Anda di halaman 1dari 5

ARTIKEL BABAGAN KERATON YOGYAKARTA

Anggota:

Adilah Nur K. (XI MIPA 3/01)

Farida Salwa A. (XI MIPA 3/02)

Zaim Faliq N. (XI MIPA 3/08)

Rayhan Arroyan S. (XI MIPA 3/20)

Gunawan Chandra P. (XI MIPA 3/23)

Tahun Pelajaran

2017/2018
Babagan Keraton Yogyakarta

Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat utawi Keraton Yogyakarta punika istana resmi


Kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat sing dumunung wonten Kota Yogyakarta. Bangunan
istana iki isih aktif minangka panggonan sultan lan isih ana tradisi kesultanan nganti saiki.
Sejarah Keraton Yogyakarta sing dhawa mesthi dados Keraton Yogyakarta mboten di dhamel
dengan begitu saja. Wonten akeh nilai-nilai filosofis sing di tanem ing pembangunan Keraton
Yogyakarta meniki. Banjur sinten arsitektur Keraton Yogyakarta? Jawabanipun punika Sri
Sultan Hamengku Buwono I sing punika seorang arsitek sing di acungi jempol ing wektu iku.
Ing dalem keraton wonten barang akeh sing di koleksi sama keluarga istana, banjur
caranipun ngerawat bendanipun bagaimana? Wonten upacara rutin sing dilaksanaken dening
Keraton Yogyakarta namanipun jamasan pusaka utawi siaraman pusaka. Tembung “siraman”
lan “jamasan” asale saking bahasa jawa sing artinipun di adusi utawa di resiki. Upacaran di
laksanaaken rangkanipun kanggo ngeresikii benda-benda pusaka wonten ing Keraton
Yogyakarta. Keraton Yogyakarta ndhuwe warna warni benda pusaka. Mulai saka tosan aji
(senjata), kereta, bendera, perlengkapan berkuda, gamelan, vegetasi, serat (manuskrip, nganti
benda-benda upacara uga kelengkapan ruang tahta. Benda-benda meniki dianggep dadhos
pusaka saking asal usul utawa peranipun ing sejarah.

Ing dalem keraton wonten 3 hal utama sing paling sakral lan wonten wektu-wektu
sakral hal iku isa di pertujukaken. Kraton Yogyakarta ndhuwe warna warni macem perangkat
gamelan nanging wonten 3 perangkat gamelan sing dianggep paling sakral utawi keramat yaiku
gamelan Monggang, Kodhok Ngorek, lan sekati. Kaping setunggal gamelan Monggang utawi
Kanjeng Kyai Guntur Laut. Gamelin meniki mung isa dipun mainaken menawi acara acara
penting utawi masa gembira mawon, misalaken kanggo perayaan pemahkotaan sultan utawi
pengangkatan sultan. Ingkang nomor kalih wonten gamelan Kodhok Ngorek utawi Kanjeng Kyai
Mahesa Gangga, sing dipun mainaken sami dadhos gamelan Monggang. Gamelan Kodhok
Ngorek dipercayanipun ndhuwe melodi sing aneh kaya padha lagu Gending Kodhok Ngorek
Ayam Sepenan, sing ditambahi instrument saking Sultan Hamengku Buwono I. Gamelan iki
biasane dipun mainaken wonten supitan anak saking sultan. Kaping tigo wonten gamelan Sekati,
Kraton ndhuwe kalih gamelan Sekati yaiku Kanjeng Kyai Guntur Madu lan Kanjeng Kyai Naga
Wilaga, kalih gamelan Sekati iku biasanipun dipun mainaken ning dhalem Mesjid Ageng, wektu
perayaan Sekaten wayahe Garebeg Mulud.
Agenda sing di laksanaaken Keraton Yogyakarta sing paling meriah iku wonten
garebeg utawa sing diarani grebeg maulid. Menapa iku grebeg maulid? Grebeg maulid yaiku
acara budaya sing rutin diadakaken saben rabiul awal penanggalan hijriyah. Miturut namanipun
“maulid” ingkang nduwe arti lahir. Acara menika dipun dhamel kangge memperingati
lairenipun Nabi Muhammad SAW. Dhalem rangka meniki wonten pitu gunungan gedhe sing
isinipun sayuran lan hasil panen liyanipun. Hal meniki ndhuwe maksud kangge ungkapan rasa
syukur marang Yang Maha Kuasa atas rejeki sing sampun diparingi lan sedekah raja kangge
rakyat. Cekap sementen sing saged kula aturaken semoga saged nambahi wawasan babagan
Keraton Yogyakarta.
Sumber foto:
http://pemilu.tempo.co/read/news/2012/11/26/200444048/Tiga-Gunungan-Labuhan-
Pakualaman-di-Selatan-Yogya
http://www.tribunnews.com/travel/2015/06/12/museum-keraton-yogyakarta-tempat-
bersemayam-23-kereta-kencana-milik-raja-jogja

Anda mungkin juga menyukai