Anda di halaman 1dari 1

ATUR PAMBAGYO HARJO

Salam
Syukur
Ngaturaken sugeng rawuh dumateng bapak Budi Wardono sarimbit
ibu Siti Nurjannah saha para kadang ingkang nglarapaken penganten
kakung tebih saking laladan Purworejo dumugi ing mriki Kandhang Sapi Rt.
10 Rw. 35 Jebres Surakarta. Mugi-mugi lampah panjenengan sami
minanggihhaken rohmat lan barokah.

Sematen ugi para kadang tanggi tepalih ing ndherek hanyangkuyung


anggenipun bapak Abdullah kaliyan ibu Maryatun netepi darmanipun
asepuh nindakaken syari’at Islam nikahaken putrinipun asma Maratus
Sholihah ingkang sampun kadhaup dening bagus Farhan Aminullah bin
Budi Wardono enjang kala mahu tabuh 8 langkung 30 menit. Mugi-mugi
ginanjar sakinah mawaddah warohmah, Allahumma aamiiin.

Salajengipun bapak Abdullah nyuwun pangapunten anggenipun


nampi karawuhan panjenengan sami amar kawantenan, mbok bilih enten
ingkang kirang mranani penggalih nyuwun agengipun pangeksani.

Salajengipun bapak Abdullah ngaturaken sugeng lenggah saha


ngrahapi pusugatan sak wontenipun ngantos dumagi purnanipun
pahargyan walimah puniko.

Cekup semanten atur kula,

Wassalamu alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

Anda mungkin juga menyukai