten
banjir?
Ngoko Lugu : ...........................................................................
2. Krama Alus : Mbucal uwuh sampun ngantos dhateng lepen.
Ngoko Lugu : ............................................................................
3. Krama Alus : Wana kedah dipunjagi sampun ngatos
dipuntebangi.
Ngoko Lugu : ............................................................................
4. Krama Alus : Punapa ingkang kedah dipuntindakaken kangge
nyegah banjir?
Ngoko Lugu : ..........................................................................
5. Krama Alus : Mangga sami sadhar njagi lingkungan supados
saged lestantun.
Ngoko Lugu : .........................................................................

Ukara-ukara nganggo basa ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi basa
Krama alus!
1. Ngoko Lugu : Bu Winda mulang basa Jawa ing kelas enem.
Krama Alus : ..................................................................................
2. Ngoko Lugu : Pak Darto lunga menyang Malang numpak bis.
Krama Alus : .................................................................................
3. Ngoko Lugu : Mas Hendro maca novel karo ngrungokake radio.
Krama Alus : .................................................................................
4. Ngoko Lugu : Bu Indri tuku klambi neng pasar .
Krama Alus : .................................................................................
5. Ngoko Lugu : Simbah teka saka Madiun nggawa jajan.
Krama Alus : ..............................................................................

B.Maca

Indikator
 Membaca dengan kecepatan tertentu.
 Menjawab pertanyaan bacaan

1. Maca Cepet
Wacana ing ngisor iki wacanen kanthi cepet sing wektune wis ditemtokake
dening gurumu!

Gambar
Semburan lumpur
Lapindo

Semburan Lumpur Porong


Paling Gedhe Ing Bumi

34
Mud Volcano utawa gunung lumpur sejatine dudu bab anyar. Ing
negara kita ana gunung lumpur sing wis suwe kondhang, yaiku “Bledhug
Kuwu” ing Purwodadi, Grobogan, Jawa tengah. Beda karo lumpur Porong,
Sidoarjo sing encer, lumpur sing diwetokake saka jero bumi ing kuwu kenthel,
lan metune dibarengi bledhosan sing muni “bledhug”. Lumpur ing Kuwu iku
rasane asin, lan dening pendhudhuk sekitare diolah dadi uyah.
Ing sawetara laladan ing Surabaya, Tuban, lan Mojokerto uga
ditemokake tilas-tilase gunung lumpur sing saiki wis mati alias ora
beraktivitas maneh. Gunung lumpur ing Surabaya mau malah dilestarekake
dadi jeneng desa papan dununge, yaiku desa Gunung Anyar ing kawasan
Surabaya Timur.
Wektu iki udakara 1.100 gunung lumpur kang isih aktif ing lumahing
bumi sarta ing jero banyu kang cethek. Yen ditambah karo sing ana palung-
palung bawana sing jero, cacahe kira-kira malah luwih saka 10.000. Wujude
werna-werna. Ana sing mung kaya blumbangan banyu ngetokake gas. Ana
sing kaya ubalan/sumber banyu buthek dhuwure ora nganti setengah meter.
Ana sing wujude lancip kaya kukusan/gunung cilik –dhuwure mung sawatara
meter- ngetoake lumpur kenthel campur krikil utawa pasir. Ning ana uga sing
dhuwure nganti atusan meter, ngetoake lumpur, kathik nyemburake geni
pisan.
Dene ngenani sing ana Porong, sing kapasitas semburane 126.000
meter kubik sedina lan dinuga uga bakal dadi gunung lumpur, para geolog
saka manca alok, “It’s huge.” Guedhe banget. Utawa, “It is one of the largest
ever recorded on land.” Salah siji kang paling gedhe ing bumi iki.

Sumber: Jayabaya No. 10 Nopember 2006.

2. Pitakon Wacan
Gladhen 6
Wangsulana pitakon-pitakon saka wacan ing ngisor iki!
1. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur?
2. Lumpur Porong diarani Mud Volcano, apa maksude?
3. Lumpur ing Porong meh padha karo Bledhug Kuwu kang tinemu ing
ngendi?
4. Apa bedane lumpur Porong karo Bledhug Kuwu?
5. Gunung lumpur ing Jawa Timur tinemu ing ngendi wae?
6. Ing Surabaya tilas gunung lumpur tinemu ing ngendi?
7. Saiki ing lumahing bumi gunung lumpur sing aktif kira-kira ana pira?
8. Wujude gunung lumpur iku werna-werna, coba sebutna apa wae?
9. Lumpur Porong sedinane kapasitas semburane ana pira?
10. Apa aloke para geolog bab lumpur Porong?

D. Nulis

Indikator
 Menulis pokok-pokok pikiran tiap paragraf.
 Menulis kalimat berpola S-P-O-K.
 Menulis kalimat sederhana dengan menggunakan huruf Jawa.

1. Nulis Bakune Gagasan (Pokok Pikiran) ing Saben-Saben Paragraf

Penget:
Bakune gagasan utawa pokok pikiran yaiku ukara sing dadi
punjering rerembugan ing sawijine paragaraf. Gagasan baku

35
ing basa Indonesia uga diarani Kalimat Utama. Ing sawijine
paragraf, kajaba Kalimat Utama, isih ana ukara-ukara liyane
sing menehi katrangan marang bakune gagasan sing diarani
Kalimat Penjelas.

Cara Nemtokake Gagasan Baku (Pokok Pikiran) ing


Sajroning Paragraf
Bab-bab sing kudu digatekake kanggo nemtokake gagasan
baku (ide pokok) ing sajroning wacan, yaiku:
1. Nemtokake ukara sing dadi punjere informasi (kalimat utama)
ing sawijining paragraf.
2. Mangerteni ukara-ukara sing nerangake pokok pikiran
(kalimat penjelas).
3. Bakune gagasan (Pokok Pikiran) bisa manggon ing wiwitane
paragraf, pungkasane paragraf, utawa ing loro karone.
4. Nulis dudutan/kesimpulan saka ukara sing dadi punjere
infomasi ing sawijine paragraf kasebut dadi gagasan baku
(ide pokok).

Gladhen 7
Coba tulisen bakune gagasan (pokok pikiran) sing kinandhut ing paragraf 1
nganti 4 wacan ”Semburan Lumpur Porong Paling Gedhe Ing Bumi” ing
dhuwur!

2. Nulis Ukara kanthi Pola Jejer-Wasesa-Lesan-Katrangan (J-W-L-K)

Tuladha:
1. Tim SAR nggoleki penumpang pesawat ing alas lan pesisir
Jejer Wasesa Lesan Katrangan Panggonan

2. Angkatan Laut nyisir segara nganggo kapal perang.


Jejer Wasesa Lesan Katrangan Piranti

Gladhen 8
Ukara ukara ing ngisor iki udhalen kaya tuladha ing dhuwur!
1. Pesawat Adam Air mbledhos ing angkasa.
2. Angkatan Udara ngubengi laut Mamuju wiwit esuk nganti sore.
3. Para nelayan nemokake pecahan pesawat ing segara.
4. Pesawat Adam Air nggawa penumpang 96 saka Surabaya.
5. Keluwarga kurban Adam air nunggu kabar ing bandhara.
6. Singapura ngirim tentara ing Mamuju.
7. Amerika mbiyantu kapal penyelidhik dhek dina Minggu.
8. Bu Dina nitih Adam Air neng Jakarta.
9. Tim SAR nggoleki kurban Adam Air ing dharat lan segara.
10. Presiden manggihi keluwarga kurban pesawat ing Sulawesi.

3. Nulis Ukara mawa Aksara Jawa

Penget:

1. Panulise aksara na ( ), yen ketemu karo aksara ca ( )


utawa

ja ( ), aksara na owah dadi aksara nya ( )

Tuladha:

36
a. panci =

b. panji =

2. Aksara ra ( ) lan la ( ) ora kena dipepet ( . . . . ) , panulise

nganggo pa cereg ( ) ) lan nga leled ( )

Tuladha:

a. resik =

b. lemu =

Gladhen 9
Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Adhiku gawe pancing.
2. Rengginang rasane legi.
3. Kacang lanjaran lemu-lemu.
4. Rega beras mundhak.
5. Lenga gas kanggo mangsak.

E. Apresiasi Sastra

Indikator
 Menuliskan tokoh dan pesan yang terkandung dalam cerita.
 Membuat ringkasan cerita.

1. Wacan Dongeng
Wacan dongeng ing ngisor iki wacanen kang patitis!

GAMBAR JAKA
TARUP SEDANG
MENULUP
BURUNG DI
HUTAN

JAKA TARUB

Kacarita, ing pedhukuhan Tarub urip sawijining randha kang aran Mbok
Randha Tarub tilas garwane Ki Ageng Tarub. Dheweke urip ijenan jalaran
ditingal seda bojo tanpa anak kang njalari nelangsane. Ing sawijining wengi
ngepasi malem Jemuwah Kliwon, Mbok Randha Tarub sengaja ziarah ing
makame Ki Ageng, ngiras turu ing makam kono mulane nggawa bantal lan
klasa. Eloke lelakon, bareng parak esuk mbok Randha Tarub kaget lan
gumun dene ing cedhake anggone turu ana bayi nangis cengar-cenger. Bayi
enggal dibopong, anehe bayi mau banjur meneng cep. Bayi enggal digawa
mulih, diedusi lan didulang degan kemlamut. Sawetara dina Mbok Randha

37
malah metu banyu susune, mula bayi lanang tur bagus iku gelis gedhene.
Bayi lalang iku dijenengi Jaka Tarub.
Jaka Tarub wis ngancik umur 7 taun wis seneng dolan lan akeh
kancane. Senengane dolan ing alas saperlu nulup. Sing ditulup bangsane
kinjeng, kupu, lan walang. Mbok Randha Tarub rada pegel atine jalaran Jaka
Tarub yen lagi dolan ing alas mesthi sedina muput wiwit esuk nganti sore lagi
mulih. Wektu lumaku terus Jaka Tarub wis ngancik diwasa nanging
kasenengan nulup tambah ndadi sing ditulup bangsane manuk. Ndeleng
kabeh iku Mbok Randha Tarub ngelingake anake supaya ora nasak alas kidul
desa jalaran wingit, ora kena diambah janma manungsa. Dituturi bola-bali ora
digape malah gawe tulup anyar kang luwih apik, manuk ditulup mesthi kena
lan ceblok ing lemah.
Ing sawijing dina Jaka Tarub nyasak alas kidul desa golek manuk
nanging ora nemoni manuk babar pisan. Saya suwe anggone nasak alas
saya nengah, manuk ora ana sing ditulup. Jaka Tarub getun banget lan
theleg-theleg ing sangisore wit gedhe. Jaka Tarub kaget krungu swarane
wong wadon sing padha geguyonan ing tengahe alas. Tumuli diparani arahe
swara, lakune alon-alon. Jebul ana wong wadon ayu-ayu padha adus ing
tlaga. Jaka Tarub nginjen, aling-aling wit gedhe. Pranyata ing tengahe alas
kono ana tlaga padusane para widadari yaiku saben dina Anggara Kasih
wanci tengange.
Saka walike wit Jaka Tarub weruh sandhangane para widadari kang
padha adus ditumpangake ing watu gilang sapinggire tlaga. Kanthi alon-alon
Jaka Tarub njupuk klambi siji lan slendhang banjur gegancangan digawa
mulih. Satekane ing omah, klambi lan slendhang disingitake ing lumbung
ditumpuki pari. Age-age Jaka Tarub bali ing alas karo nggawa jarit klambi lurik
lan kemben. Nalika teka tengahe alas ing cedhake tlaga para widadari meruhi
tekane manungsa mula padha age-age mentas saka tlaga klamben lan
mabur bali ing kahyangan wedi kamanungsan. Kari siji widodari kang
kelangan klambi lan slendhang ora bisa mabur. Atine pepes jalaran bakal
kamanungsan, saking bangete sedhih nganti nangis ing pinggiring tlaga.
Wusanane dipupus, widadari iku ngucap sayembara “sing sapa bisa menehi
klambi menawa wong tuwa bakal diaku dadi wong tuwane, menawa wadon
bakal diaku sedulur sinarawedi, dene yen lanang bakal sanggup dipek bojo”.
Krungu sayembara kuwi Jaka Tarub nyedhaki pinggiring tlaga menehi
pitulungan rupa klambi, jarit lan kemben lan nagih janjine widodari iku.
Widodari kang aran Dewi Nawangwulan tetep ing janji sanggup digarwa
banjur diajak bali ing pedhukuhan Tarub.
Satekane ngomah, Mbok Randha Tarub kaget ngerteni anake mulih
nggandheng prawan kang ayune sundhul langit. Ora suwe kekarone banjur
didhaupake. Jaka Tarub lan Nawangwulan urip atut runtut wusana Dewi
Nawangwulan mbobot. Emane, sadurunge putune lair Mbok Randha Tarub
tumeka pati. Ngepasi satus dina sedane Mbok Randha bayi lair putri. Bayi
katon mencorong, ayu memper ibune. Bayi kuwi dijenengi Dewi Nawangsih.
Ing sawijine dina, nalika Nawangsih lagi turu Dewi Nawangwulan pamit
Jaka Tarub arep menyang kali saperlu ngumbah popoke anake. Sadurunge
budhal dheweke meling marang Jaka Tarub supaya njaga geni aja nganti
mati lan aja mbukak kekep tutupe dandang. Saungkure bojone budhal
menyang kali, Jaka Tarub dadi gumun kena apa dheweke ora oleh mbukak
kekep tutup dandang. Gumun karo welinge bojone Jaka Tarub malah
kepingin mbukak kekep tutup dandang. Bareng kekep dibukak Jaka Tarub
kaget jalaran sing diadang bojone mung pari sawuli. Meruhi kedadeyan kuwi
enggal-enggal kekep ditutupake maneh banjur lunga ngeloni anake.
Satekane ing ngomah Nawangwulan banjur niliki anggone adang.
Nalika kekep dibukak dheweke kaget jalaran anggone adang isih rupa pari.
Ing batin Nawangwulan cubriya sing lanang mesthi mbukak kekep dandang.
Age-age dheweke marani sing lanang nakoni apa kang wis dilakoni. Jaka

