Ka. Impun
Widyowinoto
Seratan sapolo irah-irahan nginggil puniko kacawisake kanggih pawiyatan abdi dalem
abdining Budoyo Jowo Ngayogyokarto Hadiningrat.
Saksampuno palihan Nagari Mataram 1755 (babad giyanti 13 Februari 1755) Sultan
Hamengku Buwono I asmo timuripun BRM.Sujono saklajengipun dipunjumenengaken dados
BPH.Mangkubumi. Injih ngarsodalem Hamengku Buwono I meniko ingkang hangedekaken
Karaton Ngayogyokarto Hadiningrat ingkang gemah ripah loh jinawi dumugi sakpuniko!
Saksampuno Republik Indonesia merdeka 1945, salajengipun perkembangan ingkang
wonten kito Ngayogyokarto Hadiningrat / Daerah Istimewa Yogyakarta pikantuk sesebatan
kota budaya, kota perjuangan, kota mahasiswa / pendidikan, kota wisata, kota batik, kota
gudeg, miniatur indonesia, injih Jogja Istimewa, lan sanes-sanesipun.
Menopo ingkang bade kedadosan bilih Pangeran Mangkubumi puniko rikolo semanten
keseser utawi kawon jurit kaliyan wulandi? Mbokbilih kito Ngayogyokarto / Daerah Istimewa
Yogyakarta mboten wonten lan mboten saget damel pengaruh nasibipun Republik
Indonesia. Awit wedal semanten perjuangan kemerdekaan R.I. dipun bantu Karaton lan
dipun pertahanaken saking kito / Nagari Ngayogyokarto minongko pusatipun perjuangan lan
ugi dados Ibu Kota Negari Republik Indonesia. Sampun dados komitmen Raja-Raja
Mataram, anggenipun nyingkiraken wulandi / penjajah ingkang tujuanipun mboten sanes
kagem kamardikanipun kawulo Mataram. Semanten ugi perjuanganipun Pangeran
Mangkubumi nyingkiraken wulandi ingkang sampun ngidak-idak harkat martabat Mataram,
perjuangan Pangeran Mangkubumi nyingkiraken penjajah wulandi lan poro sekutunipun
meniko ugi kalajengaken kaliyan Nagari Kasultanan Ngayogyokarto Hadiningrat (peran putra
bangsa terbaik – pahlawan nasional pejuang republik Sultan Hamengku Buwono IX).
Miturut sejarah versi wulandi, antawisipun Pangeran Mangkubumi kaliyan Sunan Paku
Buwono II, sloya prang rebatan panguwaos / perang sederek wonten Kasunanan Surokarto.
Namung sakleresipun miturut versi Jawi lan versi Surokarto ugi versi Ngayogyokarto meniko
mboten perang sederek rerebatan panguwaos. Nanging mboten sanes perjuangan
nyingkiraken penjajah / wulandi kagem mbatalaken prajanjen Ponorogo ingkang mengikat
Kadaulatan Kasunanan.
Wonten prajanjen paliyan Nagari Mataram, siti-siti panguwaos Nagari / Karaton dipun
bentenaken dados togo sesebatan:
Wondene menawi tindak mangidul, kawiwitan saking plataran salebeting Karaton badhe
mirsani / manggihaken wewangunan arupi:
Perlu dipun mangertosi bilih Bangsal Kemandungan ingkang kabangun sakmeniko mendet
patilasan pasanggrahanipun Sri Sultan Hamengku Buwono I, ingkang wonten Dusun
Pandak Karangnangko rikolo Perang Giyanti (1746-1755). Saklajengipun manawi tindak
mangetan kawiwitan saking Plataran Bangsal Kencono salebetipun Karaton badhe mirsani /
manggihaken wewangunan arupi.
