Adipati Betak lagi nandhang sungkawa. Amarga akeh pawongan anyar kang teka ing tlatahe, ewadene
tlatahe kuwi kanggo nampung pawongan kang anyar iki mau ora ana. Ana panggonan kang amba
nanging tlatah kuwi isih awujud rawa kang diarani dhaerah Ngrawa. Adipati Betak kudu nguras rawa
kuwi mau.
Adipati Betak banjur ngerahake prajurit kang ana supaya gelem ngrewangi nguras Ngrawa kuwi. Nanging
nganti entek tenagane Adipati Betak tetep wae ora bisa surut malah samsaya kembeng banyu.
“Punapa boten langkung prayogi menawi Adipati punika ngawontenaken sayembara?” usule salah
sawijining penasehat Adipati.
“Ya bener kuwi mau usulmu, kabeneran aku butuhake patih. Sapa kang bisa nyurutake dhaerah iki, bakal
takangkat dadi patihku!” wangsulane Adipati bungah.
Nanging nganti semana suwene lan semana akehe wong mara ora ana siji-sijia kang bisa nyurutake
Ngrawa mau. Nganti tekan pawongan kang jenenge Jaka Baru. Dheweke saka Gunung Wilis, kang arep
melu nyoba mampetake Ngrawa mau. Jaka Baru banjur nyuwun pangestu marang ramane yaiku Ki
Ageng Mangir, lan diparingi pituduh supaya golek wit aren banjur dijupuk sadane sakgegem.
Tekan Ngrawa, banjur sada kang digegem dening Jaka Baru mau ditancepake ana ing Ngrawa. Sanalika
banyu ing panggonan mau dadi sat. Adipati banjur ngendika. “Iki pitulungan agung saka Gusti Kang
Murbeng Dumadi!” banjur kabeh pawongan ing kono melu-melu ngomong pitulungan agung, pitulungan
agung. Saiki dadi Tulungagung.