38
Tarub ora bisa selak, ngaku apa anane. Kanthi kedadeyan kuwi minangka
paukuman Jaka Tarub dikongkon yasa lesung sak alune kanggo nutu pari.
Amarga kudu nutu pegaweyane Nawangwulan saya abot lan pari ing
lumbung cepet entek. Nganti tekan ing sawijining dina nalika Nawangwulan
njupuk pari ing lumbung sing ngisor dhewe, dheweke nemu buntelan. Nalika
buntelan dibukak, Nawangwulan kaget krana klambi lan slendhange ketemu
lan pranyata sing ndelikake bojone dhewe. Klambi sak slendhange banjur
digawe bali dadi widadari pamitan mulih ing kahyangan. Sadurunge mabur,
Nawangwulan mekas marang bojone supaya gawe panggungan ing tengah
latar. Yen Nawangsih nangis, bayi diturokake ing panggungan lan sangisore
panggungan diobongi merang ketan ireng. Nawangwulan bakal teka nusoni.
Dina-dina candhake Jaka Tarub ijen ngopani Nawangsih anake wadon kanthi
ati kang nelangsa ditinggal bali bojone ing kahyangan karana nglanggar
weling lan kumalancang mbukak kekep tutup dandang.
Karingkes saka Panyebar Semangat
nomer 31 lan 32 Agustus 2001

Gladhen 10
Pitakon-pitakon ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Apa irah-irahane crita rakyat sing lagi wae kokrungokake?
2. Sapa sing nemu bayi ing kuburane bojone?
3. Apa kasenengane Jaka Tarub?
4. Kepriye wateke Jaka Tarub nalika isih cilik?
5. Apa kang ditindakake Jaka Tarub nalika weruh sandhangane para
widadari?
6. Sapa widadari kang dadi bojone Jaka Tarub?
7. Jaka Tarub njupuk klambi lan slendhange Nawangwulan, kepriye
kapribadhene Jaka Tarub miturut kowe?
8. Jaka Tarub nglanggar welinge bojone. Kepriye kapribadhene Jaka
Tarub miturut kowe?
9. Wusanane Nawangwulan nemokake klambi lan slendhange lan bisa
bali ing kahyangan. Sapa sing luput ing kene?
10. Jaka Tarub wusanane ijenan ngopeni anake senajan kanthi nelangsa.
Apa bener dheweke ngundhuh wohing panggawe?

Gladhen 11
Tulisen para paraga ing crita ”Jaka Tarup” ing ndhuwur, sabanjure tulisen
watak-watune!

Paraga Watak-wantune

1. ............................................. 1. ...................................................

2. ............................................. 2. ................................................

3. ............................................. 3. ......................................................

4. ............................................ 4. .........................................................

Gladhen 12

Penget:
Yen arep nyritakake isine wacan kudu diwiwiti nggoleki gagasan baku
sing ana ing saben paragrap. Bab-bab sing kudu digatekake kanggo

39
nemtokake gagasan baku (ide pokok) ing sajroning wacan, yaiku:
1. Nemtokake ukara sing dadi punjere informasi (kalimat utama) ing
sawijining paragraf.
2. Ukara sing dadi punjering informasi iki panggonane bisa ing
purwakane paragraf utawa ing pungkasaning paragraf.
3. Mangerteni ukara-ukara sing nerangake pokok pikiran (kalimat
penjelas).
4. Nulis dudutan/kesimpulan saka ukara sing dadi punjere infomasi ing
sawijine paragraf kasebut dadi gagasan baku (ide pokok).
5. Nggathukake bakune gagasan paragraf siji karo liyane nganti
dadi ringkesan crita. Amrih bisa dingerteni sapa wae ringkesan
crita nggunakake basamu dhewe.

Temokna pesan apa kang bisa dijupuk saka crita Jaka Tarup?

Gladhen 13
Wacan ing ndhuwur critakna kanthi ringkas nganggo basamu dhewe !

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Wiwitane taun 2007 ana prastawa kang nrenyuhake banget, yaiku ............
a. kereme kapal Senopati c. semburan lumpur lapindho
b. ilange pesawat Adam Air d. lindhu ing Yogyakarta
2. Pesawat Adam Air kang ilang ngemot wong cacah .............
a. 102 c. 96
b. 110 d. 105
3. Negara kang menehi pambiyantu nggoleki bangkene pesawat yaiku .........
a. Malaysia c. Inggris
b. Thailan d. Singapura
4. Negara kang ngirim kapal kanggo nggoleki bangkene pesawat yaiku ..........
a. Amerika c. Inggris
b. Thailan d. Singapura
5. Mau bengi Mas Seto tindak Surabaya. Katrangan wektu ukara iki yaiku ......
a. tindak c. mau bengi
b. surabaya d. Mas Seto
6. Perangane ukara kang nindakake pakaryan diarani ................
a. lesan c. jejer
b. katrangan d. wasesa
7. Bu Tutik ............ rawon ing depot “Mirasa”. Tembung kang trep yaiku ........
a. nedha c. mangan
b. maem d. dhahar
8. Pak Hasan mulang basa Jawa ing kelas VI. Wasesane ukara iki yaiku ...
a. Pak Hasan c. mulang
b. mulang basa Jawa d. basa Jawa
9. Bulik Darti mangsak gule ing pawon. Jejere ukara yaiku .............
a. Bulik c. Darti
c. Bulik Darti d. mangsak
10. Bu Nani ngasta tas menyang sekolahan. Tembung ngasta ngokone ........
a. nyangking c. nyangklong
b. mbeta d. nggawa

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Widodari sing dadi bojone Jaka Tarup yaiku ......................
2. Putrane Jaka Tarup jenenge ...................
3. Sing disinggahake Jaka Tarup ing lumbung yaiku .............
4. Ardila sinau ing kamar. Tembung ing kamar iku katrangan ...............

40
5. Pak Karto gawe kreta. Tembung kreta yen ditulis Jawa ....................
6. Anita dhahar ketan. Tembung dhahar ngokone .................
7. Lesmbodhonge, batangane ......................
8. Mas Tono ngombe obat. Tembung ngombe kudune ...............
9. Asune digodhak adhiku. Adhiku minangka ..............
10. Prajurit Majapahit budhal perang. Tembung prajurit yen ditulis Jawa dadi
....................

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Liwat kreteg kayu.
b. Jer basuki mawa beya.
c. Ana catur mungkur.
2. Kramakna ukara ing ngisor iki!
a. Mas Narno adus esuk dhewe.
b. Ayo ndeleng wayang ing sekolahan.
c. Aja nganti salah maneh.
3. Ukara ing ngisor iki udhalen!
a. Mbak Dian ngumbah klambi sragam.
b. Dhek wingi Bapak rawuh saka seminar.
c. Bocah kelas VI sinau basa Jawa.

LATIHAN UJIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

Amukti Palapa

41
Dina iku Arya Tadhah bali methuki Gajah Mada. Dheweke njaluk
supaya Gajah Mada gelem nggenteni kalungguhane minangka patih ing
Majapahit. Nanging wangsulane Gajah Mada panggah kaya sadurunge.
Dheweke durung gelem ngganteni Arya tadhah sing pancen wis tuwa
umure.
Gajah Mada isih rumangsa durung sanggup dadi patih ing
Majapahit. Gajah Mada rumangsa durung nduweni lelabuhan kang akeh
tumrap Majapahit. Saengga dheweke rumangsa durung pantes
nglungguhi kalungguhan patih. Lan maneh, Gajah Mada ngakoni
menawa isih akeh punggawa Majapahit sing lelabuhane marang negara
luwih gedhe.
Arya Tadhah tetep ngrimuk Gajah Mada supaya nyaguhi
panyuwune. Miturut dheweke, Gajah Mada wis akeh lelabuhane. Kayata,
nylametake Prabu Jayanegara. Uga Gajah Mada sing kasil mungkasi
ontran-ontran sing dipandhegani Ra Kuti sakancane. Mula Arya Tadhah
tetep puguh njaluk supaya Gajah Mada gelem nyekel jejibahan amrih
bisa luwih omber lelabuhane marang negara.
Wusanane Gajah Mada ngalah. Dheweke gelem didadekake patih
Majapahit. Kamangka sejatine akeh punggawa Majapahit kang ngincer
kalungguhan patih. Umpamane, Ra Kembar lan Jabung Terewes. Ning
kekarone duwe watek kurang becik jalaran kumendel lan seneng
tumindak sakarepe dhewe. Mula kekarone rumangsa bingget atine
nalika krungu menawa kalungguhan patih dilengserake marang Gajah
Mada.

I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!


1. Sapa sing methuki Gajah Mada?
a. Ra Kuti c. Ra Kembar
b. Jabung Terewes d. Arya Tadhah
2. Apa karepe methuki Gajah Mada?
a. sambang-sinambang c. njaluk Gajah Mada gelem dadi patih
b. ngutus sowan neng kraton d. nglantarake dhawuhe sang Prabu
3. Kepriye wangsulane Gajah Mada?
a. seneng banget c. bombong banget
c. durung sanggup d. nyanggupi
4. Sawuse kawisudha dadi patih Gajah Mada ngucapake sumpah ..............
a. prasetya c. jabatan
b. setya d. palapa
5. Sing ngremehake sumpahe Gajah Mada yaiku ...................
a. Ra Kuti c. Ra Bangsa
b. Jabung Terewes d. Arya Tadhah
6. Cacahe wanda saben sagatra diarani ..................
a. guru lagu c. guru gatra
b. guru lampah d. guru wilangan
7. Adipati Karna wektu cilik asmane ..............................
a. Permadi c. Suryatmaja
b. Abimanyu d. Narayana
8. Pemberontakan PETA dumadi ing ......................
a. Surabaya c. Blitar
b. Malang d. Yogyakarta
9. Tandha kanggo nulis titik (.) ing tulisan Jawa diarani ................
a. pada lungsi c. pada linga
b. pada adeg-adeg d. pada pangkon
10. Pegaweyan kang banget dilakoni, paribasane suwe mijet ...................
a. wohing ranti c. ngrogoh rempela
b. isi madu d. bapa kepradhah
11. Aku .................... dhuwit Pakdhe Haryo. Tembung kang trep yaiku .........
a. diwenehi c. diaturi
b. diparingi d. disukani

42
12. Puisi Jawa gagrag anyar diarani ...............
a. paribasan c. parikan
b. wangsalan d. geguritan
13. Bu Tutik ............ rawon ing depot “Mirasa”. Tembung kang trep yaiku
........
a. nedha c. mangan
b. maem d. dhahar
14. Adipati Karna kena dituladhanai merga ................
a. sekti mandraguna c. gegamane
b. mbelani negarane d. baguse
15. Emboke wuda, anake tapihan. Batangane .............
a. bligo c. andha
b. ontong d. pring
16. Tembung prapteng saka tembung prapta lan ing. Tembung prapteng iku
tuladhane tembung ........................
a. garba c. lingga
b. andhahan d. saroja
17. Cacahe gatra saben sapada diarani .........................
a. guru lagu c. guru gatra
b. guru lampah d. guru wilangan
18. Wedhus papat, kalong telu. Ana pira?
a. siji c. pitu
b. wolu d. sanga
19. Bathok bolu ........................., jangkepe paribasan yaiku ..........
a. wohing ranti c. ngrogoh rempela
b. isi madu d. bapa kepradhah
20. Bapak ............... wayang ing tivi.
a. ndeleng c. nonton
b. ningali d. mikrsani

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Kanggo ngapit tulisan Jawa digunakake pada ...................
2. Wong tuwa entuk alangan merga polahe anake, paribasane .....................
3. Ardita sinau ing kamar. Tembung ing kamar iku katrangan ...............
4. Ibune dielus-elus, anake diidak-idak, batangane ...................
5. Dongeng kang isi bab asal-usule sawijine panggonan diarani .............
6. Guru lagu yaiku ...............................
7. Ani ditinggal ibune neng pasar nangis karo gulung ..........................
8. Adipati Karna iku raja ing ........................
9. Budhe narti ...................... ngasta oleh-oleh. Tembung kang trep yaiku
..................
10. Wong lumrah nanging sugih kapinteran, paribasane .....................