Wonten Alun-Alun Kidul kepanggih wit ringin cacah kalih ingkang dipun paring nomo
“wok” saking nomo bewok, nggambaraken bagian saliro siningit. Jumlah nunjukaken priyo
“namanipun” njih meniko “supit urang” nunjukaken wanodyo. Alun-Alun Kidul wonten margi
Gangsal ingkang kapanggih satunggal lan satunggalipun. Wonten ning mriki ngemu werdi
panca indra kito. Taneman wit-witan sakputeranipunAlun-Alun Kidul, wit pelem pakel, wit
[Type the company name]Srawung Karaton Ngayogyokarto Hadiningrat Sarto Dunung 5
Toto Busono,
Trapsilo Unggah-Ungguh Abdi Dalem Salebeting Karaton
pelem kweni.Wit-wit meniko nggambaraken / ngemu teges jer putro / lare meniko sampun
akil-balik / sampun wani (pakel / akil – kweni – wani).Ringin kurung dipun pageri kanti desain
busur panah nunjuk sifat muda-mudi / nem-neman.
Saksampuno dumugi Siti Hinggil, papan istirahat ingkang sejuk (rumiyin atapipun
kadamel saking anyaman bambu / pring), lan sakiwo tengenipun dipun tanemi wit gayam,
ujunganipun rimbun sekaripun wangi. Sinten kemawon lenggah sak ngandapipun
ngraosaken idum sejuk lan ngremenaken. Wontening mriki nggambaraken raos nem-neman
/ muda-mudi ingkang nembe jatuh kasmaran. Jaman rumiyin Siti Hinggil Kidul tengah-
tengahipun wonten pendoponipun, lan tengah pendopo wonten selo gilang palenggahan Sri
Sultan. Sakiwo tengenipun papan lungguhipun kerabat, abdi dalem kakung putri kumpul
caos pakurmatan Sri Sultan.Wondene lungguhipun muda-mudi cinaketan nggambaraken
kadosdene manten. Taneman ingkang katanem wonten palem cempora sarto soka, kekalih
wit meniko nggadahi sekar indah sanget lan wulunipun alus panjang kumpul dados
satunggal tangkai, abrit-pethak nggambaraken campuripun winih / wiji wanodyo lan priyo.
Plataran Pendopo Siti Hinggil sisih wetan lan kilen kagem kamar mandi, lan Siti Hinggil
meniko dipun puteri margi namanipun pamengkang. Mekangkang bilih kawontenan sekedik
tebih satunggal lan satunggalipun. Namung pamengkang ugi saget dipun tegesi mengkang
rikolo ibu badhe nglairaken.
Sedoyo meniko dipun gambaraken lumantar filosofis lambang simbol, ingkang saget
kito pirsani wonten wewangunan sarto kagunan seni budaya kaindahanipun Karaton
Ngayogyokarto Hadiningrat. Mboten nama nginggil-nginggilaken kabudayan Karaton
Ngayogyokarto Hadiningrat; namung milo mekaten kasunyatan pitajengipun. Menawi saben
wewangunan, taneman-wit-witan, kasusastran seni beksa, ringgit, gongso-karawitan, regol-
bangsal, sastro condro sengkolo, sekar lan sanes-sanese ingkang wonten Karaton
Ngayogyokarto Hadiningrat, kados- saged wicantenan piyambak dumateng panjenengan.
Temtu kemawon panjenengan kedah mangertosi “bahasa” nipun, injih meniko bahasa
kabudayan, bahasa keagamaan, bahasa batin lan sanes-sanese. Miturut kateranganipun
KPH Yudho Hadiningrat, mboten namung tiyang Ngayoja-Jawa kemawon ingkang ngakeni
nilai-nilai filosofi simbol lambanng kabudayan Karaton, namung Internasional ugi ngakeni.
Tetelo nagari Dalem Ngayogyokarto Hadiningrat, tanggal 17 Maret 2017 katetepaken dening
UNESCO dados satunggaling nagari filosofi.
