Anda di halaman 1dari 3

Nama : Fidyah Salsabila P.S.

Kelas : XII IPA 1

Absen : 03

Tema : Pendidikan

Judul : Pangarep-arep kuliah

Tokoh :

1. Bapak
2. Ibu
3. Vena
4. Mbak Dara
5. Mbak Sena

Pangarep-arep Kuliah

Vena : Bu, alhamdulillah Vena entuk kuota gae daftar kuliah

Ibu : Wah seng temen nduk?

Vena : Nggeh bu, Vena ora ngapusi

Ibu : Alhamdulillah nduk, Ibu melok seneng

Bapak : Ana apa toh Bu kok bengok-bengok?

Ibu : Niki lo Pak, Vena entuk kuota gae daftar kuliah

Bapak : Wih temen nduk? Alhamdulillah seneng bapak ngerungoknoe

Vena : Nggeh Pak, gak sia-sia Vena sinau teko isuk sampek bengi. Tapi rapopo ta Pak yen Vena

kuliah?

Bapak : Rapopo nduk, sing penting sampean kuliah sing pinter lan giat

Vena : Tapi bukane Bapak lan Ibu saiki lagi krisis ekonomi?

Ibu : Walah masalah duit pasti onok rezeki nduk

Bapak : Nggeh bener iku nduk. Ngerungokno sampeyan entuk kuota iki wes termasuk rezeki

nduk

Ibu : Nah, harta isok entek nduk tapi yen ilmu gak onok entek e nduk
Vena : Alhamdulillah, Vena seneng yen Bapak lan Ibu ngedukung Vena

Mbak Dara : Ana apa sih iki rame wae? Aku turu ra nyenyak blas

Ibu : Iki lo adikmu entuk kuota gae kuliah

Mbak Sena : Ha? Kuliah?

Mbak Dara : Ora usah kuliah, cukup SMA wae

Mbak Sena : Nggeh, bener Mbak Dara rausah sekolah duwur-duwur ngkok wedok yen wes rabi

bakalan nak omah wae

Mbak Dara : Jelas iku pasti kerjone masak, resik-resik omah, lan ngurus anak

Bapak : Huss gaoleh ngunu, bee ae Vena iki ngko iso ngangkat derajat awake dewe

Mbak Sena : Emange Bapak nduwe duit gae Vena kuliah?

Mbak Dara : Lah nggeh, awake dewe ae sek urip susah. Mending Vena kongkon kerjo utawa rabi

wae

Ibu : Sampeyan kepiye toh, kudune awakmu seneng Vena entuk kesempatan gae kuliah iki

Mbak Sena : Ketimbang buang duit Bu, mending duite gae modal usaha

Mbak Dara : Saiki Vena tak takoki, mene kuliah arep njukuk jurusan apa?

Vena : Vena kepingin njukuk jurusan kedokteran Mbak

Mbak Dara : Waduh… awakmu opo gak sakno Bapak ta njukuk jurusan iku

Mbak Sena : Lah nggeh, fakultas kedokteran iku sing paling larang lo padahal

Mbak Dara : Pokoke Mbak Dara ora gelem mbandani gawe awakmu kuliah

Mbak Sena : Podo, aku yo ora gelem mbandani. Uripku dewe ae sik susah

Bapak : Awakmu kabeh iki piye toh, karo adike dewe malah koyok ngene iki

Ibu : Ora oleh ngunu Ven.. Dar.., ajane awakmu kabeh iki ngedukung Vena gae kuliah

Vena : Ora napa-napa wes Pak, Buk. Vena nggolek duit disek wae gae kuliah

Ibu : Loh.. ya ojok toh nduk, niki rezekimu nduk. Wes rapopo coba dhisik wae

Vena : Mboten napa-napa Bu, kuliah isok kapan wae

Bapak : Rapopo nduk, Bapak lan Ibu isok nggolek duit saka ndi wae

Ibu : Nggeh nduk, wes rapopo. Ibu malah seneng yen anake Ibu kepingin dadi dokter

Bapak : Bapak seneng banget nduk yen awakmu mengko dadi dokter. Isok nulungi wong akeh.

Vena : Yawis Pak, Buk. Suwon seng akeh teko dukungane


Bapak lan Ibu : Nggih nduk. Pokoke kuliah seng pinter lan giat yo nduk.

Vena : Nggeh, Insyaallah Vena nyambi kerjo lan nggolek beasiswa gawe ngeringanno biaya,

Bapak : Alhamdulillah, tak dungakno lolos yo nduk

Ibu : Iyo nduk Ibu pasti ndungakake Vena

Vena : Aamiin, suon nggeh Pak, Buk

SINOPSIS :

Vena entuk kuota teko sekolah gae kuliah tapi wong tuwane lagi krisis ekonomi. Bapak lan ibune tetep
nyemangati Vena gae kuliah amarga ilmu iku penting. Vena wis semangat gae kuliah, tapi Mbak Dara lan
Mbak Sena ora setuju yen Vena kuliah. Mbak Dara lan Mbak Sena ngongkon Vena rabi wae ben gak
nyusahno bapak lan ibu gae mbayar kuliah. Bapak lan ibu ora setuju yen Vena rabi amarga umure
durung jangkep gawe rabi. Wong tuwane Vena sek isih mampu gae ngebiayai Vena tapi Mbak Dara lan
Mbak Sena ora gelem ngewangi biaya kuliah Vena. Vena mung berharap Bapak lan Ibune sanggup gae
ngebiayai Vena. Vena mikir kudu sinau sing rajin ben oleh beasiswa gae ngewangi Bapak lan Ibu.

Anda mungkin juga menyukai