Anda di halaman 1dari 3

KRATON NGAYOGYAKARTA

Kraton Yogyakarta wiwit madeg déning Sultan Hamengkubuwana I sawatawis wulan


sasampunipun Prejanjèn Giyanti ing taun 1755. Lokasi kraton punika kacariyos tilas
pesanggarahan ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan punika dipun-ginakaken kangé
istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé
kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih lokasi kraton arupi sendhang, Umbul
Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana Beringan. Sadèrèngipun dados Kraton
Yogyakarta, Sultan Hamengku Bawana I manggèn wonten ing Pesanggrahan Ambar
Ketawang ingkang sapunika kalebet wewengkon Kacamatan Gamping Kabupatèn Sléman.
Rumiyin, wilayah Keraton Yogyakarta saged dipunperang dados mapinten-pinten
wilayah antawisipun saking Ler piyambak yaiku, Gapura Gladhag ngantos wilayah kidul
yaiku Plengkung Nirboyo (Plengkung Gadhing). Wilayah-wilayah kautamen ing Keraton
yaiku, Gapura Gladag-Pangurakan; Kompleks Alun-alun Ler (Lapangan Utara) saha Mesjid
Gedhe (Masjid Raya Kerajaan), Kompleks Pagelaran, Kompleks Siti Hinggil Ler, Kompleks
Kamandhungan Ler, Kompleks Sri Manganti, Kompleks Kedhaton, Kompleks Kamagangan,
Kompleks Kamandhungan Kidul, Kompleks Siti Hinggil Kidul, lan alun-alun Kidul
(Lapangan Selatan) saha Plengkung Nirbaya yang biasa dikatakan Plengkung Gadhing.
Wilayah Keraton Yogyakarta dipunagem kalian para kaluwarga kerajaan, nanging
jaman sakmenika Kraton Yogyakarta kathah dados objek wisata. Menawi mlebet wonten
kraton Hadiningrat, samangke wonten patung ingkang cacahe kalih, ing Ing sakiwa
tengenipun Gapura mlebet ingkang asring dipunsebat Cingkarabala nglambangkake
kabecikan lan Boloupata ngalmbangkake tumindak kang ala. Kraton dipunperang dados 7
papan panggonan yaiku.
1. Siti Hinggil lor gunane yaiku kanggo upacara kaluwarga kraton.
2. Siti Hinggil kidul gunane yaiku nyampeke padudan menawa ana perkara.
3. Kamandhungan lor gunane yaiku ngadili perkara kangga rakyate.
4. Kamandhungan kidul gunane yaiku ngadili perkara kaluwarga kraton.
5. Sri manganti gunae yaiku papan panggonan nyimpen pusaka utawa gaman.
6. Kamagangan gunae yaiku papan pasanggrahan.
7. Kedhaton intine kraton utawa papan panggonan kanggo kaluwarga kraton, ana tiga
papan inggih punika pelatran kraton, keputren, lan kesatriyan.
A. Poros Imajiner (Keistimewaan Yogyakarta)
1. Alun-alun Ler
Alun-alur Ler yaiku salahsatunggaling lapangan jembar kang ana suketipun, kang
rumiyin alaun-alun kasebat dikupeng kalian tembok inggil. Ananging tembok di
embrukaken banjur dipundamel mergi cor blok kangge warga umum. Ing pinggir sisih
wetan alun-alun wonten pendhapa alit biasanipun kangge istirahat para tamu bupati.
Jaman biyen, alun-alaun menika umum dipunginakaken kangge upacara adat saha acara
keraton sanesipun. Tuladha acaranipun yaiku, garebeg utawi sekaten, acara watangan,
rampogan macan, pisowanan ageng, lsp. Sakmenika alun-alun Ler ugi saged
dipunginakaken kangge konser-konser musik, kampanye, rapat akbar, papan
penyelenggara ibadah hari raya Islam, lsp.
2. Masjid Agung Yogyakarta
Masjid kasultanan Yogyakarta mapan wonten ing kulon Alun-alun Ler. Masjid
kasebut ugi asring dipunsebut Masjid Gedhe Kauman. Arsitektur Masjid kasebat
wujudipun tajug persegi tertutup ngangge atap tumpang tiga. Serambi masjid
Kasultanan wujudipun joglo persegi panjang. Wonten ing sak kiwatengipun Mesjid
agung dipundamel kolam alit (sisih lor, wetan, saha kidul). Kolam kasebut ancasipun
kangge wisuh sikil warga ingkang badhe sembahyang utawi istirahat wonten Masjid
menika. Wonten ing sisih pojok Lor wetan saha kidul wetan plataran Masjid wonten
bangunan alit kados tugu naminipun Pagongan. Nalika upacara Sekaten, Pagongan Ler
dipunagem kangge papan gamelan sekati Kangjeng Kyai (KK) Naga Wilaga saha
Pagongan Kidul kangge papan gamelan sekati KK Guntur Madu. Wonten Ler kilen
Pagongan Kidul wonten lawang kagem mlebet kompleks masjid raya kangge upacara
Jejak Boto ing upacara Sekaten.
3. Alun-alun Kidul
Alun-alun Kidul (Selatan) yaiku alun-alun ing wilayah kidul Keraton Yogyakarta.
Alun-alun Kidul asring diunsebat Pengkeran. Pengkeran asal usulipun saking tembung
pengker (bentuk krama) saking mburi (belakang). Ing alun-alun kidul menika sisih
kilen wonten bangunan Gajahan kang ancasipun kangge ngingu gajah Keraton. Ing
tengah tengah alu-alun wonten wit Ngringin Kembar.
4. Panggung Krapyak.
Panggung krapyak yaiku wujud bangunan kang gadhah sujarah kang gayut
kaliyan Keraton Yogyakarta. Paggung kasebat madeg ing tahun 1760 saking Sri Sultan
HB 1. Panggung kasebat ugi dados salah satunggaling landscape (poros linier)
keistimewaan Yogyakarta. Wujud saking panggung krapyak yaiku mirip kados kubus.
Nalika jaman kasultanan Mataram, panggung kasebat dipunagem kangge papan
istirahat Abdi lan warga kerajaan nalika bibar (berburu) hewan tuladhane kidang utawi
menjangan. Banjur warga asring nyebat Kandhang menjangan. Panggung krapyak
mapan ing kidul alun-alun kirang langkung 1 km.

Anda mungkin juga menyukai