Anda di halaman 1dari 2

Nalika Konangan

“Pras, ayo gek ndang cepet , wis dienteni pandu karo yudhi kae lho” ibu ngendika rada sora
“enggih bu, sekedhap malih” suarane Pras saka kamar
***
“wuidhihh, kowe arep budhal tarawih opo arep kondangan to Pras?” Pandu ngawaske
kancane sing lagi metu saka ngomah karo nahan guyu
“wis ah ra sah komen” Pras ming klecam klecem
“iyo ki Pras rapi banget tur wangi tenan bengi iki, padahal biasane mambu godong
simbukan tur prengus wae lho akakaaka” Yudhi sing biasane kalem malah nggoda Pras ora 1
uwis uwis, sing digoda ming pasrah karo klecam-klecem
***
“Lho koq bablas to Pras, dhewe ora sholat ning langgar desa wae?” Yudhi ngetutke lakune
Pras sing wis nyaingi usain bolt
“Wah Yudhi ki piye to, mau lak wis dikandhani nek dhewe arep tarawih ning mesjid desa
sebelah ekekek, khatibe kan pak usman bro” Pandu nimpali karo mesam mesem jahil
“wuidhih tenane , wah wah kemajuan tenan kancaku siji iki saiki, direwangi mlaku adoh ben
entuk siraman rohani bermutu, iyo iyo aku mendukungmu”
***
Tarawih akhire rampung, Pras lan kambrate siap-siap bali, nanging Pras njuk kelingan janjine
marang endah wingi kae, kado ulang tahun sing digawe dhewe khusus nggo Kenya sing
marai atine deg-deg an terus, ditokne bungkusan cilik saka sak clanane, Pandu sing weruh
kancane mulai galau akhire mesakna
“dienggo endah yo?”
“he em, tapi aku wedi meh ngekekna langsung” Pras kecut
“lha piye to, ayo tak kancani” saure Yudhi
2
“lha pak Usman ra ndang kondur je, ngko nek konagan kan aku isin” Pras melas
Pas cah telu lagi ngatur siasat piye carane ngawehi kado tanpa konagan pak usman, ujug-
ujug ono sing njawil pundake pras saka mburi
“lho Pras, Yudhi, Pandu do sholat ning kene to” jebule suarane Pak Usman
“enggih pak, safari niki” Pandu njawab singkat
“oh iyo..apik kuwi nak” Pak Usman njawab karo mesem
“kita wangsul pak, mangga , Assalammualaikum” Pras ujug-ujug ngomong
“lho koq langsung balik? Tak kira do ngenteni endah iki mau” Pak Usman malah mesem
Sakala atine Pras mak tratab, rumangsa kaya digebyur banyu es. YUdhi lan Pandu ming iso 3
ngampet guyu nyawang praupane Pras sing wis nyaingi tomat buah
“sayang,dina iki ndilalah endah lagi ning budhene Pras dadi ora trawih ning kene, tapi nek
arep nitip nggo endah iso karo aku koq” Pak Usman nimpali maneh
Pras ming iso meneng, ndungkluk, klecam klecem… 4

Anda mungkin juga menyukai