Menawi pangertosan lampah meniko kito pirsani kanti batin wangsul mangidul, bade
manggihaken sifat wadak / jasmani tingkatanipun. Saklajenge tindak mangaler mlebet
Karaton langkung Regol Kemagangan. Lare / putro magang sampun tepung srawung
dasaring ajar – didik sae lan utomo ingkang tasih asifat dasar jasmani – lahiriyah, samangke
sak sampuno mlebet Karaton lajeng pikantuk ilmu sejati / sukmo sejati. Sampun dados
priyantun ingkang mboten namung mangertos bab urip namung sampun tepung dunung yen
“uripe iku kudu dadi urup”. Urip iku kagungane Gusti, milo kedah nggadahi urup kagem
tiyang sanes (abdi – ngabdi) mring sesami kawulo dalem Gusti.
Lambang meniko jumbuh kaliyan “Kanjeng Kyai Wiji” ingkang lenggah wonten Karaton
lan latunipun tansah murup mboya kinging pejah. Tansah amadangono lenggah sampeyan
dalem, nagari dalem, garwo putro, rayi sentono dalem, kawulo abdi dalem lan nagari dalem
tebih saking rubeda sambekolo tansaho Ngayogyokarto (ayu + bagya + karto).
Miturut KPH. Brontodiningrat, rumiyin saben Upocoro Grebeg sak sampuno Sri Sultan
nindakaken Ponco-Indriyo nyawiji panggalih manahipun kagem sumujud nyendikani sedo yo
dawuhing Gusti Allah ingkang murbaing dumadi inggih Allah ingkang Moho Kawoso. Sri
Sultan lajeng Siniwoko lenggah dampar wonten Siti Hinggil Ler.
Wonten upocoro kasebating nginggil dipun sarengi upocoro manembah Gusti ingkang
Moho Kawoso injih Gusti Allah. Ingkang meniko Sri Sultan piyambak lenggah wonten Siti
Hinggil Ler, saklajengipun Kyai Pengulu maosaken donga kagem kesejateraan lan
kemakmuran kawulo, keagungan agomo, sarto kabahagiaan lan kawilujenganipun Karaton,
nusa bangsa umumipun.
Kados katerangan nginggil, saksampune miyos saking Regol Sri Maganti, Sri Sultan
mirsani Bangsal Ponconiti. Wontening mriki Sri Sultan lajeng naliti Ponco-Indriyo, kanti
wening manunggalaken cipto roso kagem sujud konjuk Gusti ingkang Moho Kawoso,
njunjung dawuhipun, sedoyo taneman sak kiwo tengen Ponconiti wit tanjung, plataran
ngajengipun kasebat “kemandungan”, mandung tegesipun ngempalaken. Wondene
Tindak miyosipun Sri Sultan lajeng menggok nengen, wontening plataran mriki dipun
tanemi jambu tlampok arum.Ingkang ngemu teges “yen ngandiko puniko tansaha ingkang
arum-arum, lan ingkang tansaha wicaksono, supados asmo dalem tansah arum sak
indenging donya”.
