Anda di halaman 1dari 4

Nama : Roy Fikrian

Kelas : XII PMIIA 6

No. Absen : 28

KERATON NGAYOGYAKARTA
1. Sejarahipun Keraton Ngayogyakarta
Kala rumiyin ing daerah jawa kageman madya kidul, wonten kerajaan Islam naminipun
Mataram ingkang pusate ing Kotagede Daerah Istimewa Yogyakarta. Konflik dalem lan
intervensi Belanda gawe pecah kepemimpinan Kerajaan Mataram. Muncull perselisihan saking
kaleh aliran yaiku Prabasuyasa utawi Pakubuwana III kaliyan Raden Mas Said lan Mangkubumi.
Akhire ditandatangani Perjanjian Giyanti tanggal 13 Februari 1755.
Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipunadegaken déning Pangéran Mangkubumi.
Madegipun Kraton Ngayogyakarta dipuwiwiti saking kadadosan nalika dipunawotenaken
Perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Krajan Mataram dipunpérang dados kalih
inggih punika Kraton Kasunanan Surakarta saha Kraton Kasultanan Ngayogyakarta.
Sasampunipun madegkaken Kraton Mataram Ngayogyakarta Pangéran Mangkubumi gadhah
gelar Sri Sultan Hamengkubuwana I. Raja-raja Kasultanan Ngayogyakarta inggih punika wiwit
saking Sri Sultan Hamengkubuwana I dumugi Sri Sultan Hamengkubuwana X. Kraton
Kasultanan Ngayogyakarta gadhah fungsi minangka pusat pamaréntahan, saha dalemipun raja
sarta kulawarganipun. kajawi saking punika Kraton Kasultanan Ngayogyakarta dados pusat
kabudayan wonten ing tanah Jawi.
Lokasi kraton punika kacariyos tilas pesanggarahan ingkang katelah Garjitawati.
Pesanggrahan punika dipun-ginakaken kangé istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram
(Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih
lokasi kraton wujud sendhang, Umbul Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana
Beringan. Sadèrèngipun dados Kraton Yogyakarta, Sultan Hamengku Bawana I manggèn wonten
ing Pesanggrahan Ambar Ketawang.
2. Perangan-Perangan (Bagian-Bagian) Keraton Ngayogyakarta
a. Pagelaran
- Bangsal Pagelaran
- Bangsal Pangrawit
- Bangsal Pengapit (Pengapit Wetan dan Pengapit Kilen)
- Bangsal Pemandengan (Pemandengan Wetan dan Pemandengan Kilen)
- Bangsal Pacikeran (Pacikeran Wetan dan Pacikeran Kilen)
b. Sitihinggil Lor.
- Bangsal Sitihinggil
- Bangsal Manguntur Tangkil
- Bangsal Witana
- Bangsal Kori (Kori Wetan dan Kori Kilen)
- Bale Bang
- Bale Angun-angun
- Bangsal Pacaosan
c. Kamandungan Lor
- Bangsal Pancaniti
- Bale Anti Wahana
- Bangsal Pacaosan
d. Srimanganti
- Bangsal Pacaosan
- Kantor Keamanan Kraton (security)
- Kantor Tepas Dwarapura dan Tepas Halpitapura
e. Kedhaton
- Bangsal Manis - Gedhong Kantor Widyabudaya (Kraton Wetan)
- Bangsal Mandhalasana - Kasatriyan
- Bangsal Kotak - Museum HB IX
- Gedhong Jene - Museum Batik
- Gedhong Trajutrisna - Museum Keramik lan Kristal
- Gedhong Purwaretna - Museum Lukisan
- Gedhong Sedahan - Kaputren
- Gedhong Patehan - Masjid Panepen
- Gedhong Gangsa - Kraton Kilen
- Gedhong Sarangbaya - Gedhong Danartapura
- Gedhong Kantor Parentah Hageng
f. Kemagangan
g. Kamandungan Kidul
h. Siti Hinggil Kidul
3. Denahipun Keraton Ngayogyakarta
4. Makna Filosofis Saking Keraton Ngayogyakarta
a. Panggung Krapyak – Keraton Ngayogyakarta – Tugu uga dalan ingkang
nyambungaken punika ameh segaris. Tata ruang punika nggadahi makna “Sangkan
Paraming Dumadi” inggih menika asal mula manungsa lan tujuan akhiripun.
Gambaran manungsa saking embrional, lair, berproses, berkembang, eksis, dumugi
seda.
b. Saking Panggung Krapyak dumugi Keraton Ngayogyakarta (kompleks kedatonn)
nglambangaken manungsa dumugi dewasa. Kampung ing sekitar Panggung Krapyak
dipunparingi asma Kampung Mijen (Wijil). Ing sepanjang dalan D.I. Pandjaitan
dipuntandhuri wit asem lan tanjung ingkang nglambangake masa bocah tumuju
remaja.
c. Saking Tugu dumugi Keraton Ngayogyakarta nggambarke “paran” tujuan pungkasan
manungsa inggih menika ngadep penciptanipun.
d. Pitu gerbang saking gladhag dumugi Donopatropo nglambangaken 7
langkah/gerbang tumuju suwarga.
e. Tugu Golong Gilig ( Tugu Yogyakarta) igkang dumados bates lor Kota Tua dumados
simbol “Manunggaling Kawula Gusti” bersatunipun Raja (golong) lan rakyat
(Gilig). Simbol punika uga saged dipunprisani saking segi mistis inggih menika
persatuan antar Khalik (Sang Pencipta) lan Makhluk (ciptaan). Sri Manganti
artinipun Raja sawag ngentosi utawi ngentosi Sang Raja.
f. Pintu gerbang Donopratopo artinipun “tiyang ingkangsae menika tansah sukarela
maringi tiyang sanes lan saged ngilangi hawa nepsu.”
g. Loro patung raseksa Dwarapaja ingkang wonten ing sisih gerbang :
- Balaputra, nggambaraken kejahatan
- Cingkarabala, nggambaraken kasaenan/kebecikan
Maknanipun kita kedah saged mbedakaken ala lan becik
h. Wit-witan ing kompleks Keraton Ngayogyakarta :
- Wit ringin ing Alun-Alun Lor cacahipun 64 (Utawi 63) ingkang nglambangaken
yuswa Nabi Muhammad SAW
- Loro wit ing tengah Alun-Alun Lor dumados lambang makrokosmos K. Dewodaru
(Dewo=tuhan), lan mikrokosmos K, Janadaru (Jana=Manungsa)
- Wit gayam nggadahi makna “ayem” lan “gayu” (cita-cita)
- Wit Sawo Kecik nggadahi makna “Sarwo becik” (kahanan sarwa becik, kebak
kebecikan)
i. Benda Pusaka Keraton Ngayogyakarta uga dipunpitados nggadahi daya magis kagem
nolak bala