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Srini, Parno, lan Anton sinau kelompok.
b. Iwak bandeng dipresto.
c. Krupuk puli rasane gurih.
2. Ukara iki dadekna ukara langsung!
a. Ibu ngendika menawa sesuk arep tindak Jakarta.
b. Pak Santoso dhawuh yen ibune gerah ing rumah sakit.
c. Budi ngomong yen dheweke arep sinau sing mempeng.
3. Goleka teks geguritan banjur wacanen ing ngarep kelas kanthi lagu,
pocapan, lan solah bawa kang pener!
4. Ukara ing ngisor iki udhalen!
a. Mbak Dian ngumbah klambi sragam.
b. Dhek wingi Bapak rawuh saka seminar.
c. Bocah kelas VI sinau basa Jawa.
5. Kramakna ukara ing ngisor iki!

43
a. Mas Narno adus esuk dhewe.
b. Ayo ndeleng wayang ing sekolahan.
c. Aja nganti salah maneh.

Semester II (Genap)

Wulangan 5

44
Perekonomian

A. Nyemak
Indikator
 Menjawab pertanyaan bacaan.
 Menulis ringkasan bacaan dalam beberapa kalimat.

Ngrungokake lan Mangerteni Isine Wacan

Ing ngisor iki ana wacan bab Perekonomian. Coba tindakna pakaryan
ing ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati kasebut.

GAMBAR
TANAMAN JARAK
YANG SUBUR

Jarak Kanggo Bahan Biodiesel

Biyen tanduran jarak pager ora pati digape, kepara disingkiri merga
wohe sing rasane kaya kacang bisa marakake sirah nggliyeng. Kejaba saka
kuwi biyen pancen durung ana sing ngerti pigunane. Karan jarak pager
jalaran kerep ditandur kanggo mageri tegal sawah, pekarangan, galengan,
lan kebon. Jarak pager sing basa latine karan Jatropha Curcas saiki wis
meh langka.
Manut asil panaliten, woh jarak pager klebu salah sijine bahan baku
kanggo nggawe biodiesel utawa solar. Jarak pager duwe kaluwihan
tinimbang tetuwuhan liyane. Bisa tuwuh subur ing lahan garing, bisa urip
kapan wae, tahan ngadhepi mangsa ketiga dawa, gampang pangramute, lan
sato kewan ora doyan. Godhong jarak pager bisa kanggo rabuk, malah
kandhutan N, P, lan K luwih gedhe tinimbang pupuk kandhang.
Sukarman, warga desa Dadaplangu, Ponggok, Blitar kang uga guru
SMPN 1 Ponggok banjur nekad budidaya bibit jarak pager sing saiki
gunggunge ana ewonan ing omahe. Pak guru iki kagungan angen-angen
kang patut tinulad, yaiku kepingin melu ngentas kemiskinan ing wewengkon
Blitar utamane tlatah Blitar Selatan. Tlatah Gunung Kidul Blitar Selatan rupa
pegunungan kang garing, saengga bisa ditanduri yen ana udan. Mula
senajan lahane jembar nanging uripe masyarakate isih panggah kekurangan.
Sukarman kegugah atine njur nekad mbiyantu sabageyan warga ing lokasi
kasebut.
Dijlentrehake kanthi gamblang, saupama peperintah saben taun aweh
dana Rp 500 yuta lan dirupakake bibit jarak pager sing regane Rp 250,
ateges dana mau wis oleh 2 yuta bibit jarak. Yen sahektar mbutuhake 2.500
bibit jarak lan saben kulawarga duwe lahan rata-rata 0,5 hektar, ateges dana
mau wis sumebar kanggo 1.600 kulawarga. Yen program iki bisa klakon
kanthi lancar, watara 3 – 5 taun candhake wis bisa ngentas kemiskinan
tumrap 6.000 kulawarga.
Manut petungane Sukarman, saben solar saliter mbutuhake bahan
baku woh jarak pager watara 3 – 3,5 kilogram. Rega woh jarak saka petani
saben kilo watara 600 – 700 rupiah, kari ndeleng mutune. Saben saliter
mbutuhake Rp 2.300 durung klebu beya transportasi lan liya-liyane. Solar
sing bahan bakune saka jarak pager kuwi bisa dipasarake marang konsumen
kanthi rega Rp 4.000/liter.

45
Ngopeni jarak pager pancen ora angel. Cukup ditandur lan tanpa
disemprot rabuk wis mrajak. Watara sepuluh sasi wis panen. Akeh sithike
wohe gumantung marang pang-pange. Yen sakawit pange akeh, wohe uga
akeh. Tambah suwe pange tambah akeh, semono uga asil panenane. Woh
jarak sing dipanen rupane sing wis ireng, gedhene sajenthikan tangan. Iya
woh iki bahan baku kanggo nggawe solar.

Sumber: Jayabaya No. 23 Pebruari 2007,


kanthi owah-owahan saperlune.

1. Pitakon wacan

Gladhen 1
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis!
1. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur?
2. Apa sebabe jarak biyen ora digape malah disingkiri?
3. Kena apa dijenengi jarak pager?
4. Apa basa Latine jarak pager?
5. Manut panaliten, woh jarak kena kanggo bahan apa?
6. Apa wae kaluwihane taneman jarak pager?
7. Sapa kang mbudidaya jarak pager ing Blitar?
8. Apa kang pantes tinulad saka Pak Sukarman?
9. Kanggo ngasilake solar saliter butuh woh jarak pager pira?
10. Ngopeni jarak pager ora angel, apa sebabe?

2. Ngringkes Isining Wacan

Gladhen 2

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Penget:
Yen arep ngringkes isine wacan kudu diwiwiti nggoleki gagasan baku
sing ana ing saben paragrap. Bab-bab sing kudu digatekake kanggo
nemtokake gagasan baku (ide pokok) ing sajroning wacan, yaiku:
1. Nemtokake ukara sing dadi punjere informasi (kalimat utama) ing
sawijining paragraf.
2. Ukara sing dadi punjering informasi iki panggonane bisa ing
purwakane paragraf utawa ing pungkasaning paragraf.
3. Mangerteni ukara-ukara sing nerangake pokok pikiran (kalimat
penjelas).
4. Nulis dudutan/kesimpulan saka ukara sing dadi punjere infomasi ing
sawijine paragraf kasebut dadi gagasan baku (ide pokok).

Wacan ”Jarak Kanggo Bahan Biodiesel ” ing ndhuwur ringkesen intisarine


nganggo basamu dhewe!

46
B. Micara
Indikator
 Menceritakan pengalaman pribadi yang menarik.
 Menggunakan bahasa yang santun dalam percakapan.

1. Crita Pengalaman Pribadi


Saben wong mesthi duwe pengalaman kang ora bisa dilalekake
amarga nuwuhake kesan kang jero. Pengalaman mau bisa sing
nyenengake uga bisa sing nyedhihake. Coba jinglengana
pengalaman ing ngisor iki.

NAMBANI PANU

Aku duwe tangga aran Pak Karto, priyayine wis sepuh. Dhek taun 1992
Pak Karto duwe lara panu lan dheweke kepingin nambani larane kuwi.
Dheweke dikandhani tanggane menawa panu kuwi isa ditambani nganggo
lirang. Esuke Pak Karto ngakon bojone tuku lrang ana pasar.
Bareng mulih saka pasar Bu Karto nggawa lirang pesenane Pak Karto
lan tape kanggo jajan anake. Nanging tibake Pak Karto ora ngerti carane
nambani panu migunakake lirang. Lirang sing gedhene saneker diulu karo
tape, kandhane supaya cepet waras.
Tan kocapa, lirang sing diulu kuwi mandheg ana gorokan. Dheweke
mlayu karo mendelik golek pitulungan. Mesthi wae ndadekake bingunge
keluwargane. Ora kesuwen, Pak Karto digawa menyang puskesmas numpak
sepedha montor. Pas tekaan puskesmas Pak Karto ngguyu, semono uga
sing ngeterake, nganti dhoktere lan sustere metu nakokake kedadeyane.
Bareng dicritani kabeh ya melu ngguyu. Ana-ana bae, nambani panu kok
lirane diulu.

Sumber: Rubrik Ana-Ana Bae,


Jayabaya, April 1996.

Gladhen 3
Critakna pengalaman pribadimu sing paling menarik kawigatenmu ing ngarep
kelas! Supaya anggonmu crita bisa runtut, crita kasebut bisa koktulis dhisik
kanthi cekak aos ing buku tulismu.

2. Unggah - Ungguh Basa

Penget:
Basa Jawa isih ngugemi unggah-ungguh basa utawa undha-usuk
basa. Undha-usuk (tataran) ing Basa Jawa kaperang dadi loro,
yaiku:
1. Basa Ngoko, kaperang dadi loro, yaiku:
a. Basa Ngoko Lugu
b. Basa Ngoko Alus
2. Basa Krama, kaperang dadi loro, yaiku:
a. Basa Krama Lugu
b. Basa Krama Alus

Basa Ngoko

Ngoko Lugu
Ngoko Lugu yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-
tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
a) Marang wong sing sadrajad (sebaya) sing wis kulina (akrab)
b) Marang wong sing luwih enom, umpamane:

47
 Wong tuwa (bapak/ibu) marang anak
 Guru marang muride
 Eyang/simbah marang putune
 Pakdhe/budhe, paman/bibi marang ponakane, lan sapiturute
Tuladha :
 Kowe arep tuku apa?
 Kowe mau bengi mulih jam pira?
 Kowe dhek wingi omong-omongan karo sapa?

Ngoko Alus
Ngoko Alus yaiku basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak gunem.
Panganggone:
 Sedulur enom marang sedulur tuwa
 Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade
luwih dhuwur.
 Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)
Tuladha:
 Mas Bayu arep tindak endi?
 Budhe Narsih mundhut beras ing toko.
 Pak Arifin tindak kantor esuk mau.

Bab Wigati:

1. Tembung sing dikramakake biyasane tembung sesulih purusa ka-


2 (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya (kata kerja).
2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater lan panambange
ngoko.
Tuladha :
a. Panjenengan arep dhahar awan menyang ngendi ?
b. Panjenengan mau bengi kondur jam pira ?
c. Panjenengan esuk mau mundhut sepatu ing ngendi?

Basa Krama
Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge
lugu lan ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman.
Panganggone :
 Marang wong sadrajad sing durung raket (akrab).
Tuladha:
 Sampeyan badhe nedha teng pundi?
 Sampeyan wau dalu dugi jam pinten?
 Sampeyan kala wingi dipuntumbasaken tas teng
pundi?

Krama Alus
Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge
kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman.
Panganggone:
 Wong enom marang wong tuwa
 Anak marang bapak/ibune
 Putu marang eyang/simbahe
 Ponakan marang pakdhe/budhenePonakan marang
paman/bibine lan sapiturute
 Marang wong sing luwih dhuwur drajade
 Murid marang gurune
 Abdi/rewang marang juragane (bendarane)
 Pegawe/karyawan marang pimpinanne(dhedhuwurane),
lan sapanunggalane.

48
Tuladha:
 Panjenengan badhe dhahar dhateng pundi ?
 Panjenengan wau dalu kondur jam pinten ?
 Panjenengan kala wingi dipunpundhutaken tas
ing pundi?

Gladhen 4
Ukara-ukara nganggo basa ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi basa
ngoko alus lan krama alus!
Tuladha:
Budhe lunga menyang Surabaya, tuku tivi.
a. Ngoko alus : Bu Heni tindak menyang Surabaya, mundhut tivi.
b. Krama alus : Bu Heni tindak dhateng Surabaya, mundhut tivi.

1. Kowe mau tekan kene jam pira?


2. Aku diseneni simbah dhek esuk mau.
3. Bu Dina nggawa buku saka perpus.
4. Kowe apa sida lunga menyang Bojonegoro?
5. Kowe dhek bengi mulih jam pira?
6. Bapak lara untu digawa menyang rumah sakit.
7. Mbak Tina ora mangan, amarga lara.
8. Wedange mau apa wis kokombe?
9. Ayo mulih, aja nganti turu kene.
10. Budhe Warti mlaku menyang pasar.