Sakmeniko Sri Sultan sampun wonten Siti Hinggil, mirsani wit kemuning cacah
sekawan saktengenipun, ingkang dipun tanem jejer sekawan sakwingking Bangsal Witono,
ngemu teges weningaken penggalih. “Witono” saking tembung bahasa kawi meniko ngemu
teges palenggahan wonten swargo, wonten bahasa jawa wiulitono meniko tegesipun
wiwit.Bangsal Witono meniko papan kage mapanaken pusoko-pusoko Karaton wedal
upocoro jumenengan kaliyan Upocoro Grebeg. Sakderengipun Sri Sultan lenggah dampar /
singgasana, langkung rumiyin singgasana dipun tata wonten Bangsal Manguntur tangkil
kaliyan abdi dalem ingkang asmo ngajengipun ngagem awalan wigya lan dermo, abdi dalem
Karaton ingkang ngajengipun nama ngagem wignya nedahaken reh golonganipun umpami;
wigya menggolo, nedahaken konco meniko padamelanipun ngastakaken ampilan pusoko,
kadosoene tumbak / dwaja, sabet, lan pusoko sanese. Saklajenge dermo semono keahlian
padamelanipun ukir-mengukir. Kekalih abdi dalem wignya lan dermo meniko ingkang kedah
Noto palenggahan Sri Sultan awit asmo kekalih nggadai pangertosan, ingkang Wigya
(“pinter, saget, mampu / kuwagang”) lenggah dampar singgasana kadep poro kawulo dalem,
awit ingkang anglenggahi dampar / singgasana namung “sakdermo” kautus makili Gusti
Lampah ngumboro nuju kasampurnan gesang sampun dumugi siti hinggil ler,
kepanggih bangsal Manguntur Tangkil, injih meniko bangsal alit saklebetipun bangsal siti
hinggil, dados bangsal saklebeting bangsal minongko simbol bilih badan / wadag kito
wonten roh / jiwa. Manguntur Tangkil tegesipun papan inggil kagem anangkil, njih meniko
kagem ngadep Gusti ingkang moho kuwoso kanti ngeningaken cipto utawi semedi, nyuwun
pitedahipun.
Lajeng nglajengaken tindak mangaler, mandap saking siti hinggil, langkung alun-alun
medal margi “pangurakan”. Piyantun luhur lembah manah, budi sugih pinter jembar inggil
kawruh meniko dipun urak/kabebasaken lampahipun, tetelo tetep mlampah luruh mangaler,
saklajengipun pinanggih pasar beringharjo, pasar kabetahanipun gesan papan transaksi
sosial. Piyantun luhur dunung meniko tumbas kabetaan namung sakmadya / sakcekapipun
awit mangertos lan ngemuti bilih tasih katah tiyang ingkang mbetahaken kabetahanipun urip.
Lan pitados bilih rejeki / pateden meniko sampun wonten ingkang noto, injih Gusti Moho
Tresno. Piyantun luhur meniko sampun bersyukur atur sembah nuwun dene sampun
kaparingan rejeki.
Saklajenge nglajengaken lampah dumugi pal putih / tugu (rumiyin bentuk tugunipun
golong gilig), mersani kemuncak simbol api emas pucuk tugu / api : semangat-urup, emas:
gegayutan nilai relijius / Ketuhanan. Kanti mekaten penggambaran lampah imajiner
kasampurnan, wiwit saking krapyak dumugi tugu sampun rampung. Saklajenge “kundur”
karaton medal margi – ning utomo, margi mulyo (Karaton Dalem Kaswargan).
Tembung Karaton / Kraton saking Ka-ratu-an, semanten ugi Kadhaton saking Ka-
Dhatu-an. Karaton / Kadhaton, papan Dalem, lenggah siniwoko Ratu / Noto.
Karaton kasebat istana / bahasa Indonesia, namung istana meniko sanes Karaton,
awit Karaton wonten sesambetanipun kaliyan:
- Edukasi wilujeng, keamanan, filsafat, kultur/ adat, kebudayaan, seni adi luhur.
- Edukasi wilujeng gesang “sangkan paran....” sampurnaning wilujeng / tugu.
- Tugu panjelmaan saking “lingga” lambang manunggaling antawis “Purusha kaliyan
Pacrity”, injih lambang pokok kakiyatan alam.
- Wonten pamarentahan / politisi dados kakiyatanipun nagari, injih meniko kesatuan
antawisipun rakyat kaliyan ingkang memerintah / pemimpin. Wonten jawinipun
dipun sebat “Manunggaling Kawulo lan Gusti”.