5. Prajurit Keraton Ngayogyakarta


a. Bregada Bugis
Ing upacara garebeg, Bregada Bugis gashah tanggung jawab ngawal gunungan digawa
menyangg kepatihan
b. Bregada Surakarsa
Bregada ingkang wani kanthi tujuan njaga kaslametan Adipati Anom. Ing upacara
Garebeg, Bregada Surakarsa minangka njagaa gumungan sing digawa menyang Mesjid
Gedhe
c. Bregada Wirabraja
Bregada ingkang wani lan gadhhah pikirann sing cetha. Ngerti marang kahanan, ora
bakal pasrah mbela ingkang bener lan ora mundur sadurunge musuh dikalahaken
d. Bregada Dhaeng
Bregada sing ora gelem pasrah amarga nduweni wani sing gedhe
e. Bregada Patangpuluh
Bregada ingkang nduwei kekuatan sing luar biyasa, lan satemah kabeh mungsuh bisa
dikalahke
f. Bregada Jagakarya
Bregada ingkang nindakake tugas njaga lan ngamananake mlakune pamrentah ing jero
Keraton Ngayogyakarta
g. Bregada Prawiratama
Bregada ingkang wani lan cerdas ing saben tumindak lan wicaksana sanajan ana ing
kahanan perang
h. Brigada Nyutra
Bregada ingkang kaya sutra lan gadhah tangungjawab ngancani uga njaga kaslametan
raja lan nduweni rasa lan ketrampilan sing unggul
i. Brigada Ketanggung
Bregada ingkang gadhah tanggungjawab sing abot
j. Brigada Matrijero
Bregada ingkang gadhah tanggung jawab kangge mutusaken masalah ing Keraton
Ngayogyakarta

Anda mungkin juga menyukai