Gladhen 5
Titik-titik ing ukara-ukara ngisor iki isenana kanthi milih wangsulan sing wis
cumepak saengga dadi ukara abasa ngoko alus!
1. Bapak . . . kopi saiki!
a. wenehana c. paringana
b. caosana d. kekana
2. . . . diutus ibu mundhutake beras.
a. kowe c. sampeyan
b. ndika d. panjenengan
3. . . aturana dhahar saiki!
a. aku c. Budi
b. adhik d. eyang
4. Jajan iki . . . adhimu!
a. wenehna c. paringna
b. caosna d. lungna
5. Bu Guru . . . aku supaya sregep sinau.
a. ngongkon c. ngutus
b. ngengken d. ndhawuhi

Gladhen 6
Titik-titik ing ukara-ukara ngisor iki isenana kanthi milih wangsulan sing wis
cumepak saengga dadi ukara abasa krama alus!
1. Eyang nembe . . . saking Blitar.
a. teka c. dugi
b. dhateng d. rawuh
2. Budhe Murni saking toko . . . blanjan.
a. nggawa c. mbeta
b. ngasta d. ndamel
3. Paklik Tomo kalawau punapa sampun . . . ?
a. turu c. tilem
b. sare d. nyipeng
4. Mas Hari punapa sampun ................?
a. lunga c. Tindak

49
c. kesah d. budhal
5. Ibu Murti ... . . . dhateng Banyuwangi nitih sepur.
a. tindak c. kesah
b. lunga d. bidhal

C. Maca

Indikator
 Menyanyikan tembang Macapat dengan lafal, intonasi dan gaya yang
tepat.
 Menyimpulkan isi tembang.

1. Nglagokake Tembang Macapat


Tembang Pangkur ing ngisor iki wacanen sing titi, banjur tembangna
bebarengan!

Mijil

Para guru lelabuhaneki


Lair trusing batos
Suka kawruh mring pra siswa kabeh
Siyang dalu tansah nambut kardi
Nenuntun pra murid
Pan amrih rahayu

Gladhen 7
Coba pada ka-2 wacan tembang Mijil ing ndhuwur tulisen ringkes/jarwakna
nganggo basamu dhewe murih gampang dingerteni sapa wae.

D. Nulis

Indikator
 Menulis surat untuk keluarga dan menyebutkan bagian-bagiannya.
 Mengubah kalimat aktif menjadi kalimat pasif atau sebaliknya.
 Melengkapi kalimat menjadi paribasan atau parikan.

1. Nulis Layang
Gatekna Layang kiriman sing ditulis dening Hesti sing ditujokake marang
Bapak/Ibune ing ngisor iki!

(1) Surabaya,
21 Maret 2007

(2) Sembah
pangabekti kula
katur
dhumateng Bapak-
Ibu ing dalem

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

(3) Nuwun wiyosipun, ingkang putra atur pirsa


bilih kawontenan kula ing Surabaya tansah rahayu
wilujeng ugi tansah wonten ing pangayomaning Gusti
ingkang Maha Agung. Ingkang kula suwun mugi-mugi
kawontenan Bapak saha Ibu lan kulawarga ing

50
Mojokerto ugi mekaten.
(4) Kajawi saking punika, ingkang putra nyuwun
duka boten saged wangsul dhateng Mojokerto.
Wekdal punika kula repot sanget, awit sengkut
ndherek Bimbingan Belajar ing sekolahan kagem
ngadhepi ujian.. Wondene Ujian Akhir Nasional (UAN)
badhe dipunleksanakaken sekedhap malih. Pramila
ingkang putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar
SPP wulan Mei ngantos Juni, beaya Bimbingan Belajar
sarta beaya Ujian ingkang kathahipun Rp 200.000,00
(Kalih Atus Ewu Rupiyah).
(5) Wusana cekap semanten atur kula, bilih
wonten kirang langkunging atur, nyuwun agunging
samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

(6) Ingkang putra tuhu


tresna

(7) Tapak asma

(8) Anggara Kusumastuti

Katrangan
Perangane layang kiriman sing jangkep kaya tuladha ing dhuwur ngemot
wolung perangan, yaiku:
1. Titi mangsa : kapan layang iku kakirimake.
2. Adangiyah : nelakake unggah-ungguh layang.
3. Pambuka : kanggo bebukane layang.
4. Isi : minangka surasane layang (isi layang).
5. Panutup : minangka panutupe layang
6. Peprenahan : sapa sing kirim layang.
7. Tapak asma : tandha tangane sing kirim layang.
8. Jeneng terang : asma sing tinulis kanthi terang.

Gladhen 8
Coba gaweya layang kiriman jangkep sing koktujokake marang Simbah
utawa Budhemu sing manggon ing papan liya! Isine layang, awakmu arep
sowan wektu libur semesteran ngarep iki.

2. Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap

Penget:

Ukara Tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (subjek) nindakake
pakaryan.
Ukara tanduk kaperang dadi 2, yaiku:
 Ukara tanduk mawa lesan (kalimat aktif transitif)
 Ukara tanduk tanpa lesan (kalimat aktif
intransitif)
Tuladha:
 Ukara tanduk mawa lesan
 Adhiku mangan gedhang goreng.
J W L

51
 Anis numpak sepedhah
J W L
 Ukara tanduk tanpa lesan
a) Mas Darsono lagi dandan.
J W
b) Hendra lagi turu.
J W

Ukara Tanggap (kalimat pasif)


Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pakaryane
jejer.
Tuladha:
 Gedhang goreng dipangan adhiku.
J W L
 Sepedhah ditumpaki Anis.
J W L

Gladhen 9
Ukara-ukara tanduk ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap!
1. Nita nggendhong adhike.
2. Mas Indra makani pitik.
3. Simbah methiki kacang.
4. Pakdhe Darto ngunjuk kopi.
5. Budi nggawe layangan.
6. Wati nguras jedhing.
7. Bapak maculi tegal.
8. Ibu maos koran.
9. Pakdhe nitih bis saka Malang.
10. Paklik nyemproti tanduran.

Gladhen 10
Ukara-ukara tanggap ing ngisor iki owahana dadi ukara tanduk!
1. Manuk dara dipakani Wati.
2. Iwak Lele digoreng Bu Lilik.
3. Koran dituku bapak.
4. Sragam sekolah disetrika ibu.
5. Bukune disamaki Indah.
6. Beras diboceng Pak Pardi.
7. Sawahe ditanduri pak tani.
8. Timune dirujak Mbok Iyem.
9. Ban sepedhahe ditambal Pak Nyitno.
10. Krupuk rengginang digoreng Ibu.
11. Wedang jae diunjuk Bapak.

3. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (ora kena
diowahi) lan nduweni teges wantah.
Tuladha:
1. Dahwem ati open = nacat nanging duwe melik.
2. Angon mangsa = golek wektu sing prayoga.
3. Keplok ora tombok = melu seneng-seneng nanging ora
nyumbang.

Gladhen 11
Paribasan-paribasan ing ngisor iki tegesana kanthi milih wangsulan kang wis
cumepak ing ngisore!
1. Dahwen ati open.

52
2. Nyolong pethek
3. Obah ngarep kobet mburi.
4. Sadumuk bathuk sanyari bumi.
5. Durung ilang pupuk lempuyange.
6. Ciri wanci lelai digawa mati
7. Blaba wuda.
8. Durung pecus, keselak besus.
9. Criwis cawis.
10. Tulung menthung.

Wangsulan:
a. Padudon prakara lemah utawa wanita, lumrahe dilabuhi pati.
b. Mleset saka pametheke.
c. Solah bawane wong gedhe / sing dadi pangarep dadi panutane
wong. cilik / andhahane.
d. Dipadhakake bocah cilik, durung dianggap diwasa.
e. Nacat, nanging arep dimelik dhewe.
f. Tansah mbantah prentah (sajak wegah) nanging sumadya
nindakake.
g. Amarga bangete lomane nganti uripe dhewe kacingkrangan.
h. Durung sembada wis kepingin sing ora-ora.
i. Katone nulung, nanging sejatine malah nyusahake.
j. Pakulinan ala sing ora bisa ilang.

E. Apresiasi Sastra
Indikator
 Menjelaskan watak dan tokoh dalam cerita.
 Menceritakan kembali secara ringkas isi cerita/dongeng

Dongeng
Crita ing ngisor iki wacanen kang premati!

Andhe-Andhe lumut

Kacarita, dhek jaman biyen ing desa Karangwulusan ana sawijining


wanita kang aran Mbok Randa Karangwulusan. Dheweke duwe anak papat
wadon kabeh. Sing telu anake dhewe jenenge: Kleting Abang, Kleting
Wungu, lan Kleting Biru. Dene sing siji anak pupon, jenenge Kleting Kuning.
Kleting tetelune nduweni watak ala. Beda karo Kleting Kuning, sanajan
rupane katone ala nanging alus bebudine, ngerti tata krama, tur prigel
nyambutgawe. Sedulur-sedulure padha ora seneng karo Kleting Kuning
jalaran sakabehane diungkuli, sarwa kalah. Mulane, Kleting Kuning disiya-
siya, dikongkon nyambut gawe obat. Saben dina diseneni, ora diolehi
nyandhang apik, cadhonge pangan mung setitik tur turahan. Menawa duwe
salah sethithik wae dipularasa sakayange
Kocapa, Andhe-Andhe Lumut anake Mbok Randha Dhadhapan rupane
bagus banget. Akeh para wanita sing padha kepincut marang dheweke. Mula
saben dina akeh para putri kang padha ngugah-ngugahi, nanging durung ana
sing ditampa jalaran durung ana sing cocok. Kabeh putri padha ditampik
kanthi alus. Bab iki kang njalari susahe Mbok Randha Dhadhapan. Dheweke
wedi merga ditampik bakal gawe cuwane para putri kang padha ngunggah-
unggahi.

53
Ngerti ana jejaka bagus rupane, Kleting tetelune padha budal
ngunggah-unggahi Andhe-andhe lumut. Dene Kleting Kuning ditilapake.
Kleting Kuning dikongkon ngumbah dandang tembaga sing rupane wis ireng
banget. Kleting Kuning diwanti-wanti, ora oleh bali menawa dandange durung
resik gilap kaya anyar. Kleting Kuning nangis pepes atine, krana ora bakal
bisa nandangi prentahe wong tuwane. Karo nangis Kleting Kuning
nyenyuwun marang ngersane Gusti Kang Maha Kuwasa. Penyuwune Kleting
Kuning diijabahi, banjur ditulungi Bango Thonthong kang minangka
panjelmane dewa. Dandang sing rupane ireng sanalika malih gilap bali kaya
anyar maneh. Saliyane iku Kleting Kuning kaparingan pusaka rupa sada
lanang kanggo piandel salaku tindake.
Klenting Kuning banjur mulih terus melu nyusul ngunggah unggahi
Andhe-Andhe Lumut. Dening sedulur-sedulure, Kleting Kuning dienyek lan
dielok-elokne. Kleting tetelune ditampik dening Andhe-Andhe Lumut jalaran
ala wateke lan nerak kasusilan. Wusana genti Kleting Kuning sing ngadhep
Mbok Randha Dhadhapan. Andhe-Andhe Lumut lan Mbok Randha
Dhadapan barang weruh Kleting Kuning sing teka, rumangsa seneng lan
cocok karo atine. Panglamare Kleting Kuning ditampa. Kabeh mau ya
amarga tumindhake Klenting Kuning lan tansah sabar, nrima ing pandum,
sarta seneng manembah marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

Gladhen 12
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae paraga jroning dongeng ing ndhuwur?
2. Terangna kepriye watak-watake saaben paraga jroning dongeng ing
ndhuwur!
3. Paraga sapa sing wateke bisa ditiru utawa dituladhani? Apa sebabe?
4. Paraga sapa sing wewatekane ora patut ditiru? Apa sebabe?

Gladhen 13

Pituduh:
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu pitakon-pitakon ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung
cetha, uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan
lan panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe
gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

1. Critakna isine dongeng ing ndhuwur nganggo basamu dhewe amrih


gampang dingerteni sapa wae!
2. Golekana pitutur luhur apa wae kang ana sajrone dongeng ing ndhuwur!