Kesimpulan
Seratan sapolo nginggil sampun saget kanggih mangertosi bilih karaton, satunggaling
punjering kabudayan Jawa Ngayogyakarto Hadiningrat. Pangertosan karaton kaliyan istana
wonten Bahasa Indonesia sami. Namung istana sanes karaton, awit istana mboten wonten
gegayutanipun kaliyan religius, tata nilai lambang simbolik kabudayan sarto edukasi
Kabudayan karaton ingkang sarat dumateng filosofis lan nggadahi tata nilai tradisi
meniko, mboten cengkah kaliyan ajaran suci sarto sae sanesipun. Salah satunggaling conto
saget kapendet saking pengageman abdi dalem “pranakan warni biru lirik-lirik lupat/telu
papat”, nama abdi dalem / abdining budoyo, ngantos sikap trapsilo, sampun mralambangi
nedahaken ajaran tumindak “urip iku kudu dadi urup”. Tasih kedah mboten kasupen
nyembah (sanes manembah) mralambangi kapitadosan tata nilai religius abdi dalem.
Kanti mekaten poro konco abdi dalem sumrambahipun poro kawulo / masyarakat
pecinta budaya hadiluhung Karaton Ngayogyakarto Hadiningrat ingkang sampun srawung
filosofi lambang simbol budaya Karaton Ngayogyakarto temtu mangertos lan remen sanget
tasih nggadahi tilaran budaya tata nilai gesang kados ingkang kagambaraken lumantar garis
imajiner / garis menuju kasampurnaning urip. Filosofi sangkan paraning dumadi, memayu
hayuning bawono, manunggaling kawulo gusti ingkang kagayuh katindakaken kanti lampah
iklas golong gilig, sawiji greget sengguh lan ora mingkuh, nggayuh jejeg sarto adile srawung
uripe.
Kados katerangan wonten halaman ngajeng, bilih ingkang nggadahi simbol lambang
sarto filosofi mboten namung arupi wewangian, namung ugi kagunan / seni kadosto bekso,
sekar gendhing, ringgit wacucal lan ringgit tiyang sarto kagunan sanese. Menawi dipun
sinau dipun onceki maknanipun, karaton punjering kabudayan meniko mboten wonten
telasipun. Kados sumur ingkang lebet katimbo toyanipun mboten badhe asat. Milo UNESCO
ngakeni lan nemtokaken bilih Karaton Ngayogyakarto sebagai daerah / kota filosofi dunia
(17 Maret 2017).
Sedoyo meniko awit paprintahan karaton tasih malampah wilujeng sae, kadosto
pemerintahan umumipun. Tasih nggadahi struktur organisasi tata rakit paprintahan. Wonten
rojo, pandhite aji, sri palimbangan lan ugi wonten KHP, kawedanan sarto poro abdi dalem
kanti pengageman ceremoni jangkep. Tasih nggadahi wilayah, kawulo lan paugeran / hukum
paprintahan. Sedoyo dhawuh rojo, adat tradisi mlampah kanti tradisi kados adat saben,
Sedoyo dhawuh mlampah sae, katindakaken poro abdi dalem – abdine budoyo kanti
sumujud raos tresno jujur iklas lan sepi ing pamrih. Sedoyo sumanggem kagem kaluhuran –
kuncaraning asmo dalem sarto kawilujenganipun nagari, soha kabudayan dalem karaton
Ngayogyakarto Hadiningrat, sumrambah dhumateng kawulo masyarakatipun.
Satunggaling Pangajeng-Ajeng
Sedoyo meniko mbok bilih mboten bade kadadosan, menawi sedoyo sinten kemawon
tiyang dipun tepangaken – srawungaken temtunipun lajeng dados tiyang ingkang dunung.
Awit sedoyo tumindak / tindak tanduk, dipun dasari kabudayan karaton Ngayogyakarto kanti
manah berbudi pekerti luhur, takwa dateng dawuh Gusti, agama lan kitab sucinipun. Kanti
mekaten sedoyo lajeng sampun siogo nampi kemajenganipun jaman ingkang sarwo
canggih, saget mbentenaken pundi ingkang positif, pundi ingkang negatif/hoax, ingkang
saget damel risakipun aklak mulia kito dalasan generasi penerus kito.