Anda di halaman 1dari 5

LEGI KECUT MADUMONGSO MADIUN

Nama: Ima Alfivta D

Kelas: XI-9

No Absen: 17

Menawi riyayan

Rasane ora jangkep yen ora ana madumongso

Kabeh sedulur padha emen

“Ora nggawe madumongso?”

Pitakon kang muncul yen ora ana madumongso ing


dhuwur mejo

Bahan dhasarmu saka ketan ireng

Rasamu kecut, legi lan

Bungkusmu werno werni


Proses nggawemu suwe tur angel

Wiwit saka ngrendem ketan ireng sewengi

Banjur dilebokake ing panci lan diwenehi ragi

Kanthi dipungkasi nyampur tape kaliyan santen

Bedha wong sing nggawe bedho pisan rasane

Urip uga kaya ngono

Asile bisa uga meh padha

Nanging rasane mesthi bedha

Bakul madumangsa wis arang banget

Penggemare suda lan Rasane sing krasa kuno

Akeh wong enom padha ora ngerti

Jajanan prasaja nanging enak

Sing iso gawe bungahe ati

Jagongan isuk karo mangan madumongso

Lungguh ing dhingklik, dhingklik e wong cilik cilik

Dibarengi swara kicauan manuk merdu

Kang mecah kasepen swasana ing wayah esuk


Struktur Fisik/Lair

1. Tipografi
4 Pada
Pada 1 lan 2 ana 8 larik
Pada 3 ana 5 larik
Pada 4 ana 4 larik

Wujude: Rata Kiwa

2. Diksi
 “Kabeh sedulur padha emen”
Tembung Emen ing larik kasebut
ngandharake Seneng

 “Sing iso gawe bungahe ati”


Tembung Bungah ing larik kasebut
ngandharake Seneng utawa bahagia

 “Jajanan prasaja nanging enak”


Tembung Prasaja ing larik kasebut
ngandharake sederhana

 “Bakul madumangsa wis arang banget”


Tembung Arang Banget ing larik kasebut
ngandharake langka

 “Kang mecah kasepen swasana ing wayah


esuk”
Tembung Kasepen ing larik kasebut
ngandharake kesunyian

3. Imaji
 Imaji Paningal (Visual)
“Bungkusmu werno werni”
 Imaji Raba (Taktil)
“Rasamu kecut, legi”
“Sing iso gawe bungahe ati”

 Imaji Swara (Auditif)


“Dibarengi swara kicauan manuk merdu”

4. Tembung Konkret
 Emen
 Prasaja
 Arang Banget
 Bungah
 Madumangsa

5. Lelewaning Basa
Retoris: “Ora nggawe madumongso?”

6. Purwakanthi
 Guru Swara (a) : Jajanan prasaja nanging
enak
 Guru Basa : Lungguh ing dhingklik,
dhingklik e wong cilik cilik

Struktur Batin

1. Tema
Kuliner jajanan khas Madiun
2. Rasa
Minangka siswa ngajak para generasi muda
gawe nglestariake jajanan khas Madiun yaiku
Madumongso supaya tetep terjogo lan ora ilang
ciri khase ing tengah tengah gempuran jajanan
modern
3. Nada
Nada ing geguritan kasebut nyritakake cara
panggawean ne madumongso sing biasane ana
menawi riyayan
4. Amanat
Generasi muda sepatute kudu nglestariake lan
nyenengi jajanan Madumongso supaya ora
punah amarga Madumongso minangka jajanan
warisan sing turun temurun ing kutha Madiun

Anda mungkin juga menyukai