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Ing crita Andhe-andhe Lumut, paraga wanita kang apik bebudhene yaiku
.......................
a. Kleting Abang c. Kleting Biru
c. Kleting Kuning d. Kleting Ungu
2. Andhe-andhe Lumut iku sejatine ..................
a. Panji Asmara Bangun c. Panji Laras
b. Panji Semirang d. Panji Anom

54
3. Dene Kleting Kuning iku sejatine ..............
a. Dewi Kili Suci c. Dewi Sembadra
b. Dewi Candrakirana d. Dewi Rengganis
4. Sing nulungi Kleting Kuning nalika ngumbah dandang yaiku ...........
a. Yuyu Rumpung c. Kodhok Ijo
b. Yuyu Kangkang d. Bango Thonthong
5. Sing ora kalebu tembang macapat yaiku ............
a. Sinom c. Rorobentrok
b. Pangkur d. Pucong
6. Ukara kang jejere nindakake pakaryan diarani ..................
a. ukara kriya tanduk c. ukara tanggap
b. ukara tanduk d. ukara sambawa
7. Bocah cilik aja diseneni wae. Tembung diseneni kramane ...........
a. diuring-uring c. didukani
b. dinesoni d. dijeweri
8. Kucing (tubruk) tikus neng latar. Tembung jrone kurung benere ..........
a. ditubruk c. daktubruk
b. tinubruk d. nubruk
9. Ukara kang jejere dikenani pakaryane lesan diarani ..............
a. ukara kriya tanduk c. ukara tanggap
b. ukara tanduk d. ukara sambawa
10. Bu Diah numpak sepedhah menyang pasar. Tembung numpak kudune
..........
a. nyengklak c. nuntun
b. nunggang d. nitih

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Pak Guru ditakoni muride. Ditakoni kramane .....................
2. Bu Warnoto nimbali putrane. Ukara iki kalebu ukara ....................
3. Pak Daryono dicegat polisi. Ukara iki kalebu ukara ....................
4. Bubar adus banjur sarapan. Yen dikramakake dadi ....................
5. Sawahe diluku Paklik Darmo. Yen diowahi dadi ukara tanduk .................
6. Mbah Sutar ndandani omahe. Yen diowahi dadi ukara tanggap .................
7. Tembang megatruh nglambangake ...........................
8. Sapine (pangan) tanduran. Tembung jrone kurung kudune .........................
9. Aku makani pitiku. Yen diowahi dadi ukara tanggap .................
10. Ora prelu dolanan wae. Yen dikramakake dadi ....................

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Coba nggawea karangan bab mangsa udan rong paragraf wae!
2. Gawea parikan patang pada wae!
3. Ukara iku owahana dadi ukara tanggap!
a. Mulih bareng karo Bu Guru.
b. Amir lagi nyamaki buku.
c. Larahane wis disaponi Ani.

55
Wulangan 6
Pembangunan

A. Ngrungokake
Indikator
 Mengajukan dan menjawab pertanyaan sesuai isi percakapan.
 Mengubah wacana dialog menjadi narasi.

Ngrungokake lan Mangerteni Isine Wacan Pacelathon

Ing ngisor iki ana wacan bab Pembangunan. Coba tindakna pakaryan
ing ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati kasebut.

Mbangun Dalan Desa

Pak Nurdin : Sugeng dalu, Pak RT?


Pak RT : Sugeng dalu. Mangga pinarak Pak Nurdin.
Pak Nurdin : Inggih, matun nuwun.
Pak RT : Wonten punapa Pak, kok sajakipun wigatos sanget.
Pak Nurdin : Inggih. Wonten bab ingkang badhe kula aturaken.
Pak RT : Mangga Pak, ngendikan kemawon.
Pak Nurdin : Bab margi ingkang wonten wilayah RT mriki. Menawi
mangsa
jawah kathah ingkang ngecembeng toya saha jembrot.
Sabibaripun jawah warga aras-arasen medal amargi
marginipun jembrot.
Pak RT : Lajeng kersanipun kados pundi?
Pak Nurdin : Kula sampun rembagan kaliyan warga RT mriki kados
pundi
menawi margi kalawau dipundandosi kanthi swadaya
warga
mriki. Waga sampun sarujuk nyengkuyung wragadipun.
Pak RT : Wah gagasan ingkang sae Pak. Menawi warga sampun
sarujuk mangga enggal dipun musyawarahaken
penggarapipun.
Pak Nurdin : Warga nyuwun margi dipun paving kemawon amrih
gampang
anggenipun ngrawat. Malah sakniki kula sampun dipun
titipi
arta kangge tumbas paving.
Pak RT : Lajeng saenipun kados pundi Pak?
Pak Nurdin : Panggarapipun mangke kanthi kerja bakti kemawon
kangge
ngirid wragad. Saengga namung betah tukang setunggal
kangge ngawasi menawi wonten ingkang boten sae.
Dinten
minggu ngajeng sampun saget kawiwitan.
Pak RT : Menawi mekaten warga kaperang dados kalih kelompok.
Kerja baktinipun giliran. Kelompok ingkang pas prei
kerja bakti kedah nyedhiani konsumsi.

56
Pak Nurdin : Inggih, sae Pak. Menawi mekaten kula nyuwun pamit.
Pak RT : Inggih, matur nuwun rawuhaipun.

Kerja bakti mbangun dalan bisa kelakon kanthi lancar. Mung butuh
wektu rong minggu kanggo maving dalan. Lanang wadon, enom tuwa padha
cancut ndandani dalan. Para bapak sengkut masang paving, para nom-
noman kang ngangkati paving. Dene ibu-ibu padha nyiapake konsumsine.
Pakaryan abot yen ditandangi bebarengan pranyata dadi entheng kelakone.

Gladhen 1
Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Sapa sing mertamu ing daleme Pak RT?
2. Kepriye kahanane dalan ing mangsa udan?
3. Kanthi cara apa warga ndadani ratan?
4. Tembung swadaya iku tegese apa?
5. Dalan karo warga arep dipasang apa?
6. Wragad kanggo mbangun dalan saka ngendi?
7. Pamasange paving ditandangi kanthi kepriye?
8. Pambangune dalan butuh wektu pirang dina?
9. Apa sing ditindakake para nom-noman?
10. Apa sing ditindakake para ibu?

Gladhen 2
Gawea ukara pitakon sing gegayutan karo wacan ing ndhuwur kaya tuladha
ing ngisor iki nganggo tembung pitakon kang wis sumadiya!
Tuladha:
Apa sing dirembug Pak Nurdin karo Pak RT?

1. Sapa . . . .
2. Saka ngendi . . . .
3. Kepriye . . . .
4. Geneya . . . .
5. Kena apa . . . .

Gladhen 3
Pituduh
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu prentah ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Wacan dialog ing ndhuwur owahana dadi crita gancaran (prosa)


nganggo basamu dhewe!

B. Micara
Indikator
 Menulis teks pidato sesuai keperluan.
Berpidato (memberi sambutan) dengan lafal, intonasi, dan
penjiwaan/ekspresi yang tepat.

57
Tanggap Wacana (Pidato)
Tanggap wacana ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas kanthi lagu lan
pocapan sing becik!

Tanggap Wacana Pepisahan Murid


(Wakil kelas VI)
Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula


bekteni.

Bapak Ibu guru ingkang dhahat


kinurmatan.
Sedaya kanca kelas enem ingkang tansah
kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita


sesarengan ngucapaken puji syukur katur
dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
Maha Agung ingkang sampun paring
rahmat sarta hidayah dhumateng kita
sedaya, saengga ing wekdal punika kita
taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing
sambikala. Kaping kalihipun, kula
ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng para bapak sarta
ibu guru ingkang sampun kersa rawuh,
saha ndherek mangayubagya adicara
pepisahan siswa-siswi kelas enem siyang
punika.

Bapak ibu guru ingkang dhahat


kinurmatan, sekedhap malih kula sakanca
badhe nilaraken bangku pawiyatan SD
punika. Kula minangka wakil siswa-siswi
kelas enem badhe nyuwun pamit dhateng
para bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen
kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing
pawiyatan lajengipun saged lancar boten
wonten pepalang punapa-punapa. Kula
sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi
gegayuhan kula sakanca saged kasil ing
tembe wingkingipun. Sejatosipun awrat
tumrap kula sakanca ninggalake pawiyatan
punika, nanging kadospundi malih, kula
sakanca kedah nilaraken pawiyatan SD
punika.

Minangka pungkasaning atur, kula


sakanca nyuwun lumunturing sih samodra

58
pangaksami mbokbilih salaminipun kula
sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan
punika wonten kalepatan-kalepatan
dhumateng para bapak ibu.

Wusana cekap semanten atur kula


menawi wonten kirang langkunging atur,
nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr. wb.


Nuwun.

Gladhen 4
Coba gawea teks tanggap wacana (pidato/sambutan), umpamane
awakmu makili kanca-kancamu kelas III, IV, lan V ing adicara pepisahan
kelas VI, peengetan dina Kartini, Agustusan, uga ing lomba pidhato.
Sawise rampung paragakna ing ngarep kelas.

Penget:
Sajerone tanggap wacana (pidato), bab-bab baku sing kudu
diaturake yaiku:
1. Salam Pambuka
Salam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan
marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur
salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh
(sapaan) tumrap para rawuh.
2. Purwaka
Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta
atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh

3. Isi utawa Surasa Basa


Isi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para
rawuh/tamu.
4. Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa
intine sing diandharake.
5. Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake
marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.
6. Wasana Basa (panutup)
Wasana (panutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun
pangapura manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe
ngandharake.

C. Maca

Indikator
 Membaca teks bacaan.
 Mencatat ide pokok dalam tiap paragraf.
 Menyimpulkan isi bacaan.

1. Maca Wacan

59
Wacan ing ngisor iki wacanen kang premati!

GAMBAR
SUASANA KERJA BAKTI
MEMBANGUN BALAI RW

Gawe Balai RW

Desa Margodadi kalebu desa kang maju. Warga desa Margodadi


umume padha ulah tetanen ning uripe padha kepenak. Sawah-sawah katon
ijo nandhakake yen lemahe subur. Panguripane warga desa pancen
njagakake saka asile pertanian. Desa Margodadi kaperang dadi limang
dusun. Cacahe RW ana 10.
Saben taun desa Margodadi entuk dana pembangunan saka
pemerintah. Kanggo nanjakake dana mau saben RW gawe usulan
pembangunan. Ana kang usul mbangun dalan, got, pos kamling, lan
sapiturute. RW IV Dusun Margohayu ngusulake gawe balai RW. Krana akeh
kang kudu dibangun mula kekurangan wragad ditanggung warga kanthi
urunan.
Rapat pambangune balai RW wis dileksanakake. Warga nyarujuki
menawa wragad tambahan dipikul bebarengan. Kanggo ngirid wragad mula
dienekake kerja bakti. Amrih bisa lancar mula didhapuk panitia pembangunan
balai RW.
Dina Minggu esuk keprungu kenthongan dithuthuk kanggo tandha
kerja bakti diwiwiti. Krungu swarane kenthongan, ora perlu diprentah warga
RW IV wis padha mara ing papan kang wus ditemtokake. Ana kang nggawa
pacul, linggis, ganco, cethok, skrop, lan liya-liyane.
Pambangune balai RW katon lancar. Bahan bangunan kang
dibutuhake wis cumepak, warga kang nandangi akeh. Amrih bisa apik asile,
panatane bata dipasrahake tukang. Warga kari sabiyantu. Ana kang ngudhak
luluh, ngayak wedhi, ngedhuk pondhasi, ngangkat bata, ngangkat luluh lan
sapiturute. Ora keri, para ibu padha uthek gawe panganan. Ana sing gawe
jajanan, gawe kopi, gawe teh, adang sega, mangsak sayur, lan liya-liyane.
Jam 4 sore tembok balai RW wis madeg. Kerja bakti dilereni lan bakal
diterusake dina candhake. Ora nganti rong minggu. Balai RW wis rampung.
Warga seneng lan bombong atine jalaran klakon duwe balai RW. Ya ing balai
RW akeh kegiyatan bisa dileksanakake. Umpamane, rapat PKK, rapat
pengurus RW, posyandu, imunisasi, uga kanggo nglayani kebutuhan
administrasi RW. Balai RW diresmekake dening Bapak Kepala Desa.

2. Pitakon wacan
Gladhen5
Pitakon-pitakon saka wacan ing ngisor iki wangsulana !
1. Desa Margodadi kalebu desa sing kepriye?
2. Kepriye kahanane desa sawah ing desa Margodadi?
3. Desa Marodadi kaperang dadi pirang dusun lan pirang RW?
4. Usulan pembangunan apa wae kang diusulake RW?
5. RW pira kang ngusulake gawe balai RW?
6. Balai RW digawe kanthi piye?
7. Dina Minggu esuk keprungu swara kenthongan, kanggo tandha apa?
8. Piranti apa kang digawa warga kanggo kerja bakti?
9. Apa kang ditindakake para ibu?
10. Balai RW bisa kanggo apa wae?

3. Nemtokake Gagasan Baku (Ide Pokok)


Gladhen 6
Temtokna gagasan baku ing sabeb-saben paragraf wacan ing ndhuwur!
1. Paragraf 1, Bakune
gagasan: ......................................................................................................

60
......................................................................................................................
............... ......................................................................................................
...............

2. Paragraf 2, Bakune gagasan:


......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

3. Paragraf 3, Bakune gagasan:


......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

4. Paragraf 3, Bakune gagasan:


......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

5. Paragraf 3, Bakune gagasan:


......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

6. Paragraf 3, Bakune gagasan:


......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

4. Ngringkes Isine Wacan

Gladhen 7
Wacan “Gawe Balai RW ing ndhuwur wacanen maneh ing batin, banjur
gawenen ringkesane nganggo basamu dhewe adhedhasar gagasan baku
sing wis koktulis!

D. Nulis

Indikator
 Menulis karangan dengan kerangka yang sudah disediakan.
 Menulis kalimat dengan tembung rangkep (dwi lingga, dwi purwa).

