Anda di halaman 1dari 5

Crita Romansa :

Oh, Jem...
Dening : Herry Santoso *)

"Badhe tindak pundi, Om?"


"Dolan, Cah Ayu..."
"Wuih, ngelencer ta, Om?"
"Iya. Ndherek, ye?"
"Emoh, paling-paling panjenengan kalih ceweke,"
"Ora. Aku ijen kok, ayo, dherek ae!" jareku. Dheweke mung nyepur. Lambene
kaya kuweh cucur. Kemayu pol. Dhasare pancen ya ayu. Prawan kuwi jenenge
Jem. Jeneng dawane, Jembawati Wulansari. Gawene tak godha.
"Jeneng kok Jem. Aja-aja dibacutne dadi Jem....! Heheee...!" aku kekel dhewe.
"Dados Jem napa, Om?"
"Ya, aja aja dadi Jember Utara! Hehehee….!" jareku karo nggleges.
"Bene...ning ayu ta, Om?" clathune karo mlerok.
" He-eh, ayu pol!" clathuku. Wuih, plerokane nganti tekan Gunung Kelud,
batinku. Jem isih gadhis. Putrane Mas Budi Harjono, kancaku. Nanging, wiwit
cilik Jem dherek budhene ana kutha Blitar. Jem saiki wis sarjana. Tamatan
Falkutas Sastra UNS, Solo. Biyen bapake Jem dadi guru Esde sing nyambi juru
warta alias wartawan. Mula ora maido yen Jem uga duwe bakat nulis utawa
ngarang utamane nulis crita. Emane, Bapake Jem wis ndhisiki kapundhut dening
Gusti Allah karana Covid-19. Mula ora mokal yen Jem banjur bali menyang
daleme wong tuwane kanggo ngancani adhi-adine. Dene kang ibu uga wis
suwargi. Mula uga ora mokal yen Jem asring mara menyang omahku, jarene
kanggo ngasah keprigelane nulis crita.
"Cerkak kula ingkang nate kula kintun dhateng majalah rumiyin kok dereng
kapacak nggih, Om?" takone nalika dheweke wiwit nulis.
"Wis Jem, Iki lho cerkakmu wis kamot ing salah sijine kalawarti minggon.
Selamat ya!" jawabku karo ndudohake majalah minggon basa Jawa sing macak
cerkake.
"Pundi...?" ora sranta Jem nyaut majalah sing ana tanganku karo gidro-gidro,
kaya bocah cilik. Dheweke kesenengen atine dene crita cekake kasil nembus ing
majalah.
"Judule sing kurang pas cerkakmu kuwi, Jem!" alokku.
"Lho, kok...?"
"Kudune irah-irahane duduk Om Genit!"
"Lha napa kedahe?"
"Omku sing Bagus Dhewe, hehehe..." aku miwiti nggodha dheweke.
"Heleeh...Om ki mesthi..." Jem mlerok maneh. Aku mung nggleges.
"Ngeten niki, mangke nggih wonten honore ta, Om?"
"Ya ana, ta. Mengko ditransfer mlebu rekeningmu. Lumayan, cukup yen mung
separo bisa kanggo mundhut wedakmu lan bakso, dene saperangan maneh bisa
kanggo gurune, Jem. Mula slirane sing baut nulis. " jareku njurung motivasi
sinambi guyon.
"Om kok pinter nyerat crita, kamangka sanes sarjana sastra, lho !"
"Sarjana sastra kuwi dudu tukang gawe naskah crita, ndhuk. Ning titel saka
pawiyatan ngelmu sastra. Dadi ora njamin prigel nulis crita. Mula akeh sarjana
sastra, guru basa uga isih sinau kaprigelan nulis."
"Inggih."
"Slirane pengin dadi pengarang ngetop, ta?" takonku.
"Inggih, Om. Pengin sanget !" jawabe. Mripate tansaya kocak. Sumunar
bening. Kaya-kaya kebak optimistis. Mula ora mokal yen Jem ajeg mara menyang
omahku. Meh saben dina. Dheweke banjur nggethu ana ngarepe laptop, lan bola-
bali meksa aku dikongkon lungguh ing sandhinge. Yen wis ngono Jem banjur
maca karangane dhewe, lan aku kon nyemak isine. Dadi pamidhanget utawa
pendengar setia anggone maca tulisane dhewe.
" Apik, Jem." sawise dheweke mungkasi wacane.
" Heleh...?"
" Tenan, kok! Langsung dikirim liwat email wae!"
" Inggih Om,"
"Enggal kirimen! " jareku. Jem seneng atine. Ngono sateruse nganti bola-bali
critane lolos kepacak ing majalah utawa media online.

