Anda di halaman 1dari 2

NAMA: FARREL ARDAN AL-FAIQ

KELAS : XII MIPA 4


NO ABS : 11

LOMBA PRAMUKA SMP

Tepangaken nami kulo Farrel Ardan Al-Faiq. Umurku 18 tahun, aku saka Durenan,
kab.Trenggalek, Jawa Timur. Tunggalku ana 2, aku sing pertama, adekku lanang siji. Aku seneng
banget dolan opo maneh karo kanca-kancaku. Amarga dolan iku iso nenangkake jiwo lan pikiran
kita.
Aku iku bocahe seneng berorganisasi. Wayah smp aku melu organisasi pramuka lan
ekstra sijine yaiku taekwondo, nanging aku luwih aktif ning organisasi pramuka. Ning organisasi
pramuka aku oleh kanca akeh, saka organisasi pramuka iki aku maleh kenal kanca-kancaku seng
sak angkatan karo aku.
Aku oleh pengalaman akeh berorganisasi saka pramuka iku. Mulakno sma iki aku melu
organisasi maneh supaya nambah pengalaman. Ning sma iki aku melu organisasi Resimen, yaiku
organisasi seng ana ning sma taruna. Ning organisasi resimen iki aku oleh pengalaman seng
luwih akeh maneh. Amarga organisasi iki aktif bendina. Mulakno pembelajaran anyar yaiku
kepriye carane ngondisikne uwong supaya ayem, tentrem, lan nyaman.
Balek neh ning topik pramuka. Sakwise setahun aktif ning organisasi pramuka aku melu
lomba pramuka provinsi. Loambane iku ana ing Tulungagung. Seng melu lomba iku saka
berbagai daerah. Saka Kalimantan, Jawa Barat, Jawa Tengah lan sek akeh. Lomba kui suwine
seminggu. Dino senin sore aku budal lomba. Sakdurunge budhal aku pamit dhisek ning wong
tua,”pak buk kulo bidhal rumiyen nggeh, mugi lancer, sukses, lan menang aamiin…”. Bapak ibu
jawab “iyo le tak dungakne mugo sukses, lancar, lan sesuai harapan yo le, banggakne wong tua
mu iki le”. “nggeh pak nggeh buk aamiin maturnuwun”. Wayah teko ning panggon aku lan
kancaku bocah 6 langsung ngedekake tenda. Sakwise ngedekake tenda jadwale sholat maghrib.
Sakwise solat maghrib jadwale mangan bengi. Sakwise mangan bengi kegiatane sholat isya
terus dilanjutne penataan tenda. Dino pertama ning tenda aku ndak bisa turu. Aku turu jam siji
bengi.
Wayahe subuh aku tangi jam 4. Sakwise sholat subuh kegiatane dilanjutne sarapan. Jam
7 lomba jelajah dimulai. Sakdurunge lomba dimulai peserta lomba yel-yel. Regu yel-yel seng
paling kompak dibudhalke. Alhamdulillah reguku budhal kloter ke telu. Ndak lali sakdurunge
budhal donga sek. Akhire aku seng mimpin dunga,”monggo kanca-kanca sakdurunge budhal,
ayo dedunga manut kepercayaan dewe-dewe supaya kita digampangake karo gusti Allah,
dedunga mulai”. Sakwise dedunga langsung budhal.
Sakwise jelajah teko panggon perkemahan jam 5 sore. Alhamdulillah reguku oleh urutan
teko ke loro.” Kesel iki terbayarne karo seneng kebungahan” jare kancaku seng jenenge joko.
Kanca-kanca uwes pada kesel kabeh. Teko tenda langsung adus. Kegiatan bengi iki istirahat.
Sakwise sholat isya kanca-kancaku uwes pada turu.
Dino ke 2 reguku sholat subuhe telat 5 menit. Akhire didukani karo pembinaku pramuka.
“kowe kabeh uwes arep elek-elekan, ayo wektu kita ning kene ora akeh, ayo seng semangat”.
Akhire dino iki ana lomba 17-an. Kita kabeh sak regu semangat lan tenanan. Alhamdulillah
reguku oleh juara 3 lomba 17-an. Awit saka kono aku mulai percaya reguku iso oleh juara ning
perlombaan pramuka provinsi iki.
Akhire uwes seminggu aku lan reguku berjuang ning kene. Dino terakhir iki dino
pengumuman kemenangan. Aku lan reguku ora nyongko , Alhamdulillah iso juara umum 2. Iki
kabeh saka kerja keras , kekompakan sak regu, dunga wong tua, lan kemenagan iki saka
kehendake gusti Allah. Aku eleng omngane pembinaku “Alhamdulillah kita kabeh iso menang iki
saka kerja kerase awakdewe, amarga hasil ora ana seng mblenjani usaha”.

Anda mungkin juga menyukai