1. Nulis Karangan

Penget:
Bab-bab sing kudu digatekake sajroning nulis karangan
yaiku:
1. Nemtokake objek lan tema karangan.
2. Mangerteni perangane karangan, yaiku:
1) Irah-irahan (judul) karangan
2) Pambuka
3) Isi (surasaning karangan)
4) Panutup
3. Nemtokake cengkorongan (kerangka) karangan wiwit
pambuka nganti panutup. Kerangka karangan arupa bab-
bab wigati kang arep dipaparake.

61
Gladhen 8
Coba gaweya karangan, gatekna cara-cara panulise karangan ing
ndhuwur! Pilihen salah siji irah-irahan karangan ing ngisor iki!
1. Kerja Bakti Mbangun Got
2. Kerja Bakti Mbangun Pos Kamling
3. Kerja Bakti Mbangun Gapura
4. Kerja Bakti Mbangun Bale RT
5. Kerja Bakti Reresik Got

2. Rimbag Rangkep (Kata Ulang)

Penget:
Rimbag Rangkep
Miturut jinise, rimbag rangkep (kata ulang) kaperang dadi 4
(papat), yaiku:
1.Rimbag Rangkep Dwilingga
2.Rimbag Rangkep Dwilingga Salin Swara
3.Rimbag Rangkep Dwipurwa
4.Rimbag Rangkep Dwiwasana

Katrangan:
1.Rimbag Rangkep Dwilingga
Rimbag rangkep dwilingga yaiku tembung-tembung
lingga (kata dasar) sing diunekake kaping pindho.
Tuladha: bapak-bapak, omah-omah, putih-putih, gedhe-
gedhe, kuru-kuru, lsp.
2. Rimbag Rangkep Dwilingga Salin Swara
Rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku tembung
lingga sing diunekake kaping pindho, nanging owah
swarane. Adhakane sing tembung sing ngarep jalaran
tembung linggane manggon ing mburi.
Tuladha: bola-bali, tuka-tuku, odas-adus, pringas-pringis,
tolah-toleh, lsp.
3. Rimbag Rangkep Dwipurwa
Rimbag rangkep dwipurwa yaiku wanda (suku kata)
wiwitane tembung diunekake kaping pindo.
Tuladha: peputra, tetulung, bebungah, lelagon, lelakon,
lsp.
4. Rimbag Rangkep Dwiwasana
Rimbag rangkep dwiwasana, yaiku wanda pungkasane
tembung diunekake kaping pindho.
Tuladha: cengunguk, pengingis, njegogrok, ndegegek,
Ndhepipis, lsp.

Gladhen 9
Tembung-tembung rimbag rangkep ing ngisor iki aranana rimbag rangkep
apa, banjur gawenen ukara!
Tuladha:

murid-murid
Arane rimbag : rangkep dwilingga
Ukarane : Murid-murid kelas VI piknik menyang Borobudur.

1. ibu-ibu 6. sombat-sambat
2. lelucon 7. bocah-bocah
3. bola-bali 8. pecucu
4. pengingis 9. njegugrug

62
5. tetuwa 10. pontang-panting

E. Apresiasi Sastra

Indikator
 Menceritakan kembali cerita wayang.
 Menyebutkan negara, aji-aji, dan gegaman para tokoh dalam cerita
wayang.

1. Wacan Crita Wayang


Wacanen kanthi pocapan kang bener!

PETRUK DADI RATU

Kacarita, ing sacedhake tapel wates praja Ngastina madeg praja


anyar kang aran Sonyawibawa. Ratune jejuluk Prabu Durtawarna ya
Prabu Gurnadur ya Prabu Thongthongsot ya Prabu Belgedhuwelbeh. Ratu
mau sekti mandraguna lan bisa ngrubah kahanan kang maune para
kawula padha kekurangan uripe dadi makmur. Akeh para kawula Ngastina
kang padha pindhah menyang praja Sonyawibawa.
Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu
Duryudana. Ratu Sonyawibawa wis wani mbalela marang Ngastina. Mula
Prabu Duryudana ngerigake prajurit saperlu nglurug perang Sonyawibawa.
Nalika para prajurit Ngastina tekan tlatah Sonyawibawa padha kaget.
Sawah kang maune cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo-royo. Para
kawula padha sengkut makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari, lan
liya-liyane. Papan kang sadurunge rupa bangunan didadekake kandhang
pitik, bebek, wedhus, sapi, kang diduweki rakyat. Pokoke, praja
Sonyawibawa ngutamakake kesejahteraan rakyate.
Nalika prajurit Ngastina mlebu kraton dipapag para punggawa praja
Sonyawibawa. Dumadi perang rame. Prajurit Ngastina kasoran yuda
padha mlayu. Prabu Duryudana kepikut dening Prabu Belgedhuwelbeh.
Kanggo mbebasake Prabu Duryudana, patih Ngastina Harya Sengkuni
golek bantuwan marang para Pandhawa. Senajan tansah mungsuhi
Pandhawa, Prabu Puntadewa kersa bebantu. Putra Pandhawa,
Gathotkaca, Antasena, lan Bratasena maju perang. Nanging ora bisa
ngalahake. Kabeh padha keplayu.
Kresna kang titisane Wisnu, pretah marang Gareng lan Bagong
ngadhepi raja Sonyawibawa. Klakon perang rame, ora ana sing kalah ora
ana sing menang. Nalika bisa kepikut, raja Sonyawibawa diudhari
busanane badhar dadi Petruk. Pranyata Prabu Belgedhuwelbeh iku
sejatine Petruk. Nalika ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti, Petruk
matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada. Pusaka mau
ditemu merga ceblok nalika dicolong Mustakaweni kang perang karo
Bambang Priyambada. Sadurunge dibalekake marang Prabu Puntadewa,
pusaka Jamus Kalimasada dianggo ngedekake negara kang
merjuwangake rakyat cilik.
Crita Petruk dadi Ratu nduwenei pasemon kang akeh. Kayata:
pasemone wong sugih ayaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula
cilik kang kepingin mulya, uga pasemone ratu adil iku asale saka kawula
alit, lan kawula cilik yen dipercaya dadi panguwasa pranyata uga bisa.

Sumber: Jayabaya, No. 24 Pebruari 2007

Gladhen 10
Pitakon-pitakon saka wacan ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Negara apa kang madeg ing cedhak tapel watese negara Ngastina?

63
2. Sapa asmane raja saka negara anyar mau?
3. Kepriye panguripane kawula negara Sonyawibawa?
4. Negara ngendi kang nglurug perang menyang Sonyawibawa?
5. Nalika Prabu Duryudana kepikut Kurawa njaluk bantuwan marang sapa?
6. Negara Sonyawibawa ngutamakake apa?
7. Sapa kang bisa ngasorake raja Sonyawibawa?
8. Sapa sejatine Prabu Belgedhuwelbeh iku?
9. Apa sebabe Petruk bisa dadi ratu lan sekti mandraguna?
10. Apa wae pasemon kang ana ing lakon Petruk dadi Ratu?

Gladhen 11
Crita wayang ”Petruk dadi Ratu” ing ndhuwur critakna nganggo basamu
dhewe!

2. Jenenge Negara, Kasatriyan lan Aji-Aji Utawa Gegamane Paraga


Wayang
Tuladha:
1. Prabu Puntadewa ratu ing negara Ngamarta, aji-ajine Jamus
Kalimasada.
2. Raden Werkudara satriya ing Jodhipati, gegamane Gada
Rujakpolo.

Gladhen 12
Isenana nganggo jenenge negara utawa kasatriyane lan aji-aji utawa
sanjatane kanthi milih wangsulan ing ngisore!
1. Raden Antareja satriya ing …........, gegamane ...........
2. Raden Jayadrata satriya ing …......., gegamane ...........
3. Prabu Kresna ratu ing …......., gegamane ...............
4. Prabu Dasamuka ratu ing …......., aji-ajine ............
5. Prabu Karna ratu ing …........, gegamane ..............
6. Prabu Ramawijaya ratu ing …........., gegamane ............
7. Raden Arjuna satriya ing …......., gegamane .... ..........
8. Prabu Baladewa ratu ing …......., gegamane .... .......
9. Raden Gathutkaca satriya ing …......., gegamane ...........
10. Raden Kumbakarna satriya ing …......, aji-ajine ............

Pilihan Wangsulan
a. Madukara, b. Pringgadani, c. Banakeling, d. Panglebur Gangsa, e.
Ngalengka, f. Jangkarbumi, g. Pancawati, h. Ngawangga, i. Mandura,
j. Dwarawati, k. Pancasona, l. Gada Rujakbeling, m. Kotang Antakusuma,
n. Panah Guwawijaya, o. Panah Pasopati, p. Gada Nanggala,
q. Upas Anta , r. Kunta Wijayandaru, s. Cakra Baskara, t.
Gedhongmenga

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Pembangunan iku kudu sing sawutuhe, tegese .................
a. mbangun gedhung sing apik c. mbangun dalan tol sing apik
b. mbangun jasmani lan rohanine d. kabeh jawaban salah
2. Pembangunan kudu disengkuyung dening ....................
a. pemerintah c. wong-wong sugih
b. pehak luar negeri d. kabeh rakyat
3. Ngucap puji syukur sajrone pidhato iku perangan ....................
a. isi/suraba basa c. purwaka
b. wasana basa d. salam pambuka
4. Abimanyu iku satriya saka ...................

64
a. Pringgondani c. Plasajenar
b. Madukara d. Plangkawati
5. Satriya saka Jodhipati iku ...................
a. Bratasena c. Antasena
b. Permadi d. Nakula
6. Tembung jejuluk, nenangis iku tuladhane rimbag rangkep ...................
a. dwiwasana c. dwipurwa
b. dwilingga d. dwilingga salin swara
7. Atur panuwun lan pangapura sajrone pidhato perangan ...............
a. isi/suraba basa c. purwaka
b. wasana basa d. salam pambuka
8. Tembung tolah-toleh, mloya-mlayu, bengak-bengok iku tuladhane
rimbag rangkep ..................
a. dwiwasana c. dwipurwa
b. dwilingga d. dwilingga salin swara
9. Prabu Duryudana iku ratu ing ...........................
a. Dwarawati c. Dwaraka
b. Ngastina d. Ngamarta
10. Aji sepi angin iku ajine ..................
a. Duryudana c. Dasamuka
b. Kumbakarno d. Werkudara

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Tembung plengas-plengos iku linggane ..........................
2. Cecawis, cecunguk iku tuladhane rimbag rangkep ......................
3. Sirep megananda iku ajine .......................
4. Cengunguk, jengongok iku tuladhane rimbag rangkep ......................
5. Prabu Salya iku ratu ing ...........................
6. Tembung lingga tuku yen entuk rimbag dwipurwa dadi ..............
7. Tembung lingga adus yen entuk rimbag dwilingga salin swara dadi
..............
8. Dursasana iku satriya ing ....................
9. Dudutan ing pidhato isi bab ......................
10. Satriya kang kondhang bisa mabur yaiku ...................

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Gawea tuladhane tembung kang entuk rimbag, dwipurwa, dwilingga,
dwilingga salin swara, lan dwiwasana!
2. Gawea perangane pidhato purwaka basa!
3. Goleka crita wayang banjur golekana pitutur kang ana sajrone crita mau!
4. Pandhawa iku cacahe lima, sebutna kanthi urut!
5. Gawea ukara nganggo tembung bola-bali, bocah-bocah, tetanduran, lan
cengingis!

65
Wulangan 7
Pendhidhikan

A. Ngrungokake

Indikator
 Mengajukan dan menjawab pertanyaan sesuai dengan isi bacaan.
 Membuat ringkasan bacaan.

1. Ngrungokake lan Mangerteni Isine Wacan

Ing ngisor iki ana wacan bab Pendidikan. Coba tindakna pakaryan
ing ngisor iki!
1. Rungokna wacan ing ngisor iki sing diwacakake dening kancamu!
2. Sajrone ngrungokake, eling-elingen bab-bab sing wigati! Yen perlu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati kasebut.