***
ING wayah sore kaya padatan Jem menyang omahku. Ning anehe, ora kaya
biasane, dheweke katon sedhih. Praupane kaya kesaput mendhung. Surem.
"Om....." tembunge lirih, sajak rangu-rangu. "Kula badhe matur sampun
ngantos duka njih..." bacute semu rikuh.
"Kandha-a Cah Ayu, ana apa ta kok sajak wigati?"
Jem ora enggal-enggal semaur. Isih unjal ambegan landhung kaya-kaya isih
nglaraa rasa ing atine.
"Ing njawi onten kabar ingkang kirang sekeca, Om...." clathune wiwit aweh
katrangan menyang aku.
" Bab apa...?"
Jem unjal ambegan naneh. Mripate wis katon teles. Kembeng-kembeng.
"Ing njawi sajak sampun rame, ngabaraken yen Om badhe krama. Leres ta,
Om ?" pitakone.
"Terus ngapa slirane kok nangis?"
"Boten menapa-menapa, namung...." swarane kandheg ing gulu. Luhe
dleweran, Jem mingsek-mingsek banjur nangis.
"Lho, ngapa kok nangis? Aja nangis Cah Ayu, enggal terusna pawarta sing
kok gawa kuwi..." jareku sareh.
"Leres ta Om, yen panjenengan badhe krama?"
Aku uga unjal ambegan sadurunge clathu, "Kabar kuwi bener ning uga salah.
Sabab...." tembungku kandheg. Jem nyawang aku. Mripati isih kembeng-
kembeng.
"Sabab menapa, Om?"
"Sabab, pawongan sing tak gadhang bakal dadi bojoku lan tak tresnani durung
cetha gelem lan orane." bacutku.
"Lanjeng sinten ingkang badhe dipun kersakaken?" takone maneh.
"Sik ta, terus slirane kok njur nangis lire piye ta?"
Jem dhingkluk sawetara. Dangak maneh karo nyeka luhe sing tumetes nganggo
tisu.
" Kula ajrih, menawi panjenengan badhe krama malih…" unine malah gawe
rasa penasaranku.
"Lho, njur ngapa kok slirane wedi, Jem?"
"Ajrih yen kula boten saget sinau ngarang wonten dalem mriki malih
gandheng panjenengan sampun kagungan sisihan, Om…" tangise ambrol.
"Sabab…" bacute, "Kula nedhengi adreng anggen kula badhe ngangsu kaprigelan
ngarang dhateng panjenengan, Om…"
Aku mesem. Wis ngerti tuke perkara kena ngapa Jem ngudhal kesedhihane
sangarepku.
"Ira Jem, ora ngono kuwi. Tak jamin slirane panggah bisa sinau ngarang ing
omahku kene sateruse... Sabab..." genten aku sing rangu-rangu kanggo blakakake
uneg-unege ati.
"Sabab kados pundi, Om?" pitakone isih nunggu bacute omonganku.
" Sababe wanita sing tak gayuh kuwi ya mung wong cedhak kene wae, kok."
"Sinten ta, Om? Menawi pareng, kula nyuwun pirsa?"
"Ya... sliramu dhewe kuwi, Cah Ayu...." aku blak kutang blakasuta sing njalari
bocah ayu kuwi kaget sanalika. Katon ing praupane kaya ora percaya karo
gunemku kuwi.
" Om...?"
" Ora tak selaki, Jem. Sasuwene iki ana panah asmara sing mancep ing atiku.
Senajan kaya-kaya bab iki wis ora wangun. Jalaran senajan aku isih legan ning
umurku wis meh kedaluwarsa mungguh kanggomu. Aku meh ngacik telu lima,
Jem. Dene sliramu isih timur banget udakara telu likuran taun. Nanging isine atiku
kudu takblakakake, yen aku tresna kowe. Tresna sing tulus lan mitayani. Nanging
aku ora meksa, yen slirane ora kepranan, aku ora apa-apa jer kabeh wis takbrolne
yen aku tresna kowe..."
Jem mung meneng. Begegeg kaya reca. Slemlengeren, sajake. Mung luhe wae
sing katon deres liwat idepe sing tumekeng tawang kuwi. Deres. Kaya udan sing
lagi tumiba ing plataran omahku sore iki.
" Yen kowe ora kersa aku ora meksa lho, Jem..." swaraku alon. Jem mingsek-
mingsek tangise. Saeba kagetku nalika dheweke banjur ambruk ing ngrungkebi
pangkonku karo muni : "Kula ndherek kersa panjenengan, Om..." tembunge ora
pati cetha ing sela-selane swara udan lan tangise.
Tak elus rambute. Ana wangi melathi saka rikma meles kuwi.
"Aku tresna kowe, Jem..." uniku bisiki kupinge, banjur tak angkat awakem.
Tak pandeng mripat teles kuwi. Jem mesem manis. Nalika tak elus janggute sing
endah. Ora kumecap kalebu nalika tak sun alon lambene. Mbarengi gludhug
jemlegur ing akasa. Udane kaya disok saka langit. Nelesi ati sing klebus asmara.
Oh, Jem....(CUTHEL) *
*) Alamat penulis :
Herry Santoso, Jln. Dr. Saharjo Gg 1b Kel. Campurejo, Mojoroto, Kota
Kediri-61181. Norek BRI : 6150-01-007581-53-7 Email :
herisantoso@gmail.com HP. 081252065959Crita Romansa :
Oh, Jem...
Dening : Herry Santoso *)

Anda mungkin juga menyukai