SUWASANA ing njaban omah wis sepi, senajan pandome arlojiku isih ana
angka 8. Jeng Anik isih gojegan karo Lina, adhiku. Cah loro kuwi yen guyon sok
keladuk. Kaya wingi kae ya mung jalaran Lina ndudohne ula ijo saka karet
silikon, Jeng Anik nganti munggah meja karo jerit-jerit histeris. Adhiku ragil kuwi
yen guyon sok aleman. Ula saka silikon kuwi disawatake cah ayu, putrane Pakde
Sumadi tangga mepet pager kuwi. Ya gene meh saben dina yen lagi libur
kuliyahe, Jeng Anik ajeg mara menyang ngomahku. Kala-kala uga ngancani aku
nglaras gitar ing taman ngarepan karo melu nyanyi.
" Aku tak nyanyi ya, Mas?" dheweke njejeri lungguhku.
"Nyanyi apa?"
"Mas Herry ngersakne lagu apa?"
"Sing nges, pokoke." " "Weee...panjenengan lagi kasmaran ta?"
"Iya iki, " aku mesem sepa.
"Karo sapa ta Mas?"
"Cah ayu tangga mepet gedheg!"
"Weee....ngaco!" clathune karo meleti aku. Ing langit wengi ana rembulan
bunder sak tampah gedhene. Uga mega kapas sing liwat nutupi rembulan sing
andadari kuwi. Suwasana dadi rada surem.
"Age ta, jare arep nyanyi!"
"Sing nges?" pitakone karo mleroki aku.
Aku ngguyu.
"Kok nggujeng?"
"Yen ora kudu ngguyu piye jal? Nyawang slirane arep nyanyi wae kok kaya
pitik arep ngendhog, memeti. Hehee...!" jareku kekel.
"Emoh aku," Jeng Anik menyat ning age-age aku nyaut tangane.
"Kok arep ngalih?"
" Lha panjenengan mbeda aku wae, je!" praupane sajak sengol, jalaran atine
kagol.
" Ora-ora. Kene lungguh jejer kene Sayang, mesem ta aja suntrut ngono kuwi.
Mundhak ilang manise lho!" clathuku. Jeng Anik njegugi lengenku. "Mesem sik,
age..." bacutku karo nyawang lambe sing nyuplik kuwi. Jeng Anik mlerok karo
mesem ngujiwat. Jangkrik. Jantungku rasane kaya arep ambrol sanalika. Tak
pandeng sauntara dheweke krasa.
"Lek nyawang aja kaya ngono ta Mas...."
"Lho ngapa ta?"
"Socane panjenengan kaya mripate manuk wulung. Medeni..." guneme rada
serak.
" Apa tekan atimu?" jareku karo nyawang dheweke. Jeng Anik manthuk.
Blaka. Atiku goreh sakala.
Ing langit ana mega klawu ngregemeng ngalingi rembulan nalika drijine cah
ayu kuwi tak regem, ning aku njingkat nalika dumadakan Lina wis njedhus ana
mburiku.
"Ayo nyanyia, Dhik!" aku nylimur ngemu kisinan. Embuh, adhiku kuwi mau
weruh apa ora.
" Ho'oh. Lagune Separuhku, ya, Mas?"
"Emoh !"
"Lho, ngapa ta?"
"Kudu kabeh. Aja mung separo!" bacutku isih mbeda dheweke.
"Judhule, judhule, lagu kuwi Separuhku, Masku sing gantheng...!" Jeng Anik
njiwit lengenku.
" Sip." jareku. Lina wis mlebu ngomah wiwit mau.
"Kae lho Dhik delengen rembulane arep dipangan buto!"
"Endi, Mas ?" Jeng Anik ndhangak. Kesit kaya thathit tak aras pipine.
"Hiiih...nakal, iki," jarene karo ngelus pipine sing mentas tak sun.
"Kae lho rembulane padhang maneh. Hehe..." gunemku nylimur karo
ngampet guyu. Jeng Anik nutupi praupane karo tangane. Ing langit wengi katon
mega. Kaya bathik kaligrafi. Nggambar tresnaku ing telenge ati. Hehe...
BUBUR ayam sing ana tanganku meh kutah. Aku gragapan tangi saka
lamunan sing ngayawara kuwi. Jeng Anik njawil lengenku. Saiki dheweke katon
alum. Rambute sing biyen ngandhan-ngandhan meles sabokonge, saiki gundhul
prul. Gilap pindha diampelas. Isih isuk aku wis teka omahe Jeng Anik. Dheweke
tak dulang bubur ayam olehku tuku saka lor pasar. Ya gene mung oleh limang
sendhok anggonku ndulang, dheweke wis emoh. Aku ora meksa mergane
kesehatane durung pulih tenan sawise kemotherapy. Kanker getah bening sing
nyusuh ana awake Jeng Anik jebule wis taunan suwine. Sasuwine kuwi uga
dheweke mung nganggep lara biasa. Bubar tak dulang bubur ayam, age-age aku
banjur nyeka tutuk nganggo banyu anget kanthi welas asih, banjur tak wedhaki,
tak ginconi. Katon ana banyu bening sing ketes saka mripate prawan kuwi
ngliwati pipine sing wis katon kendho.
"Ora usah muwun, Jeng...musibah iki sejatine minangka barokahing Gusti
Allah sing tansah welas asih marang slirane. Mula panjenengan kudu sareh, tansah
sumendhe marang panguwasaning kodrat. Lelara sing panjenengan sandhang,
mujudake pertandha yen Gusti Pengeran isih sayang lan asih. Mula aja wedi.
Tansah semangat ya Jeng..." ngono anggonku nuturi Jeng Anik kanthi kalem, alus,
lan ulem. Dheweke kala-kala mung manthuk karo ngusapi luhe sing dleweran
nelesi pipi. Tak aras alus sirahe sing plonthos kuwi. Dheweke banjur nggujer
tanganku. Ing njaban omah katon udan riwis-riwis ndadekake swasana krasa atis.
Ing sikile langit kulon ana kluwung, kaya mangkung ing sulure gadhung...
CHADHIKALA katon maya-maya ana sisih kulon nalika aku mungkasi maca
Surat Jassin ana makame almarhumah. Udan grimis riwis-riwis ora takrasa.
Guritan prasaja sing mentas takrakit lan taktulis ana sadhuwure mika
laminatingan banjur tak lem ing maesane kekasihku kuwi.
(CUTHEL)
*) Alamat Penulis Saiki :
Herry Santoso, Jln. Dr. Saharjo Gg 1b Campurejo, Kota Kediri. Norek BRI Heri
Santoso : 6150-01-007581-53-7 WA : 081252065959