GAMBAR
BEBERAPA ANAK SEDANG
ASYIK MEMBACA DALAM
SEBUAH RUANG BACA

Ngulinakake Bocah Dhemen Maca

Buku kuwi guru sing paling becik, mangkono ujare para sujana. Mula yen
kepingin pinter, tambah pengetahuan lan wawasan, sregepa memaca. Methi
wae wacan sing dikarepake ing kene wacan sing becik.
Kasenengan maca kudu dikulinakake wiwit cilik, supaya dadi pakulinan
sing positif nganti tumekane diwasa. Jalaran, yen wiwit cilik wis seneng
maca, nganti gedhe bakal tetep seneng maca. Tumrape bocah, maca kuwi
pegaweyan sing mboseni, luwih enak dolan. Akeh para ibu sing ora
migatekake pendhidhikan seneng maca iki. Bocah malah kerep diajak
njingglengi neng ngarep televisi jalaran ibune uga seneng nonton tivi.
Akibate, bocah wegah sinau apa maneh memaca. Kamangka sumbere
pengetahuan kang ngasah utege bocah kuwi saka buku. Lha yen bocah ora
dikulinakake seneng maca, ora disediyani wacan sing becik, bisa dadi bodho.
Olehe bodho sebab wegah sinau, luwih seneng dolan apa nonton tivi. Mula
kanggo imbangane, wong tuwa kudu tlaten nglatih lan nggiring bocah seneng
maca. Wiwitane maca buku apa wae, isi dongeng utawa crita kanggo bocah.
Mengko yen wis seneng maca ditambah buku-buku sing luwih abot.
Ana sawetara cara kanggo nglatih lan nggiring bocah seneng maca. Cara-
cara mau yaiku:

66
1. Milihake buku wacan
Milih wacan kanggo bocah pancen ora gampang. Wacan kudu narik
kawigatene bocah, umpamane crita kanggo bocah, dongeng, komik lan liya-
liyane. Yen wis seneng maca banjur ditambah buku sing isine becik kanggo
perkembangan jiwane bocah. Buku wacan kudu diselarasake karo pamikire
bocah. Bocah aja dipeksa maca buku sing adoh saka daya pikire bocah.
Merga yen dipeksa, aja-aja malah mutung lan wegah.
2. Diwenehi conto
Wong tuwa utamane ibu kudu menehi conto maca kanggo anake.
Umpamane, maca rada banter, nganggo gaya sing narik atine bocah. Suwe-
suwe bocah bakal nimbrung lan melu maca. Kanggo wiwitan yen bocah maca
wong tuwa kudu nunggoni, sokur melu ngancani maca. Jalaran yen ditinggal
ijen bocah bisa kurang tlaten lan bosenan.
3. Dijak menyang toko buku
Yen bocah wis seneng maca, dijak neng toko buku. Bocah dikon milih
dhewe buku sing dikarepake. Aweh kalonggaran bocah maca lan milih buku
neng toko buku menehi dampak becik marang pikirane bocah. Saengga
bocah bakal luwih nggrengseng maca.
4. Perpustakaan keluwarga
Yen wong sakiwa tengene seneng maca, bocah uga katut dadi seneng
maca. Mula wong tuwa kudu nyedhiani buku-buku kang dibutuhake bocah
wujud perpustakaan ing omah. Buku kanggo bocah ditata ing panggonan
kang gampang dijupuk dening bocah.
5. Buku kanggo hadiah lan oleh-oleh
Bocah luwih becik diwenehi hadiah lan oleh-leh rupa buku. Umpamane
wektu bocah ulang taun lan wong tuwa saka lelungan. Malah-malah yen
bocah munggah kelas, entuk ranking, lulus ujian, hadiah kanggo bocah rupa
buku sing apik. Kanthi mangkono bocah diajak kanggo ora adoh saka buku.

Sumber: Jayabaya, No. 34 Mei 2002,


kanthi owah-owahan saperlune.
Gladhen 1
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa sebabe kudu sregep maca?
2. Wacan kanggo bocah kudu sing kepriye?
3. Apa sebabe maca tumrap bocah iku mboseni?
4. Apa sebabe yen ora maca bisa ndadekake bodho?
5. Sumbere pengetahuan iku saka ngendi?
6. Sapa sing kudu ngulinakake bocah seneng maca?
7. Pakulinan maca kudu dikulinakake wiwit kapan?
8. Kanggo wiwitan bocah diwenehi wacan sing kepriye?
9. Kepriye carane milihake buku wacan kanggo bocah?
10. Yen ing omah ana perpustakaan, keprye carane nata buku kanggo
bocah?

2. Gawe Ukara Pitakon lan Ukara Andharan (Kalimat Tanya dan


Kalimat Berita)
Tuladha:
Ukara Pitakon : Kepriye ujare para sujana ngenani buku?
Ukara Andharan : Buku kuwi guru sing paling becik.

Gladhen 2
Gawea ukara pitakon lan ukara andharan saka ukara sing wis
sumadiya!
1. Ukara Pitakon : ...............................................................................
Ukara Andharan : Yen kepingin pinter lan tambah pengetahuan lan
wawasan, sregepa maca.
2. Ukara Pitakon : Wiwit kapan kasenengan maca kudu dikulinakake?
Ukara Andharan : ............................................................................

67
3. Ukara Pitakon : Yen wiwit cilik wis seneng maca, nganti gedhe bakal
kepriye?
Ukara Andharan : ............................................................................
4. Ukara Pitakon : ...............................................................................
Ukara Andharan : Bocah luwih seneng nonton tivi tinimbang maca.
5. Ukara Pitakon : Sapa sing kudu nglatih bocah seneng maca?
Ukara Andharan : .....................................................................

Gladhen 3
Pituduh
1. Gawea kelompok sing anggotane antara 3 nganti 4 siswa.
2. Rembugen karo kancamu prentah ing ngisor iki!
3. Wacanen asil garapane kelompokmu ing ngarep kelas!
4. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
uga bisa menehi panyaruwe uga panemu.
5. Sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe gurumu.
6. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang gurumu
minangka tugas kelompok!

Wacan kanthi irah-irahan ”Ngulinakake Bocah Dhemen Maca” ing ndhuwur


ringkesen nganggo basamu dhewe!

B. Micara
Indikator
 Menjelaskan masalah/peristiwa serta memberikan komentar/saran.
 Menyampaikan informasi dari nara sumber kepada orang lain secara
lisan.

1. Nanggapi Prastawa (Peristiwa) lan Menehi Pamrayoga (Saran)

Gladhen 4
Prastawa-prastawa ing ngisor iki tanggapana lan wenehana pamrayoga
amrih becike!
1. Wulan pancen putrane wong sugih. Yen sekolah nganggo kalung, gelang,
lan anting-anting. Malah saiki cekelane HP sing larang regane. Dheweke
kerep mamerake HP-ne marang kanca-kancane. Ora sethithik kancane
sing ora seneng marang dheweke.
a. Panemuku
: .........................................................................................

.........................................................................................
................................................................................
.........
b. Prayogane
: .........................................................................................
...............................................................................
..........
..............................................................................
...........

2. Topan senengane sepedhahan. Senajan akeh bocah cilik-cilik, anggone


numpak sepedhah banter banget. Kala-kala malah disledhat-sledhotake.
Minggu kepungkur merga kurang ati-atine Topan tiba saka sepedhah,
awake babak bundhas.

68
a. Panemuku
: .........................................................................................

.........................................................................................
................................................................................
.......
b. Prayogane
: .........................................................................................
..............................................................................
...........
..............................................................................
...........

3. Yono anake wong ora duwe. Dheweke ora duwe buku pelajaran kanggo
sinau. Buku tulis wae terkadang uga ora duwe. Mula yen ana PR
dheweke bingung. Sejatine Yono bocahe pinter. Bijine ora kalah karo
kanca-kancane.
a. Panemuku
: .........................................................................................

.........................................................................................
................................................................................
.........
b. Prayogane
: .........................................................................................
..............................................................................
...........
.............................................................................
............

4. Ali bocahe kesed. Saben dina ora gelem sinau mung dolan wae. Dheweke
kerep ora mlebu sekolah. Wusanane Ali ora munggah kelas.
a. Panemuku
: .........................................................................................

.........................................................................................
................................................................................
.........
b. Prayogane
: .........................................................................................
..............................................................................
...........
.............................................................................
............

5. Bima senengane nonton tivi. Yen kadhung ndeleng tivi ora eling sinau.
Kala kala yen ana bal-balan anggone nonton nganti nutug sewengi.
Esuke wayahe sekolah mripate ngantuk. Bima kerep keturon ing kelas.
Bima kerep diukum gurune.
a. Panemuku
: .........................................................................................

.........................................................................................
................................................................................
.........
b. Prayogane
: .........................................................................................
..............................................................................
...........

69
.............................................................................
............

2. Ngandhakake Pawarta saka Nara Sumber


Wacanen pacelathon ing ngisor iki!

Saiki Sekolah Ora Mbayar

Kepala Sekolah : Bocah-bocah, sregepa sinau jalaran pemerintah


nggatekake pendhidhikan kanthi mbebasak SPP.
Mardi : Tegesipun kula sakanca boten mbayar SPP
nggih Pak?
Kepala Sekolah : Bener. SPP ditanggung dening pemerintah.
Murid SD nganti SMP diwenehi BOS yakuwi
biaya operasional sekolah.
Mardi : Lajeng tujuwanipun punapa Pak?
Kepala Sekolah : Tujuwane kanggo nyengkuyung kasile wajib
belajar sembilan taun. Bocah Indonesia kudu
nganti lulus SMP. Amarga mrothole sekolah
krana wong tuwa ora kuwat ngragadi, mula
wragad sekolah ditanggung pemerintah.
Tutik : Wah tiyang sepuh kula remen sanget Pak,
amargi boten rekaos nyiapi arta SPP.
Kepala Sekolah : Mula kowe kabeh kudu tambah sengkud sinau.
Wajib belajar sembilan taun kudu berhasil.
Saora-orane yen kowe duwe ijasah SMP. Ning
prayogane diterusne nganti SLTA yen isa
perguruan tinggi.
Mardi : Menawi mekaten rugi nggih Pak menawi boten
lulus ngantos SMP?
Kepala Sekolah : Bener kandhamu. Rugi banget. Sekolah wis ora
mbayar kok disiyak-siyakake. Iki mangsa kang
becik kanggo nggayuh cita-cita. Pemerintah wis
menehi wragad mosok ora digunakake kanthi
becik.
Tutik : Inggih Pak.

Gladhen 5
Critakana ing ngarep kelas apa wae isine wacan pacelathon ing ndhuwur!
Kanggo nggampangake anggonmu crita, tulisen luwih dhisik isine wacan ing
bukumu.

C. Maca

Indikator
 Membaca geguritan dengan lafal, intonasi, dan gaya yang tepat.
 Menjelaskan isi geguritan.

Maca Geguritan (Puisi Jawa Modern)


Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi lagu pocapan lan ekspresi sing becik!

DAKPILIH PANGARSA KINASIH


Dening: Anie Soemarno

pangarsa kinasih ya pangarsa sing

70
bisa ngrasakake ngelih
ing wetenge wong-wong sing abot
sanggane urip saben dinane

alusing budi lan aruming wicara


jumbuh karo grenjet, greget
budidaya
nyukupi butuhe warga sabangsa

pangarsa kinasih ya pangarsa sing


kaya lekase wong tuwa
sadurunge si anak ngrerepa
wis ngreti butuhe apa

paribasan angur wetenge dhewe luwe


tinimbang si anak sambat ngaru-ara

dakpilih pangarsa kinasih ya pangarsa sing


lisane sembada karo tumindake
ora mung janji-janji sagumuk
tibane mung pambujuk

pangarsa kinasih ya pangarsa sing


pinilih

Panyebar Semangat, No. 42/ 2005

Gladhen 6
Pitakon-pitakon ing ngisor iki gegayutan karo geguritan ing dhuwur, coba
wangsulana kang patitis!
1. Apa irah-irahane geguritan ing ndhuwur?
2. Apa tema geguritan ing ndhuwur?
2. Sapa sing diarani pangarsa ing geguritan ing ndhuwur?
3. Tumrap warga bangsane kang ngelih lan abot sanggane, sawijining
pangarsa kudu kepriye?
4. Tumrap butuhe warga bangsane, sawijining pangarsa kudu kepriye?
5. Ibarate wong tuwa, sawijining pangarsa kudu kepriye?
6. Sawijining pangarsa, lisane kudu sembada karo apane?
7. Sawijining pangarsa, aja gampang ngobral apa?
8. Adhakane janjine pangarsa iku kepriye?
9. Pangarsa kang pinilih iku pangarsa kang kepriye?
10. Apa pitutur kang ana ing geguritan kasebut?

Gladhen 7
Adhedhasar wangsulan saka pitakon-pitakon ing ndhuwur, coba critakna
isining geguritan ing ndhuwur nganggo basamu dhewe!

D. Nulis
Indikator
 Menulis kalimat Purwakanthi.
 Menulis kalimat dengan angka Jawa

1. Nulis Ukara Purwakanthi

Penget:
Purwakanthi yaiku gandhenge swara (vokal) utawa sastra (konsonan)

71
utawa wanda (suku kata) sing manggon ing mburi karo sing wis
kasebut ing ngarep.
Purwakanthi kaperang dadi 3, yaiku:
1. Purwakanthi Guru Swara
Yaiku gandhenge swara (vokal) sing manggon ing mburi karo
sing wis kasebut ing ngarep.
Tuladha:
a. Kudu jujur, kareben luhur.
b. Pinter keblinger, busuk ketekuk
c. Jarene pingin maju, kok ora gelem sinau.

2. Purwakanthi Guru Sastra


Yaiku gandhenge sastra (konsonan) sing manggon ing mburi
karo sing wis kasebut ing ngarep.
Tuladha:
a. Sapa sing goroh bakal growah.
b. Polatane ruruh, tanduke sarwa rereh, ririh angarah-arah
c. Sluman, slumun, slamet.

3. Purwakanthi Basa/Lumaksita
Yaiku purwakanthi kang awewaton rujuking wanda pungkasan
gatra ngarep karo wanda wiwitan gatra sing mburi.
Tuladha:
a. Kolik priya, priyagung anjani putra.
b. Angajia tata krama, ngajia basa kang becik.
c. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka.

Gladhen 8
Aranana purwakanthi apa unen-unen ing ngisor iki!
1. Dahwen ati open.
2. Sing weweh bakal wuwuh.
3. Dupeh menang malah sawenang-wenang.
4. Ruruh, rereh, ririh, ing wewarahipun.
5. Mong ing tirta, tirta wijiling satriya.

Gladhen 9
Rampungna purwakanthi-purwakanthi ing ngisor iki!
1. Bocah kuwi kudu gemi, .................., lan .....................
2. Tindak-tanduke tansah titi ...................................
3. Atimu kudu tatag lan ................
4. Golek jodho iku kudu nyawang bobot, bibit, lan ...........................
5. Anggone nggoleki pangan nganti ketula-tula ..............................

2. Nulis Angka Jawa


Penget:
Panulise angka Jawa dijupuk saka aksara Jawa. Mula kanggo
mbedakake panulise angka Jawa karo aksara Jawa digunakake
pada pangkat kang wujude
( ) manggone ing sangarepe lan samburine angka Jawa.

Wujude angka Jawa:

1 = 6 =

2 = 7 =

72
3 = 8 =

4 = 9 =

5 = 0 =

Tuladha :
1. Umurku 12 taun. =

2. Sanguku 4.500 rupiyah. =

3. Aku duwe pitik 7. =

Gladhen 10
Tulisen nganggo aksara lan angka Jawa sing bener!
1. Wedhuse 3, pitike 15.
2. Aku mulih jam 12 awan.
3. Adhiku lair taun 1998.
4. Celenganku 275.695 rupiyah.
5. Aku piknik tanggal 24 wulan 7 taun 2007.

E. Apresiasi Sastra

Indikator
 Menceritakan isi tembang

Tembang Macapat
Tembang dhandhanggula ing ngisor iki wacanen kang patitis, banjur
tembangna bebarengan!

Dhandhanggula

Pra sedulur apa sira lali


saka ngendi sira kedadeyan
sarine bumi asale
dikandhut dening ibu
sangang wulan rinten lawan ratri
direwangi tirakat
lan uga nyenyuwun
sakwuse neng ngalam ndonya
diopeni rina wengi tanpa risi

73
mula padha bektia

Gladhen 11
Wangsulana kang patitis!
1. Apa pitutur kang kinandhut ing sapada tembang ing ndhuwur?
2. Critakna isine tembang ing ndhuwur nganggo basamu dhewe!

Uji Kompetensi
I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!
1. Dina pendhidhikan dipengeti saben tanggal ...................
a. 2 Mei c. 5 Mei
b. 20 Mei d. 1 Mei
2. Guru iku uga diarani ....................
a. pegawai c. pahlawan tanpa tanda jasa
b. priyayi d. wong ningrat
3. Bocah Indonesia kudu sekolah nganti pendidikan dasar, tegese sekolah
nganti ...............
a. lulus SD c. lulus SMA
b. lulus SMP d. lulus SMK
4. .................. sing njupukake kapur kae?
a. Pira c. Ngapa
b. Apa d. Sapa
5. Bukuku 16. Angka 16 yen ditulis Jawa ...................

a. c.

b. d.

6. Ana dina ana upa, kalebu purwakanthi ...............


a. guru sastra c. guru lagu
b. guru swara d. lumaksita
7. Keplak-keplok ora ..................
a. cocok c. tombok
b. nabok d. mbacok

8. iku angka ...................

a. 849 c. 869
b. 859 d. 839
9. Angka Jawa dijupuk saka ..................
a. angka latin c. angka Arab
b. angka romawi d. aksara Jawa
10. Kanggo nulis angka Jawa digunakake .....................
a. pada pangkat c. pada adeg-adeg
b. pada luhur d. pada lingsa

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Sing menang lomba maca geguritan iku ..........................?
2. Wong salah bakale seleh, kalebu purwakanthi guru ....................
3. Aku diparingi dhuwit 8.975. Angka 8.975 yen ditulis aksara Jawa ...............
4. Aku mlaku menyang sekolahan, Bu Guru .................. sepedhah montor.

5. iku angka ........................

6. Bapak rawuh saka rapat nalika aku lagi ..................... sega ing teras.
7. ........................... anggonmu tuku buku Basa Jawa?
8. ........................... sing diwaca kancamu kae?
9. Tutugna purwakanthi iki! Inggah inggih ............................

74
10. Desa mawa cara, negara mawa ..........................

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Nabunge 5.685, sangune 3.750. Tulisen nganggo aksara Jawa!
2. Gawea/goleka tuladhane purwakanthi guru swara, sastra, lan lumaksita!
3. Goleka sapada tembang macapat, banjur tembangna lan temokna pitutur
lan kinandhut!
4. Kramakna ukara iki!
a. Simbah njaluk lunga menyang Madiun.
b. Pak guru mulang nembang karo ngunekake suling.
c. Aja kesusu ala wekasane.
5. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Jupri lair tanggal 27 Maret 1987.
b. Regane buku basa Jawa 9.750 rupiyah.
c. Utange 145.550 wis disaur 75.250.

75
LATIHAN UJIAN AKHIR SEMESTER GENAP
Dhandhanggula

Pra sedulur apa sira lali


saka ngendi sira kedadeyan
sarine bumi asale
dikandhut dening ibu
sangang wulan rinten lawan ratri
direwangi tirakat
lan uga nyenyuwun
sakwuse neng ngalam ndonya
diopeni rina wengi tanpa risi
mula padha bektia

I. Pilihen wangsulan kang kokanggep bener kanthi menehi tandha ( X )!


1. Tembang macapat ing ndhuwur jenenge ...................
a. kinanthi c. pangkur
b. dhandhanggula d. maskumambang
2. Tembang ing ndhuwur nyritakake .......................
a. lara lapaning ibu c. pangurbananing ibu
b. kautamane ibu d. kabeh jawan bener
3. Asal-usule manungsa miturut tembang ing ndhuwur iku saka ..................
a. lemah c. angin
b. sarine bumi d. manungsa
4. Tumrap ibu anak kudu ..................
a. nyembah c. bekti
b. wedi d. wani
5. Kucing (tubruk) tikus neng latar. Tembung jrone kurung benere ..........
a. ditubruk c. daktubruk
b. tinubruk d. nubruk
6. Ngucap puji syukur sajrone pidhato iku perangan ....................
a. isi/suraba basa c. purwaka
b. wasana basa d. salam pambuka
7. Tembung jejuluk, nenangis iku tuladhane rimbag rangkep ...................
a. dwiwasana c. dwipurwa
8. Bu Diah numpak sepedhah menyang pasar. Tembung numpak kudune
..........
a. nyengklak c. nuntun
b. nunggang d. nitih
9. Ukara kang jejere dikenani pakaryane lesan diarani ..............
a. ukara kriya tanduk c. ukara tanggap
b. ukara tanduk d. ukara sambawa
10. Satriya saka Jodhipati iku ...................
a. Bratasena c. Antasena
b. Permadi d. Nakula
11. .................. sing njupukake kapur kae?

76
a. Pira c. Ngapa
b. Apa d. Sapa
12. Sing ora kalebu tembang macapat yaiku ............
a. Sinom c. Rorobentrok
b. Pangkur d. Pucong
13. Tembung tolah-toleh, mloya-mlayu, bengak-bengok iku tuladhane
rimbag rangkep ..................
a. dwiwasana c. dwipurwa
b. dwilingga d. dwilingga salin swara
14. Ukara kang jejere nindakake pakaryan diarani ..................
a. ukara kriya tanduk c. ukara tanggap
b. ukara tanduk d. ukara sambawa
15. Ana dina ana upa, kalebu purwakanthi ...............
a. guru sastra c. guru lagu
b. guru swara d. lumaksita
16. Prabu Duryudana iku ratu ing ...........................
a. Dwarawati c. Dwaraka
b. Ngastina d. Ngamarta
17. Angka Jawa dijupuk saka ..................
a. angka latin c. angka Arab
b. angka romawi d. aksara Jawa
18. Kanggo nulis angka Jawa digunakake .....................
a. pada pangkat c. pada adeg-adeg
b. pada luhur d. pada lingsa
19. Abimanyu iku satriya saka ...................
a. Pringgondani c. Plasajenar
b. Madukara d. Plangkawati
20. Aji sepi angin iku ajine ..................
a. Duryudana c. Dasamuka
b. Kumbakarno d. Werkudara

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki!


1. Mbah Sutar ndandani omahe. Yen diowahi dadi ukara tanggap .................
2. Prabu Salya iku ratu ing ...........................
3. Wong salah bakale seleh, kalebu purwakanthi guru ....................
4. Sapine (pangan) tanduran. Tembung jrone kurung kudune .........................
5. Satriya kang kondhang bisa mabur yaiku ...................
6. Pak Guru ditakoni muride. Ditakoni kramane .....................
7. Tembung lingga tuku yen entuk rimbag dwipurwa dadi ..............
8. Sirep megananda iku ajine .......................
9. Aku diparingi dhuwit 8.975. Angka 8.975 yen ditulis aksara Jawa .........
10. Pak Daryono dicegat polisi. Ukara iki kalebu ukara ....................

III. Tindakna pakaryan ing ngisor iki!


1. Gawea perangane pidhato purwaka basa!
2. Gawea/goleka tuladhane purwakanthi guru swara, sastra, lan lumaksita!
3. Ukara iku owahana dadi ukara tanggap!
a. Mulih bareng karo Bu Guru.
b. Amir lagi nyamaki buku.
c. Larahane wis disaponi Ani.
4. Goleka crita wayang banjur golekana pitutur kang ana sajrone crita mau!
5. Kramakna ukara iki!
a. Simbah njaluk lunga menyang Madiun.
b. Pak guru mulang nembang karo ngunekake suling.
c. Aja kesusu ala wekasane.

77
Kapustakan

Abikusno
1994 Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express
1995 Widya Basa. Surabaya: Express
Ajisaka, Arya
2005 Mengenal Pahlawan-Pahlawan Nasional. Jakarta:
Kawan Pustaka
Antunsuhono
1953 Reringkesaning Paramasastra Djawi. Jogyakarta:
Penerbit Soejadi
1960 Sarining Paramasastra Djawa. Jogyakarta: Hien Hoo
Sing
Darusuprapto
1994 Pedoman Panulisan Aksara Jawa. Jogyakarta:
Yayasan Pustaka Nusatama-Dinas P dan K Propinsi
Daerah Istimewa YogyakartaDinas Pendidikan dan
Kebudayaan Provinsi Jawa Timur
Dwidjosusana R.I.W
- Paramasastra Jawi Enggal. Sala: Fadjar NV
Edi Subroto, D. dkk
1991 Tata bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta:
Duta Wacana Univercity Press.
Hadisoebroto, Soetarno
1981 Pathi Basa. Surakarta: Widya Duta.
Hutomo, Suripan Sadi
1984 Antologi Puisi Jawa Modern. Surabaya: Sinar Wijaya
1988a Kalung Barleyan. Surabaya: Pusat Pengabdian Pada
Masyarakat IKIP Surabaya.
Ikranegara, Tira
2005 Seri Cerita Rakyat. Surabaya: Bintang Usaha Jaya.
Kamajaya
1985 Tiga Suri Tauladan: Kisah Kepahlawanan Tiga Tokoh
Cerita Wayang. Yogyakarta: UP. Indonesia.
Kartoamidjojo
1961 Unggah-ungguhing Basa. Bandung-Jakarta: Ganaco NV.

Padmosoekotjo, S
1986 Paramasastra Jawa. Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.
1978 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa
Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.
Poedjosudarmo, Supomo
1979a Tingkat Tutur Basa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan
Pengembangan Bahasa.

78
1979b Morfolofi Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan
Pengembangan Bahasa.
Poerwadarminto, W.J.S
1939a Sarining Paramasastra Jawa. Djakarta: Noordhoff kolf.
1939b Baoe Sastra Jawa. Batavia: JB.Wolters’ Uitgevers
Matschappij NV.
Prawiroatmojo, S
1994 Bausastra Jawa – Indonesia. Jakarta: CV. Haji
Masagung.
Purwaka, dkk
1992 Sekar Rinonce. Surakarta: Cendrawasih.

Ras, J. J.
1985 Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir. Jakarta: Graffiti
Pers.
Subalidinata
1994a Kawruh Paramasastra Jawa. Yogyakarta: Yayasan
Pustaka Nusatama
1994b Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan
Pustaka Nusatama
Suwadji
1993 Ngoko Lan Krama. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusantara.

Kalawarti Jayabaya lan Penyebar Semangat, Surabaya

79

Anda mungkin